MAKNA
PRESUPOSISIONAL STRUKTURAL ING BASA JAWA
Paundra
Pristyasiwi
12020114222
2012
C
A. Purwaka
Makna presuposisional struktural yaiku salah sijine
perangan saka makna presuposisional. Presuposisional struktural kerep dinggo
sajrone ukara, nanging anane makna presuposisi struktural kang ana sajrone
ukara iki kerep ora digatekake dening pamaca. Makna presuposisional uga dadi
salah sijine perangan ing wacana. Makna presuposisional struktural ing basa
Jawa bisa ditegesi pangira-ira kang umume awujud ukara pitakon kang ana sajrone
ukara ing basa Jawa. Makna presupsosisional struktural iki diener miturut
ukara-ukara tartamtu kang wis dijlentrehake minangka pangira-ira kanthi cara
umum yen bageyan struktur iku wis mesthi benere.
Landhesan kang digunakake ing makalah iki yaiku panemune
para ahli linguistik ngenani makna
presuposisisonal struktural kanthi cara umum. Dikarepake panliten iki bisa
nambahi kawruh ngenani bab makna presuposisional struktural ing basa Jawa, kang
dadi titikane makna presuposisional struktural ing basa Jawa, lan perangane
makna presuposisional struktural ing basa Jawa. Makalah iki bakal njlentrehake
ngenani makna presuposisional struktural ing ukara basa Jawa. Kanthi cara
ngandharake tegese makna presuposisional struktural, titikane makna
presuposisional struktural, lan pamerangane makna presuposisional struktural
ing basa Jawa, lan bakal njlentrehake tuladha siji mbaka siji kanthi cara
analisis struktur ukarane. Analisis struktur ukara kasebut kanggo mbuktekake
anane makna presuposisional struktural sing ana ing ukara basa Jawa.
B. Andharan
Ana bageyan iki dicethakake lan
dijlentrehake ngenani teges, titikan, lan perangane makna presuposisional
struktural ing basa Jawa.
1. Tegese
Makna Presuposisional Struktural Ing Basa Jawa
Makna presuposisi struktural yaiku pangira-ira kang
diandharake liwat ukara sing langsung bisa dingerteni dening mitra wicara tanpa
ndelok tembung kang digunakake. Ing makna presuposisi struktural, struktur sing
digunakake yaiku ukara pitakon. Struktur iku merlokake warta kang dikira-kira
utawa dianggep bener lan bisa dingerteni mitra wicara (Yule, 2006:49).
Makna presuposisional struktural iki klebu salah siji
perangan saka makna presuposisional. Makna presuposisi yaiku asumsi mitra
wicara bisa ngerteni ukara sing diandharake dening penutur amarga ukara kasebut
nduweni tandha, konteks, lan ngandhut referen sing wis dingerteni dening mitra
wicara (Aminudin, 2011:95).Makna
presuposisi utawa pangira-ira yaiku syarat kang diperlokake kanggo bener utawa
orane ukara; kayata “dheweke dodolan” yaiku pangira-ira kang bener ing ukara “Dodolane
laris banget” (Kridalaksana, 2008:198).
Miturut Cummings (2007:42), ngandharake presuposisional
yaiku makna kang ngandhut kabeh asumsi sing bisa njalari tuwuhe ukara sing bisa
dinalar. Makna presuposisional wis ditegesi kanthi cara kang beda-beda dening
para ahli, ananging umume pangira-ira yaiku minangka andharane para penutur
sadurunge ngasilake ukara.
Saka andharan para ahli linguistik ing
ndhuwur, bisa ditegesi makna presuposisional yaiku pangira-ira utawa pamikirane
manungsa tumrap kedadeyan sing wis kelakon utawa durung kelakon. Makna presuposisional
struktural ing basa Jawa utawa pangira-ira struktural ing basa Jawa iku
struktur ukara basa Jawa tartamtu kang wis dijlentrehake minangka pangira-ira
kanthi cara umum yen struktur iku wis bener. Penutur bisa nggunakake
struktur-struktur utawa peprincene ukara sing kaya ngono iku, merlokake warta
sing dianggep bener lan saka kene benere
ukara bisa ditampa penutur. Ukara pitakon lan tembung pitakon ing basa Jawa
bisa dadi pangira-ira yen warta awujud ukara lan tembung pitakon wis dingerteni
dadi prekara ing bab iki.
2. Titikan
Makna Presuposisional Struktural Ing Basa Jawa
Bab kang njalari tuwuhe makna
presuposisi utawa pangira-ira sajrone ukara yaiku anane tembung kriya. Tembung
kriya yaiku tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe, tembung
kriya uga bisa ngemu teges lumakune kahanan. Maksud tembung kriya kang dadi
sebab utama sing njalari tuwuhe makna presuposisi yaiku ukara kang ngandhut
tembung kriya, amarga pangira-ira iki awujud ukara dudu awujud tembung.
Kang dadi titikan utama makna
presupsosisional yaiku pangira-ira kang adhedhasar sipat sing bener. Maksud
saka andharane ing ndhuwur yaiku ukara kang diandharake dening panutur iku
tetep bener masiya ukarane didadekake ukara negatip. Tuladhane kaya ing ngisor
iki.
(1a)
“Sepatune Ani anyar.” (+)
(1b)”Sepatune
Ani ora anyar.” (-)
Ukara (1b) awujud ukara negatif saka ukara (1a).
Pangira-ira (1a) yaiku sepatune Ani anyar. Ing ukara (1b) ngandhut makna sing
beda yaiku awujud ukara negatif, nanging pangira-ira kasebut ora bisa disalahke
amarga padha-padha ngandharake yen Ani nduwe Sepatu.
Kang dadi titikan makna
presuposisi struktural ing basa Jawa yaiku anane ukara pitakon, utawa tandha
pitakon sajrone ukara, lan anane lagu pocapan minangka titikan utama saka ukara
pawarta. Anane tandha iku nuduhake yen struktur ukarane wis cetha utawa masalah
sajrone ukara iku wis cetha, lan bisa dingerteni kebenerane ukara kasebut.
Banjur anane lagu pocapan sajrone ukara pawarta iku supaya bisa mbedakake
antarane ukara pawarta siji lan sijine. Jinise pangira-ira iki bisa nuntun
mitra wicara supaya bisa percaya warta sing ditampilake mesthi benere, ora mung
pangira-irane manungsa sing lagi takon. Ukara kang ngandhut makna
presuposisionl struktural kanthi macem-macem wujud nggunakake ukara pitakon lan
ukara pawarta.
3. Perangane
Makna Presuposisional Struktural Ing Basa Jawa
Ing makna presuposisional iku mau bisa
diperang dadi 6 bageyan, salah sijine yaiku makna presuposisional struktural.
Makna presuposisi struktural iki uga bisa diperang maneh dadi loro adhedhasar
wujude ukara. Perangane makna presuposisional struktural ing basa Jawa kang
adhedhasar wujude ukara, sing kaping pisan yaiku awujud ukara pitakon, kang
kaping pindho awujud ukara pawarta.
Ing ngisor iki bakal diandharake
ngenani perangane makna presuposisi struktural ing basa Jawa kang adhedhasar
wujude ukara. Tuladha ing ngisor iki nggambarake pangira-ira struktural sing
bisa nuwuhake maneka warna pangira-ira lan pangira-ira kasebut bisa ditampa
dening petutur.
a. Makna
Presuposisional Struktural ing Basa Jawa kang Awujud Ukara Pitakon
Ing perangan iki bakal diandharake
ngenani makna presuposisional struktural ing basa Jawa kang awujud ukara
pitakon. Ukara pitakon yaiku ukara kang ngandhut makna pitakonanan utawa ukara
sing isine pitakonan kanggo nuduhake wangsulan sing bener. Ukara pitakon
iku sawenehe ukara kang surasane nakokake prekara kang durung cetha utawa durung
jelas. Dene anggone ngrakit ukara iku kudu mawa wewaton ing bab perkara sing ditakokake. Makna presuposisional
struktural ing basa Jawa kang awujud ukara pitakon bisa diperang dadi 5
adhedhasar wujude pitakon.
1) Nakokake
Wewujudan
Ing perangan iki ngandharake
ngenani ukara pitakon kang awujud pitakonan sing nakokake wewujudan. Wewujudan
kang ditakokake yaiku arupa wewujudane manungsa, wewujudan barang, lan
wewujudan tumrap samubarang.
Conto:
(2) Apa apike klambi sing koknggo?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(2a)
Dheweke nganggo klambi.
(2b)
Dheweke nganggo klambi ora pati apik.
Saka ukara ing ndhuwur bisa tuwuh pangira-ira (2a) masiya
dheweke nganggo klambi apik apa ora nanging kasunyatane dheweke tetep nganggo
klambi. Banjur ana pangira-ira (2b) ing pangira-ira iki mitra tutur nduweni
pangira-ira yen klambi sing dinggo dening petutur iku miturut mitra tutur ora
pati apik, ananging miturut si petutur klambi iku mau klambi apik. Anane
tembung pitakon “apa”
sajrone ukara (2) nuduhake ing klambi sing digawe kuwi ana samubarang sing
narik kawigaten utawa apik. Saka andharan kasebut bisa diwangsuli kanthi warta
utawa kabar sing bener sing padha karo kasunyatane. Ing tuladha iki nggambarake
wewujudane barang, barange yaiku arupa klambi.
(3) Apa ora getun omahe didol?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(3a)
Saiki ora nduweni omah.
(3b)
Arep pindhah omah.
Saka ukara (3) bisa nuwuhake pangira-ira (3a), lan (3b)
struktur ukara pitakon (3) nuwuhake pangira-ira yen mitra tutur saiki wis ora
duwe omah jalaran omahe didol, lan bisa uga mitra tutur arep pindhah omah,
amarga arep pindhah omah iku mau banjur omahe sing lawas iku mau didol. Yen
penutur wis ngedol omahe tegese wis dipikir kanthi temenan lan wangsulan saka
pitakonan (3) bisa diwangsuli kanthi cetha. Pangira-ira iki uga digambarake
nggunakake tembung “apa”. Tuladha (3) iku nggambarake
pitakonan sing nakokake wewujudan tumrap samu barang, amarga ana tembung
pitakon “apa” minangka titikane saka pitakonan sing nakokake wewujudan tumrap
samubarang.
(4) Sapa sing masak ing pawon?
Ukara
kasebut nuduhake pangira – ira yaiku:
(4a)
Ana wong sing masak ing pawon.
(4b)
Ana panganan ing pawon.
Pangira–ira kang nuduhake “ana wong” minangka sing dadi punjere ukara lan dingerteni karo penutur saka
struktur ukara pitakon sing nakokake “sapa”.
Tambung “ana panganan” iku
nuduhake yen ana panganan sing dimasak. Andharan ing ndhuwur wis nerangake
ngenani sebab tuwuhe pangira-ira yaiku tuwuh saka anane tembung kriya. Ing sukara
(4) ana tembung kriya “masak” bukti yen tembung kriya dadi sebab tuwuhe makana
presuposisional. Nanging wangsulan saka pitakon kang ditakokake iku nduweni
wangsulan awujud tembung aran sing ngiringi pangira-ira. Pangira-ira iki bisa
dideleng saka anane pangira-ira “wong”
lan “panganan” rong tembung iki
awujud tembung aran kang ngiringi anane pangira-ira. Tuladha (4) iku
nggambarake pitakonan sing nakokake wewujudane manungsa, amarga ana tembung
pitakon “sapa” minangka titikane saka pitakonan sing nakokake wewujudane
manungsa.
(5)
Sapa
sing mangan ing emperan?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira – ira yaiku:
(5a)
Ana uwong sing mangan ing emperan.
(5b)
Panganane wis entek.
Pangira–ira kang nuduhake “ana wong” minangka sing dadi punjere ukara lan dingerteni karo penutur saka
struktur ukara pitakon sing nakokake “sapa”.
Ukara “ana sing mangan” iku nuduhake yen ana uwong sing mangan
panganan kasebut. Andharan ing ndhuwur wis ngandharake ngenani sebab tuwuhe
pangira-ira yaiku tuwuh saka anane tembung kriya. Ing ukara (5) ana tembung
kriya “mangan” bukti yen tembung kriya dadi sebab tuwuhe makna presuposisional,
nanging wangsulan saka pitakon kang ditakokake iku duwe pamikiran wangsulan
awujud tembung aran sing ngiringi pangira-ira. Pangira-ira iki bisa
dijlentrehake saka anane pangira-ira “wong” lan “panganan” rong tembung iki
awujud tembung aran kang ngiringi anane pangira-ira.
(6)
Sapa
ta sing ngongkon menyang pasar?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(6a)
Ana sing ngongkon menyang pasar.
(6b)
Ana sing budhal menyang pasar.
Pangira-ira kang nuduhake “ana wong” sing dadi punjere ukara lan dingerteni karo penutur saka struktur
ukara pitakon sing nakokake “sapa”. Ukara “ana sing menyang pasar” iku nuduhake yen ana uwong sing lagi
dikongkon lunga menyang pasar. Andharan ing ndhuwur wis ngandharake ngenani
sebab tuwuhe pangira-ira yaiku tuwuh saka anane tembung kriya. Ing ukara (6)
ana tembung kriya “menyang” bukti yen tembung kriya dadi sebab tuwuhe makana
presuposisional. Wangsulan saka pitakon kang ditakokake iku nduweni wangsulan
awujud tembung aran sing ngiringi pangira-ira. Pangira-ira iki bisa dideleng
saka anane pangira-ira “wong” tembung
iki awujud tembung aran kang ngiringi anane pangira-ira.
(7)
Sapa
sing adus bengi-bengi ngene kae?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(7a)
Ana sing adus bengi-bengi.
(7b)
Ana sing weruh wong adus.
Saka ukara (7) bisa nuwuhake pangira-ira (7a) lan (7b),
pangira-ira iku mau nuduhake yen ana wong adus ing wayah wengi, lan ana sing
weruh ana pawongan kang adus ing wayah wengi. Pangira-ira kang nuduhake “ana
wong” minangka sing dadi punjere
ukara lan dingerteni karo penutur saka struktur ukara pitakon sing nakokake “sapa”. Ukara “ana sing adus” iku
nuduhake yen ana uwong sing lagi adus ing wayah wengi. Andharan ing ndhuwur wis
ngandharake ngenani sebab tuwuhe pangira-ira yaiku tuwuh saka anane tembung
kriya. Ing ukara (7) ana tembung kriya “adus” bukti yen tembung kriya dadi
sebab tuwuhe makana presuposisional, nanging wangsulan saka pitakon kang
ditakokake nduweni pangira-ira wangsulan awujud tembung aran sing ngiringi
pangira-ira. Pangira-ira iki bisa dideleng saka anane pangira-ira “wong” tembung iki awujud tembung aran kang ngiringi
anane pangira-ira.
(8)
Apa
Surya dina iki ora sida balik?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(8a) Surya ora neng omah.
(8b) Surya Arep balik.
Saka ukara (8) nuwuhake pangira-ira, senajan Surya balik
apa ora nanging saiki dheweke isih ana ing panggon megawe. Pangira-ira (8a)
nuduhake yen paraga utama utawa Surya iku arep bali neng omahe lan wangsulan
saka pitakon kuwi wis mesthi benere, amarga wangsulane iku mesthi padha karo
asline utawa wis pas karo tanggal baline lan pitakonan iki bisa uga diwangsuli
“iya karo “ora”. Banjur saka pangira-ira (8b) nuduhkake benere ukara utawa
kahanane paraga utama, yen Surya saiki durung bali utawa isih ana ing panggon
megawe. Iki bukti yen pangira-ira struktural iku mesthi benere. Pangira-ira iki
uga digambarake nggunakake tembung “apa”,
ing perangan iki penutur kanthi cara ora langsung mesthi wis bisa mangerteni
kapan dheweke budhal.
2) Nakokake
Kahanan
Ing perangan iki ngandharake
ngenani ukara pitakon kang awujud pitakonan sing nakokake Kahanan.
Conto:
(9) Kepriye kok bisa nggawe bor
untu sing nganti nuwuhake musik?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(9a)
Ana bor untu.
(9b)
Ana bor kang bisa nuwuhake swara.
Saka ukara (9) bisa nuwuhake pangira-ira (9a) yaiku anane
bor untu, lan (9b) anane bor untu sing bisa nuwuhake musik. Saka ukara (9)
tembung pitakonan kang digunakake yaiku “kepriye”.
Pitakonan “kepriye” nuduhake ngenani
proses kang dilakoni dening mitra tutur sajrone nyiptakake utawa nggawe bor
untu sing nganti isa nuwuhake swara. Ukara kasebut uga menehi pangira-ira yen
mitra tutur nyipatakake bor untu sing ana musike. Banjur struktur sing
digunakake yaiku tembung pitakon “kepriye”
karo nakonke ngenani proses utawa cara nggawene piranti kasebut.
(10) Piye, saiki penak apa ora dadi
polisi nang Jakarta?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(10a)
Wis dadi polisi.
(10b)
Sadurunge ora ing Jakarta.
Saka ukara (10) bisa ngasilake pangira-ira (10a)
pangira-ira iki nuduhkake yen narasumber wis dadi polisi, wis dadi wong gedhe,
banjur tuwuh pangira-ira (10b) pangira-ira sadurunge dheweke makmur dheweke
dudu polis. Banjur saiki wis dadi polisi uripe kepenak, wangsulan saka pitakon
iku wis cetha.
(11) Kepriye ide kuwi tuwuh, banjur
bisa nggawe piranti cangkingan iku?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira – ira yaiku:
(11a)
Ana cara nggawe cangkingan.
(11b)
Ana cangkingan.
Saka ukara (11) bisa nuwuhake pangira-ira (11a)
pangira-ira iki tuwuh amarga ana pamikirane manungsa kang maneka warna, mitra
tutur ngira-ira yen dheweke bisa nggawe cangkingan mesthine penutur iku nduweni
pamikiran utawa gagasan. Ukara (11) menehi struktur kang nduweni usaha nggoleki
benere pangira-irane mitra wicara sing nduweni pamikiran, saengga gatra “saka
ngendi” digunakake deninng mitra tutur kanggo nggolek berita saka mitra tutur.
Wujud pangira-ira iki digambarake, penutur nduweni pamikiran, kaya kang wis
digambarake dening Yule (2006:49), yen mitra tutur mangsuli pitakonane kaya ing
ukara (11) ngira-ngira ide iku tuwuh saka ngendi. Penutur yakin yen mitra tutur
nduweni pangira-ira sing kaya ukara ing ukara (11) bisa dadi gambaran pangira-ira ukara kasebut.
3) Nakokake
Cacah
Ing
perangan iki ngandharake ngenani ukara pitakon kang awujud pitakonan sing
nakokake cacah utawa jumblah.
Cont:
(12) Pira regane kucing apik kuwi?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira – ira yaiku:
(12a)
Ana kucing apik.
(12b)
Regane kucinge larang.
Saka ukara (12) nuwuhake pangira-ira (12a) yen dheweke
nduwe kucing apik. Banjur pangira-ira (12b) nuduwuhake pangira-ira yen kucing
apik kuwi mesthi regane larang, amarga ana salah sijine mitra tutur kang menehi
ukara pitakon. Anane tembung pitakonan “pira” sajrone ukara (12) nudhukake
pangira-ira yen dheweke tuku kucing sing regane bisa dikira-kira larang amarga
kucinge apik.
(13) Kowe ndhek wingi menang lomba
macapat juwara pira?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira – ira yaiku:
(13a) Ana lomba macapat.
(13b)
Menang lomba macapat.
Saka ukara (13) nuwuhake pangira-ira, (13a) lan (13b).
Pangira-ira (18a) nggambarake yen ana lomba macapat. Saka angira-ira (13b) ing
lomba macapat iku mesthi ana sing menang. Iki bukti yen pangira-ira struktural
iku mesthi benere. Pangira-ira iki uga digambarake nggunakake tembung “pira”.
4) Nakokake
Papan
Ing perangan iki ngandharake
ngenani ukara pitakon kang awujud pitakonan sing nakokake papan.
Conto:
(14) Ing ngendi kowe tuku sepedhah?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(14a)
Sadurunge ora nduweni sepedhah.
(14b)
Sepedhahe anyar.
(14c)
Ana toko sepedhah.
Saka ukara (14) nuwuhake pangira-ira (14a) yen dheweke
sadurunge urung nduweni sepedhah. Banjur pangira-ira (14b) nuduhake yen penutur
nduweni sepedhah anyar, amarga ana salah sijine mitra tutur kang menehi ukara
pitakon (14). Banjur ana pangira-ira (14c) sing nggambarake anane toko minangka
papan kanggo tuku sepedhah. Anane tembung pitakonan “ing ngendi” sajrone ukara (14) nuduhake pangira-ira yen dheweke
tuku sepedhah lan nduweni sepedhah anyar. Ukara pitakonan (14) iku wangsulane
wis mesthi cetha lan padha karo kasunyatan sing wis kedadeyan.
5) Nakokake
Mangsa utawa Wektu
Ing perangan iki ngandharake
ngenani ukara pitakon kang awujud pitakonan sing nakokake mangsa utawa wektu.
Conto:
(15) Kapan Arya budhal?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(15a)
Arya arep lunga.
(15b)
Arya isih neng omah.
Saka ukara (15) nuwuhake pangira-ira, senajan Arya lunga
apa ora nanging saiki isih ana ing omah. Pangira-ira (15a) nuduhake yen paraga
utama utawa Arya iku arep lunga, lan wangsulan saka pitakon kuwi wis mesthi
benere, amarga wangsulane iku mesthi padha karo asline utawa wis pas karo
tanggal budhale. Banjur saka pangira-ira (15b) nuduhkake benere ukara utawa
kahanane si paraga utama, yen Arya saiki durung lunga utawa isih ana ing omah.
Iki bukti yen pangira-ira struktural iku mesthi benere. Pangira-ira iki uga
digambarake nggunakake tembung “kapan”,
ing perangan iki penutur kanthi cara ora langsung mesthi wis bisa ngerteni
kapan dheweke budhal.
(16) Kerjamu dina iki apa nganti
wengi?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(16a)
Ora biyasa megawe nganti wengi.
(16b)
Bakal bali wengi.
Saka ukara (16) iku bisa nuwuhake pangira-ira
yen mitra tutur iku megawe lan mulihe mesthi wengi, uga ana pangira-ira yen
mitra tutur mulih kerja ora biasa nganti wengi. Banjur warta sing dibutuhake
dening mitra wicara iku wis cetha amarga wangsulane penutur, lan wangsulan kuwi
wis mesthi benere lan padha karo kasunyatane sing dilakoni si narasumber.
(17) Kapan kowe wiwit dadi atlet
basket?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(17a)
Dadi atlet basket.
(17b)
sadurung dudu atlet basket.
Saka ukara (17) bisa nuwuhake pangira-ira (17a), lan (17b). Saka pangira-ira (17b) bisa
dijlentrehake yen sadurunge mitra tutur iku dudu atlet basket. Sadurunge
dheweke dudu atlet basket, dhewek panggah dadi atlet. Ukara ing (17)
pangira-irane yen mitra tutur dadi atlet baket. Apa maneh tuladha iki disambungake
karo pitakonan “kapan”, bakal ngasilake gambaran sing nduweni sesambungan karo
wektu. Gunane tembung pitakon “kapan” nuduhkake yen mitra tutur saiki uwis dadi
atlet basket.
(18) Kapan kowe wiwit mergawe ing pabrik
sepatu?
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(18a)
Sadurunge ora mergawe ing pabrik sepatu.
(18b)
Saiki mergawe ing pabrik sepatu.
Saka ukara (18) bisa nuwuhake
pangira-ira (18a) lan (18b), mitra tutur nduweni pangira-ira yen penutur kuwi
sadurunge mergawe ing pabrik sepatu, dheweke megawe ing pabrik liya. Saka ukara
(18) pangira-ira sing dirembug luwih ing lokasi utawa panggonan megawe. Hal iki
uwis nuduhkake pambeda saka makna lan fungsi tembung pitakon sing dadi
pangira-irane penutur. Banjur berita sing diperlokake penutur iku wis cetha
amarga wangsulane penutur lan wangsulan kuwi wis mesthi benere lan padha karo
kasunyatan sing dilakoni panutur.
Tabel Pangira-ira Struktural ing Basa
Jawa kang Awujud Ukara Pitakon
No
|
Wujude
tembung pitakon
|
Cacah
|
1
|
Sapa
|
4
|
2
|
Kapan
|
4
|
3
|
Apa
|
3
|
4
|
Ing ngendi
|
1
|
5
|
Kepriye, piye
|
3
|
6
|
Pira
|
1
|
Tabel ing ndhuwur
kanggo nggolongake dhata kang awujud presuposisional struktural ing basa Jawa
kang awujud tembung pitakon sing digunakake sajrone ukara utawa ukara ing basa
Jawa. Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen ana ukara lan tembung-tembung
pitakon sing semono akehe sajrone ukara utawa ukara nggo basa Jawa.
b. Makna
Presuposisional Struktural Ing Basa Jawa kang Awujud Ukara Pawarta
Ing perangan iki bakal diandharake ngenani makna
presuposisional struktural ing basa Jawa kang awujud ukara pawarta. Ukara
pawarta yaiku ukara kang isine ngandharake ngenani kadadeyan kang sabenere.
Bisa nggunakake tonasi kanggo mbedakake ukara pawarta karo ukara liyane. Lagu
pocapan ukara pawarta nduweni sipat netral, isine arupa warta. Wujud ukara
pawarta iki diwiwiti nganggo aksara gedhe dipungkasi nganggo tandha titik. Ing
ngisor iki bakal diandharake ngenani analisis ukara pawarta kang ngandhut pangira-ira.
Makna presuposisional struktural ing basa Jawa kang awujud ukara pawarta bisa
diperang dadi 3 adhedhasar wujude pawarta.
1) Pawarta
Dadakan
Pawarta dadakan yaiku pawarta
sing wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekake.
Conto:
(19) Nalika bis Akas iku nubruk
montor, wong-wong sing ana ing bis iku kabeh rombongan undangane Bu Nanik.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(19a)
Ana kacilakan bis lan montor.
(19b)
Ana wong akeh ing jero bis.
Saka ukara pawarta (19) bisa nuwuhake pangira-ira tumrap
mitra wicara (19a) kang ngandharake ngenani ana kacilakan antarane bis sing
nubruk montor. Banjur pangira-ira (19b) ing pangira-ira iki ngandharake ngenani
ana pawongan sing akehe sabis sing arep tumuju menyang omahe Bu Nani saperlu
nekani undangan slametan kasebut. Pawarta iki awujud pawarta dadakan amarga
wektu kadadeyane ora kena dipastekake.
(20) Montor mabur ilang nalika
mabur ing wayah mendhung peteng, pandugane montor mabur iki ceblok ing teluk
hitam.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(20a)
Montor mabur ilang kedelep ing segara.
(20b)
Akeh pawongan ing jerone montor mabur.
Saka ukara (20) bisa nuwuhake pangira-ira (20a) kang
ngandharake ngenani montor mabur sing ilang, mitra wicara bisa nduweni
pamikiran yen montor mabur iku ilang amarga ceblok ing segara banjur kedelep.
Pangira-ira (20b) ngandharake ngenani pawongan kang ana ing jerone montor mabur
kasebut, tuwuh pamikiran yen pawongan sing numpak montor mabur iku mesthi mati
kabeh utawa dadi kurban. Warta iki dadi warta dadakan amarga wektu kedadeyane
durung bisa dipastekake benere.
2) Pawarta
Padinan
Pawarta padinan yaiku pawarta
kang wektu lan papan kadadeyane wis dingerteni sadurunge.
Conto:
(21) Indonesia sukses ngukir rekor
apik ing kejuwaraan Angkat Besi Internasional ing Kazakhstan.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(21a)
Sadurunge Indonesia durung ngukir rekor apik.
(21b)
Indonesia aoleh medhali.
Saka ukara pawarta (21) bisa nuwuhake pangira-ira (21a)
kang nuwuhake pamikiran para penutur yen
sadurunge melu kejuwaraan Angkat Besi ing Kazakhstan, atlet Indonesia durung
tau menang utawa durng tau ngentukake medhali. Banjur pangira-ira (21b) saka
pangira-ira iki bisa nuwuhake pamikirane penutur yen Indonesia oleh medhali
saka kejuwaraan lomba Angkat Besi ing Kazakhstan. Pangira-ira iki tuwuh amarga
anane asumsi sing ana ing pikirane manungsa kang maneka warna. Pangira-ira iki
awujud ukara pawarta ndinan, utawa ukara pawarta kang wektu lan panggonan
kedadeyane wis dingerteni utawa dijlentrehake sajrone pawarta kasebut.
(22) Ing dhusun Grudho,
Panjangrejo, Pundung Bantul iki seni tradhisional Nini towok isih mekar.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(22a)
Seni tradhisional Nini towok saiki wis ora pati mekar.
(22b)
Isih ana sing gelem nguri-uri seni tradhisional Nini towok.
Saka ukara pawarta (22) bisa nuwuhake pangira-ira (22a)
sing negesi yen seni tradhisional Nini thowok iku ing jaman saiki wis ora pati
akeh pawongan sing nanggap seni iku. Pangira-ira (22b) iki tuwuh amarga ing
ukara pawarta ngandharake yen seni tradhisional Nini towok iku isih mekar, yen
seni iki isih mekar ateges isih ana sing gelem nguri-nguri seni tradhisional
iki, senajan iku mung pawongan sing nate mekar ing jamane. Panggonan kedadeyane
wis dingerteni utawa dijlentrehake sajrone pawarta, papan sing dijlentrehake
ing pawarta iki yaiku “ing dhusun Grundho, Panjangrejo, Pundung Bantul” iki
minangka papan kedadeyane warta kasebut.
(23) Jeruk purut saka Tulungagung,
godhonge amba-amba, gandane luwih arum seger, lan ora brintik utawa kriting.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(23a)
Jeruk purut saka tlatah liyane godhonge ora amba tur kriting.
(23b)
Kuwalitas godhong jeruk purut saka Tulungagung apik.
Saka ukara pawarta (23) bisa nuwuhake pangira-ira (23a)
kang ngandharake ngenani jeruk purut sing saka tlatah liyane iku godhonge ora
amab tur kriting. Banjur pangira-ira (23b) ngandharake pangira-irane penutur
ngenani kuwalitas jeruk purut sing ana ing Tulungagung iku pancen apik. Amarga
ing ukara pawarta (23) wis negesake ngenani jeruk purut sing ana ing
Tulungagung iku pancen apik, pangira-ira iki dibuktekake karo andharan sing ana
ing ukara pawarta (23). Tulungagung minangka papan kedadeyane warta kasebut,
warta kang nandharake ngenani wowohan jeruk purut.
3) Pawarta
Crita
Pawarta crita yaiku pawarta
kang ora dibatesi wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake.
Pawarta iki diwedharake mung kanggo selingan.
Conto:
(24) Slametan nganggo ubarampe sing
sik entah iku luwih murah.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(24a)
Slametan sing nganggo ubarampe mateng luwih larang.
(24b)
Slametan sing masak dhewe iku luwih murah.
Saka ukara pawarta (24) bisa nuwuhake pangira-ira (24a)
kang ngandharake ngenani slametan sing nggunakake ubarampe sing wis mateng iku luwih
larang tinimbang sing nggawe ubarampe
entah. Banjur pangira-ira (24b) ing pangira-ira iki ngandharake menawa slametan
sing masak dhewe iku luwih murah tinimbang slametan sing panganane tuku wis
mateng. Pawarta iki ditegesi minangka pawarta crita amarga sipate mung kanggo
hiburan utawa selingan, pawarta iki ngandharake ngenani slametan utawa tradhisi
mula saka iku pawarta iki ditegesi minangka pawarta crita.
(25) Kala semana sini tradhisional
Nini towok kerep pentas ing wektu padhang mbulan.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(25a)
Saiki seni tradhisional Nini towok ora kerep pentas.
(25b)
Seni tradhisional Nini thowok ora kerep pentas nalika ora padhang mbulan.
Saka ukara pawarta (25) bisa nuwuhake pangira-ira (25a)
kang ngandharake ngenani seni tradhisional Nini thowong ing jaman saiki wis ora
kerep pentas maneh, ukara iki tuwuh amarga ana salah siji perangan saka ukara
pawarta (25) kang negesake yen saiki, seni kasebut ora kereb pentas, yaiku
anane ukara “kala semana”. Banjur pangira-ira (25b) ing pangira-ira iki
ngandharake yen seni tradhisional Nini towok iki mung kerep pentas nalika
padhang rembulan wae. Dadi yen ora padhang mbulan seni iki ora kerep pentas,
bisa uga para penutur ngira-ira yen seni tradhisional iki malah ora pentas
nalika ora padhang mbulan.
(26) Masiya grothal-grathul, Obama
isih bisa cecaturan mawa basa Indonesia.
Ukara
kasebut nuwuhake pangira-ira yaiku:
(26a)
Sadurunge Obama bisa lancar cecaturan mawa basa Indonesia.
(26b)
Obama tau sinau basa Indonesia.
Saka ukara pawarta (26) kang ngrembug ngenani Presidhen
Obama iku bisa nuwuhake pangira-ira (26a) saka pangira-ira kasebut bisa
nuwuhake asumsi yen sadurunge Obama iku bisa lancar cecaturan nggunakake basa
Indonesia, amarga Omaba tau ing Indonesia suwi. Banjur pangira-ira (26b) nuwuhake
asumsi yen Presidhen Obama iku tau sinau basa Indonesia, amarga ing ukara
pawarta (26) nuduhake yen Obama iku bisa basa Indonesia senajan
grothal-grathul.
C. Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut
makna presuposisi struktural ing basa Jawa yaiku pangira-ira kang diandharake
liwat ukara sing strukture wis cetha lan langsung bisa dipahami tanpa ndeleng tembung-tembung
kang digunakake. Kang dadi titikan makna presuposisional struktural ing basa
Jawa yaiku anane ukara pitakon, utawa tandha pitakon sajrone ukara, lan uga
anane lagu pocapan minangka titikan utama saka ukara pawarta. Saliyane iku uga
bisa ngerteni makna presuposisional struktural ing basa Jawa iki bisa diperang dadi
loro adhedhasar wujude ukara yaiku ukara kang awujud ukara pitakon lan ukara
pawarta. Sajrone ukara pitakon iku bisa diperang dadi 5 adhedhasar wujude
pitakonan, ing ukara pawarta uga bisa diperang dadi 3 adhedhasar wujude warta.
Kapustakan
Aminuddin,
2011. Semantik:Pengantar Studi Tentang
Makna. Bandung: Sinar Baru Algensindo.
Cummings,
Louise. 2007. Pragmatik Sebuah Perspektif
Multidisipliner. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Dia,
Eva Eri. 2012. Analisis Praanggapan
Konsep Tindak Tutur (Presuposision) dalam Program Talk Show. Malang: Madini
Kridalaksana,
Harimurti. 2008. Kamus Linguistik. Jakarta:
PT Gramedia Pustaka Utama.
Mulyana,
2005. Kajian Wacana. Yogyakarta :
Tiara Wacana.
Panjebar
Semangat No. 47-22 Nopember 2014.
Panjebar
Semangat No. 49-6 Desember 2014.
Pranowo,
Sudaryanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa.
Yogyakarta: Badan Kongres Bahasa Jawa.
Kawuryan,
Megandaru W. 2006. Kamus Lengkap
Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Panji Pustaka.
Wijana,
I Dewa Putu & Rohadi, Muhammad. 2008. Semantik
Teori dan Analisis. Surakarta: Yuma Pustaka.
Yule,
George. 2006. Pragmatik. (Dijarwakake
dening Indah Fajar Wahyuni). Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar