MAKNA REFERENSIAL ARUPA
BARANG
Andi Susilo
12020114238
2012
A. Purwaka
Barang akeh cacahe kang nyengkuyung tumrap uripe manungsa
iki maneka warna lan cacahe ya akeh. Ana barang kang digunakake minangka
panyengkuyung pakaryan supaya nalika nindakake pakaryan bisa luwih gampang.
Ananging barang kang diandharake iki dudu mung barang kang digunakake minangka piranti,
kayata manungsa, kewan, lan tetuwuhan uga minangka barang kang kalebu barang
urip. Ana barang kang kalebu barang mati, kayata meja, kursi, lan kipas. Makna
referensial arupa barang iki bakal ngandharake barang kang kalebu makna
kasebut, lan kepriye tegese makna refeerensial iku kanthi dijupuk tuladha yaiku
barang.
Makna referensial arupa barang yaiku makna kang nuduhake
utawa ngandharake barang kang digawe eneran. Sejatine wis ana kawit ndhisek,
ananging makna referensial arupa barang iki lagi saiki bisa diandharake. Barang
bisa uga kalebu aran. Barang duweni gegayutan kaliyan aran, ananging aran luwih
rowa lan barang iku saya ciut tinimbang aran.
Sejatine
uga akeh para pakar kang ngandharake ngenani referensial, ananging andharan
kasebut mung arupa referensial asli kang durung oleh wuwuhan liyane, dadi
masyarakat durung ngerti endi sing kalebu referensial lan apa wae
perangan-perangane, kamangka referensial iku bisa kaperang adhedhasar barang,
kedadeyan, lan sipat. topik ngenani barang dijupuk amarga barang nduweni
perangan kang akeh lan barang uga bisa nuduhake titikan makna refernsial. Dadi
ing kene bakal diandharake kanthi jlentreh lan cetha ngenani makna referensial
arupa barang kanthi cara segitiga semantik, supaya para pamaca bisa ngerti
kanthi jlentreh tegese referensial, lan anggone migunakake kanthi adhedhasar
perangan kasebut. Makalah iki uga bakal dijlentrehake jinise teges referensial,
titikane uga jinise makna. Makna referensial nduweni gegayutan langsung marang
kasunyatan utawa acuan makna kang wis disarujuki tumrap wong akeh. Makna
referensial uga digolongake makna leksikal utawa makna kang durung owah saka
asale lan durung nindakake proses gramatikal.
B. Andharan
1. Tegese
Makna Referensial Arupa Barang
Barang
minangka eneran kang digunakake kanggo nuduhake makna referensial. Amarga
barang kalebu perangan-perangan kang bisa dadi titikan makna referensial. Kaya
kang bakal diandharake ngenani makna referensial arupa barang. Makna
referensial bisa dipereang dadi telu yaiku barang, kedadean, lan sipat.
Makna referensial arupa
barang bisa kagolong makna leksikal, yaiku makna kang durung owah saka asale
lan durung kena proses gramatikal. Makna referensial arupa barang kagolong
teges wantah lan ora ngemu teges entar. Amarga barang ing kene yaiku barang
sing dibutuhake lan sing langsung diener dening pawongan Minangka label utawa
julukan, makna iku tumeka amarga ana rasa eling sajrone kang nliti marang
kasunyatan lan nggawe dudutan kang sakabehe kanthi cara subjektif lan barang
ing kene wis disarujuki ing bebrayan.
Miturut Chaer (2007:291)
tembung utawa leksem sing bisa kasebut makna referensial menawa ana enere tembung
kayata jaran, gambar, abang bisa kalebu salah siji tembung kang nduweni makna
referensial amarga ana enerane ing kasunyatan, sawalike iku tembung-tembung
kayata lan, utawa, lan karana yaiku salah siji tembung kang ora nduweni eneran
utawa dudu makna referensial.
Pateda, (1989:67) ngandharake
makna referensial yaiku makna kang langsung nduweni gegayutan marang acuan kang
digunakake dening leksem. Pateda (2010:125) sajrone buku uga njlentrehake
menawa referen utawa acuan bisa wae tembung aran, kedadean, proses, utawa
kasunyatan. Referen yaiku samubarang kang dituju dene pralambang. Dadi, menawa
salah siji pawongan ngandharake kali, mula kang ditunjuk dene pralambang
kasebut bisa digayutake karo eneran.
Minangka ana kang ngomongake barang, mula kang ditunjuk yaiku maneka warna
kayata kursi, meja, lemari, kelud, sulak lsp.
Miturut Djajasudarma
(2013:14) makna referensial yaiku makna kang ana gegayutan langsung kalawan
kasunyatan utawa referen (ener). Makna iki uga kasebut makna kognitif amarga ana
gegayutan kalawan acuan lan makna iki uga ana gegayutane kalawan konsep.
Djajasudarma (1999:11) Makna referensial yaiku makna kang langsung
tumuju marang tembung kang dikarepake, utawa maknane ana sesambungane kalawan
kasunyatan. Kayata ing gegayutane konsep lan eneran.
Palmer
sajrone Rahyono (2011:66) njlentrehake menawa referensial yaiku makna kang
nggayutake antara tembung lan barang
ngliwati konsep pamikiran kang wis diandharake dening filusuf lan ahli linguistik
yaiku Saussure kang njlentrehake referensial miturut sistem tandha lan Ogden lan
Richard ngandharake referensial miturut segitiga semiotik.
Saka
andharan para pakar semantik kasebut senajan kang ngandharake beda lan cara
ngandharake uga beda ananging tegese padha. Karana iku bisa ditarik dudutan yen
makna referensial iku minangka eneran kang digunakake kanggo nuduhake
samubarang. Samubarang kang dimaksud yaiku samubarang kang ana ing kasunyatan. Kang
nduweni gegayutan kayata gegayutane konsep lan eneran saha konsep lan lambing. Supaya
bisa luwih gamblang ngenani makna referensial, bisa dideleng kanthi cara
segitiga semantik.
Sasangka
(2008:240) makna referensial yaiku makna kang langsung tumuju marang tembung
kang dikarepake, utawa maknane ana sesambungane karo kasunyatan. Makna
refernsial iku padatan maknane wis mujudake pasarujukan sajrone masyarakat
utawa maknane wis disarujuki ing bebrayan lan masyarakat.
Sudaryat
( 2014:12) uga nggambarake bageyan makna kanthi segitiga Odgen kang ngandharake
ngenani makna yaiku sesambungane antara lambang kanthi eneran utawa referen.
Sesambungan antara lambang lan referen uga referen acuan lan eneran duweni sipat
langsung. Supaya luwih gamblang maneh bisa digambarake dening segitiga Odgen
ing ngisor iki:


![]() |
Tembung
/ Lambang Referen/Eneran
Ana ing segitiga Odgen
bisa dijlentrehake antarane lambang (bisa arupa tembung) lan konsep (konsep
utawa makna kang ana sajrone panemune manungsa) sarta eneran (ener kang ana sajrone kasunyatan)
duweni gayutan langsung. Lambang lan ener nganggo garis pedhot-pedhot, amarga
antarane tembung utawa lambang lan referen utawa ener nduweni gegayutan kang
ora langsung. Galuh nulis ing meja, galuh minangka tembung utawa lambang
minangka kang nglakoni pakaryan. Nulis kalebu konsep minangka dadi panengahe
tembung utawa lambang. Tembung Ing meja kalebu referen yaiku kang dikeneki
pakaryan utawa kang diener. Pambeda jinisie gayutan langsung lan ora langsung
kawiwitan saka kasunyatan antarane lambang lan ener ora duweni gayutan kang
wajib Rahyono (2011:67).
Sesambungan
kang ana sambung rakete kalawan wujud tembung, samubarang utawa kedadean ing njabane basa kang asipat
ora langsung ana media ing antarane tembung, lambang kang duweni gegayutan
kalawan tembung lan eneran.
Miturut Aminuddin (2008:55), referensial nduweni
teges minangka label kang ana ing kesadarane manungsa kanggo nuduhake ing
sanjabane donya. Miturut Suwandi
(2008:75), makna referensial ngandharake ngenani makna kanthi cara langsung
tumuju samubarang, bisa awujud samubarang kang nyata, kedadeyan, barang,
tandha, ciri, lan sapanunggale. Makna referensial yaiku makna kang langsung
tumuju marang tembung kang dikarepake, utawa maknane ana sesambungane kalawan
kasunyatan lan wis disarujuki ing bebrayan.
Miturut Djajasudarma (1999:24), gegayutan referensial yaiku gegayutan kang ana
antarane tembung lan sanjabane basa kang ditujokake dening kang ngandharake.
2.
Titikane Makna Referensial Arupa Barang
Makna
referensial arupa barang bisa dititiki adhedhasar jinise samubarang. Kaya barang
ing kene bisa kalebu referensial amarga nduweni eneran lan ana gunane.
Tuladhane yaiku “pitik” kanthi cara langsung pamikiran manungsa tumuju marang
apa iku kang diarani pitik, kepriye bisa dijenengake pitik lan kepriye tembung
pitik kasebut bisa dumadi. Dadi ana proses pemaknaan antarane tembung pitik lan
barang kang arupa kewan kang nduweni sikil loro ora ana gayutane. Kewan
dijenengake pitik, ayam, utawa chicken iku gumantung sapa kang menehi lambang lan
gumantung saka proses menehi teges lan adhedhasar miturut apa. Ana saperangan
basa kang menehi lambang adhedhasar wujud lan swarane. Miturut swarane kayata
jangkrik dijenengake jangkrik amarga bisa ngerik swarane krik krik krik.
Miturut wujude kayata rodha dijenengake rodha amarga wujude loro ning padha.
Referensial
arupa barang bisa kalebu jinising tembung. Amarga yen dideleng lan dititi
miturut dhasare referensial yaikiu bab kang nyinaoni tetembungan. Barang bisa
kalebu tembung aran amarga aran uga nuduhake jinise barang. Ananging tembung
aran ora bisa kalebu barang, aran nduweni teges kang jembar luwih mbeber
ananging yen barang duweni teba kang luwih ciut.
Makna
iki nalika dititiki saka tegese referensial arupa barang kalebu teges wantah
amarga ora bisa ditegesi saliyane teges iku. Kayata kursi ora bisa ditegesi
meja lan gunane kursi ya gawe lingguh ora ana guna liyane.
3.
Pamerange Makna Referensial Arupa
Barang
Makna
referensial arupa barang bisa kaperang adhedhasar sipat, wujud, jeneng, lan
pigunane. Supaya bisa ngerti luwih gamblang maneh apa kui makna referensial.
Perangan kasebut diandharake amarga cacahe barang ana ing donya akeh lan supaya
masyarakat bisa ngerti barang-barang apa wae kang bisa sinebut makna
referensial. Pamerange kaya ing ngisor iki:
a. Pamerange Makna Referensial Arupa
Barang Adhedhasar Sipate
Pamerange referensial arupa barang
adhedhasar sipat bisa diperang miturut sing bisa dietung lan sing ora bisa
dietung. Miturut wujud lan orane. Mituturut barang sing bisa dietung yaiku meja, kursi, lemari. Sing ora bisa dietung
yaiku wedi, krikil.
Miturut wujud lan ora wujud ing kene tegese
yaiku bisa dideleng kanthi nyata lan dideleng kanthi nyata nanging tanpa wujud.
Contone barang kang tanpa wujud yaiku angin. Ing kene angin bisa dirasakake
ananging ora bisa dideleng kanthi nyata. Kang kaping pindho yaiku dhuwit. Dhuwit
yaiku bisa ditengeri barang kang nyata ananging uga bisa kasebut barang kang
ora nyata. Dhuwit nominale ana sing sewu, seket, lan satus ing kene bedha
nominale ananging jumlahe padha ya mung siji. Dadi dhuwit bisa digolongake
barang kang ora wujud.
b. Pamerange Makna Referensial Arupa
Barang Adhedhasar Jenenge
Pamerange referensial arupa barang
adhedhasar jeneng bisa digunakake kanggo merang, eneran kang digunakake kanggo
nuduhake arane barang kang wus disarujuki dening masyarakat.
Tuladha :
No
|
Arane Barang
|
Katrangan
|
1
|
gantungan
kunci
|
Barang
kang digunakake kanggo menehi tandha ing kunci.
|
2
|
jungkas
rambut
|
Piranti
kang digunakake kanggo nata rambut.
|
3
|
taplak
meja
|
Piranti
kang digunakake kanggo menehi lemek ing meja.
|
4
|
kipas
angin
|
Piranti
kang digunakake kanggo kipasan.
|
5
|
gelang
tangan
|
Piranti
kanggo menehi tanda ing tangan.
|
6
|
kaos
tangan
|
piranti
gawe nutupi tangan.
|
Ing tuladha mau bisa kagolong referensial
amarga duweni eneran. Eneran kang dimaksud yaiku minangka tandha utawa lambang
kanggo nuduhake apa gunane barang kasebut lan kena apa barang iku bisa kagolong
makna referensial. Kanthi dhasar kang wis diandharake ing ndhuwur barang bisa
digolongake kanthi makna.
c. Pamerange Makna Referensial Arupa
Barang Adhedhasar Panganggone
Pamerange referensial arupa barang
adhedhasar panganggone uga bisa didadekake kanggo merang. Amarga barang ing kene nduweni eneran yaiku
minangka piranti kang digunake kanggo manekawarna kagiyatan utawa piranti kang
digunakake kanggo nyengkuyung pakaryane manungsa.
Tuladhane:
No
|
Piranti kanggo mbacok
|
Katrangan
|
1)
1
|
arit
|
piranti
kang digunakake kanggo mbladoki barang kang cilik utawa barang-barang kang
ora kuat diiris gawe lading. Tuladhane : gawe ngonceki klapa, mbacoki kayu
ananging sing cilik.
|
2)
2
|
prekul
|
piranti
gawe mbladhok kayu kang gedhe-gedhe.
|
3)
3
|
bedhog
|
piranti
kang digunakake kanggo meceli daging.
|
4
|
pecok
|
gawe
ngethoki carang-carang kayu
|
No
|
Piranti kanggo masak
|
Katrangan
|
4)
5
|
baskom
|
piranti
kang khususe digawe kanggo wisuh, ananging uga digawe kanggo manaske banyu.
|
5)
6
|
dandang.
|
Piranti
kang digunakake kango adang
|
6)
7
|
timtiman
|
piranti
kang digunakake kanggo ngetim utawa matengake sega, utawa bisa kanggo ngenget
panganan.
|
7)
8
|
sublub
|
piranti
sing gunane kanggo nutupi panci utawa dandang.
|
8)
9
|
panci
|
piranti
kang gunane meh padha timtiman, ing kene panic uga bisa kanggo masak banyu.
|
10
|
kenceng
|
piranti
kang digunakake kanggo nggoreng panganan.
|
11
|
wajan
|
|
12
|
solet
|
piranti
kang digunakake ngentas panganan kang digoreng
|
13
|
suthil
|
|
14
|
kukusan
|
piranti
gawe ngukus maneka warna panganan
|
15
|
glangsi
|
|
No
|
Piranti kanggo nyidhuk
|
|
16
|
siwur
|
piranti
kanggo nyidhuk banyu.
|
17
|
beruk
|
piranti
kanggo nyidhuk beras ing karung.
|
18
|
irus
|
piranti
kanggo nyidhuk jangan.
|
19
|
bendho.
|
|
No
|
Piranti kanggo ngombe
|
Katrangan
|
20
|
gelas
|
piranti
kag digunakake kanggo wadah banyu kang cilik
|
21
|
cingkir
|
piranti
kang digunakake kanggo wadah banyu kang panas
|
22
|
kendhi
|
piranti
kang digunakeke kanggo gombe lan wadah banyu kang gedhe
|
23
|
Piranti kanggo mangan
|
Katrangan
|
24
|
piring
|
piranti
kanggo wadah sega
|
25
|
sendok
|
piranti
kanggo njupuk sega ing piring
|
26
|
garpu
|
piranti
kanggo njupuk panganan kanthi cara di nyunduk
|
27
|
mangkok
|
piranti
kang digunakake kanggo wadah panganan umume sing ana banyune
|
No
|
Piranti kanggo tukang bangunan
|
Katrangan
|
28
|
linggis.
|
piranti
kang digunakake kanggo nyongkeli pondasi utawa apa wae kang di wis di cor
|
29
|
pethel.
|
piranti
gawe nyabut lan nutuhuki paku
|
30
|
palu.
|
piranti
gawe maku
|
31
|
serok.
|
piranti
kang digunakake kanggo nglepa pondasi utawa tembok
|
32
|
timba
|
piranti
kang gunane bisa gawe wadah banyu utawa gawe wadah jladrenan semen
|
33
|
meteran
|
Piranti
kan digunakake kanggo ngukur
|
34
|
bodhem.
|
piranti kang
digunakake kanggo ngrubuhne pondasi lan tembok nanging uga bisa digunakake
kanggo ngejur watu kang gedhe.
|
No
|
Piranti
kanggo makarya in sawah
|
katrangan
|
35
|
pacul
|
piranti kang digunakake kango
ngangiri lemah ing sawah
|
36
|
wangkil
|
piranti kang digunakake kanggo
ngresiki suket
|
37
|
traktor
|
piranti kanggo mbajak sawah
|
d.
Pamerange Makna Referensial Arupa
Barang Adhedhasar Wujud
Pamerange
referensial arupa barang ing kene bisa diperang dadi loro yaiku barang kang
urip lan barang kang mati. Iku disebabake amarga cacahe barang ing donya iki
akeh dadi bisa digolongake miturut jinise, sipate, gunane, bentuk lan barang iku isa obah apa ora. Apa
sing obah iki bisa diarani barang urip apa dudu.
Barang
urip yaiku barang kang bisa obah, bisa muni, bisa ngrembaka yaiku dadi dhuwur,
dadi gedhe, lan saya tuwa. Sing luwih cetha yaiku barang urip kayata barang
kang duweni nyawa.
Barang
mati yaiku barang kang ora bisa dadi gedhe lan ora bisa ngrembaka, ora bisa
obah dhewe tanpa samubarang liya kayata meja, lemari, kursi, lawang, kain,
jendela lsp.
Supaya
kabeh mau bisa luwih gamblang apa bedane barang urip, mati lan kang ditegesi
urip lan mati iki kepriye bisa dideleng ana ing tuladha ngisor iki :
1) Barang
Urip kang nduweni Nyawa
a) Manungsa
b) Kewan
c) Tetuwuhan
Saka
tuladha ing dhuwur ana sing isih bisa diperang maneh. Kayata kewan isih bisa diperang
maneh lan dibedakne adhedhasar panggonan uripe, kayata kewan ing banyu apa ora,
la nana jinise kewan sing isa urip ing banyu lan ora. Supaya luwih gamblang ana
tuladha ngisor iki :
No
|
![]() |
![]()
Banyu ora
|
1
|
pitik
|
- v
|
2
|
bebek
|
- v
|
3
|
menthok
|
- v
|
4
|
jerapah
|
- v
|
5
|
manuk
|
-
v
|
6
|
babi
|
- v
|
7
|
gajah
|
- v
|
8
|
kidang
|
- v
|
9
|
wedhus
|
- v
|
10
|
sapi
|
- v
|
11
|
jaran
|
- v
|
12
|
kucing
|
- v
|
13
|
kelinci
|
- v
|
14
|
macan
|
-
v
|
15
|
iwak
|
v -
|
16
|
kuda laut
|
v -
|
17
|
singa laut
|
v -
|
18
|
ubur-ubur
|
v -
|

Tuladha
ing ndhuwur yaiku manekawarna kewan sing uripe ana ing banyu lan ora, kewan
kagolong makna referensial amarga kewan ing kene bisa kagolong barang urip,
ateges barang kasebut nduweni nyawa. nanging uga ana kewan sing isa urip ing
banyu lan ora yaiku baya, penguin, kodok, nyamuk.
2)
Barang Urip kang ora nduweni Nyawa
a) Tv
b) Laptop
d) Kipas
e) Radio
f) Tip
g) Sepedah montor
h) Disel
i) Mesin
Andharan
kasebut bisa dilebokake ing perangane barang urip amarga tuladha ing ndhuwur kalebu titikan saperangan barang
urip yaiku, bisa muni, bisa obah, bisa rusak ananging barang kasebut ora isa
obah, muni, rusak tanpa dilakokake amarga barang kasebut dudu barang urip
kayata manungsa kewan lan tetuwuhan amarga barang kang dimaksud ora nduweni
nyawa..
3)
Barang mati
a) Meja.
b) Kursi.
c) Lemari.
d) Lawang.
e) Jendela.
f) Bipet.
Barang-barang
ing dhuwur bisa digolongake dadi makna referensial kang sejatine barang urip menawa
bakale saka kayu, senajan iku kayu ananging kayu kang wis di garap lan wis mati
dadi ora duweni nyawa. Dadi ora bisa ditegesi barang urip.
g) Kain
h) Botol
i) Gelas
j) Piring
k) Bipet
l) Helem
m) Galon
n) Keramik
o) Gentheng
p) Lampu
q) Gitar
C. Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur bisa kadudut menawa
referensial arupa barang yaiku samubarang kang langsung tumuju marang barang
kang dikarepake, utawa barang kasebut minangka ener lan ana sesambung rakete kalawan
kasunyatan, ananging iku kabeh gumantung sapa kang menehi lambang utawa proses
pemaknaan lan adhedhasar apa. Amarga ora kabeh basa duweni konsep pamikiran
kang padha sajrone menehi lambang dening eneran utawa barang kang ana ing
pamikiran.
Barang kang digunakake ing makna
referensial iki minangka tuladha gawe nuduhake kepriye sejatine makna
referensial. Banjur apa wae sing bisa diarani makna refernsial iku. Saka
andharan kang ana ing ndhuwur wis katon yen barang sing bisa didadekake tuladha
makna referensial yaiku barang kang duwe eneran. Mula saka iku tegese makna
referensial wis katon kanthi tuladha-tuladha kang jangkep.
KAPUSTAKAN
Aminuddin.
1988. Semantik: Pengantar Studi tentang
Makna. Bandung: Sinar Baru
Algesindo
Chaer,
Abdul. 1995. Pengantar Semantik Bahasa
Indonesia (edisi refisi). Jakarta:
Rineka Cipta
Djajasudarma,
DR.T. Fatimah.1999. Semantik 1 Pengantar
Ke Arah Ilmu Bahasa.
Bandung : PT.Refika Aditama
Djajasudarma,
DR.T. Fatimah.2013. Semantik 2 Relasi
makna Paradigmatik
Sintagmatik, dan Derivasional
Parera, J.
D. 2004. Teori Semantik. Jakarta:
Airlangga
Pateda,
Mansoer. 1989. Semantik Leksikal.
Flores: Nusa Indah
Suwandi,
Sarwiji. 2008. Semantik Pengantar Kajian
Makna. Yogyakarta: Media Perkasa
Sudaryat,
Yayat. 2004. Struktur Makna. Bandung:
Raksa Cipta
Rahyono,
F.X. 2011. Studi Makna. Jakarta: Penaku
Sasangka,
Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa
Jakarta: Yayasan Paca Malingua
Tidak ada komentar:
Posting Komentar