Sabtu, 18 April 2015

Semantik Meronimi Subtantif ing Basa Jawa



MERONIMI SUBSTANTIF ING BASA JAWA
Siti Ma’rifatus Solikah
12020114202
2012C
A.   Purwaka
Meronimi kalebu sesambungan teges saperangan kanggo sakabehe. Iki minangka wujud sesambungan sing arupa nyulihi samubarang kanggo aran utawa jeneng saka perangane kasebut. Meronimi nduweni perangan kang cacahe ana 6 yaiku isi kanggo wadhah/substantif, kang didarbeni kanggo pandarbe/atributif, wakil kanggo kang diwakili, saperangan kanggo sakabehe, sakabehe kanggo saperangan, lan institusi kanggo papan. Meronimi substantif lumrahe bisa ditemokake ana sajrone cecaturan saben dina. Kadhang kala meronimi substantif bisa ndadekake jumbuhe teges ing sajrone cecaturan. Iki disebabake amarga antarane pamicara klawan mitra wicara durung ngerteni apa kuwi meronimi substantif.
Meronimi substantif minangka perangan sing narik kawigaten, amarga perangan iki nyebutake perangan kang ngganteni samubarang liya kang ana ing sanjabane samubarang kang diganteni. Ing makalah iki bakal dijlentrehake ngenani meronimi substantif kanthi rowa maneh. Andharan uga diwenehi tuladha-tuladha sing nduweni sesambungan karo topik. Makalah iki diajab, mligine mahasiswa Basa Jawa bisa nggunakake minangka referensi. Saliyane iku supaya bisa ngerteni titikane meronimi substantif.
Dhasar kanggo njlentrehake meronimi substantif kasebut yaiku andharan-andharane para ahli ngenani meronimi lan kanthi analisis komponen. Cara iki trep kanggo nintingi sesambungan makna antarane isi lan wadhah. Carane yaiku nglumpukake dhata-dhata sing ana sesambungane karo saperangan kanggo sekabehe/meronimi. Kanthi analisis kaya mangkono mau dikarepake bisa dingerteni sesambungan makna mligine meronimi substantif ing basa Jawa kanthi gamblang. Saliyane iku uga bisa nambahi seserepan kanggo nyinaoni bab meronimi.

B.   Andharan
Kaya kang wis diandharake ing ndhuwur, makalah iki bakal ngrembug ngenani meronimi isi kanggo wadhah kanthi cetha.
1.    Tegese Meronimi
Miturut Djajasudarma (2013:88), meronimi yaiku kalebu salah sijine sesambungan inklusi, unsure leksikal sing nggambarake bageyan-sakabehane bab. Meronimi uga diarani partonimi, lan makna sakabehane diarani holonim. Ing kene meronimi nduweni wujud rembung aran.
awak
 
Miturut Chaer (2009:101) meronimi njlentrehake anane tembung (unsur leksikal) minangka bageyan saka tembung liya. Nalika nyebutake sawijine tembung, mula tanpa prelu ngandharake makna tembung kasebut wus makili tembung liya. Konsep meronimi nduweni kemiripan karo hiponimi lan hipernimi, mung wae ing meronimi tembung (unsur leksikal) sing ana minangka bageyan saka makna tembung liya, dudu jinis utawa maceme aran liyane. Tuladhane kaya kang digambarake ing ngisor iki.



 



Saka gambar ing ndhuwur bisa diandharake yen awak kuwi kalebu ing holonim, banjur gembung, sirah, tangan lan sikil kalebu meronimi. Kaya kang wus diandharake ing sadurunge, meronimi ora asipat rong arah, nanging asipat saarah. Gembung meronim saka awak, nanging awak dudu meronim saka gembung. Dadi meronimi kuwi bageyan saka apa kang gegayutan karo holonim. Ing bab iki meronim beda karo hiponim. Pambedane yaiku kaya tuladha, yen sajrone hiponimi kucing kalebu kewan, banjur meronimi gembung kalebu ing perangane awak. Dadi yen hiponimi yaiku anane tembung (unsur leksikal) kang tegese ana ing sangisore teges tembung liyane, yen meronimi yaiku anane tembung (unsur leksikal) kang kalebu ing bageyan saka tembung liyane.
Miturut Crystal (1997:239) meronimi yaiku sesambungan ‘bageyan’ lan ‘sakabehane’. Sajrone meronimi, bisa dijlentrehne miturut unsur-unsur pamangune. Dadi unsur-unsur kudu jangkep supaya bisa kawangun (denotasi, konotasi, referensi, relasi, relasi makna, homonimi, polisemi, sinonimi, anonym, hiponim).
Banjur miturut Saeed (2000:70) meronimi yaiku sesambungane makna sing digunakake kanggo nggambarake gegayutan bageyan-sakabehane. Andharan iki trep karo asale tembung meronim saka basa Yunani, yaiku meros ‘bageyan’ lan onima ‘jeneng’.
Cruse (1995:162) nggayutake meronimi karo holonimi. Yen X  meronim saka Y, mula Y holonim saka X. tuladhane: kaca meronim saka buku, dene buku holonim saka kaca.
Saka andharan-andharan miturut para ahli, bisa didudut menawa meronimi kalebu jinise sesambungan makna sing nggambarake bageyan-sekabehane bab. Meronimi nduweni teges wantah, asipat saarah, lan awujud tembung aran. Meronimi uga diarani partonimi, lan makna sakabehane diarani holonim. Meronimi beda karo hiponim, yen ing hiponim ngandharake jinis dene ing meronim ngandharake bagiyan. Kaya tuladha ing hiponim kucing kalebu jinis kewan, yen ing meronim tangan kalebu bageyan saka awak.

1.    Titikane Meronimi
Meronimi kalebu leksikal lan nduweni teges wantah. Nduweni wujud tembung aran lan asipat saarah, bisa digambarake kaya ing ngisor iki:
A                              B

Yen tembung A ana gegayutan holonim karo tembung B, kamangka tembung B nduweni gegayutan meronimi karo tembung A, kekarone bisa diarani gegayutan saarah. Tuladhane:
A                                              B
   (awak)                              (tangan)

Yen A minangka awak lan B minangka tangan. Ing kene tangan mujudake perangan saka awak nanging awak dudu perangan saka tangan. Dadi sesambungan teges iki nduweni sipat saarah.
3.  Perangan-Perangane Meronimi
a. Isi kanggo Wadhah/Substantif
Sesambungan antarane isi lan wadhah kang nuduhake sesambungan antarane isi/samubarang kanggo wadhahe. Tuladhane:  Bu, kopi setunggal!
Tuladha ing ndhuwur mujudake kahanane pawongan sing ana ing warung. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra kopi setunggal, tembung “setunggal” sajrone tuturan kasebut nduweni teges kopi kang akehe sacingkir/sagelas. Tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane kopi (isi) karo cingkir/gelas.
b. Kang Didarbeni kanggo Pandarbe/Atributif
Kang didarbeni kanggo pandarbe yaiku saperangan sipate utawa solah bawane sawijine bab bisa ngganteni sekabehe bab. Tuladhane: Aku mambengi ketemu sing nggawe topi putih kae. Gatra “topi putih” ing tuladha kasebut nuduhake wong sing nganggo topi putih.
c. Wakil kanggo Makili Maujud
            Tuladhane: SMA 5 Surabaya menang lomba campursari Jawa Timur. SMA 5 Surabaya yaiku salah sawiine SMA kang menang nalika lomba campursari ing Jawa Timur. Sejatine dudu kabeh siswa sing ana ing SMA 5 Surabaya kang menang lomba campursari. Nanging wakil saka siswa SMA 5 Surabaya kang menang lomba campursari kasebut, ora liya ya peserta kang melu lomba campursari.
d. Saperangan kanggo Sakabehe/Pars Pro toto
Saperangan kanggo sakabehe yaiku nuduhake saperangan objek kanggo nuduhake sakabehe objek. Tuladhane:  Nonong mau wis mangan apa durung Sri?
Nonong yaiku kahanane perangan saka sirah yaiku bathuk sing amba, nanging sajrone ukara ing ndhuwur, tembung nonong ngganteni pawongan kang bathuke amba, saengga pawongan kang bathuke amba iku mau nduweni ciri, mula saka ciri kang bathuke amba iku mau, pawongan iku mau diceluk nonong kanggo ngganteni pawongan.
e. Sakabehe kanggo Saperangan/Totem Pro Parte
Sesambungan sakabehae kanggo saperangan yaiku nuduhake sakabehe objek kamangka kang dimaksud saperangan. Tuladhane: Bapak nambalne sepedha motore sing kenek paku.
Tuladha ing ndhuwur mujudake sesambungan meronimi. Ing kene sejatine sing ditambalne yaiku ban sepedha motore. Ban minangka saperangan saka motor, mula bapak ngandharake yen dheweke lagi nambalne sepedha motore, senajan kang ditambalne iku dudu sepedhae. Ban minangka perangan sing makili sepedha motor.
f. Institusi kanggo Papan
Tuladhane: Persebaya menang 2-1 musuh Persik. Saka ukara kasebut bisa dijlentrehake yen Persebaya lan Persik saperangan masyarakat kutha Surabaya lan Kediri sing dadi wakil utawa makili kesebelasan kutha Surabaya lan Kediri. Dadi tembung Persebaya lan Kediri iku ngganteni kutha. Persebaya ngganteni Kutha Surabaya lan Persik ngganteni Kutha Kediri.
4. Tegese Meronimi Substantif
            Meronimi Substantif yaiku sesambungan teges saperangan kanggo sakabehe kang nuduhake sesambungan antarane isi/samubarang kanggo wadhahe. Wadhah sing dimaksud ing kene yaiku perangan sing gedhe saka perangan sing disebutake. Perangan sing disebutake kuwi minangka isine.

5. Titikane Meronimi Substantif
a. Awujud gatra utawa ukara
b. Nduweni sesambungan karo kahanan ing sanjabane
c. Lumaku ing masyarakat/umum digunakake utawa dipocapake dening masyarakat.

6. Pamerange Meronimi Substantif
Miturut cacahe/jumlah meronimi substantif diperang dadi loro yaiku bisa dietung lan ora bisa dietung.
a. Meronimi Substantif sing Bisa Dietung
            Meronimi substantif bisa dietung yaiku sesambungan teges saperangan kanggo sakabehe sing ngganteni samubarang kang ana ing sanjabane kanthi nyebutake samubarang kang ana ing sanjerone. Samubarang kang ngganteni mau cacahe bisa dietung. Kanggo luwih cethane ing ngisor iki tuladhane.
1). Bukaen kaca limalas, banjur wacanen sing temen!
Tuladha (1) nuduhake manawa siswa diutus dening gurune supaya mbukak kaca limalas banjur diutus maca. Ing kene siswa wis ngerteni yen gurune ngutus mbukak buku kaca limalas banjur diutus maca. Tembung “kaca” ing ndhuwur nuduhake isi saka buku lan cacahe bisa dietung, dene buku minangka wadhah saka kaca/isi. Ing kene kaca ngganteni buku. Mula tanpa guru ngomong tembung buku sangarepe gatra kaca limalas, siswa wis padha mangerti, amarga bab iki wis lumrah lan wis dadi pakulinan ing saben dinan,
2). Krupuke tutupen Njar, mengko mlempem!
Tuladha (2) nuduhake manawa ana pawongan sing dikongkon nutup krupuk. Ing kene sing dikarepake ditutup yaiku wadhah sing dinggo wadhah krupuk. Nanging pawongan sing ngongkon mau mung ngomong tutupen krupuke, tanpa ana tembung kang mujudake wadhah kayadene toples, bleg, utawa rodhong. Kanthi kaya mangkono pawongan kang dikongkon wis ngerteni apa kang dikarepake yaiku nutup toples utawa sing dinggo wadhah krupuk mau ditutup supaya ora mlempem. Ing kene tembung krupuk (isi) sing cacahe bisa dietung ngganteni toples (wadhah).
3). Perkutute kae kereken dhisik, Le!
Tuladha (3) nuduhake manawa ana pawongan sing dikongkon ngerek perkutut. Ing kene sing dikarepake dikerek yaiku kurungan sing neng njerone ana perkutute. Nanging pawongan sing ngongkon mau mung ngomong perkutute kae kereken, kamangka sing kudune dikerek yaiku kururngane, nanging pawongan sing dikongkon wis ngerteni apa kang dikarepake. ing kene tembung perkutut (isi) sing cacahe bisa dietung ngganteni kurungan (wadhah).
4). Bapak negor gedhang sing ana ing mburi omah.
Tuladha (4) nuduhake manawa bapak negor gedhang sing ana ing mburi omah. Ing kene sing dikarepake yaiku negor wit gedhang. Tanpa ana tembung “wit” sangarepe tembung “gedhang” kabeh wis ngerteni yen sing ditegor kuwi wite dudu gedhange. Amarga wis dadi pakulinan dadi tanpa nyebutake “wit” sangerepe “gedhang” kabeh wis ngerteni maksude. Ing kene gedhang (isi) sing cacahe bisa dietung ngganteni wit (wadhah).
5). Ati-ati Jhon yen menek klapa!
Tuladha (5) nuduhake manawa jhon menek klapa. Ing kene sing dikarepake yaiku menek wit klapa. Tanpa ana tembung “wit” sangarepe tembung “klapa” kabeh wis ngerteni yen sing dipenek kuwi wite dudu klapane. Amarga wis dadi pakulinan dadi tanpa nyebutake “wit” sangerepe “klapa” kabeh wis ngerteni maksude. Ing kene klapa (isi) sing cacahe bisa dietung ngganteni wit (wadhah).
b. Meronimi Substantif sing Ora Bisa Dietung
Meronimi substantif bisa dietung yaiku sesambungan teges saperangan kanggo sakabehe sing ngganteni samubarang kang ana ing sanjabane kanthi nyebutake samubarang kang ana ing sanjerone. Samubarang kang ngganteni mau cacahe ora bisa dietung. Kanggo luwih cethane ing ngisor iki tuladhane.
6). Des banyune entasen dhisik!
Tuladha (6) nuduhake menawa ana pawongan sing dikongkon ngentas banyu. Ing kene sing dimaksud dening pawongan sing ngongkon ngentas banyu mau yaiku ngentas panci utawa dandang sing njerone banyu. Ing kene Desi wis ngerteni yen sing dientas mau pancine/dandange, senajan pawongan sing ngongkon mau ngomong banyu. Amarga neng njero panci/dandang mau isine banyu. Ing kene banyu, cacahe ora bisa dietung (isi) bisa ngganteni panci/dandang (wadhah).
7). Ayo melu aku ngisi bensin.      
Tuladha (7) nuduhake menawa pawongan ngajak ngisi bensin. Ing kene sing dikarepake yaiku sepedha motore diisi bensin. Ing kene bensin (isi) sing cacahe ora bisa dieting ngganteni sepedha motor (wadhah). Ukara kaya tuladha ing ndhuwur wis lumrah dipocapake dening masyarakat, senajan ukara kasebut sejatine luput nanging ora digatekake. Amarga wis dadi pakulinan lan wis akeh sing padha ngerti yen ngisi bensin kuwi tegese sepedha motore diisi bensin.

8). Ratna nggawa dhawet loro mau.
Tuladha (8) nuduhake menawa Ratna nggawa dhawet loro. Ing kene dudu dhawete sing cacahe loro nanging wadhahe embuh kuwi gelas utawa mangkok. Ukara (8) kasebut nduweni teges yen sing digawa dening Ratna kuwi dhawet sing ana ing njero wadhah, embuh kuwi gelas utawa mangkok. Ukara kaya sing ana ing ndhuwur mau wis lumrah lan kerep dipocapake dening masyarakat, mula senajan sejatine kurang trep nanging ora sepira digatekake kaluputane. Ing kene dhawet (isi) cacahe ora bisa dietung, ngganteni gelas utawa mangkok (wadhah).
9). Kopine nggoling kesenggol tangane adhi.
Tuladha (9) nuduhake menawa kopi sing disenggol adhi nggoling. Ing kene nduweni teges yen sabenere sing kesenggol tangane adhi kuwi cingkir utawa gelas sing dadi wadhahe kopi. Ing kene kabeh wis mangerteni yen sejatine ukara kasebut kurang trep amarga nyebutake isine yaiku kopi sing kesenggol, kamangka sejatine sing kesenggol mau cingkir utawa gelas kang minangka wadhahe kopi. Saka kene wis dimangerteni yen kopi (isi) cacahe ora bisa dietung ngganteni cingkir utawa gelas (wadhah).
10). Mas baksone tambah siji!
Tuladha (10) ing ndhuwur mujudake kahanane pawongan sing ana ing warung. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra baksone tambah siji, tembung “siji” sajrone tuturan kasebut nduweni teges bakso kang akehe samangkok. Sajrone tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane bakso (isi) karo mangkok (wadhah). Ing kene cacahe bakso ora bisa dietung amarga sajrone bakso isine macem-macem, dene sing bisa dietung kuwi wadhahe kayadene samangkok, rong mangkok lan sapanunggale. Sajrone masyarakat bab sing kaya mangkene wis dadi pakulinan utawa kerep dipocapake.
11). Las, jangane lodheh ndang tumpangna kompor!
Tuladha (11) nuduhake menawa ana pawongan sing ngongkon Lastri kanggo numpangne jangan lodheh ing kompor. Ing kene nduweni teges yen sabenere sing ditumpangne kompor kuwi panci utawa wajan sing isine ana jangane lodheh. Ukara kaya sing ana ing ndhuwur mau  kabeh wis mangerteni yen sejatine ukara kasebut kurang trep amarga nyebutake isine yaiku jangan lodheh sing ditumpangne, kamangka sejatine sing dmau panci utawa wajan sing ditumpangne kompor kang minangka wadhahe jangan lodheh. Saka kene wis dimangerteni yen jangan lodheh (isi) cacahe ora bisa dietung ngganteni panci utawa wajan (wadhah).

12). Segane wis dijabut apa durung Din?
Tuladha (12) nuduhake pitakonan yen segane wis dijabut apa durung. Ukara ing ndhuwur sejatine sing dijabut kuwi magicom minangka wadhahe sega sing cope isih mancep. Ing kene mitra wicara utawa sing dikongkon wis ngerteni apa kang dikarepake, senajan sejatine ukara kasebut kurang trep amarga nyebutake isine yaiku sega. Kamangka sega kuwi ora bisa dijabut, sing bisa dijabut kuwi magicom sing cope isih mancep mula dikongkon njabut. Saka kene wis dingerteni yen sega (isi) cacahe ora bisa dietung ngganteni magicom (wadhah).
13). Banyune mengko yen wis kebek aja lali patenana ya!
Tuladha (13) nuduhake menawa banyune aja lali dipateni yen wis kebek. Ing kene sejatine sing dimaksud dikon mateni mau kran. Ukara ing ndhuwur nduweni teges menawa banyune wis kebek krane dipateni. Nanging senajan ukara kaya mangkono kurang trep, nanging kerep dipocapake dening masyarakat. Dadi wong sing dijak cecaturan wis mangerteni apa kang dimaksud. Ora mungkin banyu kuwi mau dipateni, sing dipateni mesthi wae krane. Saka kene wis dimangerteni yen banyu (isi) cacahe ora bisa dietung ngganteni kran (wadhah).
14). Cat aga warna birune siji Mas!
Tuladha (14) nuduhake menawa ana sing njaluk cat aga warna biru siji. Ing kene sing dimaksud siji kuwi sakumplung. Ukara kaya mangkono sejatine kurang trep, nanging kerep dipocapake dening masyarakat. Dadi wong sing dijak cecaturan wis ngerteni apa kang dimaksud. Saka kene wis dingerteni yen cat (isi) cacahe ora bisa dietung ngganteni kumplung (wadhah).
15). Sega gorenge setunggal malih Bu!
Tuladha (15) ing ndhuwur mujudake kahanane pawongan sing ana ing warung. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra sega gorenge setunggal malih tembung “setunggal” sajrone tuturan kasebut nduweni teges sega goreng kang akehe sapiring utawa sabungkus (bungkus kertas). Sajrone tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane sega goreng (isi) karo piring (wadhah). Ing kene cacahe sega goreng ora bisa dietung amarga sajrone sega goreng isine macem-macem, dene sing bisa dietung kuwi wadhahe kayadene sapiring, rong piring utawa sawungkus, rong wungkus lan sapanunggale. Sajrone masyarakat bab sing kaya mangkene wis dadi pakulinan utawa kerep dipocapake. Mula kanthi nyebutake isine wis mesthi sawadhahe.

16). Berase  morat-marit amarga kecanthol kawate kranjang.
Tuladha (16) nuduhake menawa berase morat-marit amarga kecanthol kawate kranjang. Ing kene sejatine sing kecanthol dudu berase nanging kresek utawa plastik kang dadi wadhahe. Ukara kaya sing ana ing ndhuwur mau  kabeh wis ngerteni yen sejatine ukara kasebut kurang trep amarga nyebutake isine yaiku berase sing morat-marit amarga kecanthol kamangka sejatine sing kecanthol kuwi kreseke kang minangka wadhahe beras. Saka kene wis dingerteni yen beras (isi) cacahe ora bisa dietung ngganteni kresek utawa plastik (wadhah).
17). Yu, kecap siji!
Tuladha (17) ing ndhuwur mujudake kahanane pawongan sing ana ing warung utawa pasar. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra kecap siji, tembung “siji” sajrone tuturan kasebut nduweni teges kecap sing akehe sabotol utawa saplastik. Sajrone tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane kecap (isi) karo botol/plastik (wadhah). Ing kene cacahe kecap ora bisa dietung dene sing bisa dietung kuwi wadhahe kayadene sabotol, rong botol utawa saplastik, rong plastik lan sapanunggale. Sajrone masyarakat bab sing kaya mangkene wis dadi pakulinan utawa kerep dipocapake. Mula kanthi nyebutake isine wis mesthi sawadhahe.
18). Sprite bukaen Man!
Tuladha (18) nuduhake manawa ana pawongan sing ngongkon mbukak sprite. Sprite minangka ombenan sing ngemu soda. Ing kene sing dikarepake dibukak yaiku botole. Nanging pawongan sing ngongkon mau mung ngomong sprite bukaen tanpa ana tembung kang mujudake wadhah kayadene botol. Kanthi kaya mangkono pawongan kang dikongkon wis ngerteni apa kang dikarepake yaiku mbukak botol minangka wadhahe sprite. Ing kene tembung sprite (isi) sing cacahe ora bisa dietung ngganteni botol (wadhah).
19).Aku arep umbah-umbah, tulung guntingna rinsoku iki Yan!
            Tuladha (19) ing ndhuwur mujudake kahanane pawongan sing ngongkon ngguntingne rinsone. Rinso minangka salah sijine sabun kanggo umbah-umbah. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra “guntingna rinsoku” sajrone tuturan kasebut nduweni teges menawa sing digunting kuwi sejatine plastik minangka wadhahe rinso. Sajrone tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane rinso (isi) karo plastik (wadhah). Ing kene cacahe rinso ora bisa dietung. Sajrone masyarakat bab sing kaya mangkene wis dadi pakulinan utawa kerep dipocapake. Mula kanthi nyebutake isine wis mesthi sawadhahe.

20). Jajane bukaen Fa!
Tuladha (20) ing ndhuwur mujudake kahanane pawongan sing ngongkon mbukak jajan. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra “jajane bukaen” sajrone tuturan kasebut nduweni teges menawa sing dibukak kuwi sejatine plastik utawa toples minangka wadhahe jajan. Sajrone tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane jajan (isi) karo plastik utawa toples (wadhah). Ing kene cacahe jajan bisa dietung lan ora bisa dietung. Sajrone masyarakat bab sing kaya mangkene wis dadi pakulinan utawa kerep dipocapake. Mula kanthi nyebutake isine wis mesthi sawadhahe.
21). Shampone wis disuwek Sari.
Tuladha (21) ing ndhuwur mujudake kahanan menawa shampone wis disuwek Sari. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra “shampone wis disuwek” sajrone tuturan kasebut nduweni teges menawa sing disuwek kuwi sejatine plastik minangka wadhahe shampo. Sajrone tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane shampo (isi) karo plastik (wadhah). Ing kene cacahe sampho ora bisa dietung, dene sing bisa dietung iku wadhahe. Sajrone masyarakat bab sing kaya mangkene wis dadi pakulinan utawa kerep dipocapake. Mula kanthi nyebutake isine wis mesthi sawadhahe.
22). Saose durung dibolongi hlo Mbak.
Tuladha (22) ing ndhuwur mujudake kahanan pawongan sing ngandhani menawa saose durung dibukak. Gatra kasebut kerep digunakake lan sejatine nduweni sesambungan meronimi. Kaya tuladha ing ndhuwur gatra “saose durung dibolongi” sajrone tuturan kasebut nduweni teges menawa sing dibolongi kuwi sejatine botol minangka wadhahe saos. Sajrone tuladha ing ndhuwur nuduhake sesambungan antarane saos (isi) karo botol (wadhah). Ing kene cacahe saos ora bisa dietung, dene sing bisa dietung iku wadhahe. Sajrone masyarakat bab sing kaya mangkene wis dadi pakulinan utawa kerep dipocapake. Mula kanthi nyebutake isine wis mesthi sawadhahe.





Supaya luwih gampang, tuladha-tuladha mau bisa diideleng ing tabel kaya sing ana ing ngisor iki.
No.
Meronimi
Bisa Dietung
Ora Bisa Dietung
Isi
Wadhah
1.
Kaca/halaman
Buku
+
-
2.
Krupuk
Rodhong/toples
+
-
3.
Perkutut
Kurungan
+
-
4.
Gedhang
Wit
+
-
5.
Klapa
Wit
+
-
6.
Banyu
Panci/dandang
-
+
7.
Bensin
Motor
-
+
8.
Dhawet
Cingkir/gelas
-
+
9.
Kopi
Cingkir/gelas
-
+
10.
Bakso
Mangkok
-
+
11.
Jangan lodheh
Panci/ wajan
-
+
12.
Sega
Magicom
-
+
13.
Banyu
Kran
-
+
14.
Cat
Kumplung
-
+
15.
Sega goreng
Piring/kertas
-
+
16.
Beras
Kresek/plastik
-
+
17.
Kecap
Botol/plastik
-
+
18.
Sprite
Botol
-
+
19.
Rinso
Plastik
-
+
20.
Jajan
Plastik/toples
+
+
21.
Shampo
Plastik
-
+
22.
Saos
Botol
-
+

C. Dudutan
Saka andharan-andharan ing ndhuwur bisa didudut yen meronimi diperang dadi 6 yaiku isi kanggo wadhah/substantif, kang didarbeni kanggo pandarbe/atributif, wakil kanggo makili maujud, saperangan kanggo sekabehe, sekabehe kanggo saperangan, lan institusi kanggo papan. Banjur perangan substantif diperang dadi loro yaiku miturut cacahe ana sing bisa dietung lan ora bisa dietung.
Titikane meronimi substantif yaiku awujud gatra utawa ukara, nduweni sesambungan karo kahanan ing sanjabane lan lumaku ing masyarakat/umum digunakake utawa dipocapake dening masyarakat.

Kapustakan
Aminuddin. 2001. Semantik, Pengantar Studi Tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algensindo
Chaer, Abdul.2003. Linguistik Umum.Jakarta: Rineka Cipta
Chaer,Abdul.1989.Pengantar Semantik Bahasa Indonesia.Jakarta:Rineka Cipta.
Djajasudarma, T.Fatimah.2009. Semantik 1, Makna Leksikal dan Gramatikal. Bandung: Revika Aditama
Djajasudarma, T.Fatimah.2009. Semantik 2, Pemahaman Ilmu Makna.Bandung: Revika Aditama
Djajasudarma, T.Fatimah.2013. Semantik 2, Relasi Makna Paradigmatik,Sintagmatik, dan Derivasional.Bandung: Revika Aditama
Muljana, Slamet.1964. Semantik Ilmu Makna, Jakarta: Djambatan
Pateda, Mansoer. 2001. Semantik Leksikal (edisi kedua). Jakarta: Rineka Cipta
S.S,Daryanto. 1999. Kawruh Basa Jawa Pepak. Surabaya : Apollo Lestari





Tidak ada komentar:

Posting Komentar