TEGES ENTAR SAJRONE RUMPAKA
Ah.
Syahrul Rahmat
12020114047
2012
B
A.
Purwaka
Akeh
sing durung ngerti yen rumpaka minangka jinise panyandra. Jinise panyandra
saliyane nyandra manungsa, uga ana sing nyandra danawa, nyandra alam (rumpaka),
lan nyandra samubarang. Panyandrane manungsa, danawa, lan samubarang bisa
diperang adedhasar rupa lan panindake utawa kalungguhane. Dene panyandra
tumrape alam bisa diperang adhedhasar sipat lan wektune.
Panyandra
sajrone lelewane basa bisa diperang dadi loro adhedhasar wujude yaiku candrane
manungsa lan rumpaka (candrane alam). Rumpaka utawa panyandrane alam minangka
jinise lelewane basa kanggo mindhanake kahanane alam. Sajrone rumpaka ana sing
ngandhut teges entar lan ana sing ngandhut teges wantah. Panliten ngenani lelewane
basa mligine ngenani cecandran lan makna entar ing bidhang semantik sajrone
basa Jawa wis kerep ditindakake, nanging sing mligi ngenani rumpaka durung
ditemokake dening panliti.
Rumpaka (panyandrane alam) dipilih minangka topik sajrone nulis
makalah iki merga nduweni perangan sing beda karo panyandra liyane. Saliyane
iku merga panliten sing mligi ngenani panyandrane alam durung ditemokake
panliti. Anane mung mligi ngenani candrane manungsa lan anggone njlentrehake
kurang jembar. Panliten ngenani panyandrane alam dirasa perlu dijlentrehake
luwih rowa lan rinci ngenani bab tata rakite, pamerangane, lan cara negesine.
Sasuwene iki makna entar sajrone
rumpaka (panyandrane alam) durung tau ditliti. Panulis durung nemokake panliten
ngenani teges entar sajrone rumpaka. Dene teges entar sajrone lelewane basa
liyane sing ngandhut makna entar kayadene sanepa, bebasan, lan saloka wis tau
ditliti. Mula saka iku makalah iki bakal dijlentrehake kanthi nggoleki lan
nggolongake teges sajrone rumpaka, mligine teges entare. Panjlentrehan ngenani
teges entar sajrone rumpaka nggunakake metodhe dheskriptif kualitatif. Cara kang digunakake yaiku kanthi
analisis komponen lan analisis makna simbolik. Analisis komponen bakal
ngidhentifikasi ngenani pamangune utawa tata rakite rumpaka saengga nuwuhake
makna entar. Dene analisis makna simbolik bakal dicakake ing rumpakan kang
ngandhut makna entar arupa simbol utawa pralambang.
Panliten
iki nduweni tujuwan supaya bisa menehi kawruh marang pamaca ngenani rumpaka. Kanggo
pamaca supaya bisa ngerteni, ngonceki, lan njlentrehake teges entar sajrone rumpaka
(panyandrane alam) adhedhasar wektu lan sipate. Saliyane iku panliten iki
nduweni tujuwan supaya bisa ngrembakake ilmu semantik Jawa ing bab jinise teges
mligine ngenani topik teges entar sajrone rumpaka.
B. Andharan
1. Makna
Entar
Makna
entar minangka teges sing nuduhake utawa nggambarake sing ora salugune. Negesi
tetembungan, frasa, utawa ukara sing ngandhut teges entar kudu nggunakake
pangrasa merga basane sing ora lumrah yen ditegesi sawantahe. Poerwadarminta
(1939:114) ngandharake menawa entar nduweni rong teges yaiku bablas tumrap
sesurupan lan dudu teges sing baku utawa silihan tumrape tetembungan. Makna
entar yaiku teges sing ora mung sawantahe, ora mung salugune. Padmosoekotjo (1953:35)
ngandharake yen makna entar yaiku teges kang ora mung sawantahe, ora mung
salugune. Kosok baline yaiku makna wantah, makna sing manut teges sing baku,
sing salugu, sing sawantahe.
Tembung
”entar” asale saka tembung basa Kawi “ili”. Tegese pindah saka papan siji
menyang papan liyane tumrape samubarang kang mbanyu. Miturut Hadiwidjana
(1967:57), entar tegese ili, etut, lunga. Mula, entar tumrape bidhang
linguistik nduweni teges makna sing ora sabenere, makna pepindhan, sing ora
salumrahe. Tuladhane kaya tembung kethul atine, ora ateges atine kethul, ora
landhep, nanging tegese durung pinter (bodho).
2. Makna
Entar Arupa Rumpaka
Makna
entar sajrone lelewane basa Jawa kinandhut sajrone bebasan, saloka, sanepa,
isbat, lan cecandran (utawa rumpakan). Kalebu golongane sing nduweni makna
entar merga nduweni titikan ngandhut teges pepindhan utawa irib-iriban, dudu
teges sing ngandharake (teges baku, sing salugu). Salah sijine lelewane basa
sing ngandhut teges entar yaiku cecandra. Nyandra nggambarake utawa mindhanake
kaya kahanane samubarang. Candra miturut Padmosoekotjo (1953:113), yaiku salah
siji lelewane basa kang tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kahanan
kanthi sarana pepindhan. Wondene kang lumrah dicandra kayata: a) manungsa lan
bab kang gegandhengan karo manungsa, b) danawa lan bab kang gegandhengan karo
danawa, c) panyandrane alam (rumpaka), lan d) samubarang liya-liyane.
Salah sijine jinise cecandran yaiku
rumpaka. Rumpaka asale saka tembung lingga ‘rupa’, oleh seselan {-um-} lan panambang {-an}, ‘rumpakan’,
yaiku ngrupakake kahanane alam. Dene tumrape manungsa diarani candra. Rumpaka
sing dirupa yaiku sipat utawa rupa lan kahanane alam. Miturut Hadiwidjana
(1967:68), candra gegambaran endah-endahing alam kodrate pangeran dijenengake
rumpaka. Rumpaka akeh cacahe, kaya ta rumpakane alam ing padesan, gunung,
sagara, wayah esuk, wayah sore, wayah bengi, lan sapanunggale (Padmosoekotjo, 1953:75). Panyandra sing cundhuk karo alam bisa diperang dadi
loro, adhedhasar sipat utawa rupane lan wektu utawa kahanane.
Titikane
rumpaka yaiku a) ngemu teges pepindhan, b) mindhanake utawa nggambarake kaya
samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra saliyane saka wujud kabasane uga
nganggo pangrasa. Miturut Kridalaksana (sajrone Pateda, 1989:62), makna
sawijine utawa sakumpulane tembung dhasare saka rasa utawa pamikir sing tuwuh
saka pamicara (utawa panulis) lan pangrungu (utawa pamaca).
3. Titikane
Rumpaka
Dhasar
pamerange rumpaka digolongake dadi telu, yaiku adhedhasar wujude, tegese, lan
sintaksise. Adhedhasar wujude bisa awujud tembung, frasa, ukara frasa, lan
ukara. Wujud tembung sing nduweni teges entar yaiku tembung kriya utawa tembung
aran. Tembung-tembunge umume nganggo ater-ater anuswara {na-}, {ma-}, {nga-},
lan {nya-}. Teges entar bisa arupa frasa yaiku frasa kriya lan frasa aran.
Teges entar yen ing ukara bisa awujud ukara camboran.
Adhedhasar
teges sajrone rakitane nuduhake makna sing salugune utawa ora. Tembung, frasa,
lan ukarane ngandhut teges entar mesthi ngandhut pepindhan. Umume ngandhut
tembung utawa pangiket kang mratelakake pepindhan yaiku ‘kaya’, ‘kaya-kaya’,
‘lir’, ‘kadya’, lan ‘pindha’. Suwalike, menawa ora ngandhut teges entar mangka
kalebu makna wantah. Makna wantah yaiku makna sing salugune, apa anane, lan
wujude ngandharake.
Adhedhasar
sintaksise yaiku tata rakit lan panggonane sajrone ukara. Kaya sajrone ukara
camboran. Miturut Subagyo (2011:142), rakitan pratelan pepadhan sajrone ukara
camboran kang ukara frasa pange mratelakake pepindhan, saemper, utawa pilihan
antarane apa kang diandharake ing ukara frasa deleg karo kang diandharake ing
ukara ganta pange. Pangiket sing dianggo yaiku ‘kaya’, ‘kaya-kaya’, ‘lir’, lan
‘pindha’.
4. Teges
Entar sajrone Rumpaka
Titikane
makna entar sajrone rumpaka, kaya kang diandharake ing ndhuwur, bisa diperang dadi
loro, yaiku miturut sipat utawa rupane lan wektu utawa kahanane. Miturut sipat
utawa rupane yaiku ngrumpakake wujud kaendahane. Miturut wektu utawa kahanane
yaiku ngrumpakake miturut panganggone.
Candrane alam adhedhasar wujud lan
sipate bisa dideleng saka samubarang sing dicandra. Samubarang sing awujud
tembung aran sing cundhuk karo alam. Candrane alam dicandra kanthi nuduhake wujud
utawa sipate.
Rumpaka adhedhasar kahanane bisa
dideleng saka kahanane samubarang sing dirupa. Samubarang sing awujud tembung
kahanan sing cundhuk karo alam. Titikane
rumpaka miturut kahanane yaiku ngemu teges pepindhan lan nggambarake kaya
kahanane samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra saliyane saka wujud
kabasane uga nganggo pangrasa.
Jinis-jinis
makna sajrone bidhang semantik yaiku afektif, asosiatif, ciyut,
dheskriptif, ekstensi, emotif, entar, gereflekter, gramatikal, idheasional,
idhiomatikal, intense, jembar, kognitif, kolokatif, konseptual, kontekstual,
konstruksi, leksikal, piktoral, proposisional, pusat, referensial, stilitika,
tematis, lan
wantah. Rumpaka minangka jinise lelewane basa sing ngandhut makna entar uga
nduweni teges sing cundhuk karo jinise makna ing basa Jawa. Makna-makna sing
kinandhut sajrone rumpaka andharane kaya ing ngisor iki.
a. Makna
Afektif
Makna afektif
yaiku makna sing sesambungan karo rasane pamicara kanthi pribadhi tumrape wong
sing dijak caturan utawa tumrape perkara utawa samubarang sing dadi topik
cecaturan. Makna afektif luwih krasa menawa diaturake tinimbang ditulisake
(Chaer, 2009:73). Makna afektif yaiku
makna sawijine tembung kang nggambarake rasa pribadhi panutur, kalebu tumindake
tumrap mitrawicarane utawa ngenani apa wae sing diandharake (Leech, 1997:20).
Makna
afektif cundhuk karo rasa pangrasa kang tuwuh sawise panampa ngrungokake utawa
maca (Leech, 1976:33). Pangripta karya sastra milih tembung kang nduweni makna
afektif saengga pamaca bisa ngrasakake bungah, seneng, susah, lan sungkawa.
Salah
sawijine ahli basa kang ngandharake ngenani makna afektif yaiku Pateda. Makna afektif
(Inggris: affective meaning, Belanda: afektif betekenis) miturut Pateda (1996: 97) yaiku makna kang tuwuh merga anane panangkepe mitrawicara utawa pamaca ngenani makna sawijine tembung
utawa ukara. Mula saka kuwi, makna afektif nduweni sesambungan karo panampane
pangrungu utawa pamaca mligine ing babagan pangrasane. Mula kanthi langsung
makna afektif gegayutan karo lelewane basa.
Makna
afektif kalebu entar, karana makna ora bisa ditegesi lumantar makna kamus.
Ateges makna afektif kalebu makna konotatif kang surasane dudu makna asline.
Makna afektif kalebu makna gramatikal, ateges makna afektif gumantung karo
konteks ukara utawa konteks kaanan. Mula makna afektif kalebu makna kontekstual
utawa makna situasional.
Cundhuk
karo makna afektif, tetembungan utawa ukara kang diandharake dening panutur iku
bisa saka maksud, kahanan, lan tujuwan. Dene tetembungan utawa ukara kasebut uga
bisa nuwuhake maneka warna tuwuhe rasa saka mitrawicara. Saben tembung kang
diandharake panutur sejatine bisa ditegesi maneka warna dening mitrawicara,
gumantung karo konteks lan kahanane. Rumpaka kang ngandhut makna afektif kang
arupa tembung tuladhane kaya mangkene:
(1) ndhadhari
(2) gumelar
Dhata (1)
minangka rumpakan yaiku tembung aran “dhadhar” oleh ater-ater anuswara {n-}.
Ater-atere {n-} merga tembung linggane diwiwiti aksara /dh/. Mbulan sing
kahanane bunder wayah purnamasidhi dirumpakakake karo bundere ndhog dhadhar.
Rumpakane mbulan iki ngandhut teges afektif. Yen ngarani ndhadhari, pangrasa
kita bakal nuju marang rembulan. Mula ndhadhari kalebu makna afektif.
Tembung “gumelar” sajrone dhata (2) ora bisa
ditegesi sawantahe. Pamikiran kita yen ngarani gumelar mesthi nyundhukake karo
kahanane jagad. Ora mungguh menawa jagad sing kaya ngene digelar. Wis digelar
tegese wis ditata. Sing dikarepake yaiku tatanan jagad sing wis diripta dening pengeran
iki wis tumata kanthi becik. Makna sing kinandhut sajrone dhata iki yaiku makna
afektif, merga nuwuhake asosiasi utawa pamikiran ngenani wujude jagad sing dipindhanake
wis ginelar.
Dene makna
afektif sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya
mangkene:
(3)
lingsir
wengi
(4)
meltheke
srengenge,
Frasa ing
dhata (3) lingsir wengi nduweni teges wektu sawise jam 12 dalu. Lingsir
minangka tembung kriya, lan wengi saka tembung kahanan. Lingsir wengi ngandhut
makna asosiatif. Kanggo negesi makna iku kudu nggunakake rasa lan nalar.
Lingsir wengi ora bisa ditegesi sawantahe wengine wis lingsir, nanging wektu
sing ngliwati wengi nuju esuk. Lingsir wengi kalebu makna afektif merga yen nyebut
lingsir wengi pamikir lan rasa kita menyang wayah dalu menyang esuk.
Dhata
(4) meltheke srengenge minangka rumpakan
wektu esuk nuju awan. Melteke saka tembung peltek, ngalami proses morfologis
ole ater-ater anuswara {m-} lan panambang {-e}. Ater-ater {ma-} nduweni teges
nandhang pakaryan, lan panambang {-e} tegese duweke jejere utawa panandange, srengenge
minangka tembung aran. Meltheke srengenge ngandhut teges entar kang kalebu
makna asosiatif. Frasa meltheke srengenge tegese dudu srengenge sing melthek
(pecah) nanging wektu esuk nuju awan wiwit srengenge sing rada abang wektu
metune menyang padhang lan nuwuhake panase. Meltheke srengenge kalebu makna
afektif merga nuwuhake rasa kita marang wektu srengenge wiwit esuk manjing
awan.
Rumpaka kang
arupa ukara kang ngandhut makna afektif tuwuh merga rasa kita kang cundhuk karo
kahanane alam. Tuladhane kaya mangkene.
(5)
Bumi
kapetak, ciyut!
(6)
Langite
nangis, udan.
Dhata (5)
minangka rumpaka kang madhakake kahanane lemah sing ciyut. Kahanane lemah sing
ciyut iku dipepindhanake kaya bumi sing kapetak. Bumi kapetak kalebu makna
afektif merga nuwuhake pangrasa lan nalar yen kapetak kahanane sarwa winates,
yaiku ciyut.
Dhata (6)
minangka rumpaka kang madhakake kahanane udan. Udan dirumpakakake kaya lakune
manungsa sing nangis. Langite nangis tegese langite netesake banyu. Makna
afektif langite nangis tegese yaiku langite netesake udan kerana mendhung.
b. Makna
Asosiatif
Makna
asosiatif yaiku makna kang didhasarake marang proses kognisi. Proses kognisi
bisa
tuwuh saka pangrasa utawa pikirane saben manungsa. Pangrasa utawa pamikire
manungsa siji lan sijine beda-beda. Mula saka iku makna asosiatif uga diarani
makna kang kurang stabil lan maneka
werna miturut pengalamane saben pawongan. Makna asosiatif satemene padha karo
pralambang-pralambang kang digunakake dening masyarakat basa kanggo medhar
sawijining konsep liya kang nduweni
pepadhan karo sipat, kahanan utawa tandha kang ana ing konsep asale tembung
utawa leksem kasebut (Leech sajrone Chaer (1995:73).
Makna asosiatif minangka asosiasi kang tuwuh ing pikirane
manungsa yen krungu tembung tartamtu. Asosiasi iki diribawani dening kahanan
jiwa utawa psikis, kawruh lan pengalamane manungsa kasebut. Miturut Blanke sajrone
Kaswanti (2000:156) makna asosiatif diribawani dening kahanan jiwa uawa psikis
kang asifat indhividual, nanging sajrone lingkungan budaya kang padha makna
asosiatif nduweni pepadhan antarane pawongan siji marang pawongan sijine.
Makna asosiatif kalebu teges entar. Miturut
Tarigan (1990:59), konotasi yaiku apa sing kita pikirake menawa kita ndeleng
tetembungan kasebut. Konotasi miturut Tarigan adhedhasar asipate, yaiku
konotasi individual lan konotasi kolektif.
Makna asosiatif minangka makna
gramatikal kang asipat konotatif. Chaer (2009:60) ngandharake yen makna gramatikal
yaiku makna kang kadadeyan saka proses gramatika, yaiku proses muwuhi ater-ater, proses ngrangkep, lan proses nyambor (komposisi).
Makna gramatikal bisa dingerteni tanpa weruh makna leksikal unsur-unsure.
Makna gramatikal uga bisa diarani makna kontekstual utawa makna situasional merga
makna saben tembung, lingga utawa andhahan, gumantung karo konteks ukarane
utawa konteks kahanane.
Rumpaka kang
ngandhut makna asosiatif kang arupa tembung tuladhane kaya mangkene:
(7) ireng
(8) surub,
(9) padhang
Dhata (7), ireng
minangka rumpaka kang ngandhut teges asosiatif. Ireng minangka tembung sipat.
Tembung ireng ngandhut teges peteng, medeni, lan ala. Ireng minangka rumpaka kang ngrupa
kahanane bengi sing peteng lan medeni. Semono uga dhata (8) lan (9), surub
minangka tembung kriya. Tembung surub minangka rumpaka kang nggambarake wektu
surube surya bisa owah dadi tembung kahanan. Dene tembung padhang nggambarake
utawa ngandhut makna asosiasi tumrape kahanane rina sing sarwa padhang.
Makna
asosiasi kang kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya dhata
ing ngisor iki.
(10) gemah ripah loh jinawi
Dhata (10),
nggambarake kahanane lemah Indonesia. Sing dirupa yaiku lemahe Indonesia, sing
dadi rumpakan yaiku kaanane yaiku gemah ripah loh jinawi utawa reja tur subur.
Rumpaka ing kene bisa dingerteni utawa dijlentrehake saka tegese. Gemah ripah
loh jinawi minangka frasa aran lan minangka tuladhane makna asosiatif. Pamikir
kita menyang frasa iku yaiku ngenani gegambarane lemah Indonesia sing sarwa
subur lan reja.
Rumpaka kang
ngandhut makna asosiatif kang arupa ukara umume awujud ukara camboran.
Titiakane yaiku nduweni pangiket ‘kaya’, ‘kaya—kaya’, ‘pindha’, lan ‘lir’. Tuladhane kaya mangkene.
(11) Ana tlaga banyune bening, katon maya-maya biru kaya
langit.
(12) Tentreme dalu wis kepara mungkasi. Ireng petenge
jagad dadi padhang.
(13) Srengengene mleruk kaya wong lagi susah.
Dhata (11) minanka ukara kang ngrupakake
alam. Sing dirupakake yaiku “tlaga”, sing dadi rumpakan yaiku langit. Ukara iku
ngandhut teges entar merga nduweni teges pepindhan, yaiku ngrupakake tlaga karo
langit. Saka tata rakite, ukara iku dumadi saka rong ukara frasa. Ukara frasa
sepisan yaiku “ana tlaga banyune bening” minangka sing dirupakake, dene sing dadi rupakan yaiku ukara garta “katon
maya-maya biru kaya langit”. Rong ukara frasa iku diiket karo tembung “kaya”,
mula ukara iku minangka ukara camboran sungsun sing nduweni rakitan pratelan
pepadhan. Ukara iki ngandhut makna asosiatif merga nggambarake birune banyu
kaya birune langit.
Dhata (12)
ing ndhuwur ngrupa kahanane dalu. Sing dadi rumpakane yaiku mungkasi. Saka
wujud tembunge, mungkasi saka tembung pungkas oleh ater-ater {m-} lan panambang
{-i}. Mungkasi tegese nindakake pakaryan ngrampungake pakaryane. Menawa
ditegesi sawantahe, tentreme dalu ora bisa mungkasi dheweke. Tentreme dalu wis kepara mungkasi tegese wis
meh rina. Dijelasake ing ukara sabanjure “Ireng petenge jagad bakal dadi
padhang.” Ireng petenge jagad uga kalebu makna entar, minangka gegambarane
wayah dalu. Makna asosiatif kang kinandhut sajrone ukara iki nggambarake
kahanane dalu sing ireng lan peteng.
Dhata (13) ing
ndhuwur ngrupa kahanane srengenge sing ora padhang, mleruk kaya polatane
manungsa. Sing dirupa yaiku kahanane srengenge lan sing dadi rumpakan yaiku
mleruk. Dhata iki kalebu makna asosiatif merga mleruk ing kono nggambarake
kahanane srengene sing surem ora padhang.
c. Makna
Emotif
Teges
emotif miturut Shipley, (sajrone Pateda, 2010:101) yaiku teges sing tuwuh merga
tanggepane pamicara utawa sikape pamicara ngenani apa sing dipikirake utawa
dirasakake. Teges iki beda karo teges kognitif. Mula makna emotif kalebu makna
gramatikal. Teges emotif luwih nengenake sesambungan antarane konsep karo
kasunyatan. Samubarang sing liya, ora sawutuhe padha karo apa sing ana ing kasunyatan.
Makna emotif uga kinandhut sarone rumpaka. Wujude ana sing awujud tembung, frasa,
lan ukara. Makna emotif sing kinandhut
sajrone rumpaka kang awujud tembung tuladhane kaya mangkene.
Makna emotif
sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa frasa tuladhane kaya dhata ing ngisor
iki.
(14) godhonge ngawe-awe
(15) gununge sundhul langit
Dhata (14)
ing ndhuwur kalebu makna entar lan minangka rumpaka. Sing dirupa yaiku godhong,
lan sing dadi rumpakan yaiku ngawe-awe. Kalebu makna entar merga dipindhanake
karo tumindake manungsa, godhong diibaratake bisa ngawe-awe kayadene manungsa.
Anggone memindhanake nganggo ater-ater anuswara. Ngawe-awe asale saka tembung
awe kang ngalami reduplikasi banjur kawuwuhan ater-ater anuswara {nga-}. {Nga-}
ing kene tegese nglakoni pakaryan, ngalami reduplikasi tegese pakaryan iku
dibolan-baleni. Ngawe-awe teges sawantahe yaiku nindakake pakaryan nyeluk
kanthi ngobhake epek-epek tangan mangisor mandhuwur kanthi dibolan-baleni.
Teges entare arupa makna emotif yaiku ngrupakake obahe godhong keterak angin
sing kaya wong ngawe-awe.
Dhata (15) ngrumpakake dhuwure gunung karo langit.
Gunung panggone neng bumi (ngisor), dene langit ing ndhuwur. Kaanane gunung
sing dhuwur diumpamakake nganti sundhul tekan langit. Ukara iki ora ngandhut
pangiket utawa titikan wujud sing nuduhake teges entar. Nanging katiti saka
tegese sing ngrupa dhuwure gunung karo dhuwure langit bisa dingerteni menawa
ukara iki ngandhut teges entar, mligine makna emotif.
Makna emotif
sing kinandhut sajrone rumpaka kang arupa ukara tuladhane kaya dhata ing ngisor
iki.
(16) Dalan kaya ampyang, aspalan ilang aspale.
(17) Jejering jati pindha jejere wayang, dhuwur nggayuh
langit.
Dhata (16)
ing ndhuwur minangka rumpakake dalan sing ora enek. Dalan sing ora enak iku
dipadhakake karo ampyang. Jinise panganan saka kacang lan gula sing wujude ora
alus. Pepindhan iki minangka makna afektif. Kalebu makna entar merga nduweni
pangiket kaya.
Dhata (17)
ing ndhuwur minangka rumpakan awujud
ukara camboran. Pangikete ukara iku yaiku pindha. Jejere jati minangka sing
dirupa, lan jejere wayang minangka rumpakane. Ukara iki minangka rumpaka kang
ngandhut tege emotif, yaiku ngrupa jejere jati sing dhuwur kaya-kaya madhani
dhuwure langit.
d. Makna
Gereflekter
Makna
gereflekter yaiku teges sing tuwuh merga ana samubarang sing ora bisa
dipocapake, merga samubarang iku ngandhut
sipat saru lan nduweni sipat-sipat mistik utawa ngenani aspek etik lan estetika
tartamtu. Makna Gereflekter tuwuh merga pananggep kita tumrap makna liyane
utawa makna konseptual sing akeh.
Tuladhane yaiku tembung “perek”. Tembung iki kasar lan ora sopan yen
dipocapake. Tembung iki luwih becik diganti karo tembung “planyahan”, padha
tegese nanging luwih prayoga. Makna
gereflekter ora ditemokake dening panliti sajrone rumpaka. Merga makna
gereflekter umume umume tembung-tembung sing saru. Sesipatan lan kaendahane
alam kaya kang diandharake dening Hadiwidjana
(1967:68) yen ta rumpaka minangka
candra ngenani gegambaran
endah-endahing alam kodrate pengeran, ora mungguh menawa ngandhut wujud sing saru
utawa ala. Mula saka iku makna gereflekter ora ditemokake sajrone rumpaka.
e. Makna
Stilistik
Makna
stisistik yaiku makna kang tuwuh merga panganggone basa. Panganggone basa ana
werna-werna kayata dialek, basa resmi, basa ing pasar, lan basa ing karya
sastra. Mula makna stilistik ana gandheng cenenge karo daya, utamane pamaca.
Dayane gandheng karo emosi lan rasa. Stilistik umume diarani lelewane basa (gaya basa), yaiku carane pangripta medhar
pesen utawa informasi marang pamaca. Makna stilistik kang kinandhut sajrone
rumpaka umume ana sajrone karya sastra. Wujude frasa lan ukara. Sing awujud frasa
tuladhane kaya mangkene.
(18) wite dha jejogedan
(19) kaya-kaya mbulane lelayaran ing segara pedhut
Dhata (18) minangka ukara kang ngrupakake alam. Sing dirupakake yaiku “wit”, sing dadi rumpakan yaiku joged. Ukara iku ngandhut teges
entar merga nduweni teges pepindhan, yaiku ngrupakake kahanane wit sing joged. Sing dirupa yaiku wit, lan sing dadi rumpakan yaiku
wong joged.
Dhata (19)
minangka rumpakan sing uga awujud ukara camboran lan kalebu teges entar.
Pangikete ukara iku yaiku kaya-kaya. Rembulan minangka sing dirupa, lan
leleyaran minangka rumpakane ora ateges rembulane lelayaran temen, kalebu
jinise makna asosiatif. Tegese yaiku lakune rembulane dipindhanake kaya prau nerjang
ombak ing segara.
(20) Angine midid
ing wit kenari
Ngawe-awe
mendhung ing langit Dhesember
Sansaya
nggamang sansaya ireng
(21) Mangsa
rendheng wis nyapa bumi
Durung-durung wis branyak kabar sengsara
Ana banjir tanpa wara-wara
Ana gunung kirim pratandha
Ana lemah jugrug ora aba ora rembug
(22) Gara-gara, kagiri-giri, gara gumita, lindhu
prakempa, udan barat salah mangsa, galudhung guntur ketug, gelap
mangampar-ampar. Samodra pindha kinebur sumamkur mandana kaya yayah ngalem
dharatan.
Guritan
(20) ing ndhuwur ndhuwur ngrumpakake kahanane mendhung sing bakal dadi udan.
Katiti saka tegese, sing dirupa yaiku kahanan mendhung arepe udan. Anggone
ngrumpakna kanthi nyandra liyane. “Angine midi ding wit kenari” ngrupa kahanane
angin sing sumilir ajeg kang nggobahake wit kenari. Dene wit kenarine kaya-kaya
ngawe-awe merga katerak angin. Dene langit Dhesember memindhanake wektu
rendheng sing lumrahe wiwit sasi November nganti Maret, lan sasi Dhesember lan
Januari minangka wose wektu udan. Mendhung ing kono digambarake saya suwe saya
ireng lan bakal nuwuhake udan.
“Angine
midid ing wit kenari ngawe-awe”. Ngawe-awe
asale saka tembung awe kang ngalami reduplikasi banjur kawuwuhan ater-ater
anuswara {nga-}. {Nga-} ing kene tegese nglakoni penggawean, lan ngalami
reduplikasi tegese penggawean iku dibolan-baleni. Ngawe-awe teges sawantahe
yaiku nindakake pakaryan nyeluk kanthi ngobhake epek-epek tangan mangisor
mandhuwur kanthi dibolan-baleni. Teges entare yaiku ngrupakake obahe godhong katerak
angin sing kaya wong ngawe-awe.
“Mendhung
ing langit Dhesember sansaya nggamang sansaya ireng.” Baris iki minangka
rumpakan kahanane mendhung. Sing dirupa yaiku mendhung ing langit, dene sing
dadi rumpakan yaiku Dhesember. Frasa langit Dhesember tegese wayah nalika
mangsa rendheng ing sasi Dhesember.
Guritan (21) ing ndhuwur minangka rumpaka kang
nggambarake kahanan utawa memindhanake musibah sing ana ing mangsa rendheng. Dhata iki kanggo
ngerteni isine kudu nganggo rasa. Merga wujud pepindhane ora katulis kanthi
langsung utawa ora nganggo pangiket utawa ater-ater anuswara. Carane negesi
yaiku kanthi nganalisis isine ngandhut pepindhan apa minangka nggambarake
(wantah).
“Mangsa rendheng wis nyapa bumi” nduweni teges menawa
mangsa rendheng wis teka. Sing dirupa yaiku mangsa rendheng lan sing dadi
rumpakan yaiku nyapa bumi. Nyapa bumi ngandhut teges entar yaiku makna
asosiatif lan ora bisa ditegesi sawantahe. Asale saka tembung sapa oleh
ater-ater anuswara {ny-} kang tegese nglakoni pakaryan. Nyapa bumi tegese wis
teka utawa wis wiwit ing bumi lan bakal terus.
“Ana banjir tanpa wara-wara”. Sing dirupa yaiku
banjir, sing dadi rumpakan yaiku wara-wara. Katiti saka tegese, menawa ditegesi
sawantahe banjir ora bisa menehi wara-wara. Wara-wara minangka pakaryane
manungsa. Kanggo negesi ukara frasa iku kudu nggunakake rasa lan nalar.
Adhedhasar tegese bisa ditegesi menawa tekane banjir ing mangsa rendheng ora
bisa dikira-kira, mara-mara teka wae nalika udane deres lan gote wis kebak.
“Ana gunung kirim pratandha” . Sing dirupa yaiku
gunung, sing dadi rumpakane yaiku kirim pratandha. Menawa ditegesi sawantahe,
gunung ora bisa ngirim. Ngirim iku kalebu jinise pakaryane manungsa. Makna
entar sing kinandhut ing rumpaka iki tegese yaiku gunung bisa menehi pratandha
menawa bakal ana musibah.
“Ana lemah jugrug ora aba ora rembug.” Lemah sajrone
dhata iki minangka sing dirupa. Sing dadi rumpakan yaiku aba lan rembug. Aba
lan rembug minangka tumindake manungsa lumantar indriya pangucap, dene alam ora
bisa. Kahanane alam arupa lemah jugrug sing mara-mara teka dipadhakake ora
ngabani lan ora rembug dhisik kaya manungsa. Kanggo negesi makna asosiatif
sajrone rumpaka ing guritan iki kudu nggunakake rasa lan nalar kita.
Dhata (22)
ing ndhuwur nggambarake kahanan bencana alam. Dhata ing ndhuwur nggambarake
kahanan lindhu gedhe, tsunami, udhan deres, kaya-kaya kiyamat.”Samora pindha
kinebur sumamkur mandana kaya yayah ngalem dharatan.” Ukara iki kalebu ukara
camboran sungsun sing ngemu teges pepindhan. Pangiket sing digawe yaiku pindha
lan kaya. Ukara iki ngambarake bencana tsunami, yaiku banyu segara sing munggah
menyang dharatan lan ngrusak sembarange. Dhata iku kalebu makna stilistik. Merga
angone memindhanake nggunaake basa sing endah.
C. Dudutan
Candra kang cundhuk karo kahanane alam
diarani rumpaka. Jinise akeh, kayata candrane alam ing padesan, segara, wayah
esuk, wayah sore, wayah bengi, lan sapanunggale. Titikane rumpaka yaiku ngemu teges pepindhan lan
memindhanake utawa nggambarake kaya samubarang. Kanggo negesi maknane panyandra
minangka jinis lelewane basa sing ngandhut makna entar saliyane saka wujud
kabasane uga nganggo pangrasa. Makna entar minangka teges sing nuduhake utawa
nggambarake sing ora salugune. Negesi tetembungan, frasa, utawa ukara sing
ngandhut teges entar kudu nggunakake pangrasa merga basane sing ora lumrah yen ditegesi
sawantahe. Makna entar sing kinandhut sajrone rumpaka yaiku makna asosiatif,
makna emotif, makna stilistik, lan makna afektif. Makna gereflekter ora
ditemokake dening panliti sajrone rumpaka merga rumpaka minangka gegambaran
endah-endahe alam kodrete pengeran. Panliti ngangep yen kodrate pengeran iku
ora ana sing saru. Kabeh mau cinipta kanthi sampurna.
Kapustakan
Chaer,
Abdul. 1990. Pengantar Semantik Bahasa
Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.
Dwidjahaspara,
Mas Sumardji. 2001. Kasusastran Jawi.
Malang: LPPBJ Jawa Timur.
Hadiwidjana,
RDS. 1967. Tata Sastra. Yogyakarta:
UP Indonesia.
Karsana,
Adi. . Kumpulaning Kawruh Basa Jawi Pepak.
Surabaya: Cahaya Pelangi.
Leech,
Geoffrey. 2003. Semantik. Yogjakarta:
Pustaka Pelajar.
.
Padmosoekotjo,
S.1955. Ngengrengan Kasusastran Djawa I.
Yogyakarta: Hien Hoo Sing.
Poerwadarminta,
W.J.S. 1939. Baoesastra Djawi. Batavia: N.V. Groningen.
Subagyo,
Rahmad. 2011. Titi Ukara Basa Jawa. Surabaya:
CV Bintang
Tarigan,
Henry Guntur. 1985. Pengajaran Semantik.
Bandung: Angkasa Bandung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar