Kamis, 07 Mei 2015

SEMANTIK OWAH-OWAHANE TEGES SAYA LUHUR AWUJUD PAKARYAN



OWAH-OWAHANE TEGES SAYA LUHUR AWUJUD PAKARYAN
Fuad Mujahid
12020114228
2012 C

A.  Purwaka
Owah-owahane teges saya luhur kang awujud pakaryan iku perangane saka owah-owahane teges saya luhur adhedhasar drajade. Panliten ngenani owah-owahane teges kang saya luhur wis akeh ditliti dening para ahli, nanging isih akeh sing durung cetha. Para ahli nduweni andharan kang beda-beda ngenani owah-owahane teges saya luhur kasebut. Ana sing ngandharake yen owah-owahane teges saya luhur (ameliyorasi) padha karo owah-owahane teges saya alus (eufemia). Kamangka owah-owahane teges saya luhur kalebu owah-owahane teges adhedhasar drajade lan owah-owahane teges saya alus kalebu owah-owahane teges adhedhasar surasane.
Dhasare nliti bab iki amarga isih ana saperangan panliten kang durung bisa mligi ngenani owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan. Akeh panliten sing wis ngandharake bab iki, nanging panliten-panliten kasebut isih durung bisa nuduhake lan nelakake tuladha owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan. Iki bisa dibuktekake saka tuladha-tuladha lan andharane para ahli sing nyebutake yen owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan padha karo owah-owahane teges saya alus.
Ing makalah iki nduweni ancas kanggo ngandharake lan njlentrehake owah-owahane teges kang saya luhur awujud pakaryan, supaya para pamaca bisa ngerti kepriye owah-owahene teges kang saya luhur awujud pakaryan. Saliyane iku supaya bisa mbedakake teges saya luhur (ameliyorasi) lan teges saya alus (eufemia)  kang awujud pakaryan.
Ing makalah iki diandharake kanthi wujud analisis struktur. Panliten iki uga njlentrehake yen owah-owahane teges saya luhur iku bisa saka jinise pakaryan kang diluhurake. Banjur menehi tuladha kepriye teges kang awujud pakaryan iku bisa diluhurake lan menehi tuladha-tuladha pakaryan sing bisa owah dadi saya luhur.

B.  Andharan
Ing bageyan iki bakal dicethakake lan dijlentrehake tegese, titikane, lan pamerange owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan. Supaya luwih cetha anggone ngerteni topik ing panliten iki, mangka ing ngisor iki bakal diandharake kanthi cetha.

1.   Tegese Owah-Owahane Teges Saya Luhur
Tegese owah-owahane teges saya luhur yaiku owahe teges sing wiwitane asor utawa netral bisa owah dadi tembung-tembung kang luhur utawa nyenengake. Owah-owahane teges saya luhur tuwuh saka tembung-tembung kang netral, tembung-tembung negatip utawa asor banjur owah tegese dadi becik, luhur, lan nyenengake. Wiwitane tembung-tembung kang netral utawa kang negatif mau nduweni konotasi kang lumrah lan konotasi kang ala, nanging konotasi-konotasi mau bisa owah dadi konotasi-konotasi kang becik utawa luwih nyenengake.
Miturut Muljana (1964:28), ngandharake yen owah-owahane teges disebabake panemune panggango basa bisa dadi teges sing saya luhur, yaiku owah-owahane teges sing nuju ing bab sing luwih nyenengake. Owahe teges sing kaya mangkono iku bisa owah dadi tembung kang nyenengake utawa sawalike. Owahe teges sing dadi nyenengake bisa sinebut ameliyorasi. Owah- owahane teges saya luhur disebabake amarga panampane panganggo basa, banjur tembung sing digunakake dening panganggo basa bisa owah tegese dadi luwih luhur.
Miturut Tarigan (1985:90), tembung ameliyorasi iku dumadi saka tembung melior kang duweni teges luwih becik, banjur bisa dadi luwih dhuwur, luwih luhur, luwih alus. Owahe ameliyoratif tumuju menyang teges anyar kang luwih luhur utawa dhuwur, supaya teges kang anyar iku dianggep luwih becik utawa luwih luhur pambijine saka tembung sing sadurunge.  
Djajasudarma (1993:68) ngandharake yen owah-owahane teges bisa owah amarga saka panganggone basa. Owah-owahane kasebut bisa tumuju ing bab kang luwih nyenengake utawa sawalike. Tembung sing owah saka tembung kang ala banjur owah dadi tembung kang bisa nyenengake sinebut ameliyorasi. Tembung-tembung ameliyoratif dumadi saka teges kang netral lan teges negatif. Teges kang netral lan teges kang negatif kasebut owah nuju teges kang positif. Owah-owahane teges bisa tuwuh amarga saka panganggo basa (masyarakat) lan uga paugeran-paugeran sajrone masyarakat. Mula saka iku akeh tembung sing nduweni rasa luhur, dhuwur lan nyenengake (Chaer, 2002:137). Rasa ameliyoratif kasebut bisa wae mung asipat sinkronis. Sinkronis iku duweni teges gegayutan karo kedadeyan sing wis dumadi sajrone wektu sing winates. Sacara diakronis bisa owah, amarga saka pengrembakane pandhangan urip lan pangrembakane budaya, diakronis yaiku asipat sejarah lan gegayutan karo basa (Chaer, 2002:138).
Miturut Pateda (1989:78) owah-owahane teges saya luhur iku teges sing tumuju ing bab-bab kang nyenengake. Teges sing tumuju ing bab-bab kang nyenengake sinebut meliyoratif. Teges saya luhur yaiku owah-owahane teges sing dianggep nduweni pangrasa becik utawa nduweni konotasi positif (Aminuddin, 2003:131). Miturut Suwandi (2008:121), teges saya luhur yaiku owah-owahane teges sing disebabake amarga teges sing anyar iku darbe pangrasa luwih luhur, dhuwur, luwih becik, lan luwih nyenengake tinimbang teges sadurunge.
Sadurunge ngandharake bab owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan luwih rowa maneh, ing kene bakal dijlentrehake tegese pakaryan. Pakaryan yaiku samubarang kang dibutuhake dening manungsa tumrap uripe ing alam donya. Pakaryan utawa penggaweyan uga didadekake sumber panguripan supaya bisa nyambung uripe manungsa iku mau. Pakaryan iku akeh perangane, lan bisa ditrepake karo kabisane dhewe-dhewe. Kaya dene wong kang ahli nulis utawa ahli ngarang bisa diarani sastrawan utawa pujangga. Pakaryan uga mujudake drajade pawongan ing sakupenge masyarakat iku dhewe. Upama wae yen dheweke tentara utawa pulisi, pawongan kasebut bakal diluhurake lan dikurmati dening masyarakat sakupenge. Pakaryan-pakaryan kasebut ana sing tegese kurang trep utawa asor, nanging tegese pakaryan iku mau bisa diowahi kanthi cara diluhurake tegese pakaryan iku mau.
Sawise nelakake lan negesi pakaryan, banjur bisa nggayutake karo owah-owahane teges saya luhur. Tegese teges owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan yaiku owah-owahane teges saka tembung pakaryan utawa saka jinise pakaryan sing wiwitane asor bisa owah dadi luhur. Jinise tembung utawa frasa pakaryan kasebut wiwitane asor lan lumrah digunakake ing cecaturan. Banjur jinise pakaryan sing wiwitane asor iku mau owah dadi saya luhur saka teges sadurunge.
Ing bageyan iki dijlentrehake yen panganggo basa utawa masyarakat sing nggunakake basa uga bisa ndadekake panyebab owahe teges saya luhur utawa saya asor. Para panganggo basa sing menehi drajad tumrape tembung-tembung lan uga bisa menehi konotasi kang becik tumrape tembung-tembung lan uga bisa menehi konotasi kang ala. Kabeh iku adhedhasar paugeran kang lumaku sajrone masyarakat panganggo basa.
Miturut Djajasudarma (1999:79), faktor emotif uga njalari anane owah-owahane teges adhedhasar drajade. Teges bisa owah jalaran sipate manungsa kang beda-beda, sipate manungsa kasebut ana kang becik lan uga ana kang ala sajrone bebrayan. Djajasudarma uga ngandharake yen makna kedadeyan ing tembung-tembung utawa frasa diarani eufimisme. Carane yaiku bisa diganti simbole (tembung/frasa) karo sing anyar lan maknane owah. Owah-owahane teges saya luhur dumadi saka tembung-tembung sing dianggep duweni teges sing ora nyinggung wong liya sing nglakokake pakaryan kasebut.
Miturut Parera (2004:110), ana bab kang njalari owah-owahane teges yaiku linguistik, sejarah, lan sosial. Parera ngandharake yen bab sing njalari owah-owahane teges saya luhur iku; (1) Linguistik, yaiku pakulinan ngetokake rong teges tembung kanthi bareng-bareng lan bisa ndadekake owah-owahane teges. (2) Sejarah, yaiku nguripake tembung lawas kang wis ora digawe, nggabungake teges-teges kang wis ana kanggo nggawe teges anyar, dijarwakake saka basa liya, lan nyerap saka basa liya senadyan basa sing saemper sarumpun utawa basa sing dudu sarumpun. (3) Sosial, yaiku masyarakat panganggo basa bisa ngowahi owah-owahane teges amarga saben panganggo basa nduweni panampa kang beda-beda.
Miturut Djajasudarma (1993:71) proses kang njalari owah-owahane teges bisa dumadi amarga sesambungan sintagmatik. Sesambungane sintagmatik yaiku satuwan leksikal bisa owah tegese amarga kliru anggone medhot morfem-morfeme, kaya pramuwisma sing kedadeyan saka ater-ater pra- lan wisma sing nduweni teges  buruh sing manggon ing omah, banjur dipedhot dadi pramu- lan –wisma. Pamedhote sing salah iki dienggo kanggo ngasilake wujud-wujud sing liya, mulane ana wujud kaya dene pramuniaga, pramuwisma, lan pramuria. Banjur wujude pramu- disambungake karo teges ‘pawenehe jasa’ utawa ‘pelayan’. Satuwan leksikal bisa owah amarga bisa nyandhing karo tembung-tembung sing lumrah digunakake, banjur kadadeyan sing kaya mangkono diarani kolokasi.
Kabeh mau bisa dijupuk yen faktor-faktor kang njalari owah-owahane teges saya luhur iku saka; bab sosial lan emotif. Bab sosial bisa kedadeyan amarga luwih tuwa, ngregani wong liya, lan ngurmati wong liya. Banjur bab emotif yaiku bab panampane panganggo basa. Bab emotif tuwuh amarga anane tumindak saka pamicara ngenani samubarang sing nuwuhake panampa kang beda saka panganggo basa. Owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan uga disebabake faktor emotif, amarga panampane wong kang beda-beda. Dadi ing bab emotif bisa diarani bab sing njalari owah-owahane teges mligine owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan.

2.   Titikane Owah-Owahane Teges Saya Luhur Awujud Pakaryan
Titikane owah-owahe teges saya luhur iku ora ana ing basa, ragam basa, lan dialek. Owah-owahane teges saya luhur bisa dititiki saka panganggone basa sing nuturake tembung-tembung kasebut luwih nyenengake, luwih becik, lan luwih luhur drajad lan sipate. Upamane panganggo basa nuturake tembung iku mau bisa dianggep nyenengake lan luwih nduweni tata krama, banjur tembung iku mau owah dadi saya luhur. Banjur tegese teges netral iku dijupuk saka tembung kang ora duweni sipat negatip utawa positip. Owah-owahane teges saya luhur uga bisa dititiki saka para panganggo basa sing nyebutake tembung-tembung iku luwih nyenengake, sopan, lan dhuwur drajade. Yen miturut panganggo basa tembung kasebut dianggep lan dirasa luwih nyenengake mula bisa munggah drajade dadi saya luhur. Owah-owahane teges saya luhur ing kene teges tembung kang digunakake ora owah, sing owah mung tembunge dadi saya luhur.

3.   Pamerange Owah-Owahane Teges Saya Luhur Awujud Pakaryan
Pamerange owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan bisa diperang dadi 2, yaiku awujud pakaryan adhedhasar panggone lan pakaryan adhedhasar kahanane. Perangan kasebut nandhakake yen pamerange owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan iku bisa diperang saka panggonane pakaryan kasebut lan saka kahanane pakaryan kasebut. Perangan-perangan iku mau nandhakake yen jinis-jinise pakaryan saka panggonan lan kahanan iku bisa diluhurake.



No.
Pakary an durung owah
Pakaryan wis owah
1
penggerong
wiraswara
2
sindhen
waranggana
3
tukang pos
palayangan
4
panjak
wira pradangga
5
tukang nethak
calak
6
tukang ngarang
pujangga
7
babu
pramuwisma
8
bajingan
kusir
9
hansip
denawa
10
merbot
takmir
11
pandhe
empu
12
blantik
makelar
13
tukang kayu
undhagi
14
pesindhen
widu
15
dhukun
wedya
16
dhukun bayi
wedyarini
17
tumenggung
bupati
18
abdi dalem
punggawa
19
kasun
kamituwa
20
buruh
kuli
21
burah
pratinggi
22
pengrawit
wiyaga 
23
juru laden
pandharat
24
pacalang
pulisi
25
bakul
banija
26
peladen
pramuladi

a.   Awujud Pakaryan Adhedhasar Papan Panggonane
Perangan sing dimaksud owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan adhedhasar papan panggonane yaiku sebutane pakaryan sing adhedhasar saka papan panggonane sing asor utawa kurang becik sebutane dening masyarakat (penganggo basa). Banjur sebutane pakaryan saka papan panggonane sing kurang becik mau owah dadi saya luhur lan nyenengake tumrap wong sing makaryakake pakaryan kasebut. Ing perangan iki isih diperang maneh jalaran pakaryan sing adhedhasar papan panggonane iki ana pakaryan sing netral lan pakaryan sing asor (negatif).
1. Pakaryan adhedhasar papan panggonan sing netral yaiku pakaryan sing netral, ora asor lan ora luhur. Banjur pakaryan sing netral iku mau owah dadi luhur lan nyenengake tumrap wong sing makaryakake pakaryan kang netral mau.
1) Tukang pos owah dadi palayangan
Pakaryan tukang pos iku penggaweyan sing manggon ing kantor pos. Tukang pos iku saben dina aktipe bakal manggon ing kantor pos lan pakaryane ngeterake layang sing dikirimake dening wong menyang kantor pos kasebut. Sebutane tukang pos mau dirasa isih netral, nanging tukang pos iku mau owah dadi saya luhur dadi palayangan. Tukang pos iku penggaweyan sing nyebarake layang saka kantor pos menyang omah sing dadi tujuwane layang-layang kasebut. Tukang pos dirasa isih netral nanging kanggo ngurmati tukang pos banjur bisa owah dadi palayangan sing dirasa luwih nyenengake.
Dhata ing ukara:
a)  Pak Bandi dadi tukang pos ing Kecamatan Sumber Agung.
b)  Senadyan dadi palayangan ing kantor pos, nanging pak Kus wis bisa nyekolahake anake kanthi sarjana.
Ukara (a) pakaryan tukang pos dirasa kurang nyenengake. Banjur ing ukara (b) tukang pos owah dadi palayangan sing dianggep wis nyenengake lan luwih luhur ing antarane masyarakat tinimbang tukang pos. 
2) Blantik owah dadi makelar
Pakaryan blantik iku pakaryan sing bisa manggon ing pasar. Bisa manggon ing pasar kewan. Blantik iku pakaryan sing pakaryane ngedolake barang, kewan utawa wong sing nukoni barang lan kewane wong liya. Sebutane blantik iku mono dianggep isih netral nanging blantik iku nuwuhake konotasi sing kurang nyenengake. Banjur sebutane blantik iku mau owah saya luhur dadi makelar sing nyebabake luwih luhur. Sebutane blantik iku bisa wae owah dadi asor amarga konotasine blantik iku ngadolake utawa nukoni barang-barang sing cilik utawa wong sing ngadolake kewan wae. Kayata blantik manuk. Beda karo konotasine makelar. Makelar dianggep wong sing ngedolake utawa nukoni barang-barang kang gedhe. Kayata makelar sepedha motor, makelar omah, makelar sepedhah motor, lan makelar lemah.
Dhata ing ukara:
a)  Blantik ing pasar sapi kae jenenge Supardi.
b)  Makelar lemah sing nawa omahku wani ngetokake rega becik.
Ukara (a) iku blantik kurang diregani dening masyarakat amarga blantik iku mono duweni konotasi kang kurang luhur. Beda karo ukara (j), blantik wis owah dadi makelar. Makelar ing ukara (b) duweni konotasi kang becik, malah bisa menehi konotasi kang luhur. Amarga makelar iku bisa diarani wong sing duwe dhuwit luwih tinimbang blantik kasebut. Blantik dianggep wong sing ngedolake utawa nukoni barang-barang cilik utawa kewan sing regane murah, banjur blantik iku mau owah dadi makelar, lan nuwuhake konotasi kang luhur utawa becik.
3) Bakul owah dadi banija
Bakul iku pakaryan sing manggon ing pasar. Bisa wae bakul kasebut nggelar dagangane kanthi cara tawa utawa ider ing dalan-dalan nanging sing dimaksud ing kene iku bakul sing nggelar dagangane ing pasar. Sebutane bakul iku dirasa lumrah lan netral ing masyarakat nanging sebutane bakul nuwuhake konotasi kang kurang nyenengake tumrap wong sing megawene dadi bakul amarga masyarakat iku ngurmati wong saka pakaryan saben dinane. Sebutane bakul sing ngemu surasa sing kurang becik iku mau banjur owah dadi banija sing duwe konotasi nyenengake utawa luhur.
Dhata ing ukara:
a)  Bulik Ida dadi bakul tahu ing pasar.
b)  Pak Wage saben dinane dadi banija ing pasar sapi.
Ukara (a) nyebutake bakul ing pasar, iku yen dirasa kurang nyenengake amarga pakaryane bakul iku dianggep kurang duwe aji ing masyarakat utawa panganggo basa. beda ing ukara (b), ukara (b) iku kaya-kaya ngurmati dening wong sing pakaryane tukang adol barang ing pasar kewan.

2. Pakaryan adhedhasar papan panggonan sing asor (negatif) yaiku pakaryan sing negatip, asor. Banjur pakaryan sing negatip utawa asor iku mau owah dadi luhur lan nyenengake tumrap wong sing makaryakake pakaryan kang negatip mau.
1) Babu owah dadi pramuwisma
Pakaryan babu iku pakaryan sing manggon ing omahe juragane. Babu iku pakaryane dadi buruhe wong sing duwe omah. Saliyane iku babu penggaweyane uga resik-resik omah, adang, umbah-umbah, lan saliyane. Sebutane babu iku mau dirasa asor lan kurang becik miturut masyarakat, sabab babu iku mujudake pakaryan kang dianggep kurang becik lan kurang diregani dening masyarakat. Sebutane babu iku banjur owah dadi pramuwisma. Owahe sebutane babu dadi pramuwisma supaya babu duweni pangaji dening masyarakat. Senadyan babu iku pakaryan sing dianggep asor dening masyarakat, nanging babu utawa pramuwisma iku pakaryan kang dadi juru omah ing omahe juragane.
Dhata ing ukara:
a)  Penggaweyane Silo iku dadi babu ing Jakarta.
b)  Saliyane pramusaji, Pak Sodiq lagi mbutuhake pramuwisma uga.
Babu ing ukara (a) iku katon asor banget yen dirungokake nalika cecaturan. Amarga babu iku pakaryan kang asor. banjur ing ukara (b) pramuwisma iku dianggep luwih dhuwur lan luwih luhur ing masyarakat. Senajaan dadi pramuwisma, nanging pramuwisma iku isih luhur tinimbang babu sing dianggep pakaryan kang asor utawa negatif.
2) Merbot owah dadi takmir
Merbot iku pakaryan sing manggon ing masjid utawa langgar. Merbot iku pakaryan sing pakaryane tukang ngresiki mesjid utawa penguruse mesjid. Ing mesjid kono merbot nyaponi, ngepel lan ngurusi kaperlonane mesjid. Merbot utawa takmir iku wong kang ngurusi masjid utawa langgar, kaya dene ngresiki. Sebutane pakaryan Merbot iku mono penggaweyan kang ngemu surasa kurang becik ing masyarakat amarga merbot dianggep pakaryan sing ora duweni aji ing masyarakat. Merbot sing kurang diajeni marang masyarakat iku mau banjur panyebutane owah dadi saya luhur dadi takmir. Sebutane Takmir iku luwih dianggep ing masyarakat, amarga takmir luwih becik lan nyenengake tinimbang merbot iku mau.
Dhata ing ukara:
a)  Merbot ing Masjid Agung iku adhine bapak.
b)  Ing wektu kang ora jelas, takmir ing masjid iku ora ngidini yen mahasiswa adus ing jedhinge masjid.
Ukara (a) ngatonake yen merbot iku kurang nyenengake minangka pakaryan. Iku nuduhake yen masyarakat ngurmati uwong dideleng saka pakaryane utawa penggaweyane. Banjur ing ukara (b) owah dadi takmir. Takmir dirasa luwih nyenengake lan luwih luhur tinimbang merbot ing ukara (a). Iki mbuktekake faktor ngregani dening masyarakat iku saka penggaweyan.
3) Abdi dalem owah dadi punggawa
Abdi dalem iku pakaryan sing manggon ing kraton utawa kasunanan. Abdi dalem sing lumrah ditemoni yaiku abdi dalem ing kraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kasunanan Surakarta. Abdi dalem yaiku penggaweyan sing ngabdi ing dalem kraton. Saben dina penggaweyane abdi iku nurut pakaryane dhewe-dhewe, ana sing ngresiki kandhang jaran lan kebo, ana sing resik-resik kraton, ana sing masak, lan liya-liyane. Kadhang kala sebutane abdi dalem iku dirasa lumrah ing masyarakat nanging sebutane abdi dalem nuwuhake konotasi kang kurang nyenengake tumrap wong sing makaryakake pakaryan kasebut. Lumrahe masyarakat iku ngurmati wong saka pakaryan saben dinane lan saka upahe mergawe. Amarga penggaweyan abdi dalem iku upahe mergawe ora sepira. Sebutane abdi dalem sing dirasa kurang nduweni aji ing masyarakat banjur owah dadi punggawa sing dirasa nduweni konotasi apik lan luhur ing sakupenge masyarakat lan penganggo basa.
Dhata ing ukara:
a)  Abdi dalem ing Kraton Yogyakarta saben sasi mung diopahi limalas ewu, ananging para abdi dalem ora ngresula marang Ndarabehine.
b)  Punggawa ing Kasunanan Surakarta wis padha sepuh-sepuh.
Ukara (a) nyebutake abdi dalem ing Kraton Yogyakarta sing nuwuhake kurang nyenengake lan kurang ngluhurake tumrap para abdi dalem amarga penggaweyane abdi dalem iku opahe limalas ewu. Ing masyarakat opah saka penggaweyan iku bisa ngluhurake drajad, dene abdi dalem iku saben sasi antuk upah limalas ewu banjur abdi dalem dianggep pakaryan sing dirasa kurang luhur. Mula saka iku sebutane abdi dalem ing ukara (a) owah dadi punggawa kaya ing ukara (b). Punggawa dirasa luwih luhur sebutane tinimbang abdi dalem.

b.  Awujud Pakaryan Adhedhasar Kahanane
Perangan sing dimaksud owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan adhedhasar papan kahanane yaiku sebutane pakaryan sing adhedhasar saka kahanan pakaryane sing kurang becik sebutane dening masyarakat (penganggo basa). Banjur sebutane sing kurang becik iku mau owah dadi saya luhur lan nyenengake tumrap wong sing megawene adhedhasar kahanan. Ing perangan iki isih diperang maneh jalaran pakaryan sing adhedhasar kahanane iki ana pakaryan sing netral lan pakaryan sing asor (negatif).
1. Pakaryan adhedhasar kahanan sing netral yaiku pakaryan sing netral, ora asor lan ora luhur. Banjur pakaryan sing netral iku mau owah dadi luhur lan nyenengake tumrap wong sing makaryakake pakaryan kang netral mau.
1) Penggerong owah dadi wiraswara
Pakaryan penggerong iku mono pakaryan utawa penggaweyan kang netral, ora asor lan ora luhur. Banjur pakaryan iku mau owah dadi luwih nyenengake dadi wiraswara. Penggerong utawa wiraswara iku penggaweyan sing ngiringi penyanyi utawa sindhen sajrone campursari utawa wayangan. Wiraswara dirasa luwih luhur tinimbang penggerong. Amarga penggerong nduweni konotasi sing kurang diregani lan dikurmati dening masyarakat, banjur penggerong iku mau owah.
Dhata ing ukara:
a)  Saben ana tanggapan campursari, Ani iku dadi penggerong.
b)  Andi lan Risma dadi wiraswara ing pagelaran wayang wengi iku.
Jinise ukara ing tuladha (a) iku ngemu teges pakaryan kang netral, banjur ing ukara (b) owah dadi wiraswara. Ing ukara (b) wiraswara kaanggep wis luhur, amarga wiraswara iku dianggep luwih alus lan nyenengake tinimbang penggerong
2) Sindhen owah dadi waranggana
Pakaryan sindhen iku kalebu penggaweyan adhedhasar kahanan. Pakaryan sindhen kalebu pakaryan sing adhedhasar kahanan amarga kahanan sing kudu dilakoni dening sindhen amarga kahanane kudu nembang sajrone pagelaran wayang supaya pagelaran wayang kasebut jangkep. Sebutane sindhen iku isih diarani netral, nanging amarga ana tembung sing dirasa luwih nyenengake tinimbang sindhen yaiku waranggana. Waranggana iku dianggep wis luhur lan nyenengake ing masyarakat tinimbang sindhen. Amarga sindhen senadyan jinise pakaryan kang lumrah, nanging sindhen biyasane ngemu konotasi kang kurang nyenengake sajrone panganggo basa.
Dhata ing ukara:
a)  Sindhen saka Magetan iku ayu-ayu tur kenes.
b)  Biyen nalika isih aktip ing jagade kroncong, Bu Waljinah uga asring dadi waranggana.
Ukara (a) pakaryan utawa penggaweyane sindhen iku kurang nyenengake lan konotasine kurang becik ing antarane masyarakat. Amarga sindhen iku penggaweyan sing dilakokake dening wong wadon wayah bengi nganti parak esuk. Banjur sindhen iku owah dadi waranggana supaya bisa owah luwih becik ing antarane masyarakat iku dhewe. Amarga waranggana iku dianggep seniwati sing dianggep luwih luhur. Kayata ing ukara (b) iku mau.


3) Panjak owah dadi wira pradangga
Pakaryan panjak iku kalebu penggaweyan kang adhedhasar kahanan. Panjak iku bisa diarani pakaryan adhedhasar kahanan amarga penggaweyane saka kahanane acara tanggapan amarga panjak iku ngiringi utawa penabuh gamelan. Sebutane panjak dirasa kurang nyenengake. Banjur, panjak gamelan iku owah dadi luwih nyenengake dadi wira pradangga. Wira pradangga dirasa luwih nyenengake lan duweni pangaji tinimbang panjak iku mau.
Dhata ing ukara:
a)  Panjake ludrug ing Unesa iku isih enom-enom.
b)  Wira pradangga ing pagelaran wayang iku wis padha tuwa.
Ukara (a) pakaryan utawa penggaweyan panjak iku isih dikira kurang nyenengake lan uga dianggep kurang luhur. Banjur panjak iku mau owah dadi wira pradangga sing luwih nyenengake lan luwih luhur ing antarane masyarakat tinimbang panjak iku mau.

2. Pakaryan adhedhasar kahanan sing asor (negatif) yaiku pakaryan sing negatip, asor. Banjur pakaryan sing negatip utawa asor iku mau owah dadi luhur lan nyenengake tumrap wong sing makaryakake pakaryan kang negatip mau.
1) Hansip owah dadi denawa
Hansip kalebu pakaryan saka kahanan. Pakaryane hansip iku mung saka kahanane ing lingkungan. Saupama kahanane iku mbutuhake hansip. Hansip iku pakaryan sing kurang diregani dening masyarakat. Sebutane hansip iku kurang nyenengake malah ana uga kang nganggep yen pakaryan hansip iku ora duwe aji ing masyarakat. Kamangka hansip iku pakaryane dadi keamanane desa, nanging masyarakat nganggep yen hansip iku pakaryan sing asor. Banjur ing masyarakat jawa mligine, hansip owah dadi denawa sing sebutane dirasa luwih nyenengake lan luwih ngluhurake pakaryan iki.
Dhata ing ukara:
a)  Ing desaku ana pendhaftaran hansip, nanging pendhaftaran hansip iku mau ora ana sing dhaftar jalaran akeh para mudha nyepelekake pakaryane hansip.
b)  Acara bersih desa ing Kalidawir iku dijaga denawa sing cacahe ora thithik.
Ukara (a) iku hansip kurang duwe aji utawa kurang diregani dening masyarakat, amarga hansip iku biyasane wong sing wis tuwa didadekake hansip. Beda karo pulisi utawa tentara sing duweni aji sajrone masyarakat. Kamangka, hansip iku prangkat desa sing penggaweyane ngamanake desa, ora beda adoh kaya dene pulisi. Banjur ing ukara (b) sebutane hansip sing owah dadi denawa iku dianggep wis luhur, amarga bisa ngayomi lan njaga acara ing ukara (b) kanthi aman lan tertib. Ing ukara (b) sebutane denawa dianggep becik tinimbang sebutane hansip.


2). Bajingan owah dadi kusir  
Bajingan kalebu jinise pakaryan, nanging penggaweyan bajingan iku asring dikonotasikake ala utawa dipadhakake karo bajingan penjahat. Bajingan iku kalebu ing perangane pakaryan adhedhasar kahanan. Bajingan iku pakaryan saka kahanane si bajingan kasebut sing nglakokake cikar utawa grobag sing ditarik dening sapi. Dadi kahanane pakaryan iki amarga si bajingan kasebut nglakokake cikar. Sebutane bajingan iku dirasa asor utawa konotasine kurang becik tumrap penganggo basa. Kamangka bajingan iku kalebu pakaryan sing nglakokake cikar utawa grobag sing ditarik sapi utawa jaran. Banjur sebutane bajingan iku mau owah dadi kusir sing dirasa luwih luhur lan luwih nyenengake. Owahe bajingan iku mau amarga masyarakat ngarani yen bajingan iku penjahat, banjur bajingan iku mau owah dadi kusir.
Dhata ing ukara:
a)  Penggaweyane paklikku dadi bajingan.
b)  Saben wayah dina minggu, Andi dadi kusir ing Malioboro.
Ukara (a) pakaryan utawa penggaweyan bajingan iku dirasa luwih asor. Amarga sebutane bajingan iku dipadhakake karo bajingan penjahat. Banjur bajingan iku mau owah dadi kusir, amarga kusir dianggep luwih luhur lan luwih alus. Ing masyarakat dhewe bajingan dianggep penjahat, dudu wong sing nglakokake cikar utawa grobag sapi. Masyarakat wis salah tampa, senadyan masyarakat wis salah tampa marang bajingan, nanging bajingan iku mau owah dadi kusir sing dirasa luwih alus. Yen ing ukara (b) kusir dianggep luwih luhur tinimbang bajingan.
3) Tukang kayu owah dadi undhagi
Pakaryan tukang kayu iku kalebu penggaweyan kang adhedhasar kahanan. Tukang kayu iku bisa diarani pakaryan adhedhasar kahanan amarga penggaweyane saka kahanane natahi kayu lan tkang gawe piranti saka kayu. Sebutane tukang kayu dirasa kurang nyenengake. Banjur, tukang kayu iku owah dadi luwih nyenengake dadiundhagi. Undhagi dirasa luwih nyenengake lan duweni pangaji tinimbang tukang kayu iku mau.
Dhata ing ukara:
a)  Pak Sofyan dadi tukang kayu ing Jakarta.
b)  Pakdheku dadi undhagi ing Bali.
Ukara (a) pakaryan utawa penggaweyan tukang kayu iku isih dikira kurang nyenengake lan uga dianggep kurang luhur. Banjur tukang kayu iku mau owah dadi undhagi sing luwih nyenengake lan luwih luhur ing antarane masyarakat tinimbang tukang kayu iku mau.

C.  Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan iku owah-owahane teges kang bisa ngluhurake teges utawa jinise pakaryan tinimbang teges pakaryan sadurunge. Owah-owahane teges saya luhur bisa awujud saka saperangane pakaryan kang netral utawa lumrah lan pakaryan kang negatif utawa asor banjur owah dadi saya luhur.
Owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan bisa kedadeyan saka maneka warna kang njalari kayata bab emotif, bab panganggo basa (masyarakat), bab sosial, bab linguistik, lan bab sejarah. Owah-owahane teges saya luhur awujud pakaryan iku kedadeyan amarga masyarakat nganggep pakaryan sing kurang becik utawa asor iku ora diregani amarga sebutane pakaryan iku mau. Banjur sebutane pakaryan iku mau owah dadi saya luhur lan saya becik amarga kahanan kang kaya mangkono iku mau.

Kapustakan

Chaer, Abdul. 2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta

Djajasudarma, Fatimah. 1993. Semantik 2 Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: Refika
Aditama

Tarigan, Henry, Guntur. 1985. Pengajaran Semantik. Bandung: Angkasa

Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal. Jakarta: Rineka Cipta

Parera, J.D. 2004. Teory Semantik. Jakarta: Airlangga

Muljana, Slamet. 1964. Semantik (Imu Makna). Surabaya: Djambatan

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.

Pranowo, Sudaryanto. 2001. Kamus Pepak Basa Jawa. Yogyakarta: Badan Kongres Bahasa Jawa.
Kawuryan, Megandaru W. 2006. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta: Panji Pustaka.




3 komentar: