Kamis, 07 Mei 2015

TAKSONOMI SUPERORDINASI ING BASA JAWA



TAKSONOMI SUPERORDINASI ING BASA JAWA
Desy Indah Wulandari
12020114217
2012/C

A.  Purwaka
Taksonomi yaiku saperangane sesambungane teges. Taksonomi nduweni perangan yaiku taksonomi superordinasi lan komposisi. Taksonomi superordinasi bisa kanggo nggolongake lan njlentrehake samubarang miturut tata urutane. Taksonomi kang bakal ditliti yaiku taksonomi superordinasi lan dipunjerake ing Basa Jawa. Taksonomi superordinasi minangka taksonomi kang arang banget ditliti dening para panliti kanthi cara mligi, mula taksonomi superordinasi ing Basa Jawa narik kawigaten kanggo ditliti amarga nduweni panyusun beda karo samubarang liya. Taksonomi superordinasi uga nduweni makna kang disawang katon padha karo set nanging sejatine beda. Taksonomi superordinasi nduweni sipat umum lan mligi nanging sipat mligi mau ora nduweni sesambungan tumrap tembung siji lan sijine.

Landhesan kang digunakake ing makalah iki yaiku panemune para ahli linguistik ngenani taksonomi superordinasi kanthi cara umum. Dikarepake panliten iki bisa nambahi kawruh ngenani bab taksonomi superordinasi ing Basa Jawa, titikane, pamerange lan tuladha sarta analisise taksonomi superordinasi kasebut. Saengga bisa ngerti tegese, titikane, pamerange, uga tuladha-tuladha taksonomi superordinasi ing Basa Jawa kanthi cetha lan gamblang.
Makalah iki bakal diandharake teges, titikane, lan perangane taksonomi superordinasi ing Basa Jawa. Cara kang digunakake ing kene yaiku kanthi ngandharake teges saka taksonomi superordinasi. Sawise cetha ngenani teges taksonomi superordinasi, bakal diandharake bab kang bisa dadi titikane taksonomi superordinasi, banjur bakal diandharake pamerange taksonomi superordinasi ing Basa Jawa. Sawise iku bakal diandharake tuladha siji mbaka siji saka pamerange taksonomi superordinasi kasebut sarta analisise. Nganalisis makalah iki nggawe analisis struktural, amarga taksonomi superordinasi klebu makna leksikal lan klebu sesambungane teges.

B.  Andharan
Ana bageyan iki dicethakake lan dijlentrehake tegese, titikane, pamerange, tuladha sarta analisis saka taksonomi superordinasi ing Basa Jawa. Supaya luwih cetha anggone ngerteni topik ing panliten iki, mangka ing ngisor iki bakal diandharake taksonomi superordinasi kathi cetha.
1.   Tegese Taksonomi Superordinasi
Para ahli ngandharake yen taksonomi yaiku sub bageyan saka hiponimi sesambungan karo teges kang umum tartamtu nggolongake miturut tata urutan (Saeed, 2000:68-69). Cruse (1986:112-113) ngandharake jinis-jinis sesambungan leksikal kagolong ing tata urutan kang nduweni perangan. Tata urutan kang nduweni perangan yaiku wujud normal saka taksonomi.
Beda miturut Kridalaksana (2008:234) taksonomi yaiku panggolongan tembung miturut tata urutan sesambungan. Oposisi  taksonomik  utawa taksonomi sajrone linguistik luwih kerep diarani oposisi sing sipate tata urutan. Miturut Chaer (2009:93), tegese tembung sing diarani oposisi ngandharake tata urutan. Tuladhane tembung ‘meter’ diarani oposisi hierarki karo ‘kilometer’, amarga ‘kilometer’  lan ‘meter’ digolongake wilangan saperangan. Sesambungan taksonomi sipate saarah. Saliyane iku, mula bukane ana hiponimi yaiku kanggo mligekake tembung, frasa, lan ukara kang isih umum, murih bisa luwih mligi maneh.
Superordinasi yaiku sesambungan leksis sing nduweni sipat umum lan mligi, sing tuwuh saka panggolongan kedadeyan alam lan sosial sing umum nangging ora bisa digolongake adhedhasar logika. Dadi bisa didudut taksonomi superordinasi yaiku salah sawijine sesambungane teges kang nggolongake tembung adhedhasar tata urutan tartamtu sing nduweni sipat umum lan mligi.

2.      Titikane Taksonomi Superordinasi
Tata sesambungane teges taksonomi minangka tata sesambungan sing nggambarake anane klas ngisor lan ndhuwur. Ana kang dadi makna umum lan ana kang dadi mligi. Makna umum diarani superordinat lan makna kang mligi diarani subordinat. Sesambungan taksonomi sipate saarah. Taksonomi superordinasi minangka sesambungan leksikal digolongake neng tata urutan kang nduweni perangan. Taksonomi sajrone linguistik luwih kerep diarani oposisi sing sipate tata urutan. Taksonomi superordinasi ngambarake anane klas dhuwur minangka sing umum lan klas ngisor minangka sing mligi, nanging sesambungan sipat mligi ora nduweni sesambungan tumrap tembung siji lan sijine.

3.      Perangane Taksonomi Superordinasi
Taksonomi superordinasi bisa diperang dadi loro adhedhasar sipat, yaiku: superordinasi nggolongake lan superordinasi madhakake.
a.      Superordinasi Saklompok
Makna sing ana sesambungan teges sing digolongake adhedhasar sipat sing padha didadekake saklompok. Bab-bab sing njalari anane teges sing saklompok yaiku manungsa (penutur basa) kepengin cepet ngandharake apa sing dikarepake lan apa sing dadi ener lan jalaran penutur ora bisa ngarani samubarang utawa prastawa sing diener.
Kaya tuladha tembung ing ngisor iki sing nduweni sesambungane teges karo prinsip inklusi.
(1)  Kewan, sajrone ana macan, gajah, kucing, semut, iwak, lan sapanunggale.
(2)  Pemudha, sajrone ana pemudhi, nanging ora sawalike yen ditandhingake karo pemudhi (kanggo ngarani mligine wong wadon ).
(3)  Mangan, diklompokake apa sing dipangan lan piranti kanggo mangan, kayata  dheweke lagi mangan. Tuladha ing dhuwur ora diadharake dheweke lagi mangan apa lan gawe piranti apa, mung dikandhakake yen dheweke lagi mangan.
Kaya tuladha ing ndhuwur manungsa yen ngarani kewan sing bakal dipikirake yaiku sakabehe kewan sing urip ing sakupeng awakedhewe, lan sing ora ana ing sakupeng awakedhewe (kayata gajah, macan, macan, bajul, lan sapanunggale). Mula, tembung-tembung iku bisa diganti karo tembung kang luwih umum, yaiku tembung kewan.
Teori kang kaya mangkono diandharake dening Lyons lan Palmer (Pateda, 2001:209). Kaya ing hiponimi lan kohiponimi ing ngisor iki.
Saka bagan ing ndhuwur, tembung kembang nduweni hiponim kabeh wae arane kembang. Nanging, beda kaya antonim, homonim, lan sinonim. Hiponimi nduweni sesambungan kang nunggal. Kayata tembung  mawar minangka hiponim saka kembang,  nanging tembung kembang ora bisa manggon sangisore tembung mawar. Tembung-tembung kayata mawar, melathi, kanthil, lan cempaka iku klebu jinis-jinise kembang. Mula, tembung-tembung kasebut bisa diganti karo tembung kang luwih umum, yaiku tembung kembang.
Kembang                                            Mawar
                       
                        dudu
mawar                                                 kembang
Kaya tuladha ing ndhuwur, mawar, melathi, kanthil, lan cempaka minangka hiponim saka tembung kembang, nanging ora bisa diarani yen mawar kasebut hiponim saka melathi, utawa kanthil iku hiponim saka tembung cempaka. Mawar, melati, kanthil, lan cempaka, yaiku warga saka kembang. Sesambunganwarga klas diarani ko-hiponim. Ko-hiponim dumadi saka tembung ko- lan hiponim, ko- ateges bebarengan. Dadi bisa diarani yen mawar, melathi, kanthil, lan cempaka iku ko-hiponim.Tembung mawar uga bisa digolongake maneh kaya taksonomi ing ngisor iki.

Tuladhane mawar nduweni warga kayata mawar putih, mawar abang, mawar wangi, lan liya-liyane. Amarga nduwe ciri kang kaya mangkono, tembung mawar bisa disebut taksonomi superordinasi amarga nduweni warga maneh. Taksonomi minangka tata urutan sesambungan antarane tembung sing digolongake, tata urutan kasebut nduweni sipat umum lan mligi, nanging mawar abang, mawar putih, lan biru ora nduweni sesambungan tumrap siji lan sijine. Kaya tuladha ing ngisor iki tata urutan taksonomi yaiku sesambungan teges antarane pitik, jago, babon, lan kuthuk.

Tembung jago, babon, lan kuthuk minangka ko-taksonomi saka tembung pitik. Dadi tembung pitik minangka taksonomi. Tembung jago kasebut minangka arane pitik lanang lan wis gedhe. Tembung babon minangka arane pitik wedok lan wis gedhe.Tembung kuthuk minangka arane pitik sing isih cilik.
Taksonomi dadi dhasar kanggo nyedhaki kang mligi kanthi istilah bidhang semantik. Bidhang semantik yaiku sawijine ancangan semantik kang nggolongake teges adhedhasar komponen teges kang padha. Tembung kang nduweni teges padha lan bidhang teges padha dikumpulake dadi saklompok. Bidhang teges kang kaya mangkono diarani bidhang semantik. Tetembungan paseduluran kayata ibu, bapa, anak, pakdhe, lan liya-liyane kang nduweni unsur-unsur makna kang padha didadekake saklompok yaiku nduweni nyawa utawa aran sukma, manungsa, lan sesambungan paseduluran. Tembung bapak minangka bidhang teges sesambungan paseduluran, padha kaya bulik, anak, ponakan, lan liya-liyane.
Superordinasi bisa digolongake maneh adhedhasar jinise tembung kayata tembung aran, kriya, lan kahanan.

1). Tembung Aran
Tembung aran (nomina) yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang dianggep barang. Tembung aran akeh-akehe bisa sesambungan karo tembung ‘dudu’ utawa tembung ‘ana’ lan ora bisa sesambungan karo tembung ora. Tembung aran bisa dibedakake dadi loro, yaiku tembung aran katon lan tembung aran ora katon. Kang sinebut tembung aran katon yaiku tembung aran kang bisa dideleng karo pancadriya. Dene tembung aran ora katon yaiku tembung aran kang ora bisa dideleng karo pancadriya.
Tembung aran uga bisa dibedakake dadi aran sukma lan tembung aran tansukma. Kabeh titah ing jagad kang kapanjingan nyawa digolongake tembung aran sukma, dene tembung kang ora tau kapanjingan nyawa digolongake tembung aran tansukma. Kang klebu tembung aran  sukma bisa dadi tuladha taksonomi ing ngisor iki.
Rajakaya tegese yaiku kewan sing diingu minangka simpenan bandha.Sato iwen tegese yaiku kewan sing nduwe swiwi nanging ora bisa mabur dhuwur. Nggremet tegese yaiku kewan kang nalika mlaku perangan awake meh nemplek utawa nemplek lemah.
Bagan ing ndhuwur tuladha taksonomi jinise kewan, ing kono digolongake miturut wargane kewan. Kewan minangka taksonomi amarga tembung sing dhuwur lan minangka tembung sing umum. Sangisore kewan ana tembung rajakaya, sato iwen, lan nggremet minangka ko-taksonomi amarga tembung-tembung kasebut ana sangisore tembung kewan. Sapi, wedhus, lan kebo uga diarani ko-taksonomi saka tembung rajakaya, amarga tembung sapi, wedhus, lan kebo manggon ana sangisore rajakaya. Tembung sapi, wedhus, lan kebo ora nduweni sesambungan teges, mula diarani taksonomi superordinasi.
Saka tembung-tembung kang klebu ing taksonomi jinise kewan sabenere sawetara ana kang isih bisa diperang-perang maneh. Saka tembung-tembung iku bisa diperang dadi jinise kewan miturut spesiese.


Wedhus minangka kewan sing akeh diduweni dening pawongan lumrah. Awit ora angel anggone ngrumat, mung diumbar ana lapangan sing akeh sukete. Kebo tumrape masyarakat Jawa kerep dipakaryakake kanggo ngluku ing sawah sadurunge mangsa tandur pari. Awit kebo, sapi, lan wedhus iku kewan kang migunani banget. Wiwit saka daginge, susune, lan sapanunggale. Jinise kebo, sapi, lan wedhus kang ngasilake mligine daging lan susu iku ora padha.    
Sato iwen yaiku sakabehe kewan sing nduweni swiwi nanging ora bisa mabur dhuwur. Sato iwen uga bisa digolongake maneh amarga supaya luwih mligi lan nduweni sipat umum lan mligi. Tuladha ing ndhuwur sato iwen bisa diperang maneh luwih rowa minurut jinise kayata, pitik yaiku kewan sing klebu sato iwen lan wernane akeh banget, panganane sembarang, uga bisa dadi ingon-ingone manungsa sarta cucuke lincip dawa. Bebek yaiku kewan sing klebu sato iwen, lan wernane soklat, panggonane seneng ing blumbangan. Menthog yaiku kewan sing wernane putih, cendhak, katon mbuthel, dene meri arane anake menthog. Banyak yaiku jinise kewan sing klebu sato iwen, wernane putih, gulune luwih dawa tinimbang sato iwen liyane, panggonane ing lemahan, penggaweyane nyosor.
Mula sato iwen dideleh paling ndhuwur dhewe amarga luwih umum, lan sing ana ing sangisore minangka luwih mligi, sipat sing kaya mengkono iku diarani taksonomi superordinasi. Tegese, saupama wis diarani taksonomi, kanthi langsung wis bisa dibayangake superordinat-e, sabanjure lagi bisa diarani sesambungan ko-taksonom. Saupama ngarani pitik, kanthi logis bisa dipikirake pitik kasebut klebu bangsane kewan sato iwen. Saumpama yen ngucap kewan sato iwen, kita bisa ngarani ko-taksonime unggas kayata bebek, meri, pitik, menthog, banyak, lan sapanunggale.
Saka tuladha sato iwen sabenere sawetara isih bisa diperang maneh. Saka tembung-tembung iku bisa diperang dadi jinise kewan miturut spesiese.


Kewan siji iki klebu sato iwen kang meh saben manungsa nduweni ora mung siji utawa loro mesthi nduwe kewan kasebut. Pitik bisa dijupuk endhog lan daginge kanggo lawuh.
Tembung aran uga bisa dipunjerake ing tetuwuhan, iku bisa diperang miturut jinise tetuwuhan kayata, tuwuhan kang klebu ing palawija, pala pendhem, pala sempar, pala kitri/pala kirna, gegodhongan, grumbulan, bebodhotan, lan sapananunggale.
Saka tembung-tembung kang klebu ing taksonomi tetuwuhan sebenere sawetara isih bisa diperang maneh. Saka tembung-tembung iku bisa diperang dadi jinise tetuwuhan miturut tuwuhe woh. Palawija yaiku tetuwuhan sing umume ditandur ing sawah lan ing sakiwa tengene tetuwuhan sing lagi ditandur tuladhane bisa kayata lombok, tomat, terong, lan timun. Pala kapendhem tegese yaiku tetuwuhan wohe ana sajrone lemah (dianggep woh) tuladhane kayata wi, gembili, tales, tela pohung, kenthang lan sapanunggale. Pala gumantung iku tetuwuhan wohe gumantung sing umure ora nganti puluhan taun kayata kates, gedhang, jambu, duku lan sapanunggale. Pala Kirna/ pala kitri yaiku tetuwuhan wohe gumantung sing umure bisa nganti puluhan (atusan) taun, kayata nangka, duren, pelem lan sapanunggale. Pala kesimpar tegese yaiku tetuwuhan mawa wit nlosor, kayata timun, semangka, garbis lan sapanunggale.


Tetuwuhan uga ana sing diarani pethetan, tetanen, janganan, lan empon-empon. Pethetan yaiku tetuwuhan sing klebu ing ewone kembang, kayata mlathi, mawar, kamboja, cempaka, kanthil, anggrek, lan sapanunggale. Tetuwuhan tetanen yaiku tetuwuhan sing ditandur ing sawah lan ana wayah kanggo nandure, kayata pari, jagung, tela, kacang lan sapanunggale. Janganan yaiku tetuwuhan sing bisa dienggo sayur nalika mangan, kayata kangkung, bayem, sawi, kemangi, kemitir, kacang lanjaran, lan sapanunggale. Empon-empon yaiku tetuwuhan sing digunakake kanggo masak utawa bisa diarani bumbon ing pawon, kayata jahe, kunir, kencur, laos, mrica, tumbar, jinten, lan sapanunggale.
Saka bagan ing ndhuwur, bisa dijupuk teori. Kang sepisan, tetuwuhan minangka subordinat saka aran sukma, tetuwuhan nduweni bidhang semantik kang padha karo kewan lan manungsa. Kapindhone, aran sukma minangka subordinat saka tembung aran. Tetuwuhan, kewan, lan manungsa minangka subordinat saka aran sukma, amarga sipate mligi. Aran sukma minangka superordinat saka tetuwuhan, kewan, lan manungsa. Kaping telu, minangka tembung kang mligi, tetuwuhan, kewan, lan manungsa ora nduweni sesambungan. Bagan ing ndhuwur mung nduweni sesambungan antarane klas dhuwur sing sipate umum lan ngisor sing sipate mligi.

2). Tembung Kriya
 Tembung kriya yaiku tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe (kriya) utawa mratelakake lumakune kaanan (kriya proses). Tembung kriya bisa diorakake nganggo tembung ‘ora’. Kajaba bisa diorakake, tembung kriya basa Jawa uga bisa sesambungan karo tembung ‘anggone’ lan ‘olehe’.  Tembung kriya isih bisa diperang maneh miturut apa kang dadi punjere, yaiku manungsa lan kewan.
Taksonomi superordinasi awujud tembung kriya kang pinunjer ing manungsa iku bisa didelengsaka solah bawane manungsa utamane saka solah bawane perangane awak. Tuladhane:
Solah bawane mripat bisa digolongake luwih mligi maneh kayata nglirik, nyawang, mlerok, mentheleng, mecicil, mandeng, mlirik lan sapanunggale. Nglirik yaiku solah bawane mripat yen ngingeti barang nganggo mata kang sedhengan, barang sing dituju iku bisa gedhe lan cilik tur barange bisa adoh lan cedhak kanthi nindakake iku banget. Nyawang yaiku solah bawane mripat yen ngingeti barang nganggo mata sing amba. Mlerok yaiku solah bawane mripat yen ngingeti barang nganggo mata sing amba, barang sing  dituju iku bisa gedhe utawa cilik tur barange iku bisa adoh lan cedhak kanthi nindakake iku banget. Mentheleng, solahbawane mripat kanthi temen nalikane ngingeti barang kang dituju, nganggo mata sing sedhengan lan ora kedhep. Mecicil, solah bawane mripat kanthi amba banget semu mlilik lan ngingetine kanthi temenan lan rada nesu.
            Tuladha taksonomi ngenani solah bawane tangan, tembung njupuk uga bisa digolongake maneh miturut piranti sing digunakake.
Tembung kriya njupuk dadi ing kono dadi pakaryan sing umum saka papat satuwan leksikal verbal, yaiku ndulit, njumput, njiwit, lan nyuwil minangka dadi warga taksonomi (subordinat) saka superordinate. Bisa kaya mengkono amarga ndulit, njumput, njiwit, lan nyuwil ngandhut komponen teges sing padha karo komponen makna saka kriya njupuk, nanging ndulit, njumput, njiwit, lan nyuwil ora nduweni sesambungan, amarga sing diarani taksonomi superordinasi mung antarane klas ngisor sing sipate mligi lan klas dhuwur sing sipate umum.
Solah bawane sikil bisa nuwuhake tata urutan taksonomi, kurang luwih yaiku njejeg, njegal, ngidak, nyadhuk, lan nyempar. Njejeg, solah bawane sikil nalika mindhah barang iku kanthi disurung lan rosa banget. Njegal, solah bawane sikil kanthi njengatake pucuke sikil sisih ngarep kanthi tujuwan supaya tiba utawa cilaka. Ngidak, solah bawane sikil sing lakune ngideki sawijine barang. Nyadhuk, solah bawane sikil nalika ngeleh utawa mindhah barang ing ngisor nggunakake sikil sisih ngarep supaya barange iku bisa maju. Nyempar tegese, solah bawane sikil nalika mindhahake barang ing ngisor lan nyamping. Saka solah bawane sikil, njejeg, njegal, ngidak, nyadhuk, lan nyempar ora nduweni sesambungan tumrap siji lan sijine.
3). Tembung kahanan
Tembung kahanan yaiku tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa awak sawijine barang utawa bab. Tembung kahanan iku isih bisa diperang maneh adhedhasar apa kang dadi punjere, yaiku manungsa lan kewan.
Kanthi ngucap, wong iki brangasan, mula iki diarani watake manungsa. Mula yen ngarani watak mesthi sing bakal dipikirake yaiku kepriye wae watake manungsa iku. Watak minangka dadi taksonomi amarga nduweni sipat sing umum. Drengki, srei, geleman, srei, brangasan lan sapanunggale minangka warga taksonomi amarga nduweni sipat sing luwih mligi saka tembung watak.
Kaanan dideleh paling dhuwur dhewe amarga luwih umum, lan sing ana ing sangisore minangka luwih mligi, sipat sing kaya mengkono iku diarani taksonomi superordinasi. Kang ateges, saupama wis diarani taksonomi, kanthi langsung wis bisa dipikirake umume. Semana uga kanthi ngucap kahanane wong, sing bakal dipikirake yaiku: seneng, susah, sengsara, mlarat, sepi, rame lan sapanunggale.
Kanthi ngucap, iki abang, mula iki arane werna. Werna minangka dadi taksonomi amarga nduweni sipat sing umum. Abang, ijo, putih, ireng lan sapanunggale minangka warga taksonomi amarga nduweni sipat sing luwih mligi saka tembung werna. Abang, ijo, putih, ireng, lan sapanunggale ora nduweni sesambunggan tumrap tembung siji lan sijine.

b.     Superordinasi Madhakake
Minangka sesambungan sing nduweni sipat madhakake lan mbedakake. Superordinasi adhedhasar sipate sing padha bisa diperang dadi 2 yaiku: antonomi lan sinomini. Antonimi nduweni sipat kosok balen, kosok balen yaiku pocapan sing nduweni teges dianggep walikane ing pocapan liya. Tuladhane:
Taksonomi perangane awak bisa digolongake awit bageyan ndhuwur mangisor. Sirah yaiku perangane awak sing panggonane ana ing dhuwur. Gulu, perangane awak sangisore sirah. Gembung, perangane awak ana tengah. Tangan, perangane awak sing wujude dawa, dumunung ing sisih kiwa lan tengene awak. Sikil, perangane awak sing ngisor.
Sinomini uga bisa diarani dasa nama, yaiku wujude basa kang tegese saemper utawa meh padha karo wujud liyane, tegese padha utawa meh padha, nanging tembung–tembung kang tegese padha iku arang banget. Meh padha tegese ora satus persen padha. Yen tembung iku padha persis, umume salah siji tembung iku bakal ilang utawa ora digawe maneh. Semana uga ing dasanama antarane tembung lan tembung. Tembung-tembunge tipis bedane lan akeh padhane. Tuladhane:
            Tembung-tembung ing ndhuwur minangka tembung sing padha panganggone yaiku ing kuping, nanging bedha jenenge lan wujude. Giwang wujude cilik tur cendhak. Anting-anting wujude bisa gedhe bisa cilik lan dawa. Tindhik penganggo sing panggone bisa ing kuping lan perangan awak liyane, wujude bisa gedhe bisa cilik nanging umume cilik, bisa dawa bisa cendhak.

4.      Sesambungan Paradigmatik sajrone Taksonomi Superordinasi
Sesambungan paradigmatik miturut Aminuddin (2003:109) yaiku sesambungan kang laras karo titikane lan rancangan, uga nduweni sesambungan kanthi mligi antarane tembung siji lan sijine. Taksonomi superordinasi nduweni sesambungan paradigmatik amarga saben-saben unsur pamangune taksonomi bisa padha nyulihi antarane siji lan sijine. Taksonomi superordinasi  bisa digolongake adhedhasar warga lan jinise ing ilmu semantik bisa klebu ing sesambungane teges ngenani taksonomi amarga unsur-unsur kang manggon ana sajrone taksonomi kasebut yaiku manggon ana sawijine klas kang padha lan saben-saben unsur pamangun kasebut nduweni sesambungan paradigmatik.

C.     Dudutan
Taksonomi superordinasi yaiku salah sawijine sesambungane teges kang nggolongake tembung adhedhasar tata urutan tartamtu sing nduweni sipat umum lan mligi. Tata sesambungane teges taksonomi minangka tata sesambungan sing nggambarake anane klas ngisor lan dhuwur. Klas ngisor minangka sing mligi, klas dhuwur minangka sing umum, nanging sesambungan sipat mligi ora nduweni sesambungan tumrap tembung siji lan sijine.
Taksonomi Superordinasi bisa diperang dadi loro, yaiku superordinasi adhedhasar sipat diklompokake lan dipadhakake. Superordinasi bisa digolongake maneh adhedhasar jinise tembung kayata tembung aran, kriya lan kahanan. Superordinasi minangka sesambungan sing nduweni sipat madhakake lan mbedakake didadekake saklompok miturut tata urutane. Bisa maneh diperang dadi 2 yaiku antonomi lan sinomini. Kanthi cara taksonomi superordinasi kita bisa perang miturut golongane amrih bisa ngerteni tata urutane kanthi gamblang lan cetha.

Kapustakan
Aminuddin. 2003. Semantik Pendekatan Studi tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo
Chaer, Abdul. 2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: RinekaCipta.
Cruse, Alan. 1986. Meaning in Language: an Introduction to Semantics and Pragmatics. New York: Oxford University Press.
Djajasudarma, Fatimah. 2013. Semantik 2 Relasi Makna Paradigamik,Sintagmatik, dan Derivasional. Bandung: PT. Eresco
Kridalaksana, Harimurti. 2008. Kamus Linguistik. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama
Leech, Geofrey. 2003. Semantik. Jogjakarta: Pustaka Pelajar
Padmosoekotjo, S. 1956. Sarine Basa Djawa. Djakarta: Noordhoff Kolff N.V
Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal. Jakarta: Rineka Cipta
Parera, J.D. 2004. Teori Semantik Edisi Kedua. Jakarta: Erlangga
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua
Saeed, John. 2000. Semantics. Exford: Blackwell
Wijana, I Dewa putu, dkk. 2011. Semantik Teori dan Analisis. Surakarta: Yuma Pustaka

TEGES WANTAH SAJRONE TEMBUNG GARBA



TEGES WANTAH SAJRONE TEMBUNG GARBA
Yohanna Putri Septya Ari Sandy
12020114212/ 2012C

A.   Purwaka
Teges wantah wis akeh diwedhar dening para ahli basa kanthi gamblang, nanging rinasa isih akeh sing mendharake kanthi durung mligi. Teges wantah wis diwedhar lan disambungake karo teges entar, nanging anggone njlentrehake isih durung bisa mangerteni sejatine tegese teges wantah.

Teges wantah kang adhedhasar wujude diperang dadi papat, yaiku teges wantah kang awujud barang, teges wantah kang awujud pakaryan, teges wantah kang awujud solah bawa, lan teges wantah kang awujud kahanan. Teges wantah kang adhedhasar tata rakite bisa tuwuh ana ing tembung, gatra, lan ukara. Teges wantah kang wis tau diandharake yaiku teges wantah kang awujud kahanan, teges wantah kang  awujud pakaryan, lan teges wantah kang awujud kahanan. Andharan ngenani teges wantah iki arep njlentrehake teges wantah kang ana ing tembung garba amarga rinasa durung ana kang ngandharake ngenani teges wantah sajrone tembung garba. Tembung garba kalebu ubarampe kasusastran Jawa. Tumekan wektu iki isih durung ana kang ngandharake ngenani tembung garba kang dijlentrehake kanthi teges wantah. Sajrone buku-buku kasusastran akeh kang ngandharake ngenani tembung garba, nanging anggone ngandharake isih durung mligi. Saka dhasar kuwi, mula ing makalah iki bakal diandharake ngenani teges wantah sajrone tembung garba.
Andharane para ahli ngenani teges wantah ing buku siji lan sijine ora padha karo para ahli liyane nanging uga ana kang padha. Saka andharan-andharan kang beda-beda kaya mangkono bisa dijupuk dudutan ngenani teges wantah kang bisa diweruhi. Cara kang digunakake kanggo njlentrehake teges wantah sajrone tembung garba yaiku luwih dhisik tegese teges wantah sajrone tembung garba. Sawise genah tegese banjur pamerangane teges wantah sajrone tembung garba, lan pungkasan titikane teges wantah sajrone tembung garba. Makalah iki nduweni tujuwan ngandharake teges wantah sajrone tembung garba lan njlentrehake teges wantah sajrone tembung garba. Tujuwan liya yaiku supaya para pamaca bisa mangerteni apa sing diarani teges wantah sajrone tembung garba lan supaya panliten iki bisa nambahi kawruh kanggo ngrembakakake pamulangan.

B.  Andharan
Supaya luwih gamblang anggone negesi lan njlentrehake karepe topik iki, mulaluwih dhisik kudu mangerteni tegese teges wantah saka para ahli. Sawise dingerteni apa sejatine tegese teges wantah, banjur tegese tembung garba, sabanjure bisa digoleki kepriye sesambungane. Andharan ngenani tegese teges wantah kaya ing ngisor iki.


1.    Tegese Teges Wantah sajrone Tembung Garba
Teges wantah yaiku teges kang satemene, kang asipat blaka suta, ngemu andharan lan ora ngemu surasa pepindhan. Yen ngrembug teges wantah ora uwal saka teges entar minangka kontrase teges wantah. Teges entar yaiku teges sekabehe tembung kang isi surasane ora mung sawantahe, kang tegese ora mung salugune ning tegese uga oncat saka teges asline.
Wantah ing Baoesastra (1939:655) nduweni teges tanpa kacampuran apa-apa; bares,  blaka, prasaja(tanpa disamun). Ing KBBI (2005:1268) teges wantah yaiku teges sabenere kang ana ing salah sawijine ukara. Teges wantah yaiku teges kang satemene kang padha karo teges apa anane kanggo samubarang kang asipat nyata. Teges sajrone ukara kanthi teges wantah teges ora owah. Teges wantah utawa teges lugu uga bisa sinebut teges denotatif. Teges denotatif miturut para ahli basa nduweni teges-teges kang akeh.
Denotatif miturut Chaer (2009:65) dibedakake saka konotatif adhedhasar saka ana lan orane rasa pangrasa. Saben tembung sing diarani wutuh nduweni teges denotatif. Teges kang trep karo panaliten miturut pamawas, pengrungon, pangrasa, lan kedadeyan liyane. Sawenehe jinis-jinise makna akeh makna kang kalebu teges wantah kayata, makna kognitif, makna referensial, makna leksikal, lan sapanunggale. Makna kognitif yaiku aspek-aspek makna sawijine basa kang gegayutan karo titikan kang wis ana ing sajrone basa utawa nalar. Makna referensial yaiku makna kang langsung tumuju marang tembung kang dikarepake, utawa maknane ana sesambungane karo kasunyatan lan wus disarujuki ing bebrayan. Makna leksikal yaiku makna kang padha karo enere, makna kang padha karo asile pangindra nindhakake panliten, utawa makna kang pancen bener nyata ana ing bebrayan. Sejatine isih ana maneh makna kang bisa kalebu teges wantah, nanging kang wis diandharake ing ndhuwur minangka sesulih saka sakabehane makna kang dimaksud.
Sasangka (2001:198) madhakake antarane denotatif karo kognitif kang nduweni teges teges wantah utawa teges kang blaka suta. Teges kognitif ora mung tembung-tembung kang nuduhake samubarang kang nyata nanging uga nuduhake cakrik-cakrike teges kang kognitif mligi, kayata iki, iku, mrana, mrene uga wilangan, kayata siji, loro, telu lan sapanunggale, lan tembung kang nduweni teges kang nuduhake sesambungan kayata lan, utawa, nanging, lan sapanunggale.
Miturut Djajasudarma(2013:11) teges kognitif kang uga sinebut teges dheskriptif utawa denotatif yaiku teges kang nuduhake anane sesambungan antarane konsep lan kasunyatan. Teges kognitif minangka teges lugas lan teges kang apa anane. Teges kognitif yaiku teges kang satemene, dudu teges entar utawa pepindhan. 
Padmoesoekotjo (1953:30) negesi entar yaiku bablas, lunga, mangkat, uga silihan. Tembung entar tegese tembung silihan. Manut tegese entar yaiku teges kang ora salugune. Kosok baline manut tegese kang baku, kang salugu, lan kang sawantahe.
Saka andharan-andharan ing ndhuwur bisa didudut teges wantah yaiku teges kang blaka suta, teges kang salugune ora ngemu surasa pepindhan lan nduweni gegayutan karo enere, uga teges kang digunakake kanggo medharake samubarang kang ora nduweni maksud liya kejaba tegese tembung kasebut.

2.    Tetengere Teges Wantah sajrone Tembung Garba
Tetengere teges wantah yaiku  kang kapisan trep karo panliten miturut pamawas, pangrungon, pangrasa, lan kedadeyan liyane. Kang kapindho yaiku sesambungane karo kasunyatan. Kang katelu yaiku ora ngemu surasa pepindhan.
Djajasudarma (2013:11) ngandharake yen teges wantah ora mung ana ing tembung-tembung kang nuduhake barang kang nyata, nanging uga nduduhake ing tembung-tembung kang makna kognitife mligi.Teges wantah bisa tuwuh ing tembung, frasa lan ukara. Ing tembung minangka teges saben tembung kang wis lumrah dingerteni uga kang ana ing kamus, dene kang wujude frasa bisa tuwuh ing frasa-frasa kang nuduhake rerakete tembung loro utawa luwih kang ora nuwuhake teges liya kaya tembung camboran, tembung camboran ora kalebu teges wantah amarga karana reraketane tembung loro utawa luwih ananging nuwuhake teges anyar kang beda utawa owah saka teges asline tembung-tembung kasebut. Tuwuhe teges wantah ing ukara kaya ing sesanti lan paribasan. Paribasan minangka unen-unen kang ajeg panganggone, nanging ateges wantah, lan ora ngemu surasa pepindhan.
Kanggo nggampangake supaya kepenak anggone nemtokake maknane, ing kene uga kudu dibutuhake pamawas ngenani tetengere teges wantah. Supaya anggone nintingi tembung-tembung sing bakal ditegesi klawan tetengere teges wantah. Banjur kudu diweruhi jinis-jinising makna kang gegayutan karo teges wantah sing dadi sarana nganalisis topik iki lan dadi dhasar kanggo nemtokake tetengere teges wantah sajrone tembung garba.
a. Makna Gramatikal
Makna gramatikal utawa makna fungsional, utawa makna struktural, utawa makna internal yaiku makna sing ana minangka jalaran saka fungsine tembung sajrone ukara. (Pateda, 2001:103). Dadi teges wantah miturut makna gramatikal yaiku teges kang ana ing sajroning tembung sing nduweni fungsi sajone ukara.
b. Makna Kognitif
            Miturut Pateda (2001:109), makna kognitif yaiku makna kang ditujokake dening lelandhesane. Makna unsur basa kang raket banget sesambungane karo donya sajabane basa, objek utawa gagasan, lan bisa diandharake adhedhasar analisis komponene. Makna kognitif uga bisa diarani denotasi tembung. Dadi teges wantah miturut makna kognitif yaiku teges kang nduweni lelandhesan lan bisa dianalisis komponene.
            Yen miturut Sasangka (2001:198), makna kognitif yaiku makna wantah, makna kang blaka suta. Makna kognitif ora mung nduweni tembung-tembung kang nuduhake samubarang kang nyata, nanging uga nuduhake cakrik-cakrike makna kang kognitife mligi, kayata iku, iki, mrana, mrene; numeralia, kayata siji, loro, telu, lan sapanunggale; lan partikel kang nduweni makna kang nuduhake sesambungan kayata lan, utawa, nanging, lan sapanunggale.
            Dadi, ing sajerone makna kognitif iku, pamicara mikir lan ngomong apa anane ngenani samubarang uga ora nduwe maksud liya-liyane kejaba maksud salumrahe. Sawise dingerteni ngenani titikane teges wantah mau, makna kognitif iki nduweni sesambungan sing raket banget amarga sajrone makna kognitif iki tembung-tembung bisa dipikir lan dianalisis kompenene.
c. Makna Dheskriptif
            Makna dheskriptif yaiku makna kang wis ana sajrone tembung sing kerep dinggo masyarakat umume lan isih ana nganti saiki (Pateda, 2001:99). Dadi teges wantah miturut makna dheskriptif  bisa ditegesi, teges sajrone basa kang wis kerep dinggo masyarakat lan wis mesthi ngemu teges apa anane. Teges sing dikarepake ing kene teges sing wis padha diweruhi jalaran wis disarujuki dening masyarakat, tegese uga ora owah saka biyen nganti saiki.   
d.Makna Konseptuwal
            Makna konseptuwal dinggep minangka samubarang utama sajrone cecaturan, uga kalebu samubarang kang esensial sajroning basa lan bisa diweruhi sawise nggayutake utawa nandhingake ing panganggone basa (Pateda, 2001:114). Dadi teges wantah yen kadeleng saka makna konseptual bisa ditegesi yaiku teges sing bisa diweruhi nalika dinggo ing basa komunikasi. Iki bisa dijlentrehake nalika tembung kasebut ngadeg dhewe lan nalika tembung kasebut ana sajrone konteks.
e.  Makna Referensial
            Miturut Pateda (2001:125), makna referensial yaiku makna kang langsung gegayutan karo lelandhesane kang dituduhake dening tembung kang awujud sipat, aran, kasunyatan, kedadeyan lan proses.
            Ana maneh kang ngandharake makna referensial yaiku makna kang sesambungan langsung karo kasunyatan utawa ener, makna referensial uga kasebut makna kognitif amarga padha-padha nduweni lelandhesan (Djajasudarma,1993:11). Dadi teges wantah miturut makna referensial bisa ditegesi sawijining teges kang langsung dituduhake tembung sing nduwe lelandhesan.
f. Makna  Idheasional
            makna idheasional yaiku makna kang tuwuh saka panganggone  tembung kang nduweni konsep (Pateda, 2001:104). Teges wantah adhedhasar makna idheasional yaiku teges kang awujud asil pamikiran sajrone tembung. Dadi teges wantah miturut makna idheasional yaiku nalika negesi tembung tartamtu mesthi digoleki enere sing gegayutan karo tembung kasebut.

g. Makna Dhenotatif
            Makna dhenotatif yaiku maknane tembung utawa kelompok tembung kang didhasarake kanthi gegayutan wantah antarane satuwan basa lan wujud sanjabane basa kang dicakake ing basa kanthi bener lan pener (Pateda, 2001:98).        
            Dadi miturut makna denotatif teges wantah yaiku teges sajrone tembung utawa kelompok tembung sing dienggo kanthi apa anane lan objektif tanpa digayutake karo bab-bab liyane.
     Saka jinis-jinise makna sing wis diandharake ing ndhuwur, bisa didudut yen jinis-jinis teges iku anggone negesi tembung iku kanthi pamikiran. Dadi sing ditegesi lumantar pamikiran iku kalebu teges wantah.
Andharan-andharan ing ndhuwur minangka andharan umum ngenani teges wantah lan tetengere teges wantah. Ing ngisor bakal diandharake teges wantah sajrone tembung garba.

3.    Tegese Tembung Garba
Garba tegese sesambungan, rerangken, gegandhengan. Ing Baoesastra Djawi (1939:133) diandharake tegese garba yaiku weteng, sesambungan, rerangken. Dene miturut Padmosoekotjo (1953:26) tembung garba bisa ditegesi tembung rerangken utawa tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji lan banjur suda cacahe wanda. Nggarba tembung tegese nggandheng tembung loro utawa luwih supaya suda cacahing wanda. Tembung garba lumrahe kanggo ing kasusastran kang sinawung ing tembang. Samangsa ana frasa kang kakehan wandane, pangripta bisa ngungkret utawa ngelong cacahe wanda mau sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ana ing gatra iku.
Tembung garba minangka tembung loro kang digandheng lan ora nduweni teges anyar kang oncat saka teges asline tembung-tembung kasebut. Mula krana ora ana owah-owahane teges saka tembung asline senajan wis ngalami proses tembung garba bisa ditegesi lumantar teges wantah.
Wewatone nggarba tembung yaiku:
[a]        + [a]     = [a]
[a]        + [i]      = [e]
[a]        + [u]     = [o]
[a]        + [o]     = [o]
[i]         + [i]      = [i]
[i]         + [a]     = [ya]
[u]        + [a]     = [wa]
[u]        + [i]      = [wi]
[o]        + [a]     = [wa]
Pamerangane tembung garba adhedhasar wujude diperang dadi papat yaiku:
1.      Tembung garba sutraye. Tembung garba sutraye yaiku tembung loro kang siji-sijine tanpa aksara “y” menawa dadine tembung garba banjur mawa aksara “y”. Kayata:
1.   Sugih (bandhane akeh) + arta       (dhuwit)           = sugyarta (sugih dhuwit)
Tuladhane:
1.      Pak Hendro pancen saiki wis dadi wong kang sugyarta.
            Saka ukara ing ndhuwur bisa diweruhi manawa pak Hendro minangka wong kang nduweni dhuwit akeh. Sugyarta mujudake tembung kang nuduhake kahanane pak Hendro ing wektu iki. 
b.    Sami (padha) + arsa (arep)         = samyasra (padha arep)
Tuladhane:
2.      Bu Dwi lan Bu Tunjung samyarsa tindak dhateng peken sesarengan.
       Ukara kasebut kang ngemot tembung garba samyarsa nuduhake kekarepan antarane Bu Dwi lan Bu Tunjung arep tindak bebarengan. Samyarsa minangka tembung kriya kang mretelakake lumakune kaanan. Samyarsa ora nduweni teges liya kajaba padha-padha arep nglakoni sawijine tindakan.
c.    Taksih (isih) + alit (cilik)               = taksyalit (isih cilik/durung diwasa)
Tuladhane:
3.      Putranipun Bu Heni tasyalit.
       Ukara in ndhuwur nuduhake dene tasyalit minangka kaanane putrane Bu Heni kang kagolong isih cilik amarga umur lan blegere pranyata uga isih cilik. Mula tasyalit nuduhake menawa putrane Bu Heni isih durung diwasa.
(2)   Tembung garba sutrawam. Tembung loro kang siji-sijine tanpa aksara “w”, manawa dadine tembung garba banjur mawa aksara “w”. Kayata:
a.    Tumuju (tekan) + ing                   = tumujweng (tekan ing)
Tuladha:
4.      Andi saiki lagi tumujweng Gresik, kamangka kanca-kancane wis aneng Surabaya wiwit wingi dalu.
Tumujweng nuduhake ing papan ngendi tumekane Andi. Tumujweng ora nduweni teges liya kajaba tumuju ing ngendi obyek kang diandharake. Tumujweng minangka tembung kriya kang mratelakake lakune kahanan, lan tembung tumujweng nuduhake tembung kang nduweni teges padha karo tegese tembung linggane lan ora mentar saka teges asline.
b.    Ratu(raja)  + agung(gedhe)         = ratwagung (ratu gedhe)
Tuladha:
5.      Pandu Dewanata ratwagung ing Ngastina.
            Ratwagung minangka tembung aran kang nuduhake lan njlentrehake Pandu Dewanata. Ratwagung nuduhake teges kang apa anane lan teges ratwagunge uga ora tambah lan suda saka tembung linggane kasebut. Teges wantah sajrone tembung ratwagung nuduhake  kang teges kang apa anane lan padha karo tegese tembung linggane.
c.   Maleb (mlebu) + ing                                  = malebweng (mlebu ing)
Tuladha:
6.      Bapake Parjo malebweng kunjara wingi sore.
            Malebweng minangka tembung kriya kang mratelakake tandang  gawe. Malebweng nduweni teges mlebu ing papan ngendi mlebune apa kang diandharake. Malebweng ora nduweni teges liya kajaba malebu ing. Teges wantah sajrone tembung malebweng yaiku anane ener dene tembung kasebut saka tembung mlebu kang ora liya tegese menyang ing jero. Dadi malebweng nduweni teges kang kang padha lan ora owah saka tembung linggane.
(3) Tembung kang digarba karo tembung maha, manawa tembunge maha mung kari kaucapake “mah”, diarani tembung garba warga h. kayata:
Maha (linuwih) + raja (ratu)                = maharaja (ratu linuwih)
Maha (linuwih) + resi (wong suci kang wis dadi dewa)          = mahresi (pendhita linuwih)
(4)   Garbane tembung-tembung kang ora klebu ing tembung garba sutraye, sutrawam lan warga h. Kaya tembung-tembung ing ngisor iki:
a.    Sesotyadi
Sesotyadi garbane tembung sesotya kang tegese inten, lan tembung adi kang tegese linuwih. Sesotyadi nduweni teges pinunjul.
b.    Parameswari
Parameswari minangka garbane tembung parama kang nduweni teges ‘kang pinunjul’, lan tembung iswari kang nduweni teges ‘ratu wedok’. Parameswari nduweni teges ratu kang pinunjul. Biyasane kanggo wastanane garwane raja. Teges wantah sajrone tembung parameswari nuduhake teges kang blaka suta, dene tembung parameswari nuduhake sebutan kanggo garwane raja, ora ngemu teges liya. Kaya tuladha ing ukara iki:
7.    Dene parameswarine aran Dewi Srini putrane Prabu Bramasatapa, nata Gilingwesi.
Dewi Srini nuduhake manawa dheweke parameswari, ora liya yaiku garwane raja.
c.    Narendra
Narendra minangka tembung garba saka tembung nara kang nduwe teges wong lan indra kang nduwe teges ratu. Mula narendra tegese wong kang ngratoni utawa wong kang dadi ratu. Teges wantah sajrone tembung narendra yaiku teges referensial kang minangka teges kang nduweni ener. Nalika tembung narendra diucapake, mitra wicara bakal nduweni ener manawa narendra yaiku wong kangdadi ratu, mula narendra ngemu teges wantah krana teges kang apa anane lan ora ngemu surasa pepindhan.
d.    Sarotama
Sarotama minangka garbane tembung sara kang tegese ‘panah’, lan tembung utama kang nduweni teges ‘linuwih’.

e.    Sitinggil
Sitinggil minangka garbane tembung siti lan inggil. Siti nduweni teges lemah. Inggil nduweni teges dhuwur. Sitinggil nduweni teges papan sing duwur saburining alun-alun(pasowanan). Teges wantah kang ana ing tembung sitinggil nuduhake teges referensial krana nalika tembung kasebut diucapake, mitra wicara bakal nduweni ener dene sitinggil papan kang dhuwur kang gunane kanggo pakurmatan. Mula tegese sitinggil nuduhake teges wantah yaiku teges kang apa anane.
       Andharan ing ndhuwur ngenani tegese tembung garba, pamerangane tembung garba banjur ing ngisor arep diandharake titikane tembung garba. Kang prelu digatekake ngenani tembung garba yaiku:
a.      Kang kena digarba iku tembung kang awasana vocal (aksara swara) karo tembung kang purwane vokal.
b.      Tembung kang awasana [h] kena digarba karo tembung liya kang apurwa vokal sarana mbuwang aksara [h] iku.
“u” + “I” ing basa Jawa anyar akeh sing dadi “we”.
4.    Pamerangane Teges Wantah sajrone Tembung Garba
       Teges wantah sajrone tembung garba bisa diperang adhedhasar wujude. Adhedhasar wujude teges wantah sajrone tembung garba diperang dadi telu, yaiku:
1)     Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud  barang.
Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud barang minangka  tembung garba kang wujude barang. Barang kaperang dadi barang urip lan barang ora urip. Tembung garba kang kalebu barang urip kayata:
a.Nareswara
Nareswara minangka garbane tembung nara lan iswara. Nara tegese wong, dene iswara tegese bendara, gusti. Nareswara nduweni teges wong kang ginusti-gusti, wong kang binandara. Mula nareswara mujudake tembung garba kang nuduhake barang kang urip.
b.Narapraja
Narapraja minangka garbane tembung nara lan praja. Nara minangka tembung kang nduweni teges wong, lan praja minangka kang nduweni teges negara. Mula narapraja nduweni teges wonge Negara, punggawane negara.

2)  Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud kahanan
Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud kahanan minangka tembung garba kang nuduhake manawa tembung kuwi minangka kahanan kang dialami. Kaya tembung garba ing ngisor iki:



a.Dadyewuh
Dadyewuh garbane tembung dadi lan ewuh. Dadi nduweni teges dadi, ewuh nduweni teges nduwe gawe. Nalika digarba dadi tembung dadyewuh kang nduweni teges dadi angel, satemah rekasa. Tembung iki nuduhake kahanan nalika nindakake samubarang kang katon satemah rekasa. Teges wantah kang ana ing tembung iki nuduhake manawa nalika ana kang ngucapake tembung iki, mitra wicara bakal mangerteni manawa tegese ora liya yaiku kahanan samubarang kang dadi angel utawa satemah rekasa.
b.Kalokengrat
Kalokengrat minangka garbane tembung kaloka,ing, lan rat. Kaloka tegese misuwur, dene ing tegese ancer-ancer kang nelakake dunung, lan rat tegese yaiku jagat. Dadi kalokengrat nduweni teges misuwur ing jagat. Kalokengrat minangka tembung garba kang nuduhake kahanan nalika sawijine wong misuwur ing jagat. Teges wantah kang ana ing tembung kalokengrat  yaiku kahanane wong kang lagi misuwur ing jagat nalika semono. Nalika pangocapan tembung kalokengrat, mitra wicara bakal nduweni eneran ngenani kaloka. Kaloka nduweni teges misuwur, mula nalika mitra wicara krungu tembung kalokengrat, mitra wicara bakal nduweni eneran dene kang dimaksud pamicara yaiku misuwur ing jagat.
c.Kajwareng praja
Kajwareng praja minangka garbane tembung kajawara, ing, lan praja. Kajwara saka tembung juwara kang nduweni teges misuwur lan kondhang. Praja nduweni teges negara. Dene tembung kajwareng praja nduweni teges misuwur ing praja. Teges wantah sajrone tembung kajwareng yaiku kahanan nalika lagi misuwur ing sawijine papan. Dene ing kene kajwareng praja mula ditegesi kahanane wong kang lagi misuwur ing negara. Kajwareng ora nduweni teges liya kejaba teges wantah, yaiku misuwur ing. 
Kanthi gampang ngenani teges wantah kang sajrone tembung garba bisa dideleng saka tabel ing ngisor iki.
No.
Tembung Garba
Jinise Makna
Gramatikal
Kognitif
Dheskriptif
Konseptuwal
eferensial
idheasonal
dhenotatif
1.
Sugyarta
2.
Samyarsa
3.
Taksyalit
4.
Tumujweng
5.
Ratwagung
6.
Malebweng
7.
Mahraja
8.
Mahresi
9.
Sesotyadi
10.
Narendra
11.
Sarotama
12.
Sitinggil
13.
Narewara
14.
Narapraja
15.
Dadyewuh
16.
Kalokengrat

Saka tabel ing ndhuwur bisa diweruhi yen teges wantah sajrone tembung garba yaiku teges gramatikal. Kognitif, dheskriptif, konseptuwal, referensial, idheasonal,lan dhenotatif. Tembung-tembung garba ngemu teges-teges kasebut.

6. Titikane Teges Wantah sajrone Tembung Garba
Saka andharan-andharan kasebut bisa dititiki manawa teges wantah sajrone teges wantah yaiku:
a.      Teges-teges kang apa anane kang diemot dening tembung-tembung garba.
b.      Teges wantah sajrone tembung garba yaiku teges gramatikal. Teges gramatikal ana sajrone tembung garba krana tembung garba wis ngalami owah-owahan tembung saka tembung asline. Lan wujude nduweni guna krana panganggone  sajrone ukara.
c.      Teges wantah liya sajrone tembung garba  yaiku teges referensial. Teges referensial ana sajrone teges wantah krana wujude tembung kang nduweni eneran nalika tembung kasebut diucapake.
d.      Teges wantah sajrone tembung garba miturut wujude diperang dadi awujud barang lan awujud kahanan. Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud barang krana tembung-tembung garba ana kang nuduhake manawa kuwi kalebu barang lan nduweni teges kang lugu lan ora ngemu pepindhan. Teges wantah sajrone tembung garba awujud kahanan krana tembung-tembung garba kasebut nuduhake kahanan kang lagi dialami lan ora nduweni teges liya kejaba teges kang dikandhut sajrone tembung-tembung asline kasebut.

C.     Dudutan
       Teges wantah sajrone tembung garba teges kang blaka suta, teges kang salugune ora ngemu surasa pepindhan lan nduweni gegayutan karo enere, uga teges kang digunakake kanggo medharake samubarang kang ora nduweni maksud liya kejaba tegese tembung garba. Teges wantah sajrone tembung garba yaiku teges gramatikal, kognitif, dheskriptif, konseptuwal, referensial, idheasional, lan dhenotatif. Pamerangane teges wantah sajrone tembung garba ana papat adhedhasar wujude, yaiku tembung garba sutraye, tembung garba sutrawam, tembung garba warga h, tembung garba kang ora kalebu ing sutraye, sutrawam, lan warga h, uga tembung garba kang dianggep tembung lingga. Teges wantah sajrone tembung garba nduweni perangan adhedhasar wujude, yaiku kang awujud barang lan awujud kahanan. 

Kapustakan
Aminuddin.2003. Semantik Pengantar Studi Tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo
Chaer, Abdul.2009, Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Rineka Cipta
Djajasudarma, T, Fatimah.2012.SEMANTIK 1 Makna Leksikal dan Gramatikal.
Bandung: PT Refika Aditama.
Djajasudarma, T, Fatimah.1999, Semantik 2. Anggota IKAPI: PT.Refika Aditama
Padmasoekotjo,S. 1953, Ngengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Soejadi
Padmosoekotjo S.1956.Sarine Basa Djawa.Jakarta:Noordhoff-Kolff.V
Padmasoekotjo,S. 1979, Memetri Basa Jawi: Jilid I. Surabaya: CV. Citra Jaya
Poerwadarminta, W.J.S., 1939, Baoesastra Djawa. Batavia.
Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu.2013.Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua
--------2005. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta : Balai Pustaka