Nurul Mu’afidah
12020114206
2012 C

Ing basa Jawa prelu anane panliten ngenani leksikon kang ateges tumindak. Jalaran ing basa Jawa akeh leksem kang nduweni teges tumindak. Leksem-leksem kuwi mung dinggo saprelune wae tanpa ngerteni tegese tumindak kang kepriye kang diduweni leksem. Banjur ing kene bakal ngandharake ngenani jinise teges tumindak kang diduweni leksem-leksem basa Jawa. Leksem tumindak ing basa Jawa durung tau ditliti dening para ahli basa Jawa. Panliten ngenani leksem tumindak anane kalebu ing panliten tembung kriya kang nduweni kalungguhan wasesa sajrone ukara, mula leksikon kang ateges tumindak ing basa Jawa prelu ditliti.
Panliten ngenani leksikon kang ateges tumindak wis ana sajrone bukune Chaer, nanging ing buku kasebut mung ngandharake ngenani leksikon basa Indonesia. Dene panliten ing basa Jawa kang saemper yaiku panlitene Nurlina (2010,11) kang ngandharake ngenani verba antiaktif lan antipasif sajrone basa Jawa. Ing panliten iku mung ngandharake ngenani tembung kriya tanduk kang ora bisa ditanggapake lan tembung kriya tanggap sing ora bisa ditandukake.
Leksikon kang ateges tumindak bakal diandharake kanthi cara maca-maca buku banjur nglumpukake panemu saka ahli semantik. Banjur cara nglumpukake dhata kanthi cara njupuk dhata kang arupa tembung-tembung pinilih kategori verba kang ana sajrone bukune Rusydi, dkk(1985:172-263). Saliyane dhata-dhata kuwi mau uga diwenehi andharan supaya luwih cetha anggone ngerteni bab kasebut. Ing makalah iki uga nnduweni ancas kanggo ngandharake ngenani leksikon kang awujud tumindak kanthi nitiki lan nuduhake perangan sajrone basa Jawa.
Panulisan makalah leksikon kang ateges tumindak iki nduweni ancas kanggo nuduhake wujude leksikon kang nduweni teges tumindak ing basa Jawa. Jalaran akehe leksikon kang ateges tumindak karo kang ateges kedadeyan didadekake siji minangka jinis tembung kriya. Kamangka ana bedane leksikon kang ateges tumindak lan kan ateges kedadeyan. Saka andharan kasebut tujuwane kanggo nambahi kawruh ngenani basa Jawa supaya basa Jawa luwih ngrembaka yen dideleng saka basa mligine ngenani leksikon.
B. Andharan
Leksikon kang ateges tumindak awujud tembung kriya lingga lan andhahan. Ora saben tembung kriya nduweni teges tumindak. Merga ana saperangan tembung kriya kang nduweni teges kedadeyan, mula ing kene bakal diandharake ngenani teges lan perangan saka leksikon kang ateges tumindak.
1. Tegese Leksikon kang Ateges Tumindak
Teges makna leksikal wis akeh diandharake dening para ahli linguistik. Kaya dene miturut Pateda (2001:119) makna leksikal, utawa makna eksternal yaiku makna tembung nalika tembung iku madeg dhewe, bisa wujud leksem utawa andhahan kang maknane kurang luwih padha karo makna kang ana sajrone kamus basa tartamtu.
Mitrut Djajasudarma (2009:16), tegese makna leksikal iku makna saka perangane basa minangka pralambang wujud, kedadeyan, lan sapanunggale. Makna leksikal iki nduweni perangane basa kang madeg dhewe, lan uwal saka konteks.
Dene makna leksikal miturut Chaer (2009:60) yaiku wujude tembung kahanan saka tembung aran leksikon (kumpulane tembung). Satuwan saka leksikon kasebut leksem yaiku satuwan wujud basa kang nduweni makna. Yen leksikon padha karo kumpulane tembung, kamangka leksem bisa diarani tembung. Banjur bisa dingerteni dene makna leksikal yaiku makna kang asipat leksikon, asipat leksem, utawa asipat tembung.
Bisa dingerteni yen wujude basa kang nduweni makna leksikal yaiku leksikon. Leksikon utawa kosakata nduweni makna tartamtu, saemper karo wujude tembung. Dene tembung ana patang jinis yaiku tembung aran, kriya, kahanan, lan katrangan. Saben tembung mesthi nduweni makna kang beda saka tembung liyane. Saka wujude tembung, wis bisa dideleng kira-kira maknane apa. Kaya tembung aran wis dikira yen maknane minangka arane barang, tembung kriya minangka tembung kang nduweni teges tumindak, lan sapanunggale.
Sajrone Baoesastra, Poerwadarminta (1939:607) ngandharake ngenani tegese tumindak. Tumindak asale saka tembung tindak sing tegese jangkah, patrap, solah tingkah, laku. Banjur tembung tindak oleh seselan {-um-} dadi tumindak sing nduweni teges wiwit bisa mlaku, mlaku, rada bisa, rada bisa ngecakake, wis dicakake.
Miturut Chaer (2007:41) makna leksikon kang awujud tumindak nduweni komponen makna kang minujulake tumindak. Tumindak minangka samubarang kang ditindakake dening subjek basa. Mula tumindak bisa dititiki kanthi ndeleng ana apa orane objek kang dituju dening subjek kang nindakake pakaryan. Ing kene mung bakal ngrembug ngenani leksikon kang ateges tumindak nalika leksem iku madeg dhewe. Ora nuduhake sesambungane subjek lan objeke tumindak nalika mapan sawijine konteks.
Bisa didudut tegese leksikon kang tumindak yaiku makna tembung nalika madeg dhewe minangka pralambange tumindak sing dicakake utawa sing dilakokake dening subjek tindak.
2. Titikan Leksikon kang Ateges Tumindak
Saka andharan ing ndhuwur, leksikon tumindak bisa dititiki kanthi cetha. Titikane leksikon tumindak yaiku:
a. Tembung nalika madeg dhewe
Tembung nalika madeg dhewe mesthi nduweni teges kang diener. Teges iku wis maton nalika meruhi wujude tembung, wis bisa digambarake ngenani makna sing dikandut sajrone tembung iku. Mula saka iku, leksikon tumindak bisa dititiki kanthi cara meruhi makna tembung nalika madeg dhewe.
b. Tembung sing uwal saka konteks
Makna leksikal bisa dititiki kanthi cara nitiki makna kang uwal saka konteks. Jalaran leksikon minangka objek saka leksikal kang nnduweni makna. Leksikon iku arupa tembung kang maknane wis bisa diweruhi sanajan ora mapan sajrone konteks. Kaya dene sing diandharake ing ndhuwur, yenta makna leksikal walikan saka makna gramatikal. Dene makna gramatikal bisa katiti saka makna sing ana sajrone konteks, lan suwalike makna leksikal minangka makna kang uwal saka konteks.
c. Maknane bisa tinemu sajrone kamus
Maknane tembung bisa tinemu sajrone kamus. Para ahli akeh sing ngandharake ngenani makna leksikal minangka makna kamus. Jalaran kaya mangkono, kamangka umume makna leksikal uga sinebut makna kamus, sanajan ora saben tembung bisa ditegesi kanthi cara nggoleki tegese sajrone kamus. Umume leksikon bisa diweruhi maknanane kanthi cara nggoleki sajrone kamus.
d. Tembung lingga lan andhahan
Mujud ing tembung lingga lan andhahan. Tembung lingga sejatine wis nduweni makna nalika madeg dhewe. Saliyane iku, tembung andhahan uga nduweni makna nalika madeg dhewe. Ora saben tembung lingga lan adhahan nnduweni makna leksikal.
e. Tembung kang nduweni teges nindakake pakaryan
Ora saben tembung bisa tinemu makna leksikale, kayadene tembung panggandheng kang bisa tinemu maknane nalika mapan ing ukara. Banjur tembung lingga kang nduweni makna nindakake pakaryan yaiku tembung kriya. Ora mung tembung kriya kang nnduweni teges nindakake pakaryan nalika tembung iku awujud tembung andhahan. Tembung andhahan kang asale saka tembung aran lan kahanan uga bisa nduweni teges nindakake pakaryan.
3. Perangan Leksikon kang Ateges Tumindak
Miturut Chaer (2007:41) perangan saka leksikon kang nduweni teges tumindak bisa diperang dadi loro yaiku leksikon kang nnduweni makna tumindak kang katon objeke lan leksikon kang nduweni makna tumindak kang ora katon objeke.
a. Leksikon kang Nduweni Makna Tumindak kang Katon Objeke
Kayata tembung maca, nuku, mangan, ngombe, nandur, lan nyapu. Tembung-tembung kasebut bisa awujud tembung andhahan kang asipat proses flektif lan derivastif nalika proses morfologine. Kaya dene kang diandharake dening Verhaar (2010:121) flektif yaiku proses morfemis sajrone tembung kang ngasilake unsur leksikal kang padha, dene derivatif yaiku proses morfemis kang ngowahi tembung minangka unsur leksikal tartamtu dadi unsur leksikal liyane.
Anane wujud tembung andhahan saka wuwuhan kang awujud ater-ater, seselan, panambang, lan morfem kapilah, ndadekake saperangan tembung aran, kriya lan kahanan nnduweni teges nindakake pakaryan kang kasebut ing linggane. Sajrone proses derivasi lan fleksi uga ndadekake owahe teges saka linggane sing wiwitane ora nnduweni teges nindakake pakaryan, bisa nnduweni teges nindakake pakaryan. Kaya dene conto ing ngisor iki.
No Leksikon Asale Tembung Flektif Derivatif
Aran Kriya Kahanan
1. Nukoni - - -
2. Ngombe - - -
3. Nandur - - -
4. Kebacok - - -
5. Nyapu - - -
6. Nyebul - - -
7. Maca - - -
8. Maculi - - -
9. Mancing - - -
10. Manggon - - -
11. Mecahi - - -
12. Ngrokok - - -
13. Kebanting - - -
14. Klamben - - -
15. Disuwek - - - -
16. Maido - - -
17. Makani - - -
18. Digosongake - - -
19. Kokireng - - -
20. Ngresiki - - -
21. Guyon - - -
22. Merdhukun - - -
23. Merdhayoh - - -
24. Kepanasen - - -
25. Kesengsem - - -
26. Maguru - - -
27. Nyuguhi - - -
28. Karindhikake - - -
29. Ngundhuh - - -
30. Methik - - -
Saka tabel ing ndhuwur, bisa didadekake dhasar kanggo merang titikane tembung kang nduweni teges nindakake pakaryan dadi loro yaiku:
1) Leksikon kang Asipat Flektif
Tembung kang asipat derivatif ing kene, nnduweni titikan minangka tembung kang linggane awujud tembung kriya. Anane wuwuhan saka linggane kriya nduweni tujuwan kanggo negesake wektu lan sengaja utawa orane pakaryan iku ditindakake. Kayata leksem-leksem ing ngisor iki:
(1) Nukoni
Leksem nukoni asale saka tembung tuku banjur oleh wuwuhan dadi nukoni. Tembung lingga tuku kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung nukoni nduweni teges nindakake pakaryan tuku kang disengaja.
(2) Ngombe
Leksem ngombe asale saka tembung ombe banjur oleh wuwuhan dadi ngombe. Tembung lingga ombe kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung ngombe nduweni teges nindakake pakaryan ombe kanthi sengaja.
(3) Nandur
Leksem nandur asale saka tembung tandur banjur oleh wuwuhan dadi nandur. Tembung lingga tandur kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung nandur nduweni teges nindakake pakaryan tandur kanthi sengaja.
(4) Kebacok
Leksem kebacok asale saka tembung bacok banjur oleh wuwuhan dadi kebacok. Tembung lingga bacok kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung kebacok nduweni teges nindakake pakaryan bacok kanthi ora sengaja.
(5) Nyebul
Leksem nyebul asale saka tembung sebul banjur oleh wuwuhan dadi nyebul. Tembung lingga sebul kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung nyebul nduweni teges nindakake pakaryan sebul kanthi sengaja.
(6) Maca
Leksem maca asale saka tembung waca banjur oleh wuwuhan dadi maca. Tembung lingga waca kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis minagka tembung kriya. Wuwuhan ing tembung maca nduweni teges nindakake pakaryan waca kanthi sengaja.
(7) Kebanting
Leksem kebanting asale saka tembung banting banjur oleh wuwuhan dadi kebanting. Tembung lingga banting kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung kebanting nduweni teges nindakake pakaryan banting kanthi ora sengaja.
(8) Maido
Leksem maido asale saka tembung paido banjur oleh wuwuhan dadi maido. Tembung lingga paido kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung maido nduweni teges nindakake pakaryan paido kanthi sengaja.
(9) Guyon
Leksem guyon asale saka tembung guyu banjur oleh wuwuhan dadi guyon. Tembung lingga guyu kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung guyon nduweni teges nindakake pakaryan guyu kanthi sengaja.
(10) Ngundhuh
Leksem ngundhuh asale saka tembung undhuh banjur oleh wuwuhan dadi ngundhuh. Tembung lingga undhuh kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis tembung kriya. Wuwuhan ing tembung ngundhuh nduweni teges nindakake pakaryan undhuh kanthi sengaja.
(11) Methik
Leksem methik asale saka tembung pethik banjur oleh wuwuhan dadi methik. Tembung lingga pethik kalebu ing tembung kriya banjur oleh wuwuhan sing ora ngowahi saka jinis leksem asale yaiku pancet nduweni jinis minagka tembung kriya. Wuwuhan ing tembung methik nduweni teges nindakake pakaryan pethik kanthi sengaja.
Leksikon kang ateges tumindak ing ndhuwur minangka tumindak kang katon objeke lan asipat flektif. Asipat flekti jalaran tembung lingga lan andhahane isih pancet sajinis yaiku tembung kriya. Banjur saka tembung-tembung ing ndhuwur minangka wujud saka tembung andhahan kang nduweni teges tumindak kang disengaja lan uga ana kang ora disengaja.
2) Leksikon kang Asipat Derivatif
Tembung kang asipat derivatif minangka wujud saka andhahane tembung aran lan kahanan. Anane wuwuhan kang njalari owahe teges saka aran utawa kahanan dadi nindakake pakaryan. Pakaryan kasebut isih ora bisa uwal saka anane tembung lingga kang awujud aran utawa kahanan. Kayata leksem-leksem ing ngisor iki:
(1) Nyapu
Leksem nyapu asale saka tembung sapu kang oleh wuwuhan. Tembung sapu kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku sapu kang ateges arane barang. Banjur tembung sapu oleh wuwuhan dadi nyapu kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo sapu kang disengaja.
(2) Maculi
Leksem maculi asale saka tembung pacul kang oleh wuwuhan. Tembung pacul kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku pacul kang ateges arane barang. Banjur tembung pacul oleh wuwuhan dadi maculi kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo pacul kang disengaja.
(3) Mancing
Leksem mancing asale saka tembung pancing kang oleh wuwuhan. Tembung pancing kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku pancing kang ateges arane barang. Banjur tembung pancing oleh wuwuhan dadi mancing kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo pancing kang disengaja.
(4) Manggon
Leksem manggon asale saka tembung panggon kang oleh wuwuhan. Tembung panggon kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku panggon kang ateges arane barang. Banjur tembung panggon oleh wuwuhan dadi manggon kang nduweni teges nindakake pakaryan ing panggon tartamtu kang disengaja.
(5) Mecahi
Leksem nyapu asale saka tembung sapu kang oleh wuwuhan. Tembung sapu kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku sapu kang ateges arane barang. Banjur tembung sapu oleh wuwuhan dadi nyapu kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo sapu kang disengaja.
(6) Ngrokok
Leksem ngrokok asale saka tembung rokok kang oleh wuwuhan. Tembung rokok kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku rokok kang ateges arane barang. Banjur tembung rokok oleh wuwuhan dadi ngrokok kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo rokok kang disengaja.
(7) Klamben
Leksem klamben asale saka tembung klambi kang oleh wuwuhan. Tembung klambi kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku klambi kang ateges arane barang. Banjur tembung klambi oleh wuwuhan dadi klamben kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo klambi kang disengaja.
(8) Disuwek
Leksem disuwek asale saka tembung suwek kang oleh wuwuhan. Tembung suwek kalebu jinise tembung kahanan banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale . Owahe tembung kahanan dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku suwek kang ateges kahanan utawa sipate barang. Banjur tembung suwek oleh wuwuhan dadi disuwek kang nduweni teges nindakake pakaryan ndadekake suwek kang disengaja.
(9) Makani
Leksem makani asale saka tembung pakan kang oleh wuwuhan. Tembung pakan kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku pakan kang ateges arane barang. Banjur tembung pakan oleh wuwuhan dadi makani kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo pakan kang disengaja.
(10) Digosongake
Leksem digosongake asale saka tembung gosong kang oleh wuwuhan. Tembung gosong kalebu jinise tembung kahanan banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung kahanan dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku suwek kang ateges kahanan utawa sipate barang. Banjur tembung gosong oleh wuwuhan dadi digosongake kang nduweni teges nindakake pakaryan ndadekake gosong kang disengaja.
(11) Kokireng
Leksem kokireng asale saka tembung ireng kang oleh wuwuhan. Tembung ireng kalebu jinise tembung kahanan banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung kahanan dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku ireng kang ateges kahanan utawa sipate barang. Banjur tembung ireng oleh wuwuhan dadi kokireng kang nduweni teges nindakake pakaryan arupa takon kahanan barang kang gosong lan disengaja.
(12) Ngresiki
Leksem ngresiki asale saka tembung resik kang oleh wuwuhan. Tembung resik kalebu jinise tembung kahanan banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung kahanan dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku resik kang ateges kahanan utawa sipate barang. Banjur tembung resik oleh wuwuhan dadi ngresiki kang nduweni teges nindakake pakaryan ndadekake resik kang disengaja.
(13) Merdhukun
Leksem merdhukun asale saka tembung dhukun kang oleh wuwuhan. Tembung dhukun kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku dhukun kang ateges arane barang. Banjur tembung dhukun oleh wuwuhan dadi merdhukun kang nduweni teges nindakake pakaryan nganggo dhukun kang disengaja.
(14) Merdhayoh
Leksem merdhayoh asale saka tembung dhayoh kang oleh wuwuhan. Tembung dhayoh kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku dhayoh kang ateges arane barang. Banjur tembung dhayoh oleh wuwuhan dadi merdhayoh kang nduweni teges nindakake pakaryan dadi dhayoh kang disengaja.
(15) Kepanasen
Leksem kepanasen asale saka tembung panas kang oleh wuwuhan. Tembung panas kalebu jinise tembung kahanan banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale . Owahe tembung kahanan dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku panas kang ateges kahanan utawa sipate barang. Banjur tembung panas oleh wuwuhan dadi kepanasen kang nduweni teges nindakake pakaryan ndadekake panas kang ora disengaja.
(16) Kesengsem
Leksem kesengsem asale saka tembung sengsem kang oleh wuwuhan. Tembung sengsem kalebu jinise tembung kahanan banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung kahanan dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku sengsem kang ateges kahanan utawa sipate barang. Banjur tembung gosong oleh wuwuhan dadi kesengsem kang nduweni teges nindakake pakaryan ndadekake sengsem kang disengaja.
(17) Maguru
Leksem maguru asale saka tembung guru kang oleh wuwuhan. Tembung guru kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku guru kang ateges arane barang. Banjur tembung guru oleh wuwuhan dadi maguru kang nduweni teges nindakake pakaryan golek ilmu marang guru kang disengaja.
(18) Nyuguhi
Leksem nyuguhi asale saka tembung suguh kang oleh wuwuhan. Tembung suguh kalebu jinise tembung aran banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung aran dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku suguh kang ateges arane barang. Banjur tembung suguh oleh wuwuhan dadi nyuguhi kang nduweni teges nindakake pakaryan menehi suguh kang disengaja.
(19) Karindhikake
Leksem karindhikake asale saka tembung rindhik kang oleh wuwuhan. Tembung rindhik kalebu jinise tembung kahanan banjur oleh wuwuhan kang ngowahi saka jinis leksem asale. Owahe tembung kahanan dadi tembung kriya ndadekake anane owah-owahane teges saka tembung linggane. Tembung linggane yaiku rindhik kang ateges kahanan utawa sipate barang. Banjur tembung rindhik oleh wuwuhan dadi karindhikake kang nduweni teges nindakake pakaryan ndadekake rindhik kang disengaja.
Leksikon ing ndhuwur minangka kalumpukane tembung andhahan kang asipat derivatif. Tembung-tembung kasebut minangka lambang saka leksikon kang ateges tumindak. Sanajan tembung linggane dudu kalebu jinise tembung kriya. Wujud andhahan kang ana ing ndhuwur wis makili anane tembung asipat derivatif kang ateges tumindak.
Andharan ngenani leksikon kang asipat flektif lan derivatif ing ndhuwur, nuduhake yen leksikon kang ateges tumindak katon objeke bisa diperang maneh adhedhasar sipate. Mula saka iku saben tembung andhahan kang mujud tembung kriya, sanajan linggane ora kriya bisa wae nduweni teges nindakake pakaryan kang katon objeke.
b. Leksikon kang Nduweni Makna Tumindak kang ora Katon Objeke
Tembung kang nnduweni makna nindakake pakaryan sing ora bisa dititiki brang apa kang dituju saka tumindak kang ana sajrone tembung kriya. Contone yaiku tembung mulih, budhal, teka, ngerti, lan seneng. Saka kelompok iki, bisa diperang maneh adhedhasar komponen makna fisik lan non fisik.
No Leksikon Komponen Makna
Fisik Non Fisik
1 Budhal -
2 Mulih -
3 Teka -
4 Ngerti -
5 Seneng -
6 Susah -
7 Bungah -
8 Bingung -
9 Lunga -
10 Dolan -
1) Komponen makna fisik
Tembung kriya nuduhake tumindak kang dilakokake dening manungsa. Ora saben tumindak dilakokake dening ragane manungsa. Saperangan leksikon kang nnduweni teges tumindak sing nduweni makna [+fisik]. Tembung kang nduweni makna fisik kayata tembung budhal, mulih, teka, lunga lan dolan.
2) Komponen makna non fisik
Tembung kriya bisa minangka wujud pangrasane manungsa. Saperangan leksikon tumindak nduweni teges minangka samubarang kang dirasa dening manungsa lan uga bisa njalari tumindak kang beda saka wiwitane. Leksikon kasebut kayata tembung ngerti, seneng, susah, lunga, lan dolan.
Leksikon kang nduweni teges nindakake pakaryan, uga bisa mujud sajrone tembung kang nduweni komponen makna fisik uga nonfisik. Komponen kasebut minangka perangan saka leksikon kang ateges tumindak kang ora katon objeke. Diarani ora katon objeke, jalaran leksikon kasebut yen ditindakake ora katon apa kang kang dituju utawa kang dipikirake.
C. Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen makna leksikal bisa diperang adhedhasar wujude tumindak. Saliyane iku kanggo negesake ngenani kepriye tumindak sing ana sajrone tembung bisa dititiki kanthi cara ndeleng jinise tembung. Saben tembung kriya wis cetha nuduhake tumindak. Ora mung tembung kriya kang nnduweni teges nindakake pakaryan. Tembung andhahan kang nduweni teges tumindak saka tembung aran lan kahanan uga bisa nnduweni teges nindakake pakaryan. Leksikon kang ateges tumindak bisa diperang adhedhasar wujude tembung kriya kang nnduweni teges tumindak. Tembung kang nduweni teges tumindak yaiku kalebu jinis tembung kriya awujud lingga lan andhahan. Andharan ngenani maneka tembung kang nnduweni teges nindakake pakaryan sejatine isih kurang mligi. Mula saka iku prelu ana panliten kang luwih mligi maneh ngenani makna leksikal wujude tumindak.
Kapustakan
Chaer, Abdul.2007.Leksikologi & Leksikografi Indonesia.Jakarta: Rineka Cipta.
__________.2009.Pengantar Semantik Bahasa Indonesia.Jakarta: Rineka Cipta.
Djajasudarma,T.Fatimah.2009. Semantik 1 Makna Leksikal dan Gramatikal. Bandung: Rafika Aditama.
Nurlina, Wiwiwn Erlina Siti.2010. Verba Antiaktif dan Verba Antipasif dalam Bahasa Jawa. Yogyakarta:Elmatera Publishing.
Pateda, Mansoer.2001. Semantik Leksikal (Edisi Kedua). Jakarta: Rineka Cipta.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters’Uitgevers-Maatschappij.
Rusydi,dkk.1985.Kosa Kata Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Depdikbud.
Verhaar,J.W.M.2010.Asas-Asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gajah Mada University Pres.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar