New Historicism
New Historicism minangka tintingan sastra kang wiwit ana ing Amerika Serikat
nalika taun 1980-an kang nentang kajian tekstual-formalis sajroning sastra kang
diduweni dening mahzab New Critism. Tintingan iki panemune yaiku Stephen
Greenblatt, professor sastra saka Universitay of California, Berkeley.
Tintingan iki disengkuyung dening kritikus sastra liyane kayata Louis A.
Montrose lan Catherine Gallagher.
New Historicism nggambarake maneh ngenani babagan sosial budaya
sajroning karya sastra. New Historicism mbantah kecenderungan
tintingan tekstual-formalis sajrone tradisi New Criticism kang asipat
ahistoris. Kang ndeleng sastra minangka bageyan estetik kang otonom, dipisahke
saka aspek-aspek kang dianggep ana ing sanjabane karya sastra kasebut. Sajrone New
Historicism, sastra ora bisa uwal saka praktik-praktik sosial, budaya,
ekonomi, lan politik amarga bab kasebuat minangka bageyan ing njerone. Misahake
antarane njaba-njero, intrinsik-ektrinsik ora bisa diendani maneh. Kabeh teks,
kayata sastra lan nonsastra minangka asile saka jaman kang padha lan maneka
campuran antarane kuwasa lan idheologi. Beda karo New Criticism kang
mung nliti karya sastra, New Historicism nggayutake antarane teks sastra
lan nonsastra (Budianta, 2006).
Definisi kang paling prasaja ngenani New Historicism utawa
sejarah anyar yaiku metodhene kawiwitan saka maca paralel teks sastra lan
nonsastra, akeh-akehe ing periode sejarah kang padha (Barry, 2010:201). Minangka
tintingan, New Historicism nduweni asumsi dhasar kang naleni antarane penggagas
lan pangritik. Asumsi-asumsi dhasar New Historicism bisa dirumuske
kaya mangkene. Kapisan, saben tindakan ekspresif ana gayutane karo
jaringan praktis budaya kang asipat material; kaloro, teks-teks sastra lan
teks-teks nonsastra ana gandheng cenenge karo sirkulasi budaya kang ana;
katelu, ora ana teks diskursif apa wae, fiksi utawa faktual kang bisa menehi
kanthi wutuh bebener.
New Historicism nduweni posisi kang beda karo pandelenge sastra
sadurunge, tuladhane nganggep sejarah sosial lan intelektual mung saderma
minangka “latar belakang” samubarang karya sastra, utawa nganggep teks
sastra minangka “refleksi” saka karakteristik pandangan donya (word view) sajrone
era tartamtu. New Historicism ngerteni samubarang teks sastra minangka:
“berada” (situated) sajroning lembaga, praktik sosial, lan wacana kang
mbentuk budaya kanthi sekabehe sajrone wektu lan panggonan tartamtu, ing ngendi
teks sastra, minangka asile utawa produsen saka maneka energy lan kode budaya
(Abrams, 1999:183).
Greenblatt sajrone (Darni, 2015:7-9) yen asusmsi dhasar ngenani NH yaiku anane
pengaruh timbal-balik antarane manungsa lan kabudayane. Manungsa dibentuk lan
melu mbentuk kabudayan ing wilayahe. Miturut
Gallagher (2000:10) New Historicism mawas yen ta analisis budaya, karya
sastra kanon diposisikne padha karo karya sastra minor utawa kang picisan,
wondene karo teks kang dianggep nonsastra. Ora ana hirairki sajroning iki,
amarga saben teks sastra (karya sastra kanon, minor, nonsastra) melu menehi
kode-kode, energi-energi, lan nilai-nilai budaya ing jamane.
Greenblett nyebutke yen sejatine basa (kalebu sastra) minangka perangan saka
sistim tanda kang ana ing masyarakat. Kontruksi utawa susunane bisa didudah lan
dianalisis kanthi nylidhiki rong sisi kang pada gegayutan, yaiku anane sosial
sajroning karya sastra lan anane sosial donya sajrone karya sastra. Greenblatt
(1998:12) nambahi, yen sajroning ngrekontruksi sejarah bab kabudayan tartamtu
bisa dilakoni kanthi ngrekontruksi wates-wates kang ndhasari anane karya
sastra.
Sejarah sajroning Karya
Sastra
New Historicism bisa dingerteni kanthi cara maca paralel teks sastra utawa
nonsastra. Kanthi nengenake gayutane teks lan sejarah, sepisanan Greenblatt
mbantah kecenderungan tintingan tekstual-formalis sajroning tradhisi New
Criticism kang asipat ahistoris, kang nyawang sastra minangka estetik kang
otonom, dipisah-pisah karo aspek kang dianggep ‘njaba’ karya.
Sastra, miturut New Historicism, ora bisa ucul saka praktik-praktik
sosial, ekonomi lan politik amarga dheweke njupuk perangan ing njerone. Kanthi
kuwi, misahke antarane njaba-njero, ekstrinsik-intrinsik ora bisa diendani
maneh. Kabeh teks, apik sastra lan nonsastra minangka asile saka jaman kang
padha lan maneka campuran antarane kuwasa lan idheologi. Beda karo New
Criticism kang mung nliti karya sastra, New Historicism nggayutake
antarane teks sastra lan nonsastra (Budianta, 2006).
Karya sastra sajrone NH ora bisa uwal
saka praktik-praktik sosial, ekonomi lan politik awit sakabehane melu ambyur
ana ing njerone. Darma sajrone (Darni, 2012:3) sastra ora uwal saka
kahanan sosial. Sejarah kang diacu
dening karya sastra ora mung saderma latar belakang (kang koheren lan nyawiji)
kanthi trasparan bisa diakses. Sejarah dhewe dadi saka maneka teks kang
dhewe-dhewe nyusun siji versi ngenani kasunyatan. New Historicism
nduweni pamawas yen “kesejarahan sastra lan kesastraan sejarah”
utawa kanthi sebutan liya: maca sastra = maca sejarah, lan maca sejarah = maca
sastra (aspek sejarah minangka kontruksi sosial) (Budianta,2006).
Budaya kang umume dingerteni minangka
kapercayan, moral, seni, lan ukum kang dianut dening masyarakat. Amarga arane (sebutan)
akeh (bisa ditegesi apa wae), miturut Greenblatt (sajrone Fathoni, 2014) budaya
ora nduweni teges apa-apa. Budaya mung kanthi samar nuduhake maneka jinis saka
‘kabisan lan pakulinan’ (capabilities and habits) kang dijupuk dening
manungsa. Sabanjure Greenblatt negesi maneh konsep budaya minangka sawijine
kontruksi “Fashion” kang kanthi cara ironis lan satire nuduhake
yen sajroning tumindake masyarakat bisa nyesuaikna (fashion) diri kanthi
ukuran lan standar nilai kang ngandung ketidakleluasan lan mobilitas
(constraint and mobility)
Gayutane individu lan masyarakat minangka perangane lan budaya sakupenge,
miturut Greenblatt kalorone padha gegayutan, kabeh aktivitas manungsa padha
gayut-nggayutake (interconnected) kanthi kompleks (Bressler
sajrone Fathoni, 2014). Kabudayan miturut Greenblatt bisa dideleng minangka
sawijine panggonan tarik-narik antarane “alangan” lan “mobilitas”, yaiku
daya-dayane budaya, lumantar praktik lan nilai kang menehi watesan-watesan
tumindak budaya kang diolehi, utawa suwalike, nyurung mobilitas utawa
pengatur nilai, kanggo nggayuh tumindak kang dikepingine. Mula asile budaya,
kalebu karya sastra minangka sarana “eksperimentasi, variasi, improvisasi” maneka
nilai budaya.
Ngrekontruksi sejarah sawijine kabudayan tartamtu, miturut Greenblatt
ngrekontruksi watesan-watesan kang dadi dhasar anane karya sastra lan asile
budaya tartamtu (Greenblatt, sajrone Keesey, sajrone Budianta. 2006). Teks
utawa karya sastra ora mung objek seni kang nyukupi perlune dhewe. Miturut New
Historicism, teks sastra lan kahanan sastra padha pentinge. Teks sastra lan
konteks sastra padha konstitutif.
Saperangan masalah ngenani proses produksi, reproduksi, apropiasi
nilai-nilai budaya kang relevan kang didadekake masalah sajrone nganalisis teks
ana enem masalah kang diandharake. Saka pamawas kasebut, Greenblett lan Tyson
sajrone (Darni, 2015:9-10) nuduhake masalah kang ana sajrone kajian New
Historicism yaiku:
1)
Tumindhak utawa praktik sosial kang disengkuyung sajrone teks.
2)
Kena ngapa pamaca tartamtu nganggep karya sastra kasebut nduweni makna.
3)
Bedane nilai kritikus klawan nilai sajrone teks
4)
Tumanggape bebrayan kang dadi dhasare teks.
5)
Kabebasan pikiran kang dibayangake sajrone teks kanthi cara ekplisit utawa
implicit.
Pamawas utawa idheologi kang disengkuyung dening
teks lan ditentang dening teks.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar