Jumat, 16 September 2016

SEMANTIK BAHASA JAWA LEKSIKON KANG ATEGES BARANG


LEKSIKON KANG ATEGES BARANG
Vita Kristanti
12020114241

A.     Purwaka
Teges leksikon yaiku wujude basa kang nduweni makna lan bisa madeg dhewe. Dene satuane saka leksikon yaiku leksem utawa wujud basa kang nduweni makna. Leksikon kang ateges barang yaiku tembung-tembung kang bisa madeg dhewe, uwal saka konteks, maknane tinemu ing sajrone kamus (padha karo kamus) kang mujudake barang, piranti lan bahan. Bisa barang urip utawa barang mati lan barang sing bisa dietung utawa barang sing ora bisa dietung.
Makalah iki arep diandharake leksikon kang ateges barang kanthi cara maca-maca buku banjur nglumpukake panemu saka ahli semantik. Saliyane dhata-dhata kuwi mau uga diwenehi tuladha-tuladha supaya luwih cetha kanggo ngerteni babagan kasebut. Ing basa Jawa dirasa prelu nliti ngenani leksikon kang ateges barang. Jalaran ing basa jawa akeh leksem kang nduweni wujud barang. Leksikon ing basa Jawa dirasa durung jembar anggone ngandharake mula prelu diandharake maneh kanthi jembar. Ancase panliten iki yaiku nuduhake lan ngandharake ngenani apa kang diarani leksikon kang ateges barang, titikane leksikon kang ateges barang lan perangane leksikon kang ateges barang ing basa Jawa.
Paedahe ngandharake leksikon kang ateges barang yaiku supaya mahasiswa basa Jawa bisa ngerteni ngenani teges leksikal, leksikon kang ateges barang, titikane leksikon kang ateges barang, perangane leksikon kang ateges barang lan uga bisa ngerteni tuladhane. Luwih wigati maneh bisa nambah kawruh babagan basa Jawa, mligine ngenani leksikon kang ateges barang.

B.     Andharan
Bab sing arep diandharake ngenani leksikon kang ateges barang yaiku sekabehane tembung sing bisa madeg dhewe, maknane ana sajrone kamus lan arupa barang utawa piranti. Titikane saka leksikon kang ateges barang bisa diperang dadi papat. Dene perangane leksikon kang ateges barang diperang dadi loro. Sadurunge ngandharake teges leksikon kang ateges barang sing luwih jembar lan mligi maneh, luwih dhisik dingerteni teges leksikal.
1.      Tegese Leksikon kang Ateges Barang
Makna leksikal minangka perangan saka jinise makna adhedhasar jinis semantik. Teges leksikal wis akeh banget mdiandharake dening para ahli-ahli linguistik. Kaya dene miturut Chaer (2009:60) leksikal minangka wujud tebung kaanan saka tembung aran leksikon (kumpulane tembung). Satuan saka leksikon disebut leksem, yaiku satuan wujud basa kang nduweni makna. Yen leksikon padha karo kumpulane tembung, kamangka leksem bisa diarani tembung. Banjur bisa dingerteni dene makna leksikal yaiku makna kang asipat leksikon, asipat leksem, utawa asipat tembung. Teges leksikal yaiku teges kang nyata ana ing sajrone tembung kang uwal saka konteks apa wae. Tuladhane kaya tembung “potelod” nduweni teges arupa piranti tulis saka kayu lan areng (Chaer, 2007:118). Djajasudarma (2009:119) ngandharake manawa makna leksikal yaiku makna saka unsur-unsur basa minangka pralambang wujud lan kedadeyan. Leksikon iki nduweni unsur-unsur basa kang madeg dhewe lan uwal saka konteks.
Miturut Verhaar (sajrone Pateda, 2001:119) ngandharake manawa semantik leksikal ora prelu dijlentrehake kanthi jembar ing kene, kamus minangka conto kang nyata ngenani semantik leksikal, makna saben tembung dijlentrehake ing kono. Semantik leksikal ngandhut makna leksikal. Dene kang nliti semantik leksikal diarani “leksikologi”. Jalaran saben basa nduweni kumpulan tembung kang akeh cacahe nganti ewonan tembung. Saben tembung nduweni makna, banjur ing leksikografi yaiku negesi saben tembung utawa leksem (Verhaar, 2010:338). Makna leksikal yaiku teges basa minangka pralambang, aran lan kedadeyan. Teges leksikal nduweni basa kang uwal saka konteks utawa panganggone (Kridalaksana, 2008).
Teges leksikon kang ateges barang yaiku tembung kang bisa madeg dhewe, uwal saka konteks, maknane ana ing sajrone kamus kang mujudake barang utawa piranti. Bisa barang urip utawa barang mati, barang sing kena dietung lan ora kena dietung.
a.      Jinise Teges kang ana Padhanane karo Makna Leksikal
            Makna leksikal nduweni padhanan karo makna liya kang uga ngemu teges wantah. Makna iku antarane makna kognitif lan makna referensial.
1)     Makna Kognitif
            Miturut Sasangka (2008:198), makna kognitif yaiku makna wantah, makna kanga pa anane. Makna wantah utawa sing biyasane sinebut makna kognitif yen ditegesi kanthi cara lawaran yaiku makna kang blaka suta. Ing sajrone makna kognitif iku, pamicara ngomong apa anane lan kanggo maksud uga mung apa anane. Makna kognitif yaiku aspek-aspek makna ing sawijine basa kang gegayutan karo titikan kang wis ana ing sajrone basa utawa nalar. Miturut Djajasudarma (1999:9), makna kognitif kerep digunakake ing sajrone istilah teknik. Makna iki ora tau disambungake karo barang liya kanthi asosiatif, makna tanpa tafsiran gegayutan karo barang liya utawa prastawa liya. Makna kognitif yaiku makna kang sapenere, dudu makna entar utawa pepindhan.
            Beda maneh karo apa kang wis diandharake Pateda (1996:109), makna kognitif yaiku makna unsure basa kang paling cedhak karo donya sajabane basa, objek utawa idhe, gagasan, lan bisa dijlentrehake kanthi cara analisis komponen. Miturut Pateda (2001:98) teges wantah uga diarani makna kognitif amarga makna kasebut ana sesambungane karo teges, saka pamicara lan ana tanggapane saka pangrungu kang bisa ditampa dening panca ndriya. Mula saka kuwi, makna leksikal lan makna wantah padha-padha ngandhut makna asli sajrone tembung utawa leksem.
2)     Makna Referensial
            Makna referensial yaiku makna denotatif, makna sing isih nuduhake referen dhasar sing gumathok karo fakta utawa ciri sing dinduweni (Aminuddin, 2008:88). Referen yaiku samubarang sing dituduhake dening lambang. Referen utawa acuan (ener) bisa awujud aran, kedadeyan, proses utawa kasunyatan, sipat lsp. Makna referensial minangka makna unsur basa sing sesambungane cedhak karo donya ing sajabane basa, sing bisa dijlentrehake nganggo analisis kompenen. Yen ana tembung segara, mula lambang kang dituduhake yaiku panggonan kang kebak banyu, amba lan jeru. Wong sing ngerteni segara mesthi bisa mbayangake kaya ngapa wujud lan kahanane segara iku. Makna referensial nuduhake makna sing langsung.

2.      Tegese Barang
Miturut Purwadarminta (1939:31) barang yaiku apa-apa kang maujud, ing sakiwa tengene manungsa. Bisa uga diarani piranti-piranti kang digawe manungsa ing bebarayan.
Djajasudarma (1999:9) pamerange barang ana 2, yaiku barang urip lan barang mati. Barang urip yaiku, apa-apa kang nduweni wujud utawa kang ana nyatane bisa obah lan ambegan. Saka perangan barang urip iku dhewe bisa diperang maneh dadi loro, yaiku barang urip sing bisa dietung lan barang urip kang ora bisa dietung. Barang urip sing bisa dietung yaiku, apa-apa kang nduweni wujud utawa kang ana nyatane bisa obah lan ambegan sarta bisa dietung kanthi etungan tangan, kayata manungsa, kewan lan tetuwuhan. Yen barang urip kang ora bisa dietung yaiku, apa-apa kang nduweni wujud kang ana nyatane kang bisa obah lan ambegan, nanging ora bisa dietung kanthi etungan tetep, kayata setan lan iblis.
Barang mati yaiku, apa-apa kang maujud, nanging mati utawa ora bisa obah lan ambegan. Saka perangane barang mati uga bisa diperang maneh dadi loro yaiku barang mati kang bisa dietung lan barang mati kang ora bisa dietung. Barang mati kang bisa dietung yaiku, apa-apa kang maujud, nanging mati utawa ora bisa obah lan ambegan bisa dietung siji mbaka siji kayata meja lan kasur. Yen barang mati kang ora bisa dietung yaiku, apa-apa kang maujud, nanging mati utawa ora bisa obah lan ambegan kang ora bisa dietung siji mbaka siji, kayata pasir lan rambut.

3.      Titikane Leksikon kang Ateges Barang
Saka andharan ing ndhuwur, leksikon kang ateges barang bisa dititik kanthi cetha. Titikane leksikon kang ateges barang kaya kang dijlentrehake ing ngisor iki:
1.      Tembung kang bisa madeg dhewe
Tembung-tembung leksikon iki bisa madeg utawa jejeg dhewe lan nduweni teges sing mesthi. Teges kasebut wis maton nalika meruhi wujude tembung.

2.      Maknane ana sajrone kamus
Makna utawa teges tenbung-tembung leksikon iki ana ing sajrone kamus, padha tegese karo apa kang ditulis ning kamus. Umume leksikon bisa diweruhi maknane kanthi cara nggoleki ning sajrone kamus.
3.      Arupa tembung lingga
Tembung-tembung ing leksikon kang ateges barang iki arupa tembung lingga. Ora ana sing andhahan, amarga yen dadi tembung andhahan bisa ngowahi maknane.
4.      Tatarane tembung mujudake piranti
Tembung-tembung ing leksikon kang ateges barang iki mujudake barang utawa piranti-piranti kang digunakake karo wong ing saben dina.

4.      Perangane Leksikon kang Ateges Barang
a.      Pangrimbage adhedhasar piranti
Adhedhasar barang bisa dibedakake dadi pirantine masak, piranti mangan, piranti tukang, piranti bengkel, piranti tetanen, kendharaan, piranti tulis tinulis. Makna leksikon bisa kedadeyan ana ing tembung lan ukara. Tuladhane tembung barang utawa piranti kang ngandhut makna leksikal yaiku:
Leksikon
Pangrimbage sajrone piranti
Ma
sak
Ma
ngan
Tu
kang
Beng
kel
Te
tanen
Omah-omah
Kendhara
an
Tulis-tinulis
panci







wajan







kompor







piring







gelas







sendok







mangkok







graji







pethil







obeng







dongkrak







arit







pacul







garu







dipan







meja







kursi







knalpot







ban







ruji







potelod







kertas







buku








1)     Pirantine masak
a.      Panci
“Ibu mundhut panci ing pasar wingi sore.”
Tembung panci kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine masak kang ana ing pawon utawa omah. Panci uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo enerane amarga makna saka tembung panci kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
b.      Wajan
“Aku nggoreng iwak ing wajan nganti gosong.”
Tembung wajan kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine masak kang ana ing pawon utawa omah. Wajan uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung wajan kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
c.      Kompor
“Bapak mbenakake kompor sing rusak ing ngarep omah.”
Tembung kompor kalebu wujud barang mati bisa dietung, pirantine masak kang ana ing pawon utawa omah. Kompor uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran marga makna saka tembung kompor kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

2)     Pirantine mangan
d.      Piring
       “Adhi nangis amarga pengin piring sing ana gambare robot.”
Tembung piring kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine mangan kang ana ing pawon kanggo wadhah mangan utawa panganan. Piring uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung piring kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
e.      Gelas
       “Aku lan Catur tuku gelas sing wernane padha.”
Tembung gelas kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine mangan kang ana ing pawon kanggo ngombe. Gelas uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung gelas kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
f.       Sendok
       “Sendok ing kontrakan padha ilang kabeh.”
Tembung sendok kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine mangan kang ana ing pawon. Sendok uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung sendok kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
g.      Mangkok
       “Sapa sing mecahake mangkok ijo iki, Yun?”
Tembung mangkok kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine mangan kang ana ing pawon kanggo wadhah mangan utawa panganan. Mangkok uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung mangkok kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

3)     Pirantine tukang
h.      Graji
“Pakdhe nyilih graji ning omahe Pak Bambang.”
Tembung graji kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tukang nugel kayu. Graji uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung graji kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
i.       Pethil
“Mar, Bapak jupukna pethil ning ndhuwur lemari!”
Tembung pethil kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tukang kanggo nuthuk paku supaya gathuk ing kayu utawa tembok. Pethil uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung pethil kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

4)     Pirantine bengkel
j.       Obeng
“Tik, sesuk balikna obeng kuwi ning omahe Lik Pardi!”
Tembung obeng kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine bengkel gawe nyepot lan masang mor. Obeng uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung obeng kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

k.      Dongkrak
“Bengkel kok ora duwe dongkrak, saute bapak.”
Tembung dongkrak kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine bengkel kanggo ngangkat ban montor utawa trek lsp. Dongkrak uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung dongkrak kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

5)     Pirantine tetanen
l.       Arit
“Bapak nggawa arit menyang sawah.”
Tembung arit kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tetanen kanggo babati suket. Arit uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung arit kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
m.    Pacul
“mulih-mulih kok nggawa pacul ta le?”
Tembung pacul kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tetanen kanggo ngedhuk lemah. Pacul uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung pacul kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
n.      Garu
“Nyiliha garu ning omahe Budhe, Yun!”
Tembung garu kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tetanen kanggo nyisiri gabah nalika dipepe. Garu uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung garu kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

6)     Pirantine omah-omah
o.      Meja
“Bukune ning ndhuwur meja aja lali digawa!”
Tembung meja kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine omah-omah kanggo wadhah utawa papan panggonan samubarang. Meja uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung meja kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
p.      Kursi
“Entenana dhisik bocahe, lungguha ning kursi jero ndhuk!”
Tembung kursi kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine omah-omah kanggo lungguh. Kursi uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung kursi kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
q.      Dipan
“Apa wis kok resiki ngisore dipan kuwi?”
Tembung dipan kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine omah-omah kanggo mapan turu. Dipan uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung dipan kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

7)     Pirantine kendharaan
r.       Knalpot
“Sikile adhi kena knalpot nganti mbranang.”
Tembung knalpot kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine kendharaan kang ana ing montor, bis, lsp. Knalpot uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung knalpot kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
s.      Ban
“Paklik mundhut ban kanggo montore Mas Cahyo.”
Tembung ban kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine kendharaan supaya bisa mlaku. Ban uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung ban kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
t.       Ruji
“Bocah kae nangis gara-gara sikile kecepit ruji.”
Tembung ruji kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine kendharaan kang ana ing sepedhah. Ruji uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung ruji kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

8)     Pirantine tulis tinulis
u.      Potelod
“Tuku potelod kok akeh banget ta, Mar?”
Tembung potelod kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tulis-tinulis gawe nulis. Potelod uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung potelod kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
v.      Kertas
“Tulisen jenengmu sing jangkep ning kertas putih iki!”
Tembung kertas kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tulis-tinulis gawe papane tulisan. Kertas uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung kertas kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
w.     Buku
“Aku nyilih buku matematikamu ya?”
Tembung buku kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, pirantine tulis-tinulis kanggo papane nulis samubarang. Buku uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung buku kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

b.      Pangrimbage adhedhasar bahan
Adhedhasar barang bisa dibedakake dadi bahan panganan, bahan bangunan, lan bahan bakar. Makna leksikon bisa kedadeyan ana ing tembung lan ukara. Tuladhane tembung barang utawa bahan kang ngandhut makna leksikal yaiku:
Leksikon
Pangrimbage sajrone bahan
Panganan
Bangunan
Bakar
tepung


gula


uyah


lombok


kangkung


semen


kayu


wesi


bata


watu


pasir


bensin


solar


Lenga



1)     Bahan Panganan
a.      Tepung
“Tambahana tepung sekilo karo endhog telu wae!”
Tembung tepung kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahane panganan kanggo campuran gawe jajan utawa roti. Tepung uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung tepung kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
b.      Gula
“Aja akeh-akeh yen menehi gula, ora apik kanggo awak.”
Tembung gula kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahane panganan kanggo campuran gawe jajan utawa roti sarta gawe masak. Gula uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung gula kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
c.      Uyah
“Mesthi masakane kakehen uyah, nganti pahit.”
Tembung uyah kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahane panganan kanggo masak supaya luwih sedhep. Uyah uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung uyah kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
d.      Lombok
“Regane Lombok saiki mundhak maneh.”
Tembung lombok kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahane panganan kanggo campurane masak samubarang. Lombok uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung lombok kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

2)     Bahan Bangunan
e.      Semen
“Tuku semen sing akeh pisan supaya ora bola-bali.”
Tembung semen kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahane bangunan kanggo campuran gawe bangun omah. Semen uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung semen kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
f.       Kayu
“Simbah ngusungi kayu cilik-cilik ing mburi omah.”
Tembung kayu kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, bahane bangunan kanggo gawe lemari, kursi, meja lsp. Kayu uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung kayu kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
g.      Wesi
“Tronton kuwi nabrak trek amot wesi.”
Tembung wesi kalebu wujud barang mati sing bisa dipetung, bahane bangunan kanggo usuke omah. Wesi uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung wesi kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
h.      Bata
“Butuh bata pirang ewu kanggo mbangun omah, Pak?”
Tembung bata kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, bahane bangunan kanggo tembok. Bata uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung bata kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
i.       Watu
“Adhi nggawani watu saka pinggir kali.”
Tembung watu kalebu wujud barang mati sing bisa dietung, bahane bangunan. Watu uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung watu kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
j.       Pasir
“Bocah-bocah senengane dolanan pasir ing pinggir segara.”
Tembung pasir kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahane bangunan. Pasir uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung pasir kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

3)     Bahan bakar
k.      Bensin
“Tuku bensin ngendi iki, wis tengah wengi.”
Tembung bensin kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahan bakar kanggo montor lsp. Bensin uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung bensin kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
l.       Solar
“Pakdhe nggawa jurigen isi solar menyang kapal.”
Tembung solar kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahan bakar kanggo bis, trek lsp. Solar uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung solar kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.
m.    Lenga
“Lenga ning plastik kuwi wadhahana botol wae, Tik!”
Tembung lenga kalebu wujud barang mati sing ora bisa dietung, bahan bakar kanggo kompor. Lenga uga sawijine leksikon, yaiku makna kang padha karo eneran amarga makna saka tembung lenga kasebut padha karo asile sing ditindakake panliten utawa makna kang pancen pener ana ing sajrone kamus.

C.     Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur, bisa didudut yen tegese leksikon kang ateges barang yaiku tembung kang bisa madeg dhewe, uwal saka konteks, maknane ana ing sajrone kamus kang mujudake barang utawa piranti.
Leksikon kang ateges barang yaiku makna tembung nalika madeg dhewe kang wujude barang. Pamerange barang ana loro, yaiku barang urip lan barang mati. Barang urip yaiku sing nduweni wujud, nyata, bisa obah lan ambegan. Yen barang mati yaiku sing maujud nanging mati utawa ora bisa obah lan ambegan.
Leksikon kang ateges barang bisa katitik saka tembunge kang bisa madeg dhewe, maknane ana sajrone kamus, arupa tembung lingga, tatarane tembung mujudake piranti utawa bahan. Perangane leksikon kang ateges barang ana loro, yaiku pangrimbage adhedhasar piranti lan pangrimbage adhedhasar bahan. Adhedhasar piranti bisa dibedakake dadi piranti masak, piranti mangan, piranti tukang, piranti bengkel, piranti tetanen, piranti kendharaan, lan piranti tulis-tinulis. Yen adhedhasar bahan bisa dibedakake dadi bahan panganan, bahan bangunan lan bahan bakar.

KAPUSTAKAN
Aminuddin. 2008. Semantik: Pengantar Studi tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algensindo.

Chaer, Abdul. 2009. Leksikologi dan Leksikografi Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.

                        2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.

Djajasudarma, T.Fatimah. 2009. Semantik 2 Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: Rafika Aditama.

Kridalaksana, Harimurti. 2008. Kamus Linguistik Edisi Keempat. Jakarta: PT Gramedia.

Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal (Edisi Kedua). Jakarta: Rineka Cipta.

Poerwadarminta. 1939. Baosastra Djawa. Batavia: Pangetjapan J.B Wolters Uitgevers Maatschaapij.

Sasangka. Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.

Verhaar, J.W.M. 2010. Asas-asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gadjah Mada University Pres

Tidak ada komentar:

Posting Komentar