Kamis, 07 Mei 2015

TEGES WANTAH SAJRONE TEMBUNG GARBA



TEGES WANTAH SAJRONE TEMBUNG GARBA
Yohanna Putri Septya Ari Sandy
12020114212/ 2012C

A.   Purwaka
Teges wantah wis akeh diwedhar dening para ahli basa kanthi gamblang, nanging rinasa isih akeh sing mendharake kanthi durung mligi. Teges wantah wis diwedhar lan disambungake karo teges entar, nanging anggone njlentrehake isih durung bisa mangerteni sejatine tegese teges wantah.

Teges wantah kang adhedhasar wujude diperang dadi papat, yaiku teges wantah kang awujud barang, teges wantah kang awujud pakaryan, teges wantah kang awujud solah bawa, lan teges wantah kang awujud kahanan. Teges wantah kang adhedhasar tata rakite bisa tuwuh ana ing tembung, gatra, lan ukara. Teges wantah kang wis tau diandharake yaiku teges wantah kang awujud kahanan, teges wantah kang  awujud pakaryan, lan teges wantah kang awujud kahanan. Andharan ngenani teges wantah iki arep njlentrehake teges wantah kang ana ing tembung garba amarga rinasa durung ana kang ngandharake ngenani teges wantah sajrone tembung garba. Tembung garba kalebu ubarampe kasusastran Jawa. Tumekan wektu iki isih durung ana kang ngandharake ngenani tembung garba kang dijlentrehake kanthi teges wantah. Sajrone buku-buku kasusastran akeh kang ngandharake ngenani tembung garba, nanging anggone ngandharake isih durung mligi. Saka dhasar kuwi, mula ing makalah iki bakal diandharake ngenani teges wantah sajrone tembung garba.
Andharane para ahli ngenani teges wantah ing buku siji lan sijine ora padha karo para ahli liyane nanging uga ana kang padha. Saka andharan-andharan kang beda-beda kaya mangkono bisa dijupuk dudutan ngenani teges wantah kang bisa diweruhi. Cara kang digunakake kanggo njlentrehake teges wantah sajrone tembung garba yaiku luwih dhisik tegese teges wantah sajrone tembung garba. Sawise genah tegese banjur pamerangane teges wantah sajrone tembung garba, lan pungkasan titikane teges wantah sajrone tembung garba. Makalah iki nduweni tujuwan ngandharake teges wantah sajrone tembung garba lan njlentrehake teges wantah sajrone tembung garba. Tujuwan liya yaiku supaya para pamaca bisa mangerteni apa sing diarani teges wantah sajrone tembung garba lan supaya panliten iki bisa nambahi kawruh kanggo ngrembakakake pamulangan.

B.  Andharan
Supaya luwih gamblang anggone negesi lan njlentrehake karepe topik iki, mulaluwih dhisik kudu mangerteni tegese teges wantah saka para ahli. Sawise dingerteni apa sejatine tegese teges wantah, banjur tegese tembung garba, sabanjure bisa digoleki kepriye sesambungane. Andharan ngenani tegese teges wantah kaya ing ngisor iki.


1.    Tegese Teges Wantah sajrone Tembung Garba
Teges wantah yaiku teges kang satemene, kang asipat blaka suta, ngemu andharan lan ora ngemu surasa pepindhan. Yen ngrembug teges wantah ora uwal saka teges entar minangka kontrase teges wantah. Teges entar yaiku teges sekabehe tembung kang isi surasane ora mung sawantahe, kang tegese ora mung salugune ning tegese uga oncat saka teges asline.
Wantah ing Baoesastra (1939:655) nduweni teges tanpa kacampuran apa-apa; bares,  blaka, prasaja(tanpa disamun). Ing KBBI (2005:1268) teges wantah yaiku teges sabenere kang ana ing salah sawijine ukara. Teges wantah yaiku teges kang satemene kang padha karo teges apa anane kanggo samubarang kang asipat nyata. Teges sajrone ukara kanthi teges wantah teges ora owah. Teges wantah utawa teges lugu uga bisa sinebut teges denotatif. Teges denotatif miturut para ahli basa nduweni teges-teges kang akeh.
Denotatif miturut Chaer (2009:65) dibedakake saka konotatif adhedhasar saka ana lan orane rasa pangrasa. Saben tembung sing diarani wutuh nduweni teges denotatif. Teges kang trep karo panaliten miturut pamawas, pengrungon, pangrasa, lan kedadeyan liyane. Sawenehe jinis-jinise makna akeh makna kang kalebu teges wantah kayata, makna kognitif, makna referensial, makna leksikal, lan sapanunggale. Makna kognitif yaiku aspek-aspek makna sawijine basa kang gegayutan karo titikan kang wis ana ing sajrone basa utawa nalar. Makna referensial yaiku makna kang langsung tumuju marang tembung kang dikarepake, utawa maknane ana sesambungane karo kasunyatan lan wus disarujuki ing bebrayan. Makna leksikal yaiku makna kang padha karo enere, makna kang padha karo asile pangindra nindhakake panliten, utawa makna kang pancen bener nyata ana ing bebrayan. Sejatine isih ana maneh makna kang bisa kalebu teges wantah, nanging kang wis diandharake ing ndhuwur minangka sesulih saka sakabehane makna kang dimaksud.
Sasangka (2001:198) madhakake antarane denotatif karo kognitif kang nduweni teges teges wantah utawa teges kang blaka suta. Teges kognitif ora mung tembung-tembung kang nuduhake samubarang kang nyata nanging uga nuduhake cakrik-cakrike teges kang kognitif mligi, kayata iki, iku, mrana, mrene uga wilangan, kayata siji, loro, telu lan sapanunggale, lan tembung kang nduweni teges kang nuduhake sesambungan kayata lan, utawa, nanging, lan sapanunggale.
Miturut Djajasudarma(2013:11) teges kognitif kang uga sinebut teges dheskriptif utawa denotatif yaiku teges kang nuduhake anane sesambungan antarane konsep lan kasunyatan. Teges kognitif minangka teges lugas lan teges kang apa anane. Teges kognitif yaiku teges kang satemene, dudu teges entar utawa pepindhan. 
Padmoesoekotjo (1953:30) negesi entar yaiku bablas, lunga, mangkat, uga silihan. Tembung entar tegese tembung silihan. Manut tegese entar yaiku teges kang ora salugune. Kosok baline manut tegese kang baku, kang salugu, lan kang sawantahe.
Saka andharan-andharan ing ndhuwur bisa didudut teges wantah yaiku teges kang blaka suta, teges kang salugune ora ngemu surasa pepindhan lan nduweni gegayutan karo enere, uga teges kang digunakake kanggo medharake samubarang kang ora nduweni maksud liya kejaba tegese tembung kasebut.

2.    Tetengere Teges Wantah sajrone Tembung Garba
Tetengere teges wantah yaiku  kang kapisan trep karo panliten miturut pamawas, pangrungon, pangrasa, lan kedadeyan liyane. Kang kapindho yaiku sesambungane karo kasunyatan. Kang katelu yaiku ora ngemu surasa pepindhan.
Djajasudarma (2013:11) ngandharake yen teges wantah ora mung ana ing tembung-tembung kang nuduhake barang kang nyata, nanging uga nduduhake ing tembung-tembung kang makna kognitife mligi.Teges wantah bisa tuwuh ing tembung, frasa lan ukara. Ing tembung minangka teges saben tembung kang wis lumrah dingerteni uga kang ana ing kamus, dene kang wujude frasa bisa tuwuh ing frasa-frasa kang nuduhake rerakete tembung loro utawa luwih kang ora nuwuhake teges liya kaya tembung camboran, tembung camboran ora kalebu teges wantah amarga karana reraketane tembung loro utawa luwih ananging nuwuhake teges anyar kang beda utawa owah saka teges asline tembung-tembung kasebut. Tuwuhe teges wantah ing ukara kaya ing sesanti lan paribasan. Paribasan minangka unen-unen kang ajeg panganggone, nanging ateges wantah, lan ora ngemu surasa pepindhan.
Kanggo nggampangake supaya kepenak anggone nemtokake maknane, ing kene uga kudu dibutuhake pamawas ngenani tetengere teges wantah. Supaya anggone nintingi tembung-tembung sing bakal ditegesi klawan tetengere teges wantah. Banjur kudu diweruhi jinis-jinising makna kang gegayutan karo teges wantah sing dadi sarana nganalisis topik iki lan dadi dhasar kanggo nemtokake tetengere teges wantah sajrone tembung garba.
a. Makna Gramatikal
Makna gramatikal utawa makna fungsional, utawa makna struktural, utawa makna internal yaiku makna sing ana minangka jalaran saka fungsine tembung sajrone ukara. (Pateda, 2001:103). Dadi teges wantah miturut makna gramatikal yaiku teges kang ana ing sajroning tembung sing nduweni fungsi sajone ukara.
b. Makna Kognitif
            Miturut Pateda (2001:109), makna kognitif yaiku makna kang ditujokake dening lelandhesane. Makna unsur basa kang raket banget sesambungane karo donya sajabane basa, objek utawa gagasan, lan bisa diandharake adhedhasar analisis komponene. Makna kognitif uga bisa diarani denotasi tembung. Dadi teges wantah miturut makna kognitif yaiku teges kang nduweni lelandhesan lan bisa dianalisis komponene.
            Yen miturut Sasangka (2001:198), makna kognitif yaiku makna wantah, makna kang blaka suta. Makna kognitif ora mung nduweni tembung-tembung kang nuduhake samubarang kang nyata, nanging uga nuduhake cakrik-cakrike makna kang kognitife mligi, kayata iku, iki, mrana, mrene; numeralia, kayata siji, loro, telu, lan sapanunggale; lan partikel kang nduweni makna kang nuduhake sesambungan kayata lan, utawa, nanging, lan sapanunggale.
            Dadi, ing sajerone makna kognitif iku, pamicara mikir lan ngomong apa anane ngenani samubarang uga ora nduwe maksud liya-liyane kejaba maksud salumrahe. Sawise dingerteni ngenani titikane teges wantah mau, makna kognitif iki nduweni sesambungan sing raket banget amarga sajrone makna kognitif iki tembung-tembung bisa dipikir lan dianalisis kompenene.
c. Makna Dheskriptif
            Makna dheskriptif yaiku makna kang wis ana sajrone tembung sing kerep dinggo masyarakat umume lan isih ana nganti saiki (Pateda, 2001:99). Dadi teges wantah miturut makna dheskriptif  bisa ditegesi, teges sajrone basa kang wis kerep dinggo masyarakat lan wis mesthi ngemu teges apa anane. Teges sing dikarepake ing kene teges sing wis padha diweruhi jalaran wis disarujuki dening masyarakat, tegese uga ora owah saka biyen nganti saiki.   
d.Makna Konseptuwal
            Makna konseptuwal dinggep minangka samubarang utama sajrone cecaturan, uga kalebu samubarang kang esensial sajroning basa lan bisa diweruhi sawise nggayutake utawa nandhingake ing panganggone basa (Pateda, 2001:114). Dadi teges wantah yen kadeleng saka makna konseptual bisa ditegesi yaiku teges sing bisa diweruhi nalika dinggo ing basa komunikasi. Iki bisa dijlentrehake nalika tembung kasebut ngadeg dhewe lan nalika tembung kasebut ana sajrone konteks.
e.  Makna Referensial
            Miturut Pateda (2001:125), makna referensial yaiku makna kang langsung gegayutan karo lelandhesane kang dituduhake dening tembung kang awujud sipat, aran, kasunyatan, kedadeyan lan proses.
            Ana maneh kang ngandharake makna referensial yaiku makna kang sesambungan langsung karo kasunyatan utawa ener, makna referensial uga kasebut makna kognitif amarga padha-padha nduweni lelandhesan (Djajasudarma,1993:11). Dadi teges wantah miturut makna referensial bisa ditegesi sawijining teges kang langsung dituduhake tembung sing nduwe lelandhesan.
f. Makna  Idheasional
            makna idheasional yaiku makna kang tuwuh saka panganggone  tembung kang nduweni konsep (Pateda, 2001:104). Teges wantah adhedhasar makna idheasional yaiku teges kang awujud asil pamikiran sajrone tembung. Dadi teges wantah miturut makna idheasional yaiku nalika negesi tembung tartamtu mesthi digoleki enere sing gegayutan karo tembung kasebut.

g. Makna Dhenotatif
            Makna dhenotatif yaiku maknane tembung utawa kelompok tembung kang didhasarake kanthi gegayutan wantah antarane satuwan basa lan wujud sanjabane basa kang dicakake ing basa kanthi bener lan pener (Pateda, 2001:98).        
            Dadi miturut makna denotatif teges wantah yaiku teges sajrone tembung utawa kelompok tembung sing dienggo kanthi apa anane lan objektif tanpa digayutake karo bab-bab liyane.
     Saka jinis-jinise makna sing wis diandharake ing ndhuwur, bisa didudut yen jinis-jinis teges iku anggone negesi tembung iku kanthi pamikiran. Dadi sing ditegesi lumantar pamikiran iku kalebu teges wantah.
Andharan-andharan ing ndhuwur minangka andharan umum ngenani teges wantah lan tetengere teges wantah. Ing ngisor bakal diandharake teges wantah sajrone tembung garba.

3.    Tegese Tembung Garba
Garba tegese sesambungan, rerangken, gegandhengan. Ing Baoesastra Djawi (1939:133) diandharake tegese garba yaiku weteng, sesambungan, rerangken. Dene miturut Padmosoekotjo (1953:26) tembung garba bisa ditegesi tembung rerangken utawa tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji lan banjur suda cacahe wanda. Nggarba tembung tegese nggandheng tembung loro utawa luwih supaya suda cacahing wanda. Tembung garba lumrahe kanggo ing kasusastran kang sinawung ing tembang. Samangsa ana frasa kang kakehan wandane, pangripta bisa ngungkret utawa ngelong cacahe wanda mau sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ana ing gatra iku.
Tembung garba minangka tembung loro kang digandheng lan ora nduweni teges anyar kang oncat saka teges asline tembung-tembung kasebut. Mula krana ora ana owah-owahane teges saka tembung asline senajan wis ngalami proses tembung garba bisa ditegesi lumantar teges wantah.
Wewatone nggarba tembung yaiku:
[a]        + [a]     = [a]
[a]        + [i]      = [e]
[a]        + [u]     = [o]
[a]        + [o]     = [o]
[i]         + [i]      = [i]
[i]         + [a]     = [ya]
[u]        + [a]     = [wa]
[u]        + [i]      = [wi]
[o]        + [a]     = [wa]
Pamerangane tembung garba adhedhasar wujude diperang dadi papat yaiku:
1.      Tembung garba sutraye. Tembung garba sutraye yaiku tembung loro kang siji-sijine tanpa aksara “y” menawa dadine tembung garba banjur mawa aksara “y”. Kayata:
1.   Sugih (bandhane akeh) + arta       (dhuwit)           = sugyarta (sugih dhuwit)
Tuladhane:
1.      Pak Hendro pancen saiki wis dadi wong kang sugyarta.
            Saka ukara ing ndhuwur bisa diweruhi manawa pak Hendro minangka wong kang nduweni dhuwit akeh. Sugyarta mujudake tembung kang nuduhake kahanane pak Hendro ing wektu iki. 
b.    Sami (padha) + arsa (arep)         = samyasra (padha arep)
Tuladhane:
2.      Bu Dwi lan Bu Tunjung samyarsa tindak dhateng peken sesarengan.
       Ukara kasebut kang ngemot tembung garba samyarsa nuduhake kekarepan antarane Bu Dwi lan Bu Tunjung arep tindak bebarengan. Samyarsa minangka tembung kriya kang mretelakake lumakune kaanan. Samyarsa ora nduweni teges liya kajaba padha-padha arep nglakoni sawijine tindakan.
c.    Taksih (isih) + alit (cilik)               = taksyalit (isih cilik/durung diwasa)
Tuladhane:
3.      Putranipun Bu Heni tasyalit.
       Ukara in ndhuwur nuduhake dene tasyalit minangka kaanane putrane Bu Heni kang kagolong isih cilik amarga umur lan blegere pranyata uga isih cilik. Mula tasyalit nuduhake menawa putrane Bu Heni isih durung diwasa.
(2)   Tembung garba sutrawam. Tembung loro kang siji-sijine tanpa aksara “w”, manawa dadine tembung garba banjur mawa aksara “w”. Kayata:
a.    Tumuju (tekan) + ing                   = tumujweng (tekan ing)
Tuladha:
4.      Andi saiki lagi tumujweng Gresik, kamangka kanca-kancane wis aneng Surabaya wiwit wingi dalu.
Tumujweng nuduhake ing papan ngendi tumekane Andi. Tumujweng ora nduweni teges liya kajaba tumuju ing ngendi obyek kang diandharake. Tumujweng minangka tembung kriya kang mratelakake lakune kahanan, lan tembung tumujweng nuduhake tembung kang nduweni teges padha karo tegese tembung linggane lan ora mentar saka teges asline.
b.    Ratu(raja)  + agung(gedhe)         = ratwagung (ratu gedhe)
Tuladha:
5.      Pandu Dewanata ratwagung ing Ngastina.
            Ratwagung minangka tembung aran kang nuduhake lan njlentrehake Pandu Dewanata. Ratwagung nuduhake teges kang apa anane lan teges ratwagunge uga ora tambah lan suda saka tembung linggane kasebut. Teges wantah sajrone tembung ratwagung nuduhake  kang teges kang apa anane lan padha karo tegese tembung linggane.
c.   Maleb (mlebu) + ing                                  = malebweng (mlebu ing)
Tuladha:
6.      Bapake Parjo malebweng kunjara wingi sore.
            Malebweng minangka tembung kriya kang mratelakake tandang  gawe. Malebweng nduweni teges mlebu ing papan ngendi mlebune apa kang diandharake. Malebweng ora nduweni teges liya kajaba malebu ing. Teges wantah sajrone tembung malebweng yaiku anane ener dene tembung kasebut saka tembung mlebu kang ora liya tegese menyang ing jero. Dadi malebweng nduweni teges kang kang padha lan ora owah saka tembung linggane.
(3) Tembung kang digarba karo tembung maha, manawa tembunge maha mung kari kaucapake “mah”, diarani tembung garba warga h. kayata:
Maha (linuwih) + raja (ratu)                = maharaja (ratu linuwih)
Maha (linuwih) + resi (wong suci kang wis dadi dewa)          = mahresi (pendhita linuwih)
(4)   Garbane tembung-tembung kang ora klebu ing tembung garba sutraye, sutrawam lan warga h. Kaya tembung-tembung ing ngisor iki:
a.    Sesotyadi
Sesotyadi garbane tembung sesotya kang tegese inten, lan tembung adi kang tegese linuwih. Sesotyadi nduweni teges pinunjul.
b.    Parameswari
Parameswari minangka garbane tembung parama kang nduweni teges ‘kang pinunjul’, lan tembung iswari kang nduweni teges ‘ratu wedok’. Parameswari nduweni teges ratu kang pinunjul. Biyasane kanggo wastanane garwane raja. Teges wantah sajrone tembung parameswari nuduhake teges kang blaka suta, dene tembung parameswari nuduhake sebutan kanggo garwane raja, ora ngemu teges liya. Kaya tuladha ing ukara iki:
7.    Dene parameswarine aran Dewi Srini putrane Prabu Bramasatapa, nata Gilingwesi.
Dewi Srini nuduhake manawa dheweke parameswari, ora liya yaiku garwane raja.
c.    Narendra
Narendra minangka tembung garba saka tembung nara kang nduwe teges wong lan indra kang nduwe teges ratu. Mula narendra tegese wong kang ngratoni utawa wong kang dadi ratu. Teges wantah sajrone tembung narendra yaiku teges referensial kang minangka teges kang nduweni ener. Nalika tembung narendra diucapake, mitra wicara bakal nduweni ener manawa narendra yaiku wong kangdadi ratu, mula narendra ngemu teges wantah krana teges kang apa anane lan ora ngemu surasa pepindhan.
d.    Sarotama
Sarotama minangka garbane tembung sara kang tegese ‘panah’, lan tembung utama kang nduweni teges ‘linuwih’.

e.    Sitinggil
Sitinggil minangka garbane tembung siti lan inggil. Siti nduweni teges lemah. Inggil nduweni teges dhuwur. Sitinggil nduweni teges papan sing duwur saburining alun-alun(pasowanan). Teges wantah kang ana ing tembung sitinggil nuduhake teges referensial krana nalika tembung kasebut diucapake, mitra wicara bakal nduweni ener dene sitinggil papan kang dhuwur kang gunane kanggo pakurmatan. Mula tegese sitinggil nuduhake teges wantah yaiku teges kang apa anane.
       Andharan ing ndhuwur ngenani tegese tembung garba, pamerangane tembung garba banjur ing ngisor arep diandharake titikane tembung garba. Kang prelu digatekake ngenani tembung garba yaiku:
a.      Kang kena digarba iku tembung kang awasana vocal (aksara swara) karo tembung kang purwane vokal.
b.      Tembung kang awasana [h] kena digarba karo tembung liya kang apurwa vokal sarana mbuwang aksara [h] iku.
“u” + “I” ing basa Jawa anyar akeh sing dadi “we”.
4.    Pamerangane Teges Wantah sajrone Tembung Garba
       Teges wantah sajrone tembung garba bisa diperang adhedhasar wujude. Adhedhasar wujude teges wantah sajrone tembung garba diperang dadi telu, yaiku:
1)     Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud  barang.
Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud barang minangka  tembung garba kang wujude barang. Barang kaperang dadi barang urip lan barang ora urip. Tembung garba kang kalebu barang urip kayata:
a.Nareswara
Nareswara minangka garbane tembung nara lan iswara. Nara tegese wong, dene iswara tegese bendara, gusti. Nareswara nduweni teges wong kang ginusti-gusti, wong kang binandara. Mula nareswara mujudake tembung garba kang nuduhake barang kang urip.
b.Narapraja
Narapraja minangka garbane tembung nara lan praja. Nara minangka tembung kang nduweni teges wong, lan praja minangka kang nduweni teges negara. Mula narapraja nduweni teges wonge Negara, punggawane negara.

2)  Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud kahanan
Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud kahanan minangka tembung garba kang nuduhake manawa tembung kuwi minangka kahanan kang dialami. Kaya tembung garba ing ngisor iki:



a.Dadyewuh
Dadyewuh garbane tembung dadi lan ewuh. Dadi nduweni teges dadi, ewuh nduweni teges nduwe gawe. Nalika digarba dadi tembung dadyewuh kang nduweni teges dadi angel, satemah rekasa. Tembung iki nuduhake kahanan nalika nindakake samubarang kang katon satemah rekasa. Teges wantah kang ana ing tembung iki nuduhake manawa nalika ana kang ngucapake tembung iki, mitra wicara bakal mangerteni manawa tegese ora liya yaiku kahanan samubarang kang dadi angel utawa satemah rekasa.
b.Kalokengrat
Kalokengrat minangka garbane tembung kaloka,ing, lan rat. Kaloka tegese misuwur, dene ing tegese ancer-ancer kang nelakake dunung, lan rat tegese yaiku jagat. Dadi kalokengrat nduweni teges misuwur ing jagat. Kalokengrat minangka tembung garba kang nuduhake kahanan nalika sawijine wong misuwur ing jagat. Teges wantah kang ana ing tembung kalokengrat  yaiku kahanane wong kang lagi misuwur ing jagat nalika semono. Nalika pangocapan tembung kalokengrat, mitra wicara bakal nduweni eneran ngenani kaloka. Kaloka nduweni teges misuwur, mula nalika mitra wicara krungu tembung kalokengrat, mitra wicara bakal nduweni eneran dene kang dimaksud pamicara yaiku misuwur ing jagat.
c.Kajwareng praja
Kajwareng praja minangka garbane tembung kajawara, ing, lan praja. Kajwara saka tembung juwara kang nduweni teges misuwur lan kondhang. Praja nduweni teges negara. Dene tembung kajwareng praja nduweni teges misuwur ing praja. Teges wantah sajrone tembung kajwareng yaiku kahanan nalika lagi misuwur ing sawijine papan. Dene ing kene kajwareng praja mula ditegesi kahanane wong kang lagi misuwur ing negara. Kajwareng ora nduweni teges liya kejaba teges wantah, yaiku misuwur ing. 
Kanthi gampang ngenani teges wantah kang sajrone tembung garba bisa dideleng saka tabel ing ngisor iki.
No.
Tembung Garba
Jinise Makna
Gramatikal
Kognitif
Dheskriptif
Konseptuwal
eferensial
idheasonal
dhenotatif
1.
Sugyarta
2.
Samyarsa
3.
Taksyalit
4.
Tumujweng
5.
Ratwagung
6.
Malebweng
7.
Mahraja
8.
Mahresi
9.
Sesotyadi
10.
Narendra
11.
Sarotama
12.
Sitinggil
13.
Narewara
14.
Narapraja
15.
Dadyewuh
16.
Kalokengrat

Saka tabel ing ndhuwur bisa diweruhi yen teges wantah sajrone tembung garba yaiku teges gramatikal. Kognitif, dheskriptif, konseptuwal, referensial, idheasonal,lan dhenotatif. Tembung-tembung garba ngemu teges-teges kasebut.

6. Titikane Teges Wantah sajrone Tembung Garba
Saka andharan-andharan kasebut bisa dititiki manawa teges wantah sajrone teges wantah yaiku:
a.      Teges-teges kang apa anane kang diemot dening tembung-tembung garba.
b.      Teges wantah sajrone tembung garba yaiku teges gramatikal. Teges gramatikal ana sajrone tembung garba krana tembung garba wis ngalami owah-owahan tembung saka tembung asline. Lan wujude nduweni guna krana panganggone  sajrone ukara.
c.      Teges wantah liya sajrone tembung garba  yaiku teges referensial. Teges referensial ana sajrone teges wantah krana wujude tembung kang nduweni eneran nalika tembung kasebut diucapake.
d.      Teges wantah sajrone tembung garba miturut wujude diperang dadi awujud barang lan awujud kahanan. Teges wantah sajrone tembung garba kang awujud barang krana tembung-tembung garba ana kang nuduhake manawa kuwi kalebu barang lan nduweni teges kang lugu lan ora ngemu pepindhan. Teges wantah sajrone tembung garba awujud kahanan krana tembung-tembung garba kasebut nuduhake kahanan kang lagi dialami lan ora nduweni teges liya kejaba teges kang dikandhut sajrone tembung-tembung asline kasebut.

C.     Dudutan
       Teges wantah sajrone tembung garba teges kang blaka suta, teges kang salugune ora ngemu surasa pepindhan lan nduweni gegayutan karo enere, uga teges kang digunakake kanggo medharake samubarang kang ora nduweni maksud liya kejaba tegese tembung garba. Teges wantah sajrone tembung garba yaiku teges gramatikal, kognitif, dheskriptif, konseptuwal, referensial, idheasional, lan dhenotatif. Pamerangane teges wantah sajrone tembung garba ana papat adhedhasar wujude, yaiku tembung garba sutraye, tembung garba sutrawam, tembung garba warga h, tembung garba kang ora kalebu ing sutraye, sutrawam, lan warga h, uga tembung garba kang dianggep tembung lingga. Teges wantah sajrone tembung garba nduweni perangan adhedhasar wujude, yaiku kang awujud barang lan awujud kahanan. 

Kapustakan
Aminuddin.2003. Semantik Pengantar Studi Tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo
Chaer, Abdul.2009, Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT Rineka Cipta
Djajasudarma, T, Fatimah.2012.SEMANTIK 1 Makna Leksikal dan Gramatikal.
Bandung: PT Refika Aditama.
Djajasudarma, T, Fatimah.1999, Semantik 2. Anggota IKAPI: PT.Refika Aditama
Padmasoekotjo,S. 1953, Ngengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Soejadi
Padmosoekotjo S.1956.Sarine Basa Djawa.Jakarta:Noordhoff-Kolff.V
Padmasoekotjo,S. 1979, Memetri Basa Jawi: Jilid I. Surabaya: CV. Citra Jaya
Poerwadarminta, W.J.S., 1939, Baoesastra Djawa. Batavia.
Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu.2013.Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua
--------2005. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta : Balai Pustaka








Tidak ada komentar:

Posting Komentar