Sabtu, 18 April 2015

Semantik Metonimi Logikal ing Basa Jawa



METONIMI LOGIKAL ING BASA JAWA
Muhammad Isyommudin
12020114208
2012 / C

A.  Purwaka
Sesambungan metonimi logikal perangane saka metonimi. Sesambungan teges metonimi logikal ing masyarakat wis lumrah dinggo ing saben dinane. Basa kang digunakake sesambungan teges metonimi yaiku basa kang wis rumaket ana ing masyarakat lan nduweni sipat asosiatif. Panliten ngenani sesambungan teges metonimi uga wis nate ditindakake dening Susanto (2009). Saka andharan panliten kasebut pranyata jinise metonimi nduweni akeh perangane. Andharan kasebut nuduhake yen sesambungan teges bisa owah amerga anane panliten ngenani dhata kang ditliti.
 
Dhasare ngandharake bab iki amarga para pamarsudi sakehe ngandharake ngenani metonimi, nanging mung winates ngandharake tegese lan pamerange. Andharan ngenani metonimi logikal ing basa Jawa bisa diandharake luwih rowa maneh lan diwenehi tuladha-tuladha sing ana sesambungan karo topik.
Tujuwane ngandharake metonimi logikal ing basa Jawa supaya pamaca bisa ngerteni  kahanane metonimi logikal ing basa Jawa. Saliyane kuwi uga dingerteni titikane metonimi logikal ing basa Jawa.
Adhedhasar andharan ing ndhuwur prelu anane andharan kanthi gamblang lan luwih jero ngenani sesambungan teges metonimi kang awujud logikal ing basa Jawa kanthi nggunakake konsep teoritis kanggo ngandharake sesambungan teges. Mula  ing makalah iki bakal ngandharake ngenani sesambungan teges metonimi logikal ing basa Jawa, supaya sesambungan teges kasebut bisa diandharake luwih jero lan gamblang.

B.  Andharan
Kaya kang wis diandharake ing ndhuwur, makalah iki bakal ngandharake ngenani tegese metonimi awujud logikal, titikane metonimi logikal, lan pamerangan metonimi logikal, saengga bisa ngerteni metonimi logikal ing basa Jawa. Mula saka iku, makalah iki bakal ngandharake kanthi cetha.
1.      Tegese Metonimi Logikal
Metonimi yaiku sesambungan teges kang nggunakake penganggo aran utawa jeneng samubarang kang nduweni sesambungan kang raket utawa kang nggambarake sakabehe kanggo saperangan kang wis disarujuki lan dangerteni masyarakat.
Metonimi kalebu sesambungane teges. Metonimi yaiku asale saka basa Yunani, saka tembung “meta” sing tegese nuduhake owah-owahan, lan saka tembung “onoma” tegese jeneng. Dadi metonimi yaiku salah sijine lelewane basa sing nggunakake tembung utawa objek kanggo nyulihi samubarang amarga nduweni sesambungan kang cedhak.
Kamus linguistik (Kridalaksana, 2011) metonimi yaiku panganggone jeneng utawa samubarang liyan kang nduweni asosiasi utawa apa sing dadi atribute. Uga ana sing ngandharake yen metonimi yaiku salah sawijine majas kang nggunakake jeneng samubarang kanggo samubarang liyane kang ana sambung rakete karo samubarang kuwi mau (Dale (et al), 1971:234). Moeliono (1984:3) uga ngandharake tegese metonimi yaiku majas kang kanggo jeneng utawa bab kang disambungake karo pawongan. Samubarang utawa bab kuwi mau minangka sesulihe. Kita uga bisa nyebutake pangripta utawa pangriptane yen sing kita maksud yaiku asil pangripta lan pangriptane utawa kang kita maksudake yakuwi samubarange.
Saliyane iku uga ana para ahli liya kang ngandharake tegese metonimi, kaya dene andharane Parera (2004:121) metonimi yaiku celukan kanggo salah sawijine objek utawa tumindak sing rumaket ing objek utawa tumindak sing sesambungan. Wijana (2008:54) ngandharake yen metonimi yaiku tembung kang tuwuh amerga ana sambung rakete tembung-tembung kang sinambung. Banjur uga ana sing ngandharake yen metonimi nduweni teges rong objek kang nduweni makna cedhak, kadhangkala samubarang sing digunakake ngganteni samubarang kang dimaksud (Pateda, 1996:237). Djajasudarma (2012:86) uga ngandharake metonimi arupa panganggo jeneng tetenger utawa jeneng samubarang kang disambungake karo pawongan, barang, utawa objek minangka sesulih.  Ullman (2009) ngandharake yen metonimi beda karo metafor. Metonimi ora wujud sesambungan tembung anyar, nanging tuwuh saka tembung-tembung kang sesambungan karo objek kang nduweni makna cedhak.
Saka andharan para panliti ing dhuwur bisa dingerteni metonimi yaiku sesambungan teges kang nggunakake penganggo aran utawa jeneng samubarang kang nduweni sesambungan kang raket utawa kang nggambarake sakabehe kanggo saperangan kang wis disarujuki lan dingerteni masyarakat. Metonimi logikal yaiku tembung-tembung kang digunakake sajrone basa kang nduweni sesambungan jeneng pangriptane utawa kang ngrembakake samubarang minangka tandha pangurmatan.

2.      Titikane Metonimi Awujud Logikal
   Saka andharan kasebut bisa dingerteni titikane metonimi logikal yaiku sesambungan teges kang nggunakake sesambungan jeneng pangriptane utawa sing ngrembaka minangka celukan kanggo nyebutake tembung kang dikarepake,nduweni sipat asosiatif lan panganggone kanthi cara figuratif, awujud tembung aran, Lan wis lumrah dinggo ana masyarakat.

3.       Pamerangane Metonimi Minangka Sesambungan Teges
Wujude sesambungan teges metonimi secara umum miturut jinise bisa diperang dadi papat yaiku,  metonimi adhedhasar panemu lan pangriptane (logikal), metonimi adhedhasar wektu (temporal), metonimi adhedhasar panggonan (leksikal), lan metonimi adhedhasar saperangan kanggo sakabehe.
1)            Metonimi adhedhasar wektu (temporal) yaikui tindakan utawa kedadeyan kang bisa disulihi marang samubarang sing bakal ngetutake utawa kedadeyan.
contone :
Agus ora melu Agustusan?
Tembung Agustusan asale saka tembung Agustus sing nduweni teges sasi.  Sasi Agustus kasebut miturut bangsa Indonesia minangka sasi kamardhikan, amerga ing tanggal 17 Agustus kasebut bangsa Indonesia merdhika saka panjajah. Dadi dina kamardhikan kasebut saiki dinggo masyarakat kanggo ngenekake lomba-lomba.
2)            Metonimi adhedhasar panggonan (spasial) yaiku bisa tuwuh amarga panggonan kang wis dingerteni nganggo titikan atribut kang lumrah dinggo. Saengga masyarakat sakiwa tengene bisa ngerti lan weruh pangonan kuwi saka titikan atribute kang wis lumrah ana masyarakat. contone:
Soto Lamongan ning sandhinge bangjo lo enak!
 Tembung Lamongan yaiku sejatine nduweni makna sawijine kabupaten, nanging ing kene  Lamongan nduweni jeneng sawijine panganan khas lamongan, mula kuwi diarani soto Lamongan.
3)            Metonimi adhedhasar saperangane kanggo sakabehe. Saperangan kanggo sakabehe  diperang dadi loro yaiku  saperangan kanggo sakabehe (pars pro toto) yaiku saperangan utawa pakulinane sing onja sing diduweni saben wong sing dimaksud. Tuladhane:
Nangdi ae awakmu kok ora tau ketok irungmu blas?
Tembung irungmu kuwi saperangane awak, mula saka kuwi tembung irungmu saperangan kang makili sakabehe.  Sesambungan sakabehe kanggo saperangan (totem pro parte) yaiku nuduhake sakabehe objek kamangka kang dimaksud saperangan.
Tuladhane:
Beh awakku lara kabeh.
Tembung awakku  nuduhake sakabehe kanggo saperangan. Perangane awak yaiku tangan, sirah, lan sikil.
Metonimi adhedhasar panemu lan pangriptane (logikal) yaiku tembung-tembung kang digunakake sajrone basa kang nduweni sesambungan jeneng pangriptane utawa kang ngrembakake samubarang minangka tandha pangurmatan.
4)            Tuladhane:
Table 1. metonimi kang nduweni sesambungan logikal
No
Metonimi
Kang nemokake
Kang ngrembakake
1
Suzuki
+
-
2
Honda
+
-
3
Mukibat
+
-
4
Diesel
+
-
5
Slendro
+
-
6
Levis
+
-
7
Gillette
+
-
8
Kawasaki
+
-
9
Rafflesia
+

10
Mujair
+
-
11
Adidas
+
-
12
bakso Sidol
-
+
13
pithek Wak Soleh
-
+
14
soto ambengan Pak Sadi
-
+
15
bakso Pak Kus
-
+
16
pecel  Hj. Boeyatin
-
+
17
bebek Sayeki
-
+
18
soto Madura Wawan
-
+
19
rujak cingur Asmuni
-
+
20
sate klapa Ibu Asih
-
+
21
lontong balape Pak Cipto
-
+
22
jus Farid
-
+
23
kopi Mak Pik
-
+
24
Cak Durhasim
-
+
25
Kopi cak mat
-
+

Saka dhata ana ndhuwur bisa dinggo tuladha sesambungan logikal
Suzuki
1)     Wong sing nganggo sepedha Suzuki kuwi  Ludi.
Tembung Suzuki yaiku nduweni teges sawijine merek sepedha montor saka Jepang. Tembung Suzuki kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Suzuki  sing nemokake yaiku Michio Suzuki saka Tokyo Jepang ing taun 1887. Suzuki ing kene kang dimaksud dudu jenenge pawongan nanging barang kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune mula jenenge panemu dinggo merek sepedha montor.
Honda
2)     Sepedha honda mau banter ae.
Tembung Honda yaiku nduweni teges sawijine merek sepedha montor saka Jepang. Tembung honda kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Honda sing nemokake yaiku Sachiro Honda saka Shizuoka, Jepang ing taun 1906. Honda ing kene kang dimaksud dudu jeneng pawongan nanging barang kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune mula jenenge panemu dinggo merek sepedha montor.
mukibat
3)     Iki tela mukibat, panganen!
Tembung mukibat kuwi nduweni teges sawijine tela kaspe. Tembung tela mukibat kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung mukibat asale saka jenenge pawongan kang nemokake jinise tetuwuhan tela kaspe yaiku Mukibat. Mukibat ing kene kang dimaksud dudu jenenge pawongan nanging barang kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune mula jenenge panemu dinggo sawijine tetuwuhan yaiku tela mukibat.
Diesel
4)      Bapakku tuku diesel menyang Surabaya.
Tembung diesel yaiku sawijine piranthi kanggo nyedhot banyu. Tembung diesel kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung diesel asale saka jenenge pawongan kang nemokake yaiku Rudolv Diesel saka Amerika Serikat taun 1897. Diesel ing kene kang dimaksud dudu sawijine pawongan nanging barang kang ditemokake Kanggo ngurmati panemune, mula barang iki diarani diesel lan nganti saiki isih dianggo dening masyarakat.
Slendro
5)     Gamelan sing slendro ora ana siji.
Tembung slendro yaiku sawijine titikane laras ing gamelan. Tembung slendro kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung slendro asale saka jenenge pawongan kang nemokake yaiku Raja Sayelendra. Slendro nuduhake salah siji jinise gamelan Jawa. Slendro ing kene kang dimaksud kuwi dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune mula jenenge panemu dinggo jeneng sawijine jenise gamelan.
Adidas
6)     Adhiku bar tuku sepatu adidas.
Tembung adidas yaiku sawijine merek sepatu bal-balan. Tembung adidas kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung Adidas asale saka jenenge pawongang kang nemokake sepatu bal-balan yaiku Adi Dessles. Adidas ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune kuwi mula mereke diarani adidas.
Levis
7)     bocah-bocah padha ngawe levis.
Tembung levis yaiku sawijine merek sawijine celana. Tembung levis kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung  Levis asale saka jenenge pawongan kang nemokake celana levis yaiku Levi Strauss saka Kaliforniah. Levis ing kene kang dimaksud  dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kabf ditemokake. Kanggo ngurmati panemune kuwi mula mereke diarani levis.
Gillette
8)     aku nitip tukokna Gillette.
Tembung Gillette yaiku sawijene piranthi kanggo cukur brengos. Tembung gillette kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune.Tembung Gillette  asale saka jenenge pawongan kang nemokake yaiku  King C. Gillette. Gillette ing kene kang dimaksud dudu sawijine jeneng pawongan nanging barang  kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune kuwi mula mereke diarani Gillette.
Rafflesia
9)     Rizki pingin kembang rafflesia.
Tembung Raflesia yaiku sawijine jenis kembang kang ana Indonesia. Tembung rafflesia kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung Rafflesia  asale saka jenenge pawongan kang nemokake yaiku Rafflesia Arnoldii saka Inggris. Rafflesia ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging tetuwuhan kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune kuwi mula kembange diarani rafflesia.
Kawasaki
10)   sepedha Kawasaki mau nabrak wit.
Tembung Kawasaki  yaiku nduweni teges sawijine merek sepedha montor saka Jepang. Tembung kawasaki kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung kawasaki  asale saka jeneng pawongan kang nemokake yaiku Shozo Kawasaki saka Jepang ing taun 1906. Kawasaki ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune mula jenenge panemu dinggo merek sepedha montor, yaiku diarani kawasaki.
Mujair
11)   Azis mau mancing oleh iwak mujair.
Tembung mujair yaiku nduweni teges sawijine arane iwak. Tembung mujair kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa panemune. Tembung mujair asale saka jeneng pawongan kang nemokake yaiku Pak Moedjair. Mujair ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang ditemokake. Kanggo ngurmati panemune  mula jenenge panemu dinggo jeneng sawijine arane iwak yaiku mujair.
Bakso Sidol
12)   Arif mau bar tuku bakso Sidol.
Gatra  bakso Sidol yaiku nduweni teges sawijine pangganan sing ana penthole, tahune lan ana duduhe. Tembung bakso Sidol kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane. Gatra sidol asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka yaiku H.Sidol. H. Sidol kang dimaksud kuwi dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang sing didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula baksone kuwi diarani bakso Sidol.
Pithek Wak Soleh
13)   Rek bukane pasa ayo ning pithek Wak Soleh?
Gatra  pithek Wak Soleh yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol pithek bakar ana dhaerah pasuruan kang rameh banget. Tembung pithek Wak Soleh kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane. Gatra  pithek Wak Soleh asale saka jenenge pawongan sing adol utawa sing ngrembaka yaiku H.soleh saka Pandaan, Pasuruan. Wak sholeh ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan anaging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka utawa sing adol mula warung pitheke mau diarani pithek wak soleh.
Soto Pak Sadi
14)   Andi menawa dolan ning Surabaya mampira ning soto Pak Sadi.
Gatra  soto pak sadi yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol soto sing ana dhaerah Ambengan, Surabaya. Tembung soto Pak Sadi kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane. Gatra soto Pak Sadi asale saka jenenge pawongan sing adol utawa sing ngrembaka soto yaiku Pak Sadi. Pak sadi ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka utawa sing adol mula warung soto mau diarani soto Pak Sadi.
Bakso Pak Kus
15)   Bakso Pak Kus kuwi pancen wenak!
Gatra bakso Pak Kus yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol. Tembung bakso Pak Kus kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane. Gatra bakso Pak Kus asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka yaiku Pak Kus. pak Kus ing kene kang dimaksud dudu jeneng sawijine pawongan nanging sing adol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula baksone diarani bakso Pak Kus.
Pecel Hj. Boeyatin
16)   Bengi-bengi ngene iki enake tuku pecele hj. Boeyatin.
Gatra pecel hj. Boeyatin yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol pecel. Tembung pecel hj.Boeyatin kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane. Gatra pecel hj.Boeyatin asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka yaiku hj.Boeyatin. Hj. Boeyatin ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan anaging barang kang didol. kanggo ngurmati sing ngrembaka mula pecele  diarani pecel hj.Boeyatin.


Bebek Sayeki
17)   Bebek Sayeki kuwi regane murah tur enak!
Gatra  bebek Sayeki yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol bebek penyet. Tembung bebek Sayeki kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane. Gatra bebek Sayeki  asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka yaiku Sayeki. Sayeki ing kene kang dimaksud kuwi dudu jenenge sawijine pawongan anaging barang kang didol. kanggo ngurmati sing ngrembaka mula warunge kuwi diarani bebek sayeki.
Soto Wawan
18)   Soto Madura Wawan beda karo soto sing liyane.
Gatra soto Madura Wawan yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol soto sing ana dhaerah Surabaya. Tembung soto Wawan kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane. Gatra soto Madura Wawan  asale saka jenenge pawongan sing adol utawa sing ngrembaka soto yaiku Wawan. Wawan  ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka utawa sing adol mula, warung soto mau diarani soto Madura Wawan.
Rujak cingur Asmuni
19)    Udan-udan ngene iki enake mangan rujak cingur Asmuni.
Gatra  rujak cingur Asmuni yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol rujak cingur sing ana Jl. Raya Jati Pasar, Surabaya. Tembung rujak cingur Asmuni kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni gegayutan karo jeneng pangrembakane. Gatra rujak cingur Asmuni asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka rujak cingur yaiku Asmuni. Asmuni ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula, warung rujak cingur  diarani rujak cingur Asmuni.
Sate klapa Ibu Asih
20)    Jaki ayo tuku sate klapa Ibu Asih?
Gatra  sate klapa Ibu Asih yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol sate klapa sing ana Jl. Walikota Mustajab, Gubeng, Surabaya. Tembung sate klapa Ibu Asih kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni gegayutan karo jeneng pangrembakane. Gatra  sate klapa Ibu Asih asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka sate klapa yaiku Ibu Asih. Ibu Asih ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan anaging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula warung sate klapa  diarani sate klapa Ibu Asih.
Lontong balap Pak Cipto


21)      Arif, awakmu gak tau mangan lontong balape Pak Cipto, wenak lo !
Gatra  lontong balap Pak Cipto nduweni teges sawijine warung sing adol lontong balap sing ana Jl. Gubeng Kartajaya Raya, Surabaya. Gatra  lontong balap Pak Cipto kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni gegayutan karo jeneng pangrembakane. Tembung lontong balap Pak Cipto asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka sate klapa yaiku Pak Cipto. Pak Cipto ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula warung lontong balap  diarani lontong balap Pak Cipto.
Jus Farid.
22)      Andre bar kuliah ayo tuku jus Farid.
Gatra  jus Farid nduweni teges sawijine warung sing adol jus sing ana dhaerah Lidah Wetan, Surabaya. Tembung jus Farid kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni gegayutan karo jeneng pangrembakane. Gatra  jus Farid asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka jus yaiku Farid. Farid ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan anaging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula warung jus diarani jus Farid.
Kopi Wak Pik.
23)    Ayo dolan nang kopi Wak Pik.
Gatra  kopi Wak Pik nduweni teges sawijine warung sing adol kopi sing ana dhaerah  Sidoarjo. Tembung kopi Wak Pik kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni gegayutan karo jeneng pangrembakane. Gatra  kopi Wak Pik  asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka kopi yaiku Wak Pik. Wak Pi king kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula warung kopi  diarani kopi Wak Pik.
Cak Durhasim
24)    Arep nangdi cak, arep nang Cak Durhasim ta?
Tembung Cak Durhasim nduweni teges sawijine gedhung utawa panggonan sing biyasane dinggo pagelaran kesenian dhaerah Surabaya.. Tembung Cak Durhasim kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangrembakane.  Tembung Cak Durhasim iki asale saka jeneng pawongan sing dadi seniman ana dhaerah Surabaya yaiku Cak Durhasim. Kanggo ngurmati Cak Durhasim  mula sawijene gedhung sing ana Surabaya diarani gedhung Cak Durhasim.
Kopi cak mat
25)   Ayo melu aku nang  kopi cak mat.
Gatra kopi cak mat yaiku nduweni teges sawijine warung sing adol kopi ana dhaerah Lidah Wetan, Surabaya. gatra kopi Cak mat kalebu sesambungan teges metonimi logikal amarga nduweni gegayutan karo jeneng pangrembakane. Gatra kopi Cak Mat asale saka jeneng pawongan sing adol utawa sing ngrembaka kopi yaiku Cak Mat. Cak Mat ing kene kang dimaksud dudu jenenge sawijine pawongan nanging barang kang didol. Kanggo ngurmati sing ngrembaka mula warung kopi diarani kopi Cak Mat.
Pamerange sesambungan awujud logikal bisa diperang dadi loro, yaiku arane barang amerga wong kang nemokake lan arane barang amerga wong kang ngrebakake.
Dhata 2. metonimi logikal arane barang amerga wong kang nemokake
No
Metonimi
Kang nemokake
Kang ngrembakake
1
Suzuki
+
-
2
Honda
+
-
3
Rafflesia
+
-
4
Diesel
+
-
5
Slendro
+
-
6
Levis
+
-
7
Gillette
+
-
8
Kawasaki
+
-
9
Adidas
+
-
10
Mukibat
+
-
11
Mujair
+
-
Saka tabel ana nhuwur iki kalebu pamerangan arane barang amerga wong kang nemokake. Kabeh iki dinggo alat manungsa gawe gampangne pakaryane wong.
Dhata 3. Metonimi Logikal wong kang ngrembakake
No
Metonimi
Kang nemokake
Kang ngrembakake
1
Dr, Soetomo
-
+
2
bakso sidol
-
+
3
pithek wak soleh
-
+
4
soto ambengan pak sadi
-
+
5
bakso pak kus
-
+
6
pecel  hj. Boeyatin
-
+
7
bebek ayam sayeki
-
+
8
soto Madura wawan
-
+
9
cak Durhasim
-
+
10
rujak cingur Asmuni
-
+
11
sate klapa Ibu Asih
-
+
12
lontong balap Pak Cipto
-
+
13
jus Farid
-
+
14
kopi Mak Pik
-
+

C. Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen metonimi awujud logikal ing basa Jawa kedadeyan amarga nduweni sesambungan karo jeneng pangriptane utawa jeneng sing ngrembakake barang. Mula saka kuwi mau jeneng pangriptane utawa jeneng pangrembakane dinggo jeneng panemuane utawa sing ngrembakake kanggo ngurmati wong sing nemokake barang utawa panggon kasebut.
Banjur metonimi logikal ing basa Jawa kuwi bisa diperang dadi loro yaiku arane  barang amerga wong kang nemokake lan arane barang amerga wong kang ngrembaka. Titikane yaiku sesambungane tegese adhedhasar sipat asosiatif lan panganggone kanthi cara figuratif, Nduweni sesambungan karo jeneng utawa pangriptane, awujud tembung aran, lan tembung-tembunge wis lumrah dinggo  masyarakat jawa.

KAPUSTAKAN
Djayasudarma, Fatimah. 2009. Semantik 1 Makna Leksikal dan Gramatikal. Bandung: PT.Refika Adifaka

Kridalaksana, Harimurti. 2011. Kamus Linguistik (edisi 4). Jakarta: Gramedia Pustaka Utama

Padmosoekotjo,S. 1956. Sarine Basa Jawa. Jakarta: Kolff

Parera, J.D. 2004. Teori Semantik. Jakarta:  Eirlangga

Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal (edisi kedua). Jakarta: Rineka Cipta

Tarigan, Henry Guntur. 1985. Penganjar Sematik. Bandung: Angkasa Anggota IKAPI

Ullman, Stephen. 2009. Semanties An Introduction to the Science of Meaning (diadoptasi dening Sumarsono). Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Wijana, I Dewa Putu.2011. Semantik: Teori lan Analisise. Surakarta: Yuma Pustaka