OWAH-OWAHANE
TEGES SAYA ASOR KRANA PAPAN
MARETA WAHYUNI
12020114204
2012 C
A. Purwaka
Owah-owahane teges saya asor kuwi dhewe kalebu salah siji
perangane owah-owahane teges adhedhasar drajade. Owah-owahane teges saya asor
yaiku owah-owahane teges sing wiwitane nduwe teges kang apik ing pangrembakane
basa lan bisa diowahi dadi ala. Owah-owahane teges saya asor kang didhasarake
saka panganggone bisa diperang maneh dadi krana papan, krana wektu, sarta krana
kahanan. Makalah iki bakal diandharake ngenani owah-owahane teges saya asor
krana papan. Para panliti wis akeh kang ngandharake ngenani owah-owahane teges
saya asor, nanging kanthi umum lan
perangane owah-owahane teges saya asor durung dijlentrehake kanthi rinci.
Ngandharake owah-owahane teges saya asor krana papan bisa narik kawigaten
amarga ana tembung-tembung kang kerep ditemoni saben dina kang bisa owah dadi
tembung kang asor krana papan panganggone.
Makalah iki bakal diandharake kanthi cara negesi, apa bae
kang njalari owah-owahane teges saya asor sarta merang tembung owah dadi saya
asor krana papan. Banjur tembung-tembung kang wis diperang mau diandharake
kanthi cetha lan diwenehi tuladha supaya luwih gamblang lan cetha.
Makalah iki dikarepake supaya bisa mangerteni kaya ngapa
owah-owahane teges saya asor krana papan, supaya luwih cetha sarta gamblang mligine
ngenani ngelmu semantik ing babagan owah-owahane teges saya asor krana papan.
Uga bisa mbedakake tembung-tembung apa bae kang pantes digunakake lan trep.
B.
Andharan
Bab sing kudu diandharake ngenani
owah-owahane teges saya asor krana papan kuwi ana, nanging ora akeh. Sadurunge
ngandharake owah-owahane teges saya asor krana papan sing luwih gamblang lan
mligi maneh, luwih dhisik dingerteni owah-owahane teges saya asor krana papan
kasebut.
1.
Tegese Owah-Owahane Teges Saya Asor krana Papan
Makna ing sawijine basa bisa owah
amarga anane maneka faktor bidhang panganggone basa kasebut. Zgusta (1971:38) ngandharake
teges makna konotatip yaiku makna sakabehe komponen kang ditambah saperangan nilai
kang nduweni dhasar. Kridalaksana (1982:91) ngandharake yen teges utawa
sakelompoke tembung kang adhedhasar saka pangrasa utawa pikiran kang bisa njalari
dening pamicara lan pamiarsa. Leksem-leksem ing masyarakat bisa menehi konotasi
kang apik utawa ala, kang didhasarake nilai lan norma kang lumaku neng
masyarakat. Saliyane kuwi, kang bisa nyebabake owah-owahane teges yaiku papan dumununge masyarakat kasebut. Miturut
Djajasudarma (1999:83), teges saya asor yaiku owah-owahane saka teges kang apik
dadi teges kang ala.
Miturut Aminuddin (2003:131), teges saya asor yaiku
owah-owahane teges kang dirasa nduweni pangrasa kang ala. Para panganggo basa
bisa menehi drajade utawa konotasi marang tembung kang digunakake. Konotasi
kasebut bisa arupa konotasi kang apik lan konotasi kang ala. Owah-owahane teges
saya asor ing kene gegayutane marang teges konotasi. Wijana (2008:03)
ngandharake teges saya asor yaiku owah-owahane teges sing wiwitane nduwe teges
kang apik ing pangrembakane basa lan bisa diowahi dadi ala. Yen Suwandi
(2008:121), teges saya asor kuwi owah-owahane teges kang njalari teges anyar
kuwi nduwe pangrasa luwih ala, kurang nyenengake tinimbang wiwitane.
Pateda, ngandharake yen papan bisa nyebabake owah-owahane
teges ing sawijine bidhang panganggone. Basa kang digunakake ing papan tartamtu
ora mesthi padha tegese karo bidhang panganggo basa ing papan liya. Saben papan
bidhang panganggone teges tembung kasebut mesthi ora padha. Ana papan kang
dirasa tembung kuwi dadi tembung kang apik utawa luhur, nanging ora mesthi ing
papan liyane tembung kuwi bisa dadi tembung kang apik utawa luhur. Bisa uga
tembung kuwi mau malih dadi tembung kang asor. Iki salah sawijine kang
nyebabake tembung kuwi bisa owah dadi tembung kang asor krana papan.
Andharan ing dhuwur bisa didudut yen owah-owahane teges
saya asor krana papan yaiku owahe tegese tembung kang wiwitane tembung kuwi
nduweni teges kang apik utawa luhur, banjur owah dadi teges kang ala utawa asor
amarga papan panganggone basa tembung kasebut.
2.
Kang Njalari Owah-Owahane Teges Saya Asor krana Papan
Owah-owahane teges saya asor krana
papan nduweni sipat kang relatip. Sipat relatip ing kene nduweni maksud yaiku
dhuwur asore drajade tembung kuwi ditemtokake dening para panganggo basa ing
papan panggonane. Miturut Chaer (2002:133), para panganggo basa sing menehi
drajad utawa konotasi tumrap tembung-tembung utawa frasa kasebut. Para
masyarakat bisa menehi konotasi positip tumrap tembung-tembung utawa frasa lan
uga bisa menehi konotasi negatip.
a. Kabutuhan tembung-tembung
anyar
Muljana (1964:59) owah-owahane
jaman kang dirasa tambah maju kuwi faktor kang melu netepake pangrasa sosial
lan upaya kanggo nyiptakake tembung-tembung anyar. Bedane panganggo basa
miturut nilai-nilai, norma budaya kang
ana sajrone masyarakat, nanging amarga kaya ing panguripan lan ukuran norma
sajrone masyarakat mula akeh tembung kang nduweni rasa kang apik utawa luhur lan rasa ala utawa asor. Miturut owahe jaman
tembung-tembung kuwi ora nduweni sipat kang tetep. Pateda (2001:167), pamikire
manungsa mesthi ngrembaka lan ora mandheg anane. Pamikire manungsa ngrembaka
uga amarga kabutuhane manungsa. Nalika manungsa mbutuhake tembung kanggo
ngarani babagan kang anyar, manungsa bisa nggawe tembung anyar utawa ngowahi tembung
kang wis ana.
b. Pangrembakane Basa
Miturut Ullmann (1972:192) kang njalari owah-owahane
teges, yaiku basa kang ngrembaka, utawa basa kang sabanjure saka generasi ing
generasi. Pangrembakane basa kuwi makna tembung-tembung tartamtu bisa owah lan makna
tembung kang durung cetha, anane tembung-tembung kang nduweni makna luwih saka
siji.
3.
Titikane Owah-Owahane Teges Saya Asor krana Papan
Owah-owahane teges saya asor krana papan bisa ditengeri
yen tembung kasebut tegese owah utawa malih saka teges kang apik owah dadi
tembung kang tegese asor krana papan panggonan kang beda. Nalika panganggo basa
nggunakake basa kuwi nduweni teges kang apik, durung mesthi ing papan panggonan
liyane tembung kuwi tegese apik, utawa uga bisa tembung kasebut owah tegese
dadi asor.
4.
Pamerange Tembung Owah-Owahane Teges Saya Asor krana Papan
a. Operasi
Operasi nduweni
teges nindakake pakaryan kanggo nylametake nyawane pawongan. Ana sesambungane
karo mbedhah sawijining perangan awake manungsa. Tembung operasi iki kalebu
papan rumah sakit. Tembung operasi yen ing papan rumah sakit nduweni teges kang
apik lan drajade ora asor. Panganggone tembung operasi nalika ing papan rumah
sakit lan ing papan rumah sakit nduweni teges kang beda.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Dhokter Ridwan nindakake
operasi kanggo nyambung tangane Andik sing retak amarga tiba wingi.
2.
Ing Dolly, pihak pulisi nganakake operasi pelacur kang ora duwe KTP.
Tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng yen ana tembung padha kang digunakake, yaiku tembung
operasi. Tembung operasi ing ukara (1) lan ing ukara (2) nduweni teges kang
beda. Saka tuladha (1) ing tuladha (2) tembung operasi drajade mudhun dadi saya
asor amarga kabutuhan tembung-tembung anyar. Nalika ing rumah sakit tembung
operasi nduweni teges kang apik. Nanging yen ing papan kantor polisi, tembung
operasi nduweni teges kang asor yaiku nindakake pakaryan sing nduweni tujuwan
nangkep pelacur sing ora duwe KTP.
b. Mancing
Mancing nduweni teges yaiku pakaryan kang nggunakake
piranti kanggo njupuk iwak. Tembung mancing nduweni teges kang apik nalika
digunakake ing papan kali. Nanging ing tembung mancing nduweni teges kang asor
nalika digunakake ing papan kulawarga.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Adhiku karo bapak mancing
iwak lele.
2. Mas Roni mancing prekarane
bapak.
Rong tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung mancing ing ndhuwur nduweni teges kang
beda amarga owah-owahane teges. Tembung mancing ing ukara (1) nduweni teges
kang apik nalika digunakake ing papan kali Tembung macing ing ukara (2) nduweni
teges kang ala utawa asor yaiku ngundang prekarane bapak. Tuladha (1) lan tuladha
(2) tembung mancing drajade mudhun dadi saya asor amarga kabutuhan
tembung-tembung kang anyar lan anane basa kang ngrembaka. Yen tembung mancing
kasebut digunakake ing papan kali tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen
tembung mancing digunakake ing papan kulawarga tegese malih dadi saya asor.
Papan panggonan kang beda kaya mangkono ndadekake tembung kang wiwitane nduweni
teges apik bisa owah dadi tembung kang asor.
c. Tikus
Tembung tikus nduweni teges yaiku arane kewan nanging
tembung tikus uga bisa dadi owah dadi tembung kang asor nalika digunakake ing
papan politik utawa pamarentah.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Tikus-tikus ing sawah padha
mati kabeh.
2. Tikus-tikus ing
pamarentahan kudu dibasmi bisa ngrugekake sapa bae.
Tembung tikus ing ukara (1) mujudake arane kewan. Manungsa
nduweni panemu kang beda ngenani tembung tikus yen sesambungane karo politik.
Tembung tikus yen ana sesambungane karo politik utawa pamarentah bisa owah dadi
saya ala amarga masyarakat sing ora seneng marang pawongan kang ana ing
pamarentahan utawa para pejabat kang gelem mangan dhuwite rakyat kanthi sebutan
tikus.
d. Langganan
Langganan yen ing
papan kantor pos nduweni teges kang apik. Tembung langganan yaiku lengganan.
Tembung langganan ing kene digunakake nalika wong kang senengane maca utawa
wong kang pengin mangerteni kabar apa bae kang ana saben dina kayata langganan
koran. Tembung langganan koran kasebut ndadekake nambahi kawruh apa kang ora
dimangerti dadi ngerti.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
(a) Bapak langganan majalah
saben dina.
(b) Warunge Bu Lastri
langganane wong lanan-lanang amarga sing dodol bocahe ayu.
Tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng yen tembung langganan ing tuladha (1) lan tuladha (2)
nduweni teges kang beda. Tuladha (1) tembung langganan sipate apik lan becik
yen tembung kuwi digunakake karo manungsa ing papan kantor pos. Beda karo
tuladha (2) tembung langganan yen digunakake ing papan warung nduweni teges
kang asor. Tuladha (1) lan tuladha (2)
tembung langganan drajade mudhun dadi saya asor. Iki bisa njalari tegese tembung kasebut beda
tegese. Kayata ing papan Kantor Pos lan ing papan warung. Papan panggonan kang
beda kaya mengkono mau ndadekake tembung kang wiwitane nduweni teges kang
positip bisa owah dadi tembung kang asor.
e. Bandar
Bandar yen ing
papan plabuhan nduweni teges kang luhur lan drajade dhuwur yaiku kutha
plabuhan. Nalika yen ing papan kunjara tembung bandar nduweni teges kang asor
yaiku wong kang nggunakake barang kang ora entuk digunakake kayata narkoba.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Bu Yati karo anake menyang
Bandar.
2. Sumono saiki terkenal dadi
bandar narkoba.
Tuladha ing ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung
bandar nduweni teges kang beda amarga owah-owahane teges. Tembung bandar ing
ukara (1) nduweni teges kang positip nalika digunakake ing papan plabuhan
Tembung bandar ing ukara (2) nduweni teges kang ala utawa asor yaiku wong kang
nggunakake barang kang ora entuk digunakake karo manungsa yaiku narkoba. Tuladha
(1) ing tuladha (2) tembung bandar drajade mudhun dadi saya asor amarga kabutuhan
tembung-tembung kang anyar lan anane basa kang ngrembaka. Yen tembung bandar
kasebut digunakake ing papan plabuhan, tembung kasebut tegese apik. Beda maneh
yen tembung bandar digunakake ing papan kunjara, tegese malih dadi saya asor.
Papan panggonan kang beda kaya mangkono ndadekake tembung kang wiwitane nduweni
teges apik dadi ala.
f. Nyogok
Nyogok nduweni
teges nglebokake samubarang kanggo ndudul. Ana sesambungane karo kunci, biting,
genter, lsp. Teges kuwi mau sipate apik nalika digunakake ing papan sosial
kulawarga. Nanging tembung nyogok bisa owah dadi tembung kang asor nalika
tembung kuwi digunakake ing papan pamarentah.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1.Bapak ngresiki got sing
mampet kanthi nyogok reregede sing nyumpel neng got.
2.Wandi nyogok pejabat
kabupaten sing jenenge Pak Imron supaya bisa luwih gampang anggone dadi PNS.
Rong tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung nyogok ing ndhuwur nduweni teges kang
beda merga owah-owahane teges. Tembung nyogok ing ukara (1) nduweni teges kang apik
nalika digunakake ing papan kulawarga. Tembung nyogok ing ukara (2) nduweni
teges kang negatip utawa asor yaiku nglebokake samubarang ing pejabat
pamarentah sing nduweni niyat supaya luwih gampang anggone nindakake sawijine
pakaryan rencana. Iki ana sesambungane karo dhuwit. Tuladha (1) ing tuladha (2)
tembung nyogok drajade mudhun dadi saya asor. Yen tembung nyogok kasebut
digunakake ing papan kulawarga, tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen
tembung nyogok digunakake ing papan pamarentah, tegese malih dadi saya asor.
Papan panggonan kang beda kaya mengkono ndadekake tembung kang wiwitane nduweni
teges positip bisa owah dadi tembung kang asor.
g. Mili
Mili nduweni teges
mlakune banyu ing sawahe. Tembung mili ing kene nduweni teges kang apik.
Tembung iki bisa dadi teges kang apik nalika digunakake ing papan tetanen.
Ananging tembung mili bisa owah dadi tembung kang asor nalika digunakake ing
papan kurban bencana alam.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1.Banyu ing sawahe Pak Ngatiman
mili banter.
2.Bantuan kanggo para kurban
banjir ing Sidoarjo wis mili saka Dinas Sosial lan para relawan.
Rong tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung mili ing ndhuwur nduweni teges kang
beda merga owah-owahane teges. Tembung mili ing ukara (1) nduweni teges kang
apik nalika digunakake ing papan tetanen. Tembung mili ing ukara (2) nduweni
teges kang negatip utawa asor yaiku mlakune bantuan kanggo para kurban bencana
alam. Ana sesambungane karo kabutuhan saben dina kayata beras, lenga klentik,
slimut, popok bayi, lsp. Tuladha (1) ing tuladha (2) tembung mili drajade
mudhun dadi saya asor amarga kabutuhan tembung-tembung kang anyar lan anane
basa kang ngrembaka. Yen tembung mili kasebut digunakake ing papan kulawarga,
tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen tembung mili digunakake ing papan
bencana alam, tegese malih dadi saya asor.
h. Mogok
Mogok nduweni
teges ora gelem mlaku. Ana sesambungane karo motor, mobil. Teges kuwi mau
sipate apik nalika digunakake ing papan bengkel. Nanging tembung mogok bisa
owah dadi tembung kang asor nalika tembung kuwi digunakake ing papan pabrik.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Motore Yudi mogok ing
tengah sawah.
2. Para pegawaine pabrik kopi
mogok kerja.
Rong tuladha ing ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung
mogok ing ndhuwur nduweni teges kang beda amarga owah-owahane teges. Tembung
mogok ing ukara (1) nduweni teges kang positip nalika digunakake ing papan
bengkel. Tembung mogok ing ukara (2) nduweni teges kang asor yaiku ora gelem
kerja. Saka tuladha (1) ing tuladha (2) tembung mogok drajade mudhun dadi saya
asor amarga kabutuhan tembung-tembung kang anyar lan anane basa kang ngrembaka.
Yen tembung mogok kasebut digunakake ing papan bengkel, tembung kasebut tegese
apik. Beda maneh yen tembung mogok digunakake ing papan pabrik, tegese malih
dadi saya asor. Papan panggonan kang beda kaya mangkono ndadekake tembung kang
wiwitane nduweni teges apik bisa owah dadi tembung kang asor.
i. Bangku
Bangku nduweni
teges yaiku piranti dianggo lungguh utawa mawa lendehan. Tembung bangku ing
kene kalebu ing papan pendhidhikan. Tembung bangku ing papan pendhidhikan
nduweni teges kang apik lan drajade ora asor. Panganggone tembung bangku nalika
ing papan pendhidhikan lan ing papan sosial pengadilan nduweni teges kang beda.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Rini lungguh ing bangku
nomer loro.
2. Perkara wingi sore wis ing
bangku pengadilan.
Tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung bangku ing ndhuwur nduweni teges kang
beda amarga owah-owahane teges. Tembung bangku ing ukara (1) nduweni teges kang
apik nalika digunakake ing papan pendhidhikan. Tembung bangku ing ukara (2)
nduweni teges kang asor yaiku nduweni teges hukum. Tuladha (1) ing tuladha (2)
tembung bangku drajade mudhun dadi saya asor Yen tembung bangku kasebut digunakake ing
papan pendhidhikan, tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen tembung bangku
digunakake ing papan pengadilan, tegese malih dadi saya asor.
j. Simpenan
Simpenan nduweni teges
yaiku nyinggahake dhuwit ing Bank amarga kepengin nabung. Tembung simpenan uga
kalebu ing papan Jasa. Tembung simpenan yen ing Papan jasa nduweni teges kang
apik lan drajade ora asor. Panganggone tembung simpenan nalika ing papan jasa
lan ing papan kulawarga nduweni
teges kang beda. Yen ing papan jasa tegese bisa apik, nanging ing papan
kulawarga nduweni teges kang asor.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Ibuk isih nduwe simpenan
dhuwit ing Bank.
2. Wis ora usah karo Mahmud
maneh, dheweke wis nduwe simpenan liyane sing luwih sugih tinimbang kowe!
Rong tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng yen ana tembung padha kang digunakake, yaiku tembung
simpenan. Tembung simpenan ing ukara (1) lan ing ukara (2) nduweni teges kang
beda. Tuladha (1) ing tuladha (2) tembung simpenan drajade mudhun dadi saya
asor amarga kabutuhan tembung-tembung anyar. Nalika ing papan jasa, tembung
simpenan nduweni teges kang apik. Nanging yen ing papan kulawarga, tembung
simpenan nduweni teges kang asor yaiku wis nduwe bojo nanging isih nduweni
simpenan wong wadon liya, saliyane bojone kuwi.
k. Dhalang
Dhalang nduweni
teges yaiku wong kang nglakoni sarta nyritakake wayang. Tembung dhalang ing
kene kalebu ing papan pawayangan. Tembung dhalang yen ing papan pawayangan
nduweni teges kang apik lan drajade luhur. Panganggone tembung dhalang nalika
ing papan pawayangan lan ing papan sosial pamarentah nduweni teges kang beda.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Panji saiki pinter dhalang.
2. Prekara iki dhalange yaiku
Pak Gito.
Tuladha ing ndhuwur
bisa dideleng, yen rong tembung dhalang ing dhuwur nduweni teges kang beda amarga
owah-owahane teges. Tembung dhalang ing ukara (1) nduweni teges kang positip
nalika digunakake ing papan pawayangan.
Tembung dhalang ing ukara (2) nduweni teges kang asor yaiku pawongan kang dadi
utamane saka prekara iku. Tuladha (1) ing tuladha (2) tembung dhalang drajade
mudhun dadi saya asor amarga kabutuhan tembung-tembung kang anyar lan anane
basa kang ngrembaka. Yen tembung dhalang kasebut digunakake ing papan pawayangan,
tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen tembung dhalang digunakake ing
papan pamarentah, tegese malih dadi saya asor. Papan panggonan kang beda kaya
mengkono ndadekake tembung kang wiwitane nduweni teges apik bisa owah dadi
tembung kang asor.
l. Cramah
Cramah nduweni
teges menehi kawruh marang wong liya apa kang wis diweruhi. Tembung cramah ing
kene nduweni teges kang apik utawa luhur. Tembung iki bisa dadi teges kang apik
nalika digunakake ing papan masjid. Ananging tembung cramah bisa owah dadi
tembung kang asor nalika digunakake ing papan kulawarga.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Ustad Ali cramah ing omahe
Ibu Lastri.
2. Adhik dicramahi bapak
amarga dheweke nakal.
Tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung cramah ing ndhuwur nduweni teges kang
beda merga owah-owahane teges. Tembung cramah ing ukara (1) nduweni teges kang
positip nalika digunakake ing papan masjid. Tembung cramah ing ukara (2)
nduweni teges kang asor yaiku ngomongi amarga dheweke nakal. Iki ana sambungane
karo tumindhak kang ala. Tuladha (1) ing tuladha (2) tembung cramah drajade
mudhun dadi saya asor amarga kaprelunan tembung-tembung kang anyar lan anane
basa kang ngrembaka. Yen tembung cramah kasebut digunakake ing papan pengajen,
tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen tembung cramah digunakake ing papan
kulawarga, tegese malih dadi saya asor. Papan panggonan kang beda kaya mengkono
ndadekake tembung kang wiwitane nduweni teges positip bisa owah dadi tembung
kang asor.
m. Mangan
Tembung mangan nduweni
teges nglebokake panganan ing njero weteng supaya dadi wareg. Ana sesambungane
karo sega, lawuh , lan sapanunggale. Tembung mangan ing kene nduweni teges kang
apik utawa luhur nalika digunakake ing papan kulawarga. Nanging tembung mangan
bisa owah dadi tembung kang asor.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
a. Andi mangan sego akeh
banget.
b. Roni ora tau mangan bangku
sekolahan, mula yen ditakoni mung plonga-plongo wae.
Tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, tembung mangan ing ndhuwur nduweni teges kang beda merga
owah-owahane teges. Tembung mangan ing ukara (1) nduweni teges kang apik nalika
digunakake ing papan kulawarga. Tembung mangan ing ukara (2) nduweni teges kang
ala yaiku nampa utawa nglebokake piwulangan. Saka tuladha (1) ing tuladha (2)
tembung mangan drajade mudhun dadi saya asor. Tembung mangan digunakake ing
papan nduweni teges kang apik. Beda maneh yen tembung mangan digunakake ing
papan pendhidhikan bisa malih dadi asor.
n. Alum
Alum nduweni teges ora sumringah utawa lemes. Ana sesambungane
karo tetuwuhan. Tembung alum yen digunakake ing papan tetanen, tembung alum
nduweni teges kang luhur. Tembung alum uga bisa nduweni teges kang ala utawa
asor nalika digunakake ing papan panggonan liya.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
a. Parine bapak alum, amarga
kena hama.
b. Taksawang awakmu kok alum
banget, kena ngapa?
Rong tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung alum ing ndhuwur nduweni teges kang
beda amarga owah-owahane teges. Tembung alum ing ukara (1) nduweni teges kang luhur
nalika digunakake ing papan tetanen. Tembung alum ing ukara (2) nduweni teges
kang asor utawa asor yaiku nggambarake pangrasane manungsa. Saka tuladha (1)
ing tuladha (2) tembung alum drajade mudhun dadi saya asor. Yen tembung alum
kasebut digunakake ing papan tetanen, tembung kasebut tegese apik. Beda maneh
yen tembung alum digunakake ing papan kulawarga, tegese malih dadi saya asor.
Papan panggonan kang beda kaya mengkono ndadekake tembung kang wiwitane nduweni
teges positip bisa owah dadi tembung kang asor.
o. Bobol
Bobol nduweni teges dibedah lan dijebol. Iki ana sesembungan
karo goni, pager, lsp. Tembung bobol nduweni teges kang apik nalika digunakake
ing papan kulawarga. Nanging tembung bobol uga bisa nduweni teges kang ala
utawa asor nalika digunakake ing papan Bank.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Bapak bobol pagel amarga
kuncine ilang.
2. Bank BRI wiyung wingenane
mari dibobol wong.
Saka rong tuladha ing ndhuwur bisa dideleng, yen rong
tembung bobol ing ndhuwur nduweni teges kang beda merga owah-owahane teges.
Tembung bobol ing ukara (1) nduweni teges kang luhur nalika digunakake ing
papan kulawarga. Tembung bobol ing
ukara (2) nduweni teges kang asor yaiku tumindhak kang ala lan ana sesambungane
karo dhuwit. Tuladha (1) lan tuladha (2) tembung bobol drajade mudhun dadi saya
asor. Yen tembung bobol kasebut digunakake ing papan kulawarga, tembung kasebut
tegese apik. Beda maneh yen tembung bobol digunakake ing papan Bank, tegese
malih dadi saya asor. Bisa uga kang njalari owah tegese amarga basa kang
ngrembaka, saengga tembung kasebut nduweni teges akeh yaiku bisa tembung
nduweni teges apik utawa ala.
p. Ngirim
Kirim nduweni
teges yaiku menehi samubarang. Ana sesambungane karo dhuwit. Tembung ngirim
nduweni teges kang apik utawa asor. Tegese apik nalika digunakake ing papan
Bank, lan bisa uga tegese dadi asor nalika digunakake ing papan tetanen.
1. Bapak arep ngirim dhuwit
mene isuk.
2. Ibu ngirim panganan ing
sawah kanggo bapak.
Tembung ngirim ing
rong tuladha nduwur nduweni teges kang beda ing tuladha (1) lan tuladha (2). Tembung
ngirim ing ukara (1) nduweni teges apik nalika digunakake ing papan Bank.
Tembung ngirim ing ukara (2) bisa nduweni teges asor yaiku menehi panganan lan biyasane
sesambungane karo panganan. Yen dideleng tuladha (1) ing tuladha (2) tembung
ngirim drajade mudhun dadi saya asor amarga pangrembakane basa. Yen tembung
ngirim kasebut digunakake ing papan Bank tembung kasebut tegese apik. Beda
maneh yen tembung ngirim digunakake ing papan tetanen, tegese malih dadi saya
asor.
q. Rante
Rante nduweni teges gelangan wesi lsp. Rerentengan
dianggo naleni. Tembung rante nduweni teges loro yaiku luhur lan asor. Apik
nalika digunakake ing papan tetanen lan asor nalika digunakake ing papan sosial
Rumah Sakit Jiwa. Kang njalari tembung bisa owah amarga kabutuhan
tembung-tembung kang anyar.
Gatekna tuladha ing ngisor
iki!
1. Sapine bapak dirante ing
wit klapa.
2. Wong gendheng kuwi dirante
karo Pak RT amarga dheweke ngantem wong liwat.
Tuladha ing
ndhuwur bisa dideleng, yen rong tembung rante ing ndhuwur nduweni teges kang
beda merga owah-owahane teges. Tembung rante ing ukara (1) nduweni teges kang
luhur nalika digunakake ing papan tetanen. Tembung rante ing ukara (2) nduweni
teges kang ala utawa asor yaiku naleni wong gendheng. Yen tembung rante kasebut
digunakake ing papan tetanen, tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen
tembung rante digunakake ing papan Rumah Sakit Jiwa, tegese malih dadi saya
asor.
r. Tambal
Tambal nduweni teges suwekan ditempelake kanggo nutupi
bolongan. Tembung tambal ing kene nduweni teges kang apik. Dene tembung tambal
bisa owah dadi tembung kang ala nalika digunakake ing papan panggonan kang
beda.
Gatekna tuladha ing ngisor iki!
1. Sepedhane adhiku ditambal
amarga ing ban sepedhane ana pakune.
2. Pak Wandi ditambali dhuwit
kanggo ngganti sepedhane sing rusak amarga ditubruk karo mobil.
Tembung tambal ing ukara (1) nduweni teges apik yen
digunakake ing papan bengkel. Tembung tambal ing ukara (2) nduweni teges asor
yaiku suwekan ditempelake dianggo nutupi bolongan. Tuladha (1) ing tuladha (2)
tembung tambal drajade mudhun dadi saya asor amarga kabutuhan tembung-tembung
kang anyar lan anane basa kang ngrembaka. Yen tembung tambal kasebut digunakake
ing papan bengkel, tembung kasebut tegese apik. Beda maneh yen tembung tambal
digunakake ing papan kantor polisi, tegese malih dadi saya asor. Papan
panggonan kang beda kaya mangkono ndadekake tembung kang wiwitane nduweni teges
apik bisa owah dadi tembung kang ala.
C.
Dudutan
Owah-owahane teges
saya asor krana papan yaiku owahe tegese tembung kang wiwitane tembung kuwi
nduweni teges kang apik utawa luhur, banjur owah dadi teges kang ala utawa asor
amarga papan panganggone basa tembung kasebut. Owah-owahane teges saya asor
krana papan nduweni sipat kang relatip. Sipat relatip ing kene nduweni maksud
yaiku dhuwur asore drajade tembung kuwi ditemtokake dening para panganggo basa
ing papan panggonane. Owah-owahane teges saya asor krana papan bisa ditengeri
yen tembung kasebut tegese owah utawa malih saka teges kang apik owah dadi
tembung kang tegese asor krana papan panggonan kang beda.
Kapustakan
Aminuddin. 2003. Semantik
Pengantar Studi tentang Makna. Bandung: Sinar Baru Algesindo.
Chaer, Abdul. 2002 .Pengantar
Semantik Bahasa Indonesia. Jakarta: PT.Rineka Cipta.
Djajasudarma, Fatimah.
2009. Semantik 2:Pemahaman Ilmu Makna. Bandung: Riefka Aditama.
Kridalaksana, Harimurti.
1986. Kelas Kata dalam Bahasa Indonesia. Jakarta: Gramedia
Muljana, Slame. 1964.
Semantik (Ilmu Makna). Jakarta: Djambatan
Pateda, Mansoer. 2010.
Semantik Lelsikal. Jakarta: Rineka Cipta
Poerwadaminta, W.J.S.
1973. Baoesastra Djawa
Suwandi, Sarwiji, DR.
2008. Semantik Pengantar Kajian Makna. Jogjakarta: Media Perkasa
Wijana, I Dewa Putu. 2008.
Semantik Teori dan Analisis. Surakarta: Yuman Pustaka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar