WANITA MANDHIRI sajrone ANTOLOGI CERKAK KEMBANG ing WATU KARANG
Anggitane Endang Sri Sulistyorini
I.PURWAKA
Wiwit jaman biyen nganti seprene, wanita tansah dadi wacana
kang prasasat ora ana rampunge dadi kembang labe. Wanita tansah dadi pirembugan
paling gayeng ing donya iki. Bab kasebut ora liya saka anane kaendahan lan
kharismatik kang diduweni dening kaum wanita. nanging emane, kaendahan kasebut
pranyata ora ditanjakake kanthi bener utawa bisa disebut dislewengake dening
kaum priya.
Apa maneh wanita Jawa, wanita ing konteks Jawa asring
disebut “kanca wingking” kang uripe tansah gumantung marang wong lanang (bojo).
Wanita kaya mangkene kang dianggep minangka makhluk kang ringkih, ndadekake
wanita kasebut tansah dipapanke ana mburi. Tuladhane wae ing bale wisma, wanita
utawa ibu dipapanke ana ngomah kanggo ngurus anak, masak, reresik, lan
lya-liyane. dene kaum priya nduwe tugas kanggo makarya utawa golek nafkah.
Anane diskriminasi tumrap wanita kasebut banjur nuwuhake
sawijine pepinginan kanggo nyelaraske peran lan kalungguhan kaum wanita karo
kaum priya. Pepinginan kasebut disebut gerakan feminisme. Feminisme nduweni
tujuwan kanggo nyelaraske drajade wanita lan priya. Laras karo gerakan feminism
kasebut, ing bab sastra uga kadadeyan prekara kang kaya mangkene. Ing donyane
kritik sastra disebut kritik sastra feminis yaiku sawijine pambiji apik lan
eleke karya sastra kang katujokake marang perkarane wanita.
Mula saiki ana saperangan panulis wanita kang nulis
karya-karyane kanthi tema wanita. saliyane kuwi panulis uga kepengin
nggambarake wanita kang mandhiri, ora mung wanita tradhisional kaya kang
dingerteni dening wong biyen. Salah sawijine panulis kasebut yaiku Endang Sri
Sulistyorini. Ing antologi cerkake akeh kang nggambarake donyane wanita. ana
kang digambarake kanthi wanita tradhisional, wanita modern, la nana uga kang
digambarake kanthi wanita kang mandhiri. Kayata ing cerkak kanthi irah-irahan Kadho Desember, Nalika
Udane Terang, Mekar ing Lemah Cengkar, Hani Si Adhenium.
Pancen ora akeh pengarang wanita kang nulis karyane utamane
cerkak kang nggambarake donyane wanita, mula iki kang dadi unike cerkak-cerkak
karyane Endang Sri Sulistyorini. kepriye pengarang wanita yen nyritakke wanita,
kepriye gambarane pengarang wanita tumrap wanita lan sapanunggale.
II. Tintingan Kapustakan
Kanggo ngandharake kritik iki,
digunakake teori kang trep supaya bisa nyengkuyung ing andharan. Kayata
feminism lan wanita mandhiri.
2.1 Feminisme
Yen manut etimologis, tembung feminism dumadi saka
tembung femme (women) tegese wong
wadon dene isme tegese anutan utawa
pemahaman. Dene feminism yaiku merjuwangake hak-hak kaum wanita ing kelas
sosial. Kesamaan hak kuwi kayata hak urip, hak sosial, ekonomi lan liya-liyane.
2.2
Wanita
Mandhiri
Anane gerakan feminism
kang nuwuhake anane wanita mandhiri. wanita mandhiri yaiku wanita kang wis
mandhiri, maju, lan ora gumantung marang priya. Wanita mandhiri nduweni peran
ganda yaiku minangka ibu lan minangka karyawati. Dadi wanita mandhiri ora
nglerwakake kodrate minangka wanita senajan dheweke wis bisa mandhiri nyukupi
kabutuhane dhewe kanthi makarya.
III.
ANDHARAN
Ing andharan iki bakal diandharake lan
dijlentrehake ngenani citrane wanita kayata wanita tradhisional lan wanita
mandhiri.
3.1 Gegambarane Paraga Utama Wanita sajrone
Antologi Cerkak Kembang ing Watu Karang
Paraga
utama wanita minagka wong kang nglakoni sajrone crita. Saben paraga utama
wanita sajrone antologi cerkak iki ndhuweni karakter kang beda-beda, nanging
uga ana saperangan kang padha.
3.1.1 Paraga Lis
Sajrone
antologi cerkak Kembang ing Watu Karang kanthi irah-irahan Kadho Desember, paraga Lis minangka paraga utamane. Kabukten saka
tembung aku kanggo nggambarake paraga utamana iki. Paraga Lis sing kene kalebu
protagonist, paraga kang ndhuweni sipat apik, nanging uga paraga kang netral.
Ateges paraga wanita kang nduweni sipat kayata wanita umume. Kayata andharan
ing ngisor iki.
3.1.1.1 Wanita kang Preduli Marang Liyan
Jenenge wae manungsa apa maneh wanita kang kebag
rasa-pangrasa. Mula wis lumrah yen wanita kuwi seneng tetulung marang liyan.
Ing kene panulis mbok menawa wae kepengin nggambarake sipate wanita kanthi
paraga ibu sing weneh nasehat marang paraga aku supaya seneg weneh tumrap wong
kang mbutuhake.
Yen
bocah-bocah keponakanmu sakloron kuwi wis sering kok wenehi. Sejene ngono wong
tuwane wis padha cukup. Luwih becik diparingake marang sing pancen mbutuhake.
Saka
cuplikan ing ndhuwur bisa dideleng yen paraga ibu iki uga nggambarake wanita
kang seneng weneh marang wong kang mbutuhake. Nalika dheweke ngerti ana wong
kang luwih mbutuhake mula dheweke milih menehi wong sing luwih mbutuhake.
3.1.1.2
Wanita
nduweni sipat cemburon
Sipate wanita kang digambarake yaiku rasa cemburu. Wanita
ngendi sing ora cemburu nalika bojone ngomong ngenani wanita liya. Ing kene
paraga aku utawa paraga wanita nggambarake wanita sing cemburu marang bocah
sing jenenge ninik, amerga paraga aku ora ngerti yen ninik iki isih cilik utawa
bocah.
Aku noleh.
Nyawang mas pri saka iringan. Mas Pri mesem. Mripate tetep nyawang dalan ing
ngarep ngerti yen aku cemburu sajake.
Saka
kutipan ing ndhuwur wis bisa dingerteni yen panulis nggambarake paraga aku
kanthi wanita kang sipate cemburon. Kaya wanita umume nalika bojone omong
ngenani wanita liya, mula dheweke uga ndhuweni rasa cemburu marang bojone.
3.1.1.3
Wanita
kang Durung Nduweni Momongan
Cerkak kadho
desember iki uga nggambarake paraga wanita aku kang durung nduweni momongan.
Ing cerkak iki uga digambarake kepriye rasane wanita sing wis suwe rabi nanging
durung nduweni anak.
Seminggu.
Kamangka iki isih mlaku telung dina. Ora dak selaki, yen omah rasane sepi. Wong
loro wae krasa sepi, apa maneh saiki aku kari ijen. Sok tengah wengi aku
nglilir. Nggetuni awakku, dene wis limang taun anggonku omah-omah nanging
durung nduwe momongan.
Saka
kutipan ing nduwur wis bisa dingerteni yen panulis kepengin nggambarake kepriye
rasane wanita yen durung duwe momongan kamangka wis suwe anggone omah-omah.
Saka cuplikan ing nduwur uga bisa makili kabeh wanita yen durung nduwe
anak. Kamangka anak kuwi minangka
paneruse kulawarga, mula yen nganthi ora nduwe anak ateges ora ana kang dadi
paneruse.
3.1.1.4 Wanita kang Nduweni Sipat Madulan
Cerkak kadho desember iki uga nggambarake sipate wanita
yaiku seneng madul. Endang Sri Sulistyorini pancen salah sawijine panulis kang
njlimet anggone nggambarake wanita, ing kene panulis mung nggambarake
satleraman sipat-sipate wanita, wis cetha yen panulis kapengin nggambarake
sipat-sipate wanita lumantar paraga-paraga kang ana ing cerkak iki.
Sorene.
Kebeneran ibune Mas Pri nilpun aku. Kebeneran, aku ana kesempatan kanggo
madulake Mas Pri sing terus-terus mikir Ninik.
Sl,kaka cuplikan ing
ndhuwur wis bisa dingerteni yen paraga aku uga nduweni sipat madulan. Iki
pancen wis lumrah tumrape wanita. mula ing kene panulis uga nggambarake sipat
madulan tumrape wanita senajan mung satleraman.
3.1.1.5
Wanita
kang Ngurmati Maratuwa
Wis dadi kuwajibane manungsa kudu
ngurmati wong kang luwih tuwa, apa maneh wong tuwa lan maratuwa. Endang Sri
Sulistyorini uga nggambarake wanita kang ngurmati maratuwane, nalika salah
utawa tumindake salah kudune njaluk sepura. Kuwi uga sing digambarake dening
Endang Sri Sulistyorini lumantar paraga aku.
Ora lali aku nyuwun ngapura marang ibu
maratuwaku kuwi.
Kutipan saka
cerkak kadho desember iki nggambarake wanita kang ngurmati marang wong tuwa,
tumrape wanita marang maratuwa. Ing kene
Endang Sri Sulistyorini kepengin nggambarake yen wanita kuwi kudu
ngurmati marang wong tuwa lan maratuwa.
3.1.1.6
Wanita
kang Bisa Nyimpen Rasa Mangkel
Rasa
mangkel kuwi metu nalika manungsa nemoni babagan kang ora disenengi saengga
nggawe atine mangkel. Ing cerkak iki Endang Sri Sulistyorini nggambarake wanita
kang bisa nyimpen rasa mangkel marang maratuwane.
Aku
mung bisa setuju marang kersane ibu maratuwa kuwi senajan rada mangkel.
Saka cuplikan ing
nduwur wis bisa dingerteni yen Endang Sri Sulistyorini nggambarake wanita kang
bisa ngempet rasa mangkele.
3.1.1.7
Wanita
kang Welas Asih Marang Liyan
Cerkak
kadho desember iki pancen bisa dadi tuladha marang pamaca, utamane wanita. ing
cerkak iki Endang Sri Sulistyorini nggambarake wanita kang nduweni rasa welas
asih lan atine sensitive.
Swarane
lirih-lirih, ning bisa nyenggol atiku. Dumadakan wae runtuh rasa welasku. Ah,
mesakne banget bocah cilik iki.
Saka
cuplikan ing dhuwur bisa dingerteni yen Endang Sri Sulistyorini kepengin
nggambarake wanita kuwi kudu nduwe rasa welas, apa maneh marang bocah cilik.
Aja kaya jaman saiki, seneng mulasara bocah cilik.
3.1.2
Paraga Marlin
Sajrone antologi cerkak Kembang ing
Watu Karang kanthi irah-irahan Nalika
Udane Terang, paraga Marlin minangka paraga utamane. Paraga Marlin ing kene
nggambarake wanita kang penyayang, rela berkorban kanggo anak, lan liya-liyane.
3.1.2.1 Wanita Penyayang
Jenenge wae wanita, kudune tresna lan
sayang marang anak. Ora kaya jaman saiki akeh wanita kang nyiksa anake, malah
ana kang mateni anake dhewe. Kamangka anak kuwi titipane Gusti, mula kudu
dirumat lan ditresnani ora malah disiksa. Tuladhane kaya kang ana ing cerkak
iki Endang Sri Sulistyorini kepengin nggambarake wanita kang satenane, wanita
kang tresna marang anake,
Marlin manthuk. Mbenakake slimute
anake, lan ngesun bathuke.
Saka kutipan iki
Endang Sri Sulistyorini sejatine ngajak wanita tumrape para ibu-ibu yen wis
dhuwe anak mbok ya disayangi, digatekna. Yen ibu-ibu kuwi saying marang anake
mengko tembe mburine si anak uga bakal niru sipate ibune. Kanthi paraga Marlin
iki, Endang Sri Sulistyorini uga nggambarake wanita kang kepengin nduduhake
sayange kang tanpa wates, iki amerga Marlin uga makili rasa sayange bojone
kanggo anake. Amerga ora nduwe bapak, mula Marlin rumangsa kudu ekstra anggone
nyayangi anake. Semono uga wanita kang
kwatir marang keslametane anake. Iki bisa dadi tuladhane wanita, aja nganti
seneng nyiksa anake.
Marlin kwatir banget marang mengko gek
dhemam berdarah.
Saka kutipan ing
dhuwur bisa dingerteni yen Endang Sri Sulistyorini nulis cerkak iki kanggo
umume wanita, yaiku wanita kang sayang marang anake lumantar sipat lan tumindake
marang anak.
Saliyane marang anake, Marlin uga
nggambarake wanita kang kebak rasa welas, rasa sayang marang wong lanang tuwa
kang dianggep kaya-kaya wong tuwane dhewe.
Marlin
mung bisa njerit nalika weruh Mbah Tejo wis dadi layon.
……..
Marlin
mung bisa ngruntuhke luh.
Saka kutipan ing nduwur
nggambarake kahanane Marlin yaiku njerit meruhi wong kang dianggep kaya-kaya
wong tuwane dhewe wis dadi layon. Kamangka wong lanang kuwi wis bisa nggawe
senenge Marlin kang dianggep kaya-kaya anake dhewe, lan Lisa kang dianggep kaya-kaya
putune dhewe. Tembung njerit kuwi wis bisa nggambarke rasa sayange marang wong
kang tilar donya. Ora mungkin ora njerit yen sing ninggal kuwi wong kang
dianggep wong tuwane dhewe.
3.1.2.2 Wanita kang Rela Berkorban Kanggo Anak
Cerkak
kanthi irah-irahan “Nalika Udane Terang” nggambarake
menawa wanita kuwi rela berkorban kanggo
anake. Aja maneh mung bandha donya, ibarate nyawa wae gelem menehake. Ing
cerkak iki Endang Sri Sulistyorini nduweni panemu kang gedhe tumrape ibu kanggo
anake. Ing kene panulis ngibaratke yen bandha kuwi ora ana ajine tinimbang
anak. Mbok menawa wae Endang Sri Sulistyorini anggone nulis cerkak iki nalika
dheweke wis nduwe anak. Mula nduwe gagasan utawa ide kanthi ngleboke crita kang
kaya ngene iki. Kaya kang diandharake ana nduwur yen wanita kuwi aja nganti
nyiksa anake, aja nganti nganiyaya anake, dadi wanita mligine ibu kudu nduwesi
sipat kang ana ing cerkak iki.
Tekade
wis mantep. Ali-ali tinggalane bojone bakal diedol. Apa gunane disimpen yen
anake lara ora waras-waras. Nadyan kanggone Marlin ali-ali mau nyimpen crita
dhawa antarane dheweke lan bojone
Saka cuplike ing dhuwur
bisa dingerteni yen paraga Marlin iki saying lan tresna banget marang anake,
mula dheweke ikhlas ngedol ali-ali senajan ali-ali kuwi tinggalane bojone lan
nduweni crita akeh karo bojone. Nanging paraga Marlin iki pancen paraga kang
sipate paling apik anggone Endang Sri Sulistyorini nggambarake. Patut dadi
tuladha kanggone wanita mligini para ibu.
3.1.3
Paraga
Tya
Sajrone
antologi cerkak Kembang ing Watu Karang kanthi irah-irahan Mekar ing Lemah Cengkar, paraga Tya minangka paraga utamane.
Paraga Tya ing kene nggambarake wanita kang apresiatif, wanita kang mandhiri,
lan liya-liyane.
3.1.3.1 Wanita kang Apresiatif
Minangka
wanita, ana kang nduweni sipat apresiatif. Apresiatif yaiku wong kang seneng
weneh apresiasi marang wong liyan. Mbok menawa wae kagawa sipate panulis, mula
panulis sengaja utawa ora sengaja wis nggambarake salah sawijine wanita kang
seneng weneh apresiasi marang liyan. Apresiasi kuwi bisa awujud weneh hadiah,
weneh kritik, weneh keplok lan liyane. semono uga paraga aku ing cerkak mekar
ing lemah cengkar. Dheweke weneh apresiasi wujude keplok tangan.
“hebat, hoby
baru?” pitakonku karo keplok, sawise Mas Pras ngrampungake lagune.
Saka cuplikan ing ndhuwur bisa dingerteni yen paraga
aku nduweni sipat apresiataf.
3.1.4
Paraga
Hani
Sajrone
antologi cerkak Kembang ing Watu Karang kanthi irah-irahanHani Si Adhenium, paraga Marlin minangka paraga utamane. Paraga
Hani ing kene nggambarake wwanita kang kuat ngadepi pacoban, wanita kang
mandhiri amarga ditinggal bojone, wanita penggerak emansispasi, lan
liya-liyane.
3.1.4.1 Wanita Wiraswasta
Hani minagka gegambarane wanita kang tekun lan gelem
usaha. Lumantar usaha catering dheweke wis bisa ngajak tangga teparo dadi
pegawai utawa tukang rewang ing panggon usahane.
Pranyata, usaha catering maju. Ngiras menehi
pegaweyan tangga teparo.
Saka pethilan ing ndhuwur bisa dingerteni yen Hani
nggambarake wanita kang gelem usaha dhewe.
3.2
Citrane
Wanita sajrone Antologi Cerkak Kembang
ing Watu Karang
Sajrone
panguripan, wanita nduweni maneka warna peran, ana kang minangka ibu rumah
tangga, karyawati lan liya-liyane. sekabehane tumindake wanita mau bisa disebut
citrane wanita. kayata wanita mandhiri.
3.2.1
Wanita
Mandhiri
Laras
karo lumakune jaman, uga tuntutan ekonomi kang saya dhuwur, wanita dituntut
amrih bisa mandhiri lan ora njagakake priya. Bab kasebut bisa kawujud yen
wanita gelem metu saka omah, ateges gelem makarya lan nyukupi kabutuhane dhewe.
Senajan wanita dituntut makarya kanggo nyukupi kabutuhane dhewe nanging, wanita
uga ora ninggalake kodrate minangka wanita. senajan wis makarya nanging kudu
teep ngrumat anak utawa ngayahi jejibahan sajrone bale wisma. Mula wanita
mandhiri ndhuweni peran gandha. Peran gandha ateges wanita saliyane ngopeni
bale wisma bisa uga makarya ing sajambane omah.
3.2.1.1
Paraga
Lis
Saben cerkak karyane Endang Sri Sulistyorini iki akeh kang
nggambarake wanita mandiri. Wanita mandhiri yaiku wanita kang ora gumantung
marang wong lanang, utawa wis ora nganggo sisitem patriarki yaiku wong lanang kang luwih dhuwur drajade mula wanita
kudu tansah manut, lan ora wani nentang wong lanang. Ing cerkak kanthi judhul
kadho desember iki uga nggambarake ngenani wanita mandhiri.
Kaya saiki, kanca-kancaku wis padha
resik, mulih kabeh, kari aku dikancani satpam kantor.
Saka cuplikan ing
dhuwur wis nggambarake yen wanita ing cerkak iki kalebu wanita mandhiri. Kanthi
tuwuhe gerakan feminisme kang minangka solusi saka tumindak degsiya tumrap
wanita, mula saiki bisa weeh dampak positif tumrape wanita. tuntutan ngenani
kesamaan hak lan liya-liyane bisa ndadekake wanita iki mandhiri, maju lan ora
gumantung marang wong lanang. Mligine kanggo makarya, wanita bisa nduwe asil
dhewe, ora njagakke asil saka bojo. Wanita mandhiri nduweni peran ganda, yaiku
minangka ibu rumah tangga lan karyawati. Semono uga cerkak iki, Endang Sri
Sulistyorini nggambarake wanita kang mandhiri. Yaiku wanita kang kerja ana
perkantoran.
3.2.1.2
Paraga
Marlin
Cerkak iki uga nggambarake wanita kang madhiri. Wanita
mandhiri yaiku wanita kang bisa urip dhewe, bisa nguripi uripe dhewe tanpa
pitulungane wong lanang. Ing kene Endang Sri Sulistyorini kepengin nggambarake
yen wanita ngono uga bisa mandhiri. Ora kudu nganggo sistim patriarki, senajan
urip tanpa wong lanang marlin bisa ngurupi awake dhewe lan anake.
Telung
taun kepungkur, sawise ditinggal mati sing lanang merga kacilakaan, marlin mung
urip karo anake ontang-anting. Urip ing tengah kutha kang sarwa sibuk. Kanggo
yambung uripe, marlin kapeksa ceker dhewe.
Saka kutipan ing dhuwur bisa
dingerteni, senajan abot, senajan rada kapeksa, wis kabukten yen wanita
jan-jane wis bisa urip mandhiri utawa urip tanpa bantuwane wong lanang. Iki
menawa wae panulis kepengin mbuktekne yen wanita kuwi bisa mandhiri.
Tumrape wong jawa, wanita kuwi wis
dianggep gumantung marang wong lanang. Nanging ing kene panulis nggambarake
kanthi cara liya. Panulis uga kepengin nduduhake eksistensine wanita yaiku bisa
nguripi awake dhewe lan anak-anake senajan ora nduwe wong lanang. Wanita
mandhiri nduweni peran ganda, yaiku minangka ibu rumah tangga lan karyawati.
Ing kene paraga Marlin senajan ora digambarake makarya apa, nanging bisa
dingerteni yen dheweke bisa nguripi awake dhewe lan anake tanpa anane wong
lanang.
3.2.1.3
Paraga
Tya
Cerkak “Mekar
ing Lemag Cengkar” iki uga nggambarake wanita kang modern. Wanita kang makarya
ana perkatoran. Dudu wanita kang kaya digambarake dening wong jawa jaman biyen.
Yaiku wanita 3M (Macak, Masak, Manak). Yen biyen anggone wong jawa nggambarake
wanita kuwi ya mung macak, banjur masak ana pawon, lan nduweni anak. Kuwi tugas
pokoke wanita. nanging saiki wis beda jaman. Akeh wanita kang kerja, senajan
durung nduweni bojo.
Rencanaku mrene
wingi bubar kantor. Ning nalika lewat ngarep kana, katone akeh tamu, dadi
wurung. Iki mau nyelakake karo mesisan budhal ngantor.
Saka
cuplikan ing dhuwur bisa dideleng yen Endang Sri Sulistyorini nggambarake
wanita kanthi gambaran wanita kang mandhiri. Yaiku wanita kang gelem makarya
ing salah sawijine kantor. Dheweke wis ninggalake pamikire wong jawa yen wanita
kuwi mung tugase ana pawon. Senajan ngono, dheweke ora ninggalake tugas utamane
wong wadon.
Saliyane dadi salah sawijine
karyawan ana ing kene Endang Sri Sulistyorini uga nggambarake wanita kang bisa
dadi pemimpin. Ing kene panulis nggambarake wanita dadi wakile wong lanang nalika
ing kantor.
“Aku wis nampa
undhangane. Karo dene tya dakandalake, bisa makili aku[Mas Pras]”
Saka cuplikan ing
dhuwur bisa dingerteni yen paraga wanita ing kene digambarake kanthi wanita
kang bisa makili wong lanang amarga pinter pamikire. Ora ateges ing kene wanita
minteri wong lanang, utawa wanita kang ngluwihi kodrate. Endang Sri
Sulistyorini kepengin nduduhake yen wanita kuwi ya bisa mimpin wong lanang.
Saliyane kuwi paraga wanita ing cerkak iki uga kepengin ora dibedhak-bedhakke
karo wong lanang. Tuladhane wae ombenan.
Suwun, Mas. iki wae wis cukup. “aku
enggal ngranggeh cangkir wedang kopi.”
Saka
cuplikan ing dhuwur bisa dingerteni yen wanita saiki wis ora ana bedhane
ngenani pakanan utawa ombenan. Tuladhane wae kopi, kopi kuwi wis identik karo
wong lanang. Nanging saiki wis bedha, wanita uga akeh kang seneng utawa doyan
ngombe kopi.
3.2.1.4
Paraga
Hani
Cerkak
kanthi irah-irahan “Hani, si adhenium” iki uga nggambarake wanita mandhiri.
paraga Hani kang gelem bukak usaha dhewe, amerga dheweke emoh ngandhalne bojo.
Yen saiki ngono bisa diarani emansipasi wanita. Wanita mandhiri ora bisa
ninggalake nilai-nilai tradhisionale. Ferguson sajrone (Darni, 2007:30)
ngandharake wanita mandhiri nduweni peran ganda, yaiku minangka ibu rumah
tangga kang ngopeni balewisma lan sijine wanita kang gelem makarya dhewe. Dadi wanita kuwi ora
ninggalke kodrate minangka wanita senajan dheweke wis bisa nyukupi kebutuhane
dhewe kanthi makarya.
“Aku[Hani] usaha catering, Nis! Icipana, ya!”
Saka cuplikan ing dhuwur bisa
dingerteni yen Endang Sri Sulistyorini pengin ngambarake yen wanita kuwi uga
bisa usaha kaya wong lanang. Saliyane usaha, ing kene Endang Sri Sulistyorini
uga nggambarake wanita lumantar paraga Hani nduweni pendhidhikan kang dhuwur. (Darni,
2007:31) ngandharake yen pendhidhikan nduweni peranan kang wigati tumrap
kemandiriane wanita. Saka pendhidhikane iki wanita bisa nduweni prinsip kang
cetha lan teges ngenani kepinginane kanggo mandhiri yen wanita kasebut nduweni
pendhidhikan kang nyukupi.
Biyen, olehku
kekancan karo hani wiwit SMP, njur SMA, pisah kutha nalika kuliah.
Saka cuplikan ing dhuwur wis bisa dingertenei yen
panulis utawa Endang Sri Sulistyorini nggambarake yen wanita sing pendhidhikane
dhuwur bisa urip mandhiri amerga bakal oleh pakaryan kang becik lan gajine
cukup kanggo nyukupi kebutuhan saben dinane. Ing cerkak iki digambarake wanita
kang pakaryane dadi pegawe ing salah sawijine bank.
Lulus
kuliah Hani nyambut gawe ana bank.
Saka cuplikan ing dhuwur bisa dingerteni Endang Sri
Sulistyorini nggambarake wanita mandhiri kang makarya ing bank. Saliyane kuwi
wanita ing cerkak iki uga digambarake wanita kang aktif. Aktif ing kene
ditegesi wanita kang seneng makarya, senajan dheweke wis metu saka pakaryane
ana bank amarga bojone uga pegawe bank mula Hani ngalah metu saka pakaryane
amerga miturut peraturan yen sajodho karo-karone pegawe bank kudu mundur salah
siji. Ing cerkak Hani, si adhenium iki Endang Sri Sulistyorini nggambarake
wanita kang seneng makarya.
Kamangka aku[Hani] ora bisa meneng,
akeh kegiyatan kanggo ngisi wektu.
Minangka wanita kang mandhiri, ing kene panulis
lumantar paraga Hani uga nggambarke yen wanita bisa memperdayakan tangga teparo kanthi cara ngajak usaha lan wenehi
modhal kanggo usaha. Modhal usahane mau uga saka tabungane dhewe. Pamikire
wanita kang maju.
Kanthi modhal tabungane, Hani njur bukak
usaha catering, sawise ajar mrana-mrene. Ngajak tangga kiwa tengen sing dha
pinter olah-olah ning ora nduwe modhal kanggo usaha. Ana wong 8sing siap
rewang-rewang saben Hani nampa pesenan.
Saka cuplikan ing ndhuwur bisa dingerteni yen Endang
Sri Sulistyorini nggambarake wanita kang pancen bener-bener mandhiri. Bisa uga
diarani emansipasi wanita. Yaiku wanita kang berjuwang kanggo merjuwangke
hak-hak kaum wanita minangka kelas ekonomi. Menawa wae Endang Sri Sulistyorini nduweni
paham feminism. Mula cerkak-cerkake ngemot ngenani uripe wanita kang
merjuwangake status sosiale.
Sajrone
cerkak iki Endang Sri Sulistyorini uga nggambarake feminisme radikal. Feminism
radikal nduweni anggepan yen panindesan tumrap
kaum wanita iku jalaran anae konsep patriarki lan seksualitas. System sosial
kang adhedhasar budaya patriarki, pungkasane ndadekake priya luwih diuntungake
jalaran nduwe kuwasa kanggo mimpin bale wisma.
“ya
kuwi, olehe misah aku [Hani] diolor-olor. Gawe gosip yen aku sing njaluk pisah
merga Mas Abi sing gawe perkara.”
Saka andharan ing dhuwur Endang Sri Sulistyorini
nggambarake yen dheweke ndhuweni ancangan feminism, mligine feminism radikal.
Amerga panguwasane priya, wanita dadi korbane. Gara-gara tumindake priya wanita
ing cerkak iki ngalami trauma. Dheweke wis ora precaya marang priya. Amerga ora
sepisan-pindho dheweke digawe lara ati dening priya.
IV.
DUDUTAN
Saka
andharan ing nduwur bisa didudut rong perangan. Kapisan yaiku ngenani
gegambarane wanita. saka gambarane wanita bisa didudut yen kabeh paraga
wanitane dhuweni sipat kang apik utawa protagonis. Kaping pindho yaiku ngenani
citrane wanita. sajrone antologi cerkak iki kabeh ngenani wanita mandhiri utawa
wanita kang ora gumantung marang wong lanang, wanita kang wis gelem usaha
nyukupi kabutuhane nannging ora ninggalake kodrate minangka wanita.
KAPUSTAKAN
Darni. 2007. Bahan
Ajar: Perempuan Dalam Kritik Sastra. Surabaya:
Bintang Surabaya
Sulistyarini,
Endang Sri. 2010. Antologi Cerkak:
Kembang Ing Watu Karang. Surabaya: IRANTI MITRA UTAMA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar