Contoh Kritik Sastra Konflik Batin



KONFLIK  BATIN SAJRONE CERBUNG KINOSEK ING LINDHU  ANGGITANE SURYADI WS
Dening : Miftahudin
Mahasiswa Jurusan B. Daerah UNESA


1.    Purwaka
Kabeh manungsa urip ing donya iki tansah nduweni konflik. Konflik-konflike maneka warna wujude  ana konflik batin, uga ana konflik sosial. Maneka warna jalaran sing bisa nuwuhake konflik-konflik kasebut tansah dadi ayang-ayang uripe manungsa saengga ndadekake manungsa mikir kepriye bisa ngendha saka jalaran-jalaran konflik iku sarta saumpama aweh konflik dheweke mikir kepriye supaya enggal-enggal ngrampungi konflik-konflik kang ditandang kasebut.
 Samubarang kang bisa njalari tuwuhe konflik maneka werna, kaya dene anane prastawa lindhu kang ngrusak bandha donya  lan mateni pira-pira kulawarga  sarta pawongan kang ditresnani. Ilange bandha donya lan matine kulawarga sarta pawongan kang ditresnani iku bisa nuwuhake konfik sosial nanging akeh-akehe nuwuhake konflik batin. Konflik batin saka ilange bandha donya kang diduweni lan matine kulawarga sarta pawongan kang ditresnani jalaran lindhu uga bisa nuwuhake konflik batin kang banget amarga saben manungsa mesthi susah lan sedhih anggone ilange bandha donya kang wiwit sithik banjur dadi akeh banjur dumadakan  ilang satleraman, apa maneh ndadekakake matine salah sijine kulawarga lan pawongan kang ditresnani. Kedadeyan kaya mangkono kuwi pancen ora bisa dikira-kirakake, mula manungsa mung saderma nglakoni lan tansah nduweni pangrasa lan pamikir  kang antheng lan kuwat, jalaran akeh pawongan  kang nglakoni pacoban urip kaya mangkono, malah  kepara ndadekake dheweke ora sadhar banjur nglakoni panggaweyan  kang ora becik.
Prekara kang njalari konflik saliyane ilange bandha donya lan matine kulawarga sarta pawongan kang ditresnani yaiku prekara katresnan. Prekara katresnan sejatine bisa nuwuhake konflik sosial, nanging akeh-akehe nuwuhake konflik batin. Katresnan nganti sepprene ora bisa uwal saka uripe manungsa. Saben manungsa mesthi nduweni rasa tresna lan nresnani, amarga rasa  iki wis dadi titahe saben manungsa. Rasa tresna lan nresnani iki kang dadi punjere prekara katresnan saengga bisa nuwuhake konflik batin.
Katresnan  bisa nuwuhake konflik batin yen  katresnan durung  bisa manunggal. Ora bisa nekakake rasa tresna marang wong sing ditresnani mujudake prekara kang banget anggone nyiksa ati. Apamaneh yen banjur ngerteni wong sing ditresnani wis nduwe pasangan lan pasangane iku bakal diwengku dadi sisihane sacara resmi lan sah. Sakabehe kuwi nuwuhake konflik batin kang banget ndadekake ati tansah nelangsa lan bingung. Nelangsa jalaran  rasa tresnane pranyata ora bisa manunggal lan bingung ngilangake rasa tresna marang pawongaan kang ditresnani.
Prekara katresnan kang ora bisa manunggal  lan  pacoban  urip kang ngilangake bandha donya lan matine kulawarga sarta pawongan kang ditresnani kasebut mujudake konflik batin kang gegayuhan karo pangrasane manungsa. Miturut Agus Sujanto dkk (2006: 12) Konflik batin  minangka salah sijine kelakuwan kang banget asring dilakokake kang lelawanan karo swara batin, sajrone urip kanthi sadar, lelawanan kasebut kang nyebabake  pecahe pribadhine pawongan, saengga ing jero asring dirasakake konflik-konflik jiwa kang dilakoni marang pawongan.
Cerbung asesirah kinoshek ing lindhu anggitane Suryadi  WS kang kapacak ing majalah Jayabaya  iki onjo ing perangan konflik batin, yaiku konflik batin kang ditandang dening paraga-paraga utamane, ing antara liya paraga Rani, paraga Seta, lan paraga Sadana kang nglakoni konflik batun sawise anane lindhu. Konflik batin kang ditandang saben paraga beda-beda. Paraga Rani kang kelangan bandha donyane sarta matine Seta, ibune lan adhine nuwuhake knflik batin kang banget apa saengga ndadekake dheweke nelangsa. Sanajan akhire dheweke ditulung Sadana lan tuwuh rasa tresna marang Sadana nanging isih ndadekake tuwuhe konflik batin marang dheweke amarga paraga Sadana minangka isih jaka lan dheweke wis randha saenga nuwuhake konflik batin marang dheweke apa maneh paraga Sadana arep diwengku karo wong wadon liya. Dene konflik batin kang ditandang dening paraga Seta yaiku awujud rasa  sedhih lan rasa kuwatir. Rasa sedhih amarga ibune kang seda lan kuwatir amarga ketampa apa orane lamarane marang ibune Rani. Dene konflik kang ditandang Sadana yaiku rasa sedhihe amarga sedane Seta lan ibuke banjur rasa kang isih bingung minangka arep wengku Rani dadi garwane.
  Konflik batin sajrone cerbung iki narik kawigaten jalaran konflik batin kang ditandang dening paraga-paragane mujudake konflik kang wus lumrah kedadean ing panguripan nyata. Senajan lumrah, nanging anane cerbung iki ditintingi kanthi tintingan struktural jalaran konflik batin mujudake sawijine perangan alur.
2.    Landhesane Teori
2.1 Cerbung
            Cerbung salah sijine crita carangan kang kapacak ana ing pirang-pirang majalah, dadi ora mung sepisan wae, nanging pirang-pirang majalah utawa medhia masa. Critane sambung-sinambung kanthi pirang-pirang episode. Crita sambung uga luwih kompleks tinimbang cerkak.
            Suripan Sadi Hutomo ngendhika yen crita sambung minangka kawitane ngrembakane novel Jawa modern kang kapacak ing pira-pira majalah. Adhedhasar andharan kuwi bisa diweruhi yen crita sambung ana gandheng rakete karo ngrembakane novel Jawa modern, crita sambung uga nduweni peran kang wigati aiku dadi sarana lan prasarana kanggo karya sastra Jawa sing didadekake obek panliten teka saiki (Suripan Sadi Hutomo, 1987:5)
2.2 Pamarekan Struktural
            Cerbung kinosek ing lindhu iki nggunakake pamarekan struktural. Pamarekan struktural asring sinebut pamarekan obyektif, pamarekan formal, utawa pamarekan analitik, kang lelawanan saka asumsi en karya sastra dadi karya kreatif kang otonom. Saengga saumpama arep ditliti kudu sikaji uga unsur pambangune karya kuwi yaiku kaya tema, alur, latar, panokohan, lan aspek-aspek sing ndadekake karya sastra (Atar Semi, 1996:67)
Ratna (2011:21) ngandharake yen sajrone tintingan struktural, bisa dititiki: (1) karya sastra minangka modhel tulisan kang kasusun saka maneka unsur kang diatur dening paugeran sastra, lan (2)  anane faktor paugeran unsur kang ngasilake efek kasusastran tanpa nengenake kanyatan sajabane sistem struktur.
Nurgiyantoro (2007:124) ngandharake yen tintingan struktural nduweni tujuwan kanggo njlentrehake kanthi setiti fungsi lan gegayutan antarane maneka unsur karya sastra. Tintingan struktural nduweni tujuwan kanggo nuduhake gegayutan antarane unsur-unsur kasebut sarta tujuwan kaendahan.
            Analisi struktural minangka tingkat kawitan ing panliten sajrone karya sastra. Tingkat iki angel diilangake, amarga analisis struktural minangka gerbang kang utama kanggo meruhi unsur-unsur kang dadi pambangune. Kita bisa meruhi jrone karya sastra kanthi cara nggoleki njabane dhisik. Dhasarae analisis struktural nduweni tujuwan kanggo njlentrehake kanthi tliti lan sajero-jerone sesambungane saben-saben unsur karya sastra saengga ngasilake makna kang sampurna (Sangidu,2004:15)
Pradopo sajrone Suwondo (2012:69) ngandharake yen sing dadi konsep dhasar tintingan struktural yaiku anane pamawas yen sajrone karya sastra mujudake sawijine struktur kang otonom sing bisa dingerteni minangka sawijine kesatuan kang nyawiji karo unsur-unsur pamangune karya sastra kang gegayutan antara siji lan sijine. Tintingan struktural bisa ditintingi  kanthi cara nengenake unsur intrinsik karya sastra, tanpa nengenake sejarah lan niate pangripta nalika nulis sawijine karya sastra, utawa bisa diarani yen ora nengenake unsur ekstrinsik karya sastra
2.3 Konflik Batin
            Konflik Batin minangka perangan alur. Alur minangka urutan saka dalane crita kang nyritakake crita saka wiwitan dalane crita teka pungkasane crita. Miturute Herman J.Waluyo (2002:9) alur minangka krangka crita saka wiwitan teka pungkasane crita kang dadi urutane konflik antarane rong paraga. Banjur, Miturute Panuti Sujiman (1993:29) yaiku alur minangka salah sijine plot srita kang umume nyritakake crita kang nuju ing klimaks konflik lan dipungkasi karo pungkasan kang logis.
            Alur uga diarani plot. Plot minangka unsur fiksi kang wigati ing karya sastra awujud prosa. (Sugihastuti,2002:37) nduweni panemu yen tahapan plot iku diperang dadi lima. Kalima iku yaiku tahap situation, tahap generating circumstantes, tahap rising action, climax, lan denouement. Perangan-perangan kuwi kang lumrahe ana ing saben karya sastra.
            Plot minangka kedadeyan saka prastawa ing crita. Plot minangka crita kang nduweni urutan kedadeyan, nanging saben kedadeyan iku digayutake karo sabab lan akibate, prastawa siji disababake utawa nyebabake anane prastawa liyane (Nurgiyantoro, 2007:13)
Alure Karya sastra kawangun amarga anane konflik eksternal lan internal  kang dialami paraga. Konflik  eksternal tuwuh amarga prastawa-prastawa kang ngemu pertentangan ing sakupenge, lumantar pawongan liya, kahanan sosial utawa kahanan alam (Nurgiyantoro, 2007:122). Konflik internal  utawa konflik batin  mujudake konflik kang dirasakake dening atine dhewe yaiku  rasa mangkel lan nduwe salah sing gedhe (Nurgiyantoro, 2007:124). Konflik batin minangka salah sijine kelakuwan kang banget asring dilakokake kang lelawanan karo swara batin, sajrone urip kanthi sadar, lelawanan kasebut kang nyebabake  pecahe pribadhine pawongan, saengga ing jero asring dirasakake konflik-konflik jiwa (Agus Sujanto dkk, 2006: 12).
Miturut Nurgiyantoro (2007:124) Konflik kaperang dadi rong perangan, yaiku konflik eksternal lan konflik internal. Konflik eksternal yaiku konflik kang dumadi ing sawijine pawongan kang disebabake kahanan sajabane pawongan iku. Bisa awujud lingkungan alam utawa lingkungan sosial. Konflik eksternal banjur kaperang maneh dadi konflik fisik (konflik elemental) lan konflik sosial. Konflik fisik yaiku konflik kang disebabake anane tabrakan antarane paraga karo lingkungan alam. Konflik sosial yaiku konflik kang disebabake jalaran anane sesambungane paraga karo lingkungan manungsa. Dene konflik internal (konflik jiwa) yaiku konflik kang dumadi ing ati, utawa ing jiwane saben-saben manungsa.
Saka andharan  ing dhuwur mula bisa diweruhi yen konflik batin uga diarani konflik internal. Konflik batin mujudake konflik jiwa utawa konflik kang dumadi amarga anane tabrakan rong kepenginan sajrone batin, nanging ora uwal karo anane kahanan ing lingkungan njaba. Anane rong pilihan utawa rong kapenginan iki jalaran ana kang nyebabake, kang ora liya yaiku amarga anane konflik eksternal kang arupa konflik fisik lan konflik sosial. Mula konflik batin tansah sesambungan karo konflik eksternal.

3.    Andharan:
   Bab andharan ing tulisan iki bakal ngandharake ngenani kaidah alur lan klonflik-konflik  batine paraga sajrone cerbung. Andharan iku bakal dijlentrehake kanthi urut yaiku kapisan njlentrehake ngenani kaidah alur, banjur  kapindho ngandharake perangan-perangan konflik batin paraga kanthi ngandharake sababe konflik lan pungkasane konflik. Perangan-perangan iku bakal dijlentrehke siji blaka siji ana ing ngisor iki.
3.1 Konflik-Konflik Batin Paraga Sajrone Cerkak “Kinosek ing Lindhu”
Konflik batin minangka unsur esensial sajrone cerkak iki. Konflik batin dhewe nduweni teges yaiku mujudake konflik kang dirasakake dening atine dhewe. Apa kang nyebabake ora diblakake maring paraga liya. Wujud anane konflik batin anane rasa mangkel lan salah kang gedhe. Konflik bisa kedadeyan antarane manungsa karo manungsa utawa  mahluk liyane kaya kewan lan wit-witan, bisa uga karo alam sakupenge (Nurgiyantoro, 2007:124).  Andharan iku bisa menehi kawruh yen anane konflik iku mesthi ana sababe utawa lantarane kang ndadekake tuwuhe konflik.
Konflik-konflik batin paraga ing  kene diperang  dadi telu yaiku konflik batine Seta Aji, Rani Pratiwi, lan  Sri Sadana. Saben paraga nduweni konflik-konfli batin kang beda-beda. Konflik-konflik batine paraga Seta, Rani, lan Sadana  iku bakal diandharake siji-blaka siji ing ngisor iki.
3.2.1 Konflik-konflik batine Seta
            Konflik batine Seta  ing  kene diperang  dadi loro kanthi diandharake sabab kang  ndadekake tuwuhe konflik. Perangan-perangan konflik batine yaiku rasa kuwatire Seta   amarga lamarane disarujuki apa ora karo wong tuwane Rani  lan  rasa sedhih  amarga  ibuke seda. Perangan-perangan kuwi bakal diandharake siji blaka siji ing ngisor iki kanthi ngandharake peleraiyane konflik.
3.2.1.1 Rasa Kuwatire Seta Amarga Lamarane Disarujuki Apa Ora Karo Wong Tuwane Rani
Rasa kuwatir minangka salah sijine aspek psikologi kang diduweni saben pawongan. Rasa iki kang tuwuh saka anane kekarepane bisa kasil apa orane. Rasa iki uga bisa sirna yen kekarepane bisa kasil. Rasa iki kang  dadi konflik batin  paraga Seta nalikane nglamar Rani.
Perkara kang njalari rasa kuwatire Seta iki amarga lamarane marang Rani sing durung tamtu disarujuki karo wong tuwane. Rasa kuwatir iki kang ndadekake Seta bingung, mula dheweke age-age anggone marani menyang wong tuwane Rani supaya kekarepane bisa enggal kasembadan. Andharan kaya  mangkono bisa diweruhi saka pethikan ing ngisor iki.
Aku iki pribadi saguh lan ora ana masalah, Mas. Nanging aku iki anak wadon mung siji lan ora kepengin gawe kuciwa atine wong tuwaku. Mula prayogane Mas Seta aji dak ajak menyang desaku. Ketemuwa karo wong tuwaku. Yen wong tuwaku nyetujoni, ora sesuk, ora sore, aku saguh dadi garwamu . suspens.

“Aku ngerti Dhik. Yen ngono, ora kesuwen, sesuk sore aku lan kowe mangkat, numpak sepur malam jurusan Yogya.” Ucape Seta karo ndelikake rasa kuwatire. (JB, 48:2009, 22:4:2)
Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  kuwatire Seta  ngenani sarujuk apa orane wong tuwane Rani maranng dheweke lan ana kene nuduhake uga kaidah alur yaiku suspens kang tuwuh sajrone pamaca yaiku  rasa pengon weruh ngenani kepriye dheweke disarujuki apa orane. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa kuwatir antarane direstoni wong tuwane Rani apa ora, sajrone jagade nenikahan ing ngendi wae perkara pasarujukan lan restu saka wong tuwa iki wigati banget. Masyarakat Jawa umpamane yen wong tuwa arep ngrestoni anake  kanggo jejodhohan, wong tuwa kuwi kudu deleng sisihane anake kuwi yaiku ngenani bibit, bobot, lan bebet uga kudu dipetung wetoni, lsp, perkara pasarujukan ing masyarakat Jawa iki minangka unsur latar kang ana sajrone cerbung. Perkara-perkara kuwi kang ndadekake Seta kuwatir yen ana petungan-petungane wong tuwane sing ora cocog karo dheweke, kamangka Rani karo Seta kuwi padha-padha wong Jawa-ne.
Perkara kuwatir mau rada entheng amarga Rani wis nyarujuki yen gelem dadi bojone nanging ngenteni kasarujukane wong tuwane. Geleme Rani kuwi kang ndadekake Seta kuwat atine. Kuwat atine Seta uga dideleng saka kekarepane kang ngajak langsung menyang Yogya.    
Rasa kuwatire Seta wis ilang nalikane wis ana Yogya. Ing Yogya dheweke ditampa apik karo wong tuwane Rani lan ditampa lamarane, tanpa ana petungan-petungan werna-werna. Andharan kuwi bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.
Ya wis ora apa-apa. Nek pancen wis padha cocoge kowe karo Rani, aku wong tuwa ya mung magestoni. Lha terus rancanganmu mengko keprie? . (JB, 48:2009, 22:4:2)
Pethikan ing ndhuwur nuduhake yen ibune Rani nyarujuki lamarane Seta. Pasarujukan kuwi kang ndadekake rasa kuwatire Seta wis ilang lan dadi bungahe atine. Dheweke sadurunge wis mikir lan kuwatir yen ana paugeran-paugeran tartamtu kanggo kasile nglmar Rani yaiku petungan-petugane wong Jawa. Natane wong tuwane Rani ora nganggo petungan-petungan Jawa, malah wong tuwane langsung nyarujuki kanthi dhasar pokoke kalorone cocog wae. Kahanan kaya mangkene bisa dimangerteni yen bisa wae ibune Rani kuwi wis ora percaya karo petungan-petungan Jawa, lan nduweni teges yenb ibune Rani kuwi ora kolot.
Rasa kuwatire Seta iku dituwuhake saka kahanane masyarakat Jawa babagan petungan sajrone lamaran, saengga bisa ditolake lamarane. Dheweke bisa  ngilangi rasa kuwatire kanthi ati kang tenang lan madhep manteb yen anggone niyate becik kuwi mesthi bisa kasembadan. Sipat kang kaya mangkono iku nuduhake yen dheweke nduweni pamikiran kang  ora kolot. Rasa kuwat kuwi uga tuwuh saka geleme Rani anggone nampa lamarane, mula saka geleme Rani anggone nampa lamarane kang bisa ndadekake rasa kuwatire rada dilawan. Rasa kuwatire iku pungkasane ilang amarga lamarane ditampa dening wongtuwane Rani tanpa petungan apa-apa.
.
3.2.1.2 Rasa Sedhihe Seta  Amarga  Ibuke Seda
Rasa sedhih  minangka salah sijine aspek psikologi kang diduweni saben pawongan. Rasa iki kang tuwuh saka anane musibah kang dialami dening paraga sing ndadekake rasa susah lan ora gelem yen musibah iki dialami dening dheweke. Musibah-musibah iku kayata ilange salah sijine kulawargane, ilange bandhane,ilange wong kang sing ditresnani,lsp. Rasa iki uga bisa sirna yen kekarepane ana sing bisa dadi panglipur, menehi nasihat, lan nulung dheweke. Rasa iki kang dadi konflik batin paraga Seta sajrone cerbung kang disababake ibune seda ibune seda.
Perkara kang njalari rasa sedhihe Seta iki amarga ibuke seda amarga kambrukan omah sing diasababake ana lindhu. Rasa sedhih iki kang ndadekake Seta susah lan ora kepengin ana kedadeyan kaya mangkono, mula dheweke mbrebres eluhe, sanajan dheweke uga ngalami kasusahan sawise kambrukan omahe uga. Andharan kaya  mangkono bisa diweruhi saka pethikan ing ngisor iki.
Sapandurat Sadana ora kumecap. Mung gedheg-gedheg karo mripate kaca-kaca kekembang waspa. Sajake Seta Seta wis tanggap apa kang dumadi marang ibune. Eluhre mbleber dleweran ing pipine. (JB,52:2009, 22:4:3)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  sedhihe Seta  ngenani sedane ibuke,saeengga eluhe mbrebes. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa sedhih amarga ilange wong sing ditresnani yaiku ibune. Ora ana wong sing ora sedhih yen kelangan wong tuwane sing saben wektu tansah tresna marang dheweke.  Rasa sedhih iki kang dadi keranta-rantane atine Seta,saengga eluhe mbrebes mili. Apa maneh ibuke Seta iki minangka  siji-sijine wong sing diduweni sajrone urip, amarga bapake wis seda lan dheweke ora duwe dulur sapa-sapa kajaba Sadana kamangka Sadana kuwi mung adhi-adhinan, nanging Sadana wis dianggep dadi adhine dhewe. Sadana uga nganggep yen Seta kuwi minangka mase dhewe. Sesambungan kuwi kang ndadekake Sadana bisa ngandhani kangmase amrih kangmase tenang atine. Seta atine bisa tenang lan pungkasane ora sedhih maneh. Andharan iku bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.
“Mas Seeta kabeh lelakon saka kersane Gusdti kang Maha Kuwasa, ora ana sing bisa nduwa,. Bisane mung kudu nampani kanthi rila.”. (JB, 2:2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur minangka welinge lan nasihate Sadana marang Seta yen kudu nrima apa sing ditakdirake Gusti Allah. Nasihat kuwi kang ndadekake rasa kuwate Seta uga ayeme  atine. Dheweke nduweni rasa sedhih iku lumrah, nanging dheweke wis diwelinge adhine dhewe Sadana yen kudu tansah lila lan legawa apa sing ditakdirake Gusti. Seta pungkasane bisa kuwat lan bisa  ayem amarga dheweke uga isih nduweni adhi angkat kang becik marang dheweke. Sanajan rasa sedhih kuwi kang dadi konflik sajrone batin nanging bisa dileremake kanthi welinge lan panemangat saka adhine kuwi.
Rasa sedhihe Seta iku muinangka konflik batine  kang dituwuhake saka sedane ibune, saengga dheweke rumangsa kelangan banget,  rasa kuwi lumrah yen diduweni saben-saben pawongan nalika kelangan samubarang kang ditresnani. Dheweke bisa  ngilangi rasa sedhihe  kanthi ati kang tenang lan madhep manteb yen anggone kabeh kuwi wis dadi pepesten saka Gusti. Rasa kuwat kuwi uga tuwuh saka piwelinge Sadana lan panyemangate Sadana  anggone nggawe tenange atine Seta, mula saka piwelinge  Ssdana anggone nguuwatake atine Seta kang bisa ndadekake rasa sedhihe  Seta ilang.

3.2.2 Konflik-konflik batine Rani
            Konflik batine Rani ing  kene diperang  dadi telu kanthi diandharake sabab kang  ndadekake tuwuhe konflik. Perangan-perangan konflik batine yaiku rasa kuwatire  amarga mikirake kepriye kahanane ibune, adhine, lan bojone, rasa  sedhihe amarga kelangan ibu, adhi lan bojone sing seda, lan rasa cemburu amarga Sadana kang cedhak karo Ninuk.. Perangan-perangan kuwi bakal diandharake siji blaka siji ing ngisor iki kanthi ngandharake peleraiyane konflik.
3.2.1.1 Rasa Kuwatire Rani Amarga Mikirake Kepriye Kahanane Ibune, Adhine, Lan Bojone
Rasa kuwatir minangka salah sijine aspek psikologi kang diduweni saben pawongan. Rasa iki kang tuwuh saka anane kekarepan  antarane oleh kanugrahan utawa musibah. Rasa iki uga bisa sirna yen kekarepane bisa kasil antuk kianugrahan dudu musibah. Rasa iki kang  dadi konflik batin  paraga Rani nalikane ana lindhu kang nggoyag Yogya.
Perkara kang njalari rasa kuwatire Seta iki amarga rasa mikir kepriye kahanane ibu, adhine, lan bojone  saiki, sawise ana lindhu kang nggoyag Yogya. Rasa kuwatir iki kang ndadekake Rani bingung, mula dheweke age-age anggone golek warta kanthi ngebel handpone bojone, lan adhine, nanging ora bisa diubungi amarga jaringane pedhot, banjur dheweke age-age mulih menyang Yogya. Andharan kaya  mangkono bisa diweruhi saka pethikan ing ngisor iki.
Kepriye nasibe Mas Seta ing Klaten? Kepriye nasibe ibu lan Dhik Ranta ing Pundhong? Manut tayangan mau, Pundhong jare morak-marik, prasasat wis ora ana sing ngadfg. Wiwit awan nganti bengi iki mbuh wisa kaping pira dheweke mijeti hpne, nyoba sambung karo bojone utawa adhine, ning ora bisa. Jaringan telkom lan listrik padha rusak, nganti bengi iki durung bisa didandani, ngono siaran ing televisi bakda Isya mau.

Wengine terus lumaku kebak pikiran kang ngrerindu ati. Ning gandheng awak kesel lan ngantuk, wekasane banjur bisa turu . jroning turu kang ora bisa angler iku Rani oleh impen yrn ibune  mara menyang pondhokane arep pamit.

Gragap nglilir Rani dadi ora karu-karywan rasane. Banjur Rani mutusake, esuk iku kudu budhal mulih  menyang Bantul niliki kulawargane. Bubar subu langsung menyang stasiun, banjur melu numpak sepur jurusan Yogya (JB, 03-04:2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  kuwatire Rani  ngenani marang kulawargane saengga bisa kegawa impen. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa kuwatir antarane kepriye kahanane ibuke isih waras , seda utawa isih sugeng sawise kedadean lindhu iku, sajrone jagade kulawarga  ing ngendi wae perkara  anak karo wong tuwa wigati banget lan nduweni rasa kang kuwat  asihe antarane wong tuwa marang anake, Saengga saumpama ana apa-apa antarane wong tuwa apa anak mesthi nduweni rasa kuwatir apa maneh en ing desane kulawargane Rani ana lindhu, mula wis mesthi yen ndadekake kuawatir atine marang keslametane ibune, adhine lan bojone. Perkara-perkara kuwi kang ndadekake Rani  kuwatir.
Perkara kuwatir mau kang ndadekake Sari nekad mulih menyang ogya. Mulihe Rani kuwi kanggo mesthekake kepriye kahanane kulawargane lan kepriye nasibe kulawargane. Mulihe Rani kuwi kang diajab dadi ilange rasa kuwatire marang kulawargane.   
Rasa kuwatire Rani  wis rada ilang nalikane wis ana Yogya. Ing Yogya dheweke ngerti kahanane ibuke lan adhine kepriye. Kahanane ibune lan adhine kuwi diweruhi saka paklike.  Andharan kuwi bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.
...”Ibumu seda bareng adhimu. Sing kuwat atimu,Nak. Bulikmu uga mati.” (JB, 03-04 :2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake yen ibune Rani lan adhine Rani wis seda  saengga wis rada ilang kuwatire lan penasarane amarga wis ngerti en wis ora ana kang dikuwatirake maneh.  Rasa amarga wis ora ana sing dikuwatiake maneh kuwi kang ndadekake rasa kuwatire Rani rada ilang. Rasa kuwi isih ana ing jrone atine Rani yen ngelingi bojone amarga durung ngerti pawartane.
Rasa kuwatire Rani menyang bojone kuwi digambarake ana ing  pethikan nalika dheweke ngelingi bojone. Dheweke kelingan bojone nalika lungguh ing latar omahe. Andharan kuwi bisa dideleng ing pethikan ngisor iki.
Anggene banjur nglambrang menyang Klaten, kelingan bojone, tanpa dingerteni kepriye nasibe bojone iku wanci iki.apa isih urip apa isih bagas waras........ (JB, 01:2009, 22:4:2)

Pethikan ing dhuwur nuduhake kepriye dheweke isih nguwatirake bojone. Dheweke penasaran nasibe bojone isih waras apa ora. Perkara kuwi kang isih gumantung sajrone atine saben dinane. Rasa kuwatir lan penasaran kuwi bisa ilang nalikan dheweke wis weruh keprie kabare bojone saka Pak Sukadi. Andharan iki bisa dideleng ing pethikan ngisor iki.
“Bojomu wis tinggal donya. Kojahe Kadi karo nyawang Rani. Bareng weruh yen Rani katon tenang, diterusake ,”nalika lindhu kae omahe ambruk. Ibune mati let sedina Seta nuruti ora ana, ing rumah sakit.

   Pethikan ing ndhuwur minangka warta saka Pak Skadi sing dadi kancane Seta lan Rani ing Jakarta. Dheweke ngabari yen Seta wis ninggal donya. Warta kuwi kang dadi ilange rasa kuwatire Rani. Ilange kuwatirane Rani kuwi amarga wis ora ana kang perlu dikuwatirake maneh jalaran Mas Seta wis seda.
Rasa kuwatire Rani iku muinangka konflik batin kang dituwuhake saka kahanane pawongan kang nduweni rasa prihatin lan penasaran ngenani nasibe wong lia utawa dheweke. Dheweke bisa  ngilangi rasa kuwatire kanthi miir lan weruh yen wis ora ana sing dikuawatirake maneh amarga kabeh sing dikuwatirake wis padha seda. Sipat kang kaya mangkono iku nuduhake yen dheweke nduweni ati kang  kuwat. Rasa kuwatire iku pungkasane ilang amarga Rani wis weruh kabeh kahananane ibu, adhine lan bojone.

3.2.2.2 Rasa Sedhihe Rani  Amarga  Ibuke,Adhine lan Bojone Seda
Rasa sedhih  minangka salah sijine aspek psikologi kang diduweni saben pawongan. Rasa iki kang tuwuh saka anane musibah kang dialami dening paraga sing ndadekake rasa susah lan ora gelem yen musibah iki dialami dening dheweke. Musibah-musibah iku kayata ilange salah sijine kulawargane, ilange bandhane,ilange wong kang sing ditresnani,lsp. Rasa iki uga bisa sirna yen atine pancen kuwat, uga  ana sing bisa dadi panglipur, menehi nasihat, lan nulung dheweke. Rasa iki kang dadi konflik batin paraga Rani sajrone cerbung kang disababake ibune seda ibune, adhine lan bojone seda.
Perkara kang njalari rasa sedhihe Seta iki amarga ibuke, adhine lan bojone  seda  amarga kambrukan omah sing diasababake ana lindhu. Rasa sedhih iki kang ndadekake Rani  susah lan ora kepengin ana kedadeyan kaya mangkono, mula dheweke mbrebres eluhe. Andharan kaya  mangkono bisa diweruhi saka pethikan ing ngisor iki.
...”Ibumu seda bareng adhimu. Sing kuwat atimu,Nak. Bulikmu uga mati.”

Rani lemes lan nangis. Nanging atine pancen wis disawegake kanggo nampa kabar sing saelek-eleke. Tetela dheweke rada kuwat nahan rasa nggrantese. (JB, 03-0 :2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  sedhihe Rani  ngenani sedane ibuke,saeengga awake lemes. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa sedhih amarga ilange wong sing ditresnani yaiku ibune lan adhine. Ora ana wong sing ora sedhih yen kelangan wong tuwane sing saben wektu tansah tresna marang dheweke.  Rasa sedhih iki kang dadi keranta-rantane atine Rani, saengga dheweke lemes. Apa maneh ibuke Rani lan adhine iki minangka  siji-sijine wong sing diduweni sajrone urip, amarga bapake wis seda lan dheweke ora duwe dulur sapa-sapa kajaba Seta sing dadi bojone naging ora weruh parane.  Atine Rani amarga wis kuwat lan siyaga anggone nampa warta saelek-eleke mula dheweke bisa mrantasi rasa sedhih mau. Kuwate Rani kuwi pancen disababake dheweke wis digembleng pacoban urip kang makaping-kaping nanging dheweke tetep sabar wae.
Rasa sedhih iki uga dialami nalikane weruh yen bojone wis seda iga. Weruhe nalika dikandhani karo Kadi. Andharan kuwi kaya pethikan ngisor iki.
“Bojomu wis tinggal donya. Kojahe Kadi karo nyawang Rani. Bareng weruh yen Rani katon tenang, diterusake ,”nalika lindhu kae omahe ambruk. Ibune mati let sedina Seta nuruti ora ana, ing rumah sakit.

Rani mbrabak mripate...... (JB, 12:2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  sedhihe Rani  ngenani sedane bojone,saeengga mbrabak mripate. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa sedhih amarga ilange wong sing ditresnani yaiku bojone. Ora ana wong sing ora sedhih yen kelangan bojone sing saben wektu tansah tresna marang dheweke.  Rasa sedhih iki kang dadi keranta-rantane atine Rani, saengga mbrebes eluhe. Apa maneh ibuke Rani lan adhine uga seda, banjur Rani sing ngarepake Seta isih urip malah oleh warta yen bojone seda ndadekake dheweke sedhih banget. Atine Rani amarga wis kuwat lan siyaga anggone nampa warta saelek-eleke mula dheweke bisa mrantasi rasa sedhih mau. Kuwate Rani kuwi pancen disababake dheweke wis digembleng pacoban urip kang makaping-kaping nanging dheweke tetep sabar wae.
Rasa sedhihe Rani iku muinangka konflik batin kang dituwuhake saka sedane ibune,adhine lan Seta saengga dheweke rumangsa kelangan banget,  rasa kuwi lumrah yen diduweni saben-saben pawongan nalika kelangan samubarang kang ditresnani. Dheweke bisa  ngilangi rasa sedhihe  kanthi ati kang tenang lan madhep manteb yen anggone kabeh kuwi wis dadi pepesten saka Gusti. Sipat kang kaya mangkono iku nuduhake yen dheweke wis asring digembleng karo pacoban urip makaping-kaping. Rasa kuwat kuwi uga tuwuh saka wong sakupenge kang padha mbiyantu anggone nenangake atine.

3.2.2.3 Rasa Cemburune Rani  Amarga  Sadana cedhak karo Ninuk
Rasa cemburu   minangka salah sijine aspek psikologi kang diduweni saben pawongan. Rasa iki kang tuwuh saka anane pawongan liya kang seneng karo wong kang ditresnani marang dheweke.  Rasa iki uga bisa sirna yen wong kang ditresnani kuwi bisa dadi nggone dheweke sawutuhe.  Lumrahe rasa cemburu iki dialami sajrone jagade katresnane para maungsa.. Rasa iki kang dadi konflik batin paraga Rani sajrone cerbung kang disababake Sadana cedhak karo Ninuk.
Perkara kang njalari rasa cemburune  Rani  iki amarga Sadana kang cedhak karo Ninuk. Rasa cemburu iki kang ndadekake Rani  susah lan ora kepengin kelangan Sadana amarga dheweke nduweni rasa tresna marang Sadana.Rasa iki kang ndadekake Rani pekewuh yen cedhak marang Sadana saengga dheweke mutusake nyingkrihi Sadana. Andharan kaya  mangkono bisa diweruhi saka pethikan ing ngisor iki.
........Kepeksa aku bali menyang desaku, awit aku ora bakal kuwat weruh kowe runtang-runtung andon katresnan karo Ninuk...... (JB, 22:2010, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  cemburune  Rani  ngenani Sadana kang  cedhak karo Ninuk,saeengga Rani arep nyingkrihi Sadana lan bali menyang desane. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa cemburu  amarga direbute wong sing ditresnani karo wong liya. Ora ana wong sing ora sedhih yen kelangan wong sing ditresnani malah diduweni wong liya..  Rasa cemburu  iki kang dadi keranta-rantane atine Rani, saengga dheweke arep nyingkrihi Sadana lan bali menyang desa. Rani ora kepengin ngganggu anggone Sadana lagi toba katresnan marang Ninuk saengga dheweke milih nyingkrihi Sadana lan bali menyang omah.
Rasa cemburu iku ilang sawise Rani oleh pilihan saka Sadana. Pilihan kuwi kang dipilih Rani yaiku pilihan kang ndadekake dheweke bisa dadi bojone Dana salawase. Andharan kuwi bisa dideleng ing pethikan ngisor iki.
Sadana nyawang Rani, kepringi tembunge,”Mbak, Anggana arep dakgawa ora oleh, kowde arep takpek bojo ora gelem, saiki cara angka telu. Aku wae peken bojo, Mbak.”

Rani nyawang Sadana karo mesem ngujiwat lan gelem ora gelem dheweke sarujuk. (JB, 23:2010, 22:4:2)


Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  senenge  Rani  ngenani dheweke arep dipekbojo karo Sadana.  Perkara iku wis lumrah yen ana rasa seneng amarga wong sing ditresnani saiki arep dadi duweke saengga dadi ilange rasa cemburu antarane Rani marang Sadana. Pethikan kuwi kang ndadekake pungkasane cerbung iki kanthi pungkasan kang mbungahake.
Rasa cemburu Rani iku muinangka aspek psikologine kang dituwuhake saka direbute Sadana dening Ninuk,  saengga dheweke rumangsa kelangan banget,  rasa kuwi lumrah yen diduweni saben-saben pawongan nalika kelangan samubarang kang ditresnani. Dheweke bisa  ngilangi rasa cemburu  kanthi ati kang tenang lan madhep manteb yen anggone kabeh kuwi wis dadi pepesten saka Gusti. Rasa kuwat kuwi uga tuwuh saka wong sakupenge kang padha mbiyantu anggone nenangake atine.

3.2.3 Konflik-konflik batine Sri Sadana
            Konflik batine Sadana  ing  kene diperang  dadi telu kanthi diandharake sabab kang  ndadekake tuwuhe konflik. Perangan-perangan konflik batine yaiku rasa  sedhihe amarga sedane Seta, uga rasa cemburu amarga Rani kang arep dipek bojo karo Gita. Perangan-perangan kuwi bakal diandharake siji blaka siji ing ngisor iki kanthi ngandharake peleraiyane konflik.
3.2.3.1 Rasa Sedhihe Sadana  Amarga  Seta seda
Rasa sedhih  minangka salah sijine aspek psikologi kang diduweni saben pawongan. Rasa iki kang tuwuh saka anane musibah kang dialami dening paraga sing ndadekake rasa susah lan ora gelem yen musibah iki dialami dening dheweke. Musibah-musibah iku kayata ilange salah sijine kulawargane, ilange bandhane,ilange wong kang sing ditresnani,lsp. Rasa iki uga bisa sirna yen atine pancen kuwat, uga  ana sing bisa dadi panglipur, menehi nasihat, lan nulung dheweke. Rasa iki kang dadi konflik batin paraga Sadana sajrone cerbung kang disababake Seta seda.
Perkara kang njalari rasa sedhihe Sadana iki amarga Seta seda. Rasa sedhih iki kang ndadekake Sadana susah, mula dheweke mbrebres eluhe. Andharan kaya  mangkono bisa diweruhi saka pethikan ing ngisor iki.
Khanti sareh dhokter Budi nerusake guneme, ?mitrane dhewe Seta Aji, wis katombalan maranag Gusti.”

Eluhe Sadana  mbrebel dleweran ing pipine .(JB, 03-04:2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  sedhihe Sadana  ngenani sedane Seta ,saeengga mbleber eluhe. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa sedhih amarga ilange wong sing ditresnani yaiku Seta minangka kangmas angkate. Ora ana wong sing ora sedhih yen kelangan wong tuwane sing saben wektu tansah tresna marang dheweke.  Rasa sedhih iki kang dadi keranta-rantane atine Sadana, saengga eluhe mbleber. Apa maneh Seta minangka  siji-sijine wong sing diduweni sajrone urip, amarga bapake lan ibune wis seda lan dheweke ora duwe dulur sapa-sapa kajaba Seta sing dadi kangmas angkate.
Rasa sedhihe Sadana ilang sawise oleh piweling saka Budi lan Mursid. Piweling iku kang ndadekake Sadana lila marang lungane Seta. Andharan iku bisa dideleng kanthi pethikan ing ngisor iki.
Lan nalika Sadana noleh, Mursid tutur, “Kabeh wis dadi kersane Gusti, Dana, ora sing bisa nduwa. Tatune Seta abot banget, sanadyan saka njaba katon wutuh.” (JB, 03-04:2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  sedhihe Sadana  ngenani sedane Seta. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa sedhih amarga ilange wong sing ditresnani yaiku Seta. Ilange rasa sedhihe Sadana sawise diwenehi piweling dening Mursid ing  ndhuwur.  
Rasa sedhihe Sadana iku muinangka konflik batin  kang dituwuhake saka sedane Seta saengga dheweke rumangsa kelangan banget,  rasa kuwi lumrah yen diduweni saben-saben pawongan nalika kelangan samubarang kang ditresnani. Dheweke bisa  ngilangi rasa sedhihe  kanthi ati kang tenang lan madhep manteb yen anggone kabeh kuwi wis dadi pepesten saka Gusti uga ana kancane sing nulungi Sadana supaya atine bisa lila anggone sedane Seta. Rasa kuwat kuwi uga tuwuh saka wong sakupenge kang padha mbiyantu anggone nenangake atine.

3.2.3.2 Rasa Cemburune Sadana  Amarga  Rani arep dipekbojo dening Gita
Rasa cemburu   minangka salah sijine aspek psikologi kang diduweni saben pawongan. Rasa iki kang tuwuh saka anane pawongan liya kang seneng karo wong kang ditresnani dening dheweke.  Rasa iki uga bisa sirna yen wong kang ditresnani kuwi bisa dadi nggone dheweke sawutuhe.  Lumrahe rasa cemburu iki dialami sajrone jagade katresnane para manungsa.. Rasa iki kang dadi konflik batin paraga Sadana sajrone cerbung kang disababake Rani arep dipekbojo karo Pak Gita.
Perkara kang njalari rasa cemburune Sadana iki amarga Rani kang arep dipekbojo dening Gita. Rasa cemburu iki kang ndadekake Sadana  susah lan ora kepengin kelangan Rani amarga dheweke nduweni rasa tresna marang Rani.Rasa iki kang ndadekake Sadana  mbatin supaya kepriye amrihe Rani ora karo Gita. Andharan kaya  mangkono bisa diweruhi saka pethikan ing ngisor iki.
Sepisan maneh batine Sadana grundelan dhewe: upama aku ora setuju, alesanku apa? Ning yen aku setuju, bakale aku kelangan Mbak Rani. (JB, 21:2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  rasa  cemburune  Sadana  ngenani Rani kang  arep dipekbojo dening Gita. Sadana dadi mbatin lan goleki cara supaya Rani ora sumandhing karo Gita. Perkara iku wis lumrah yen ana rasa cemburu  amarga direbute wong sing ditresnani karo wong liya. Ora ana wong sing ora sedhih yen kelangan wong sing ditresnani malah diduweni wong liya..  Rasa cemburu  iki kang dadi keranta-rantane atine Sadana, saengga dheweke arep ngomong yen aja milih Gita. Sadana akhire ngomong marang Rani supaya ora milih Gita. Pungkasane Rani nyarujuki saengga ilang rasa cemburu atine Sadana marang Rani. Andharan iki bisa dideleng ing pethikan ngisor iki.
...... “Yawis. Nek ngono dak tulakake wae.” (JB, 21:2009, 22:4:2)

Pethikan ing ndhuwur nuduhake  kepriye  panulake  Rani  ngenani dheweke ora gelem karo Gita kang diandharake marang Sadana.  Perkara iku kang ndadekake rasa cemburune Sadana ilang. Dheweke mula isih ana kasempatan kanggo nglamar Rani.
Rasa cemburu Sadana iku minangka aspek psikologine kang dituwuhake saka direbute Rani arep dipekbojo Gita,  saengga dheweke rumangsa kelangan banget,  rasa kuwi lumrah yen diduweni saben-saben pawongan nalika kelangan samubarang kang ditresnani. Dheweke bisa  ngilangi rasa cemburune kanthi upaya kepriye carane bisa ngolehake Rani. Upaa kuwi akhire kasil lan bisa ngolehake Rani ing pungkasane cerbung iki.
Rasa cemburu  iku dadi aspek psikologine saben wong sing ngrasa kelangan marang wong kang sing ditresnani amarga dipek karo wong liya. Kedadean  kaya mangkono kang ndadekake cemburune  saben pawongan. Rasa kuwi bisa ilang yen atine tetep sabar lan nrima uga ngupaya kepriye wong sing ditresnani iku akhire dadi duweke. Perkara kaya mangkono kang dilakoni dening paraga Sadana sajrone cerbung iki.

4.    Dudutan
            Cerbung iki nduweni amanat yen oleh pacoban urip kudu tamsah sabar lan nrima sarta tetep upaya. Sipat iku mau kang bakal dadi piwales kang apik ing sabanjure. Kaidah alur sajrone cerbung iki ana telu perangan yaiku suspens, foreshadeuwing, lan surprise. Konflik-konflik batine paraga sajrone cerbung iki diperang dadi telu yaiku konflik batine Seta arupa rasa kuwatir lan sedhih. Konflike Rani arupa sehih, kuwatir lan cemburu. Konflike Saadana arupa rasa sedhih lan cemburu.
KAPUSTAKAN
Agus Sujanto, dkk. 2006. Psikologi Kepribadian. Jakarta: Bumi Aksara.
Albertine Minderop. 2011. Psikologi Sastra: Karya Sastra, Teori, dan Contoh Kasus. Jakarta: Yayasan Pustaka Obor Indonesia.
Atar Semi. 2012. Metode Penelitian Sastra. Bandung: Angkasa.
Herman J. Waluyo. 2002. Pengkajian Sastra Rekaan. Salatiga: Widya Sari Press.
Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
Redaksi Jaya Baya, Majalah Jaya Baya. Minggu IV Oktober 2014. Surabaya : Redaksi PT Jayabaya Prabu Gendrayana.
Sangidu. 2004. Penelitian Sastra, Teori, Metode, Teknik dan kiat. Yogyakarta: UGM University Presss.
SugiHastuti. 2003.teori dan Apresiasi Sastra. Yogyakarta : Pustaka Pelajar.
Suripan Sadi Hutomo. 1987. Telaah Kasusastraan Jawa Modern. Jakarta: Pusat Pembinaab dan Pengembaan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Suwardi Endraswara. 2008.  Metode Penelitian Psikologi Sastra Teori, Langkah dan Penerapannya. Yogyakarta: MedPress.                   
Wellek, Rene dan Austin Warren. 1977. Teori Kesusastraan. Terjemahan oleh Melani Budianta. 1990. Jakarta: Gramedia.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar