TAKSONOMI SUPERORDINASI ING BASA JAWA
Desy
Indah Wulandari
12020114217
2012/C
A. Purwaka
Taksonomi yaiku saperangane sesambungane teges. Taksonomi
nduweni perangan yaiku taksonomi superordinasi lan komposisi. Taksonomi
superordinasi bisa kanggo nggolongake lan njlentrehake samubarang miturut tata
urutane. Taksonomi kang bakal ditliti yaiku taksonomi superordinasi lan
dipunjerake ing Basa Jawa. Taksonomi superordinasi minangka taksonomi kang
arang banget ditliti dening para panliti kanthi cara mligi, mula taksonomi
superordinasi ing Basa Jawa narik kawigaten kanggo ditliti amarga nduweni panyusun
beda karo samubarang liya. Taksonomi superordinasi uga nduweni makna kang
disawang katon padha karo set nanging sejatine beda. Taksonomi superordinasi
nduweni sipat umum lan mligi nanging sipat mligi mau ora nduweni sesambungan
tumrap tembung siji lan sijine.
Landhesan kang digunakake ing makalah iki yaiku panemune
para ahli linguistik ngenani taksonomi superordinasi kanthi cara umum.
Dikarepake panliten iki bisa nambahi kawruh ngenani bab taksonomi superordinasi
ing Basa Jawa, titikane, pamerange lan tuladha sarta analisise taksonomi
superordinasi kasebut. Saengga bisa ngerti tegese, titikane, pamerange, uga
tuladha-tuladha taksonomi superordinasi ing Basa Jawa kanthi cetha lan
gamblang.
Makalah iki bakal diandharake teges, titikane, lan
perangane taksonomi superordinasi ing Basa Jawa. Cara kang digunakake ing kene
yaiku kanthi ngandharake teges saka taksonomi superordinasi. Sawise cetha
ngenani teges taksonomi superordinasi, bakal diandharake bab kang bisa dadi
titikane taksonomi superordinasi, banjur bakal diandharake pamerange taksonomi
superordinasi ing Basa Jawa. Sawise iku bakal diandharake tuladha siji mbaka
siji saka pamerange taksonomi superordinasi kasebut sarta analisise. Nganalisis
makalah iki nggawe analisis struktural, amarga taksonomi superordinasi klebu
makna leksikal lan klebu sesambungane teges.
B.
Andharan
Ana bageyan iki dicethakake
lan dijlentrehake tegese, titikane, pamerange, tuladha sarta analisis saka taksonomi
superordinasi ing Basa Jawa. Supaya luwih cetha anggone ngerteni topik ing
panliten iki, mangka ing ngisor iki bakal diandharake taksonomi superordinasi
kathi cetha.
1.
Tegese Taksonomi Superordinasi
Para
ahli ngandharake yen taksonomi yaiku sub
bageyan saka hiponimi sesambungan karo teges kang umum tartamtu nggolongake miturut tata
urutan (Saeed, 2000:68-69). Cruse (1986:112-113) ngandharake jinis-jinis
sesambungan leksikal kagolong ing tata urutan kang nduweni perangan. Tata
urutan kang nduweni perangan yaiku wujud normal saka taksonomi.
Beda
miturut Kridalaksana (2008:234) taksonomi yaiku panggolongan tembung miturut
tata urutan sesambungan. Oposisi taksonomik
utawa taksonomi sajrone linguistik luwih kerep diarani oposisi sing
sipate tata urutan. Miturut Chaer (2009:93), tegese tembung sing diarani oposisi
ngandharake tata urutan. Tuladhane tembung ‘meter’ diarani oposisi hierarki
karo ‘kilometer’, amarga ‘kilometer’ lan
‘meter’ digolongake wilangan saperangan. Sesambungan taksonomi sipate saarah. Saliyane iku, mula
bukane ana hiponimi yaiku kanggo mligekake tembung, frasa, lan ukara kang isih
umum, murih bisa luwih mligi maneh.
Superordinasi
yaiku sesambungan leksis sing nduweni sipat umum lan mligi, sing tuwuh saka
panggolongan kedadeyan alam lan sosial sing umum nangging ora bisa digolongake
adhedhasar logika. Dadi bisa didudut taksonomi superordinasi yaiku salah
sawijine sesambungane teges kang nggolongake tembung adhedhasar tata urutan
tartamtu sing nduweni sipat umum lan mligi.
2. Titikane
Taksonomi Superordinasi
Tata
sesambungane teges taksonomi minangka tata sesambungan sing nggambarake anane
klas ngisor lan ndhuwur. Ana kang dadi makna
umum lan ana kang dadi mligi. Makna umum diarani superordinat lan makna kang mligi diarani subordinat. Sesambungan taksonomi sipate saarah. Taksonomi
superordinasi minangka sesambungan leksikal digolongake neng tata urutan kang
nduweni perangan. Taksonomi
sajrone linguistik luwih kerep diarani oposisi sing sipate tata urutan.
Taksonomi superordinasi ngambarake anane klas dhuwur minangka sing umum lan
klas ngisor minangka sing mligi, nanging sesambungan sipat mligi ora nduweni
sesambungan tumrap tembung siji lan sijine.
3.
Perangane Taksonomi Superordinasi
Taksonomi superordinasi bisa
diperang dadi loro adhedhasar sipat, yaiku: superordinasi nggolongake lan superordinasi
madhakake.
a.
Superordinasi Saklompok
Makna sing ana sesambungan teges
sing digolongake adhedhasar sipat sing padha didadekake saklompok. Bab-bab sing
njalari anane teges sing saklompok yaiku manungsa (penutur basa) kepengin cepet
ngandharake apa sing dikarepake lan apa sing dadi ener lan jalaran penutur ora
bisa ngarani samubarang utawa prastawa sing diener.
Kaya tuladha tembung ing ngisor iki
sing nduweni sesambungane teges karo prinsip inklusi.
(1) Kewan, sajrone ana macan, gajah, kucing, semut, iwak, lan
sapanunggale.
(2) Pemudha, sajrone ana pemudhi,
nanging ora sawalike yen ditandhingake karo pemudhi (kanggo ngarani mligine
wong wadon ).
(3) Mangan, diklompokake apa sing dipangan
lan piranti kanggo mangan, kayata dheweke
lagi mangan. Tuladha ing dhuwur ora diadharake dheweke lagi mangan apa lan gawe
piranti apa, mung dikandhakake yen dheweke lagi mangan.
Kaya
tuladha ing ndhuwur manungsa yen ngarani kewan sing bakal dipikirake yaiku
sakabehe kewan sing urip ing sakupeng awakedhewe, lan sing ora ana ing sakupeng
awakedhewe (kayata gajah, macan, macan, bajul, lan sapanunggale). Mula,
tembung-tembung iku bisa diganti karo tembung kang luwih umum, yaiku tembung kewan.

Teori
kang kaya mangkono diandharake dening Lyons lan Palmer (Pateda, 2001:209). Kaya
ing hiponimi lan kohiponimi ing ngisor iki.

Saka
bagan ing ndhuwur, tembung kembang nduweni hiponim kabeh wae arane kembang. Nanging, beda
kaya antonim, homonim, lan sinonim. Hiponimi nduweni sesambungan kang nunggal.
Kayata tembung
mawar minangka hiponim saka kembang,
nanging tembung kembang ora
bisa manggon sangisore tembung mawar. Tembung-tembung
kayata mawar,
melathi, kanthil, lan cempaka iku klebu jinis-jinise kembang. Mula, tembung-tembung kasebut
bisa diganti karo tembung kang luwih umum, yaiku tembung kembang.


dudu
mawar kembang
Kaya
tuladha ing ndhuwur, mawar, melathi, kanthil, lan cempaka minangka hiponim saka
tembung kembang,
nanging ora bisa diarani yen mawar kasebut hiponim saka melathi, utawa kanthil iku hiponim saka tembung cempaka. Mawar, melati,
kanthil, lan cempaka, yaiku warga saka kembang. Sesambunganwarga klas
diarani ko-hiponim. Ko-hiponim
dumadi saka tembung ko- lan hiponim, ko- ateges bebarengan. Dadi bisa diarani yen mawar, melathi,
kanthil, lan cempaka iku ko-hiponim.Tembung mawar uga bisa digolongake maneh
kaya taksonomi ing ngisor iki.

Tuladhane
mawar
nduweni warga kayata mawar putih, mawar abang, mawar wangi, lan liya-liyane. Amarga nduwe ciri kang kaya
mangkono, tembung mawar bisa disebut taksonomi superordinasi amarga nduweni warga
maneh. Taksonomi minangka tata urutan sesambungan antarane tembung sing digolongake,
tata urutan kasebut nduweni sipat umum lan mligi, nanging mawar abang, mawar
putih, lan biru ora nduweni sesambungan tumrap siji lan sijine. Kaya tuladha
ing ngisor iki tata urutan taksonomi yaiku sesambungan teges antarane pitik,
jago, babon, lan kuthuk.

Tembung
jago, babon, lan kuthuk minangka ko-taksonomi saka tembung pitik. Dadi tembung
pitik minangka taksonomi. Tembung jago kasebut minangka arane pitik lanang lan
wis gedhe. Tembung babon minangka arane pitik wedok lan wis gedhe.Tembung
kuthuk minangka arane pitik sing isih cilik.
Taksonomi
dadi dhasar kanggo nyedhaki kang mligi kanthi istilah bidhang semantik. Bidhang semantik yaiku sawijine ancangan
semantik kang nggolongake teges adhedhasar komponen teges kang padha. Tembung
kang nduweni teges padha lan bidhang teges padha dikumpulake dadi saklompok. Bidhang
teges kang kaya mangkono diarani bidhang semantik. Tetembungan paseduluran kayata
ibu, bapa, anak, pakdhe, lan
liya-liyane kang nduweni unsur-unsur makna kang padha didadekake saklompok
yaiku nduweni
nyawa utawa aran sukma, manungsa, lan sesambungan paseduluran. Tembung bapak minangka bidhang
teges sesambungan paseduluran, padha kaya bulik, anak, ponakan, lan liya-liyane.
Superordinasi
bisa digolongake maneh adhedhasar jinise tembung kayata tembung aran, kriya,
lan kahanan.
1). Tembung Aran
Tembung
aran (nomina) yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa wae kang
dianggep barang. Tembung aran akeh-akehe bisa sesambungan karo tembung ‘dudu’
utawa tembung ‘ana’ lan ora bisa sesambungan karo tembung ora. Tembung aran
bisa dibedakake dadi loro, yaiku tembung aran katon lan tembung aran ora katon.
Kang sinebut tembung aran katon yaiku tembung aran kang bisa dideleng karo pancadriya.
Dene tembung aran ora katon yaiku tembung aran kang ora bisa dideleng karo
pancadriya.
Tembung
aran uga bisa dibedakake dadi aran sukma lan tembung aran tansukma. Kabeh titah
ing jagad kang kapanjingan nyawa digolongake tembung aran sukma, dene tembung
kang ora tau kapanjingan nyawa digolongake tembung aran tansukma. Kang klebu
tembung aran sukma bisa dadi tuladha
taksonomi ing ngisor iki.

Rajakaya
tegese yaiku kewan sing diingu minangka simpenan bandha.Sato iwen tegese yaiku
kewan sing nduwe swiwi nanging ora
bisa mabur dhuwur. Nggremet tegese yaiku kewan kang nalika mlaku
perangan awake meh nemplek utawa nemplek lemah.
Bagan ing
ndhuwur tuladha taksonomi jinise kewan, ing kono digolongake miturut wargane
kewan. Kewan minangka taksonomi amarga tembung sing dhuwur lan minangka tembung
sing umum. Sangisore kewan ana tembung rajakaya, sato iwen, lan nggremet
minangka ko-taksonomi amarga tembung-tembung kasebut ana sangisore tembung
kewan. Sapi, wedhus, lan kebo uga diarani ko-taksonomi saka tembung rajakaya,
amarga tembung sapi, wedhus, lan kebo manggon ana sangisore rajakaya. Tembung
sapi, wedhus, lan kebo ora nduweni sesambungan teges, mula diarani taksonomi
superordinasi.
Saka
tembung-tembung kang klebu ing taksonomi jinise kewan sabenere sawetara ana
kang isih bisa diperang-perang maneh. Saka tembung-tembung iku bisa diperang
dadi jinise kewan miturut spesiese.
![]() |
![]() |
![]() |
Wedhus
minangka kewan sing akeh diduweni dening pawongan lumrah. Awit ora angel
anggone ngrumat, mung diumbar ana lapangan sing akeh sukete. Kebo tumrape
masyarakat Jawa kerep dipakaryakake kanggo ngluku ing sawah sadurunge mangsa
tandur pari. Awit kebo, sapi, lan wedhus iku kewan kang migunani banget. Wiwit
saka daginge, susune, lan sapanunggale. Jinise kebo, sapi, lan wedhus kang
ngasilake mligine daging lan susu iku ora padha.

Sato
iwen yaiku sakabehe kewan sing nduweni swiwi nanging ora bisa mabur dhuwur.
Sato iwen uga bisa digolongake maneh amarga supaya luwih mligi lan nduweni
sipat umum lan mligi. Tuladha ing ndhuwur sato iwen bisa diperang maneh luwih
rowa minurut jinise kayata, pitik yaiku kewan sing klebu sato iwen lan wernane
akeh banget, panganane sembarang, uga bisa dadi ingon-ingone manungsa sarta
cucuke lincip dawa. Bebek yaiku kewan sing klebu sato iwen, lan wernane soklat,
panggonane seneng ing blumbangan. Menthog yaiku kewan sing wernane putih,
cendhak, katon mbuthel, dene meri arane anake menthog. Banyak yaiku jinise
kewan sing klebu sato iwen, wernane putih, gulune luwih dawa tinimbang sato
iwen liyane, panggonane ing lemahan, penggaweyane nyosor.
Mula
sato iwen dideleh paling ndhuwur dhewe amarga luwih umum, lan sing ana ing sangisore
minangka luwih mligi, sipat sing kaya mengkono iku diarani taksonomi
superordinasi. Tegese, saupama wis diarani taksonomi, kanthi langsung wis bisa
dibayangake superordinat-e, sabanjure lagi bisa diarani sesambungan ko-taksonom.
Saupama ngarani pitik, kanthi logis bisa dipikirake pitik kasebut klebu
bangsane kewan sato iwen. Saumpama yen ngucap kewan sato iwen, kita bisa
ngarani ko-taksonime unggas kayata bebek, meri, pitik, menthog, banyak, lan
sapanunggale.
Saka
tuladha sato iwen sabenere sawetara isih bisa diperang maneh. Saka
tembung-tembung iku bisa diperang dadi jinise kewan miturut spesiese.

Kewan
siji iki klebu sato iwen kang meh saben manungsa nduweni ora mung siji utawa
loro mesthi nduwe kewan kasebut. Pitik bisa dijupuk endhog lan daginge kanggo
lawuh.

Tembung
aran uga bisa dipunjerake ing tetuwuhan, iku bisa diperang miturut jinise
tetuwuhan kayata, tuwuhan kang klebu ing palawija, pala pendhem, pala sempar,
pala kitri/pala kirna, gegodhongan, grumbulan, bebodhotan, lan sapananunggale.

Saka
tembung-tembung kang klebu ing taksonomi tetuwuhan sebenere sawetara isih bisa
diperang maneh. Saka tembung-tembung iku bisa diperang dadi jinise tetuwuhan
miturut tuwuhe woh. Palawija yaiku tetuwuhan sing umume ditandur ing sawah lan
ing sakiwa tengene tetuwuhan sing lagi ditandur tuladhane bisa kayata lombok,
tomat, terong, lan timun. Pala kapendhem tegese yaiku tetuwuhan wohe ana sajrone
lemah (dianggep woh) tuladhane kayata wi, gembili, tales, tela pohung, kenthang
lan sapanunggale. Pala gumantung iku tetuwuhan wohe gumantung sing umure ora
nganti puluhan taun kayata kates, gedhang, jambu, duku lan sapanunggale. Pala
Kirna/ pala kitri yaiku tetuwuhan wohe gumantung sing umure bisa nganti puluhan
(atusan) taun, kayata nangka, duren, pelem lan sapanunggale. Pala kesimpar
tegese yaiku tetuwuhan mawa wit nlosor, kayata timun, semangka, garbis lan
sapanunggale.

Tetuwuhan
uga ana sing diarani pethetan, tetanen, janganan, lan empon-empon. Pethetan
yaiku tetuwuhan sing klebu ing ewone kembang, kayata mlathi, mawar, kamboja,
cempaka, kanthil, anggrek, lan sapanunggale. Tetuwuhan tetanen yaiku tetuwuhan
sing ditandur ing sawah lan ana wayah kanggo nandure, kayata pari, jagung,
tela, kacang lan sapanunggale. Janganan yaiku tetuwuhan sing bisa dienggo sayur
nalika mangan, kayata kangkung, bayem, sawi, kemangi, kemitir, kacang lanjaran,
lan sapanunggale. Empon-empon yaiku tetuwuhan sing digunakake kanggo masak
utawa bisa diarani bumbon ing pawon, kayata jahe, kunir, kencur, laos, mrica,
tumbar, jinten, lan sapanunggale.

Saka
bagan ing ndhuwur, bisa dijupuk teori. Kang sepisan, tetuwuhan minangka subordinat saka aran sukma,
tetuwuhan
nduweni bidhang semantik kang padha karo kewan lan manungsa. Kapindhone, aran
sukma minangka subordinat saka tembung aran. Tetuwuhan, kewan, lan manungsa
minangka subordinat saka aran sukma, amarga sipate mligi. Aran sukma minangka
superordinat saka tetuwuhan, kewan, lan manungsa. Kaping telu, minangka tembung
kang mligi, tetuwuhan, kewan, lan manungsa ora nduweni sesambungan. Bagan ing
ndhuwur mung nduweni sesambungan antarane klas dhuwur sing sipate umum lan
ngisor sing sipate mligi.
2). Tembung Kriya
Tembung kriya yaiku tembung sing mratelakake
solah bawa utawa tandang gawe (kriya) utawa mratelakake lumakune kaanan (kriya
proses). Tembung kriya bisa diorakake nganggo tembung ‘ora’. Kajaba bisa
diorakake, tembung kriya basa Jawa uga bisa sesambungan karo tembung ‘anggone’
lan ‘olehe’. Tembung kriya isih bisa
diperang maneh miturut apa kang dadi punjere, yaiku manungsa lan kewan.
Taksonomi
superordinasi awujud tembung kriya kang pinunjer ing manungsa iku bisa didelengsaka
solah bawane manungsa utamane saka solah bawane perangane awak. Tuladhane: 

Solah
bawane mripat bisa digolongake luwih mligi maneh kayata nglirik, nyawang,
mlerok, mentheleng, mecicil, mandeng, mlirik lan sapanunggale. Nglirik yaiku solah bawane mripat yen
ngingeti barang nganggo mata kang sedhengan, barang sing dituju iku bisa gedhe
lan cilik tur barange bisa adoh lan cedhak kanthi nindakake iku banget. Nyawang yaiku solah bawane mripat yen
ngingeti barang nganggo mata sing amba. Mlerok
yaiku solah bawane mripat yen ngingeti barang nganggo mata sing amba, barang
sing dituju iku bisa gedhe utawa cilik
tur barange iku bisa adoh lan cedhak kanthi nindakake iku banget. Mentheleng, solahbawane mripat kanthi
temen nalikane ngingeti barang kang dituju, nganggo mata sing sedhengan lan ora
kedhep. Mecicil, solah bawane
mripat kanthi amba banget semu mlilik lan ngingetine kanthi temenan lan rada
nesu.

Tuladha taksonomi ngenani solah bawane
tangan, tembung njupuk uga bisa digolongake maneh miturut piranti sing
digunakake.

Tembung kriya njupuk dadi ing
kono dadi pakaryan sing umum saka papat satuwan leksikal verbal, yaiku ndulit,
njumput, njiwit, lan nyuwil minangka dadi warga taksonomi (subordinat) saka
superordinate. Bisa kaya mengkono amarga ndulit, njumput, njiwit, lan nyuwil
ngandhut komponen teges sing padha karo komponen makna saka kriya njupuk,
nanging ndulit, njumput, njiwit, lan nyuwil ora nduweni sesambungan, amarga
sing diarani taksonomi superordinasi mung antarane klas ngisor sing sipate
mligi lan klas dhuwur sing sipate umum.

Solah bawane sikil bisa nuwuhake tata urutan
taksonomi, kurang luwih yaiku njejeg, njegal, ngidak, nyadhuk, lan nyempar. Njejeg,
solah bawane
sikil nalika mindhah barang iku kanthi disurung lan rosa banget. Njegal, solah bawane sikil kanthi
njengatake pucuke sikil sisih ngarep kanthi tujuwan supaya tiba utawa cilaka. Ngidak, solah bawane sikil sing
lakune ngideki sawijine barang. Nyadhuk,
solah bawane sikil nalika ngeleh utawa mindhah barang ing ngisor nggunakake
sikil sisih ngarep supaya barange iku bisa maju. Nyempar tegese, solah bawane sikil nalika mindhahake barang ing
ngisor lan nyamping. Saka solah bawane sikil, njejeg, njegal, ngidak, nyadhuk,
lan nyempar ora nduweni sesambungan tumrap siji lan sijine.
3).
Tembung kahanan
Tembung
kahanan yaiku tembung kang bisa mratelakake kaanan utawa awak sawijine barang
utawa bab. Tembung kahanan iku isih bisa diperang maneh adhedhasar apa kang
dadi punjere, yaiku manungsa lan kewan.

Kanthi
ngucap, wong iki
brangasan, mula iki diarani watake manungsa. Mula yen ngarani watak
mesthi sing bakal dipikirake yaiku kepriye wae watake manungsa iku. Watak
minangka dadi taksonomi amarga nduweni sipat sing umum. Drengki, srei, geleman,
srei, brangasan lan sapanunggale minangka warga taksonomi amarga nduweni sipat
sing luwih mligi saka tembung watak.

Kaanan
dideleh paling dhuwur dhewe amarga luwih umum, lan sing ana ing sangisore
minangka luwih mligi, sipat sing kaya mengkono iku diarani taksonomi
superordinasi. Kang ateges, saupama wis diarani taksonomi, kanthi langsung wis
bisa dipikirake umume. Semana uga kanthi ngucap kahanane wong, sing bakal
dipikirake yaiku: seneng, susah, sengsara, mlarat, sepi, rame lan sapanunggale.

Kanthi
ngucap, iki abang, mula iki arane werna. Werna minangka dadi taksonomi amarga
nduweni sipat sing umum. Abang, ijo, putih, ireng lan sapanunggale minangka warga
taksonomi amarga nduweni sipat sing luwih mligi saka tembung werna. Abang, ijo,
putih, ireng, lan sapanunggale ora nduweni sesambunggan tumrap tembung siji lan
sijine.
b. Superordinasi
Madhakake
Minangka
sesambungan sing nduweni sipat madhakake lan mbedakake. Superordinasi
adhedhasar sipate sing padha bisa diperang dadi 2 yaiku: antonomi lan sinomini.
Antonimi nduweni sipat kosok balen, kosok balen yaiku pocapan sing nduweni
teges dianggep walikane ing pocapan liya. Tuladhane:

Taksonomi perangane awak bisa digolongake awit bageyan ndhuwur
mangisor. Sirah yaiku perangane awak sing panggonane ana ing dhuwur. Gulu, perangane awak sangisore sirah.
Gembung, perangane awak ana
tengah. Tangan, perangane awak
sing wujude dawa, dumunung ing sisih kiwa lan tengene awak. Sikil, perangane awak sing ngisor.
Sinomini uga bisa
diarani dasa nama, yaiku wujude basa kang tegese saemper utawa meh padha karo wujud liyane, tegese padha
utawa meh padha, nanging tembung–tembung kang tegese padha iku arang banget.
Meh padha tegese ora satus persen padha. Yen tembung iku padha persis, umume
salah siji tembung iku bakal ilang utawa ora digawe maneh. Semana uga ing
dasanama antarane tembung lan tembung. Tembung-tembunge tipis bedane lan akeh
padhane.
Tuladhane:

Tembung-tembung
ing ndhuwur minangka tembung sing padha panganggone yaiku ing kuping, nanging
bedha jenenge lan wujude. Giwang
wujude cilik tur cendhak.
Anting-anting wujude bisa gedhe bisa cilik lan dawa. Tindhik penganggo
sing panggone bisa ing kuping
lan perangan awak liyane, wujude bisa gedhe bisa cilik nanging umume cilik,
bisa dawa bisa cendhak.
4.
Sesambungan
Paradigmatik sajrone Taksonomi Superordinasi
Sesambungan
paradigmatik miturut Aminuddin (2003:109) yaiku sesambungan kang laras karo
titikane lan rancangan, uga nduweni sesambungan kanthi
mligi antarane tembung siji lan sijine. Taksonomi superordinasi nduweni sesambungan
paradigmatik amarga saben-saben unsur pamangune taksonomi bisa padha nyulihi
antarane siji lan sijine. Taksonomi superordinasi bisa
digolongake adhedhasar warga lan jinise ing
ilmu semantik bisa klebu ing sesambungane teges ngenani taksonomi amarga
unsur-unsur kang manggon ana sajrone taksonomi kasebut yaiku manggon ana
sawijine klas kang padha lan saben-saben unsur pamangun kasebut nduweni sesambungan
paradigmatik.
C. Dudutan
Taksonomi
superordinasi yaiku salah sawijine sesambungane teges kang nggolongake tembung
adhedhasar tata urutan tartamtu sing nduweni sipat umum lan mligi. Tata
sesambungane teges taksonomi minangka tata sesambungan sing nggambarake anane
klas ngisor lan dhuwur. Klas ngisor minangka sing mligi, klas dhuwur minangka
sing umum, nanging sesambungan
sipat mligi ora nduweni sesambungan tumrap tembung siji lan sijine.
Taksonomi Superordinasi bisa
diperang dadi loro, yaiku superordinasi adhedhasar sipat diklompokake lan dipadhakake.
Superordinasi
bisa digolongake maneh adhedhasar jinise tembung kayata tembung aran, kriya lan
kahanan. Superordinasi minangka sesambungan sing nduweni sipat madhakake lan
mbedakake didadekake saklompok miturut tata urutane. Bisa maneh diperang dadi 2
yaiku antonomi lan sinomini. Kanthi cara taksonomi superordinasi kita bisa perang miturut golongane
amrih bisa ngerteni tata urutane kanthi gamblang lan cetha.
Kapustakan
Aminuddin. 2003. Semantik Pendekatan Studi tentang
Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo
Chaer,
Abdul. 2009. Pengantar Semantik Bahasa
Indonesia. Jakarta: RinekaCipta.
Cruse, Alan. 1986.
Meaning in Language: an Introduction to Semantics and Pragmatics. New
York: Oxford University Press.
Djajasudarma, Fatimah. 2013. Semantik 2 Relasi Makna
Paradigamik,Sintagmatik, dan Derivasional. Bandung: PT. Eresco
Kridalaksana, Harimurti. 2008. Kamus Linguistik. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utama
Leech, Geofrey.
2003. Semantik. Jogjakarta: Pustaka
Pelajar
Padmosoekotjo, S. 1956. Sarine Basa Djawa. Djakarta: Noordhoff
Kolff N.V
Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal. Jakarta: Rineka Cipta
Parera, J.D. 2004. Teori Semantik Edisi Kedua. Jakarta:
Erlangga
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra
Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua
Saeed,
John. 2000. Semantics. Exford:
Blackwell
Wijana, I Dewa
putu, dkk. 2011. Semantik Teori dan
Analisis. Surakarta: Yuma Pustaka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar