Jumat, 16 September 2016

SEMANTIK BAHASA JAWA


JENENG TEMPORAL WONG SING LAIR ING TAUN 1985-1995
ING KECAMATAN SARADAN KABUPATEN MADIUN
Iqrar Fandy Putra
12020114027
2012B


A.   Purwaka
Jeneng sadurunge wis ana sing ngandharake, nanging durung ana sing mligi ngandharake jeneng insidental/temporal. Akeh masyarakat sing ora ngerteni ngenani jeneng temporal, nanging kerep menehi jeneng temporal. Sing diarani temporal yaiku ana sesambungane karo wektu. Sajrone makalah iki bakal diandharake kanthi gamblang babagan jeneng temporal. rumahsoip@blogspot.co.id
Jeneng mung tumrap manungsa. Saliyane manungsa diarani aran. Mula saka iku saben manungsa mesthi nduweni jeneng. Jeneng ora mung kanggo nitiki manungsa, nanging sajrone jeneng uga ana donga lan makna sing apik tumrap sing diwenehi jeneng mau. Jeneng ora mung waton diwenehake nanging anggone menehi jeneng bisa saka pamikir sing mateng lan bisa saka kadadeyan nalika lair.
Ancase makalah iki yaiku kanggo ngerteni, ngonceki, lan njlentrehake jeneng temporal ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun sing lair ing taun 1985-1995.  

B.   Andharan
1.      Tegese Jeneng Miturute Para Ahli
Miturut Fatimah (2009:47), jeneng yaiku tembung-tembung sing dadi tetenger saka manungsa, barang, tumindak lan kadadeyan apa wae kang ana ing donya iki. Tetenger bisa ditegesi samubarang sing bisa mbedakake siji lan sijine. Tetenger uga bisa diarani titikan sing mligi. Dene miturute Chaer (2009:43-52) ngandharake yen jeneng yaiku proses kang digawe mujudake salah sawijine lambang, lan jeneng digawe pangiket kanggo budaya tartamtu.
Ullman (2011:85) lan Riyadi (1999:80) uga ngandharake ngenani jeneng. Ullman (2011:85) ngandharake yen jeneng bisa nggambarake wong kang nduweni jeneng kasebut. Saengga jeneng bisa menehi gegambaran becik utawa alane wong kang nduweni jeneng kasebut. Yen miturute Riyadi (1990:80), jeneng yaiku tembung-tembung kangge niteni saben-saben wong utawa kangge titikane wong. Dadi jeneng yaiku gegambaran  kanggo nitiki saben-saben wong.
Para ahli sing wis kondhang uga ngandharake ngenani tegese jeneng. Aristoteles sajrone Chaer (2009:44) ngandharake yen jeneng yaiku konvensi ing sajrone klompok masyarakat tartamtu. Konvensi yaiku pasarujukan antarane klompok masyarakat. Dadi jeneng bisa dadi idhentitas masyarakat tartamtu. Antarane masyarakat siji lan sijine mesthi ana bedane. Bedane bisa dideleng saka jenenge.
Saliyane andharan saka para ahli ngenani tegese jeneng. Ing kene uga diandharake tegese jeneng miturut kamus basa sing wis ana. Kayata Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa) anggitane Balai Basa Yogyakarta lan Kamus Lengkap Basa Jawa anggitane Mangunsuwito ngandharake yen jeneng yaiku arane, peparap, tetenger panyebutan bocah lan wong, padha karo jejuluk lan wadanan. Saliyane iku, KBBI Edhisi III : uga ngandharake yen jeneng yaiku tembung kang digawe nyebutake utawa nyeluk wong, kewan utawa samubarang liyane.
Andharan para ahli ing ndhuwur, bisa ditegesi yen jeneng iku mujudake gegambaran, titikan, lan idhentitas wong ing masyarakat tartamtu.  Jeneng bisa mbedakake antarane masyarakat siji lan sijine. Bab iki saemper karo andharane Aristoteles sajrone Chaer (2009:44).

2.    Titikane Jeneng
Miturut Chaer (2009:43-52), jeneng yaiku proses kang digawe mujudake salah sawijine lambang, ing kene jeneng kuwi kangge pangiket kanggo budaya tartamtu. Jeneng bisa ngiket salah sawijine masyarakat. Jeneng bisa mbedakake antarane masyarakat siji lan sijine. Mula jeneng iku bisa dadi titikane masyarakat tartamtu.
Chaer (2009:44) uga ngandarake yen jeneng bisa diperang saka sababe utawa kadadeyan-kadadeyan sing dadi dhasar menehi jeneng utawa panyebut marang tetembungan kang ana sajrone leksikon basa Indonesia, perangane jeneng kaya sing ana ing ngisor iki.
a.      Nyebutake Sipat Khas
Jeneng iki dijupuk saka sipat khase wong. Sipat manungsa wis digawa wiwit lair, nanging saben wong nduweni sipat sing beda-beda. Sipat iki bisa mbedakake antarane wong siji lan sijine. Tuladhane bocah dijenengi bagus amarga nduweni praupane sing bagus.

b.     Panggawe lan Pangripta
Jeneng kadadeyan saka sapa sing nemokake samubarang kanthi sengaja utawa ora sengaja. Tuladhane satuwan listrik yaiku Volt, dijenengake Volt amarga sing nemokake yaiku Volta (1945-1987), lan akeh samubarang dijenengi nganggo jenenge sing nemokake.

c.    Nyebutake Perangan
Nyebutake perangan sing ora jangkep, kayata ana wong nyeluk, senadyan ngerti jeneng jangkepe nanging ora nyeluk jeneng jangkepe. Wong sing nyeluk wong liya mesthi ndhuweni tujuan, lan mbutuhake wektu sing cekak. Mula nyeluk saka perangan jenenge wae. Tuladhane jenenge Agung Nugroho diceluk Agung.

d.    Asal Panggonan
Jeneng bisa dijupuk saka ngendi asale wong kasebut. Amarga jeneng bisa dadi idhentitas sawijine masyarakat. Tuladhane: Anggga sing asale teka Ponorogo banjur diceluk Reog.

e.    Bakal
Jeneng bisa dijupuk saka apa samubarang kuwi digawe, tuladhane: kaya kaca mripat, kaca sing digawe ning mripat sing bakale saka kaca.

f.       Cekakan
Jeneng bisa kadadeyan saka gabungan pirang-pirang tembung dadi siji, tuladhane tembung proker cekakan saka tembung program kerja.

g.    Jeneng Anyar
Jeneng anyar digawe amarga jeneng-jeneng sing wis ana wis ora pantes digawe, mula saka kuwi butuh tembung anyar digawe ngganti tembung-tembung kasebut.  Tembung anyar mau digawe ora ninggalake wewatesan kanggo menehi jeneng. Wewatesan yen miturute Ullmann (2011:86) ana 5 (lima), yaiku:

1)     Nyleneh
Jeneng diarani nyleneh amarga sajrone wong gawe jeneng tembung-tembung kang digawe maneka warna lan ana tembung-tembung kang ora sapantese dadi jeneng nanging malah digawe jeneng.

2)     Identifikasi
Jeneng digawe identifikasi saka jenenge wong kita bisa nemtokake kepriye wong sing nduweni jeneng kasebut. Tuladhane Arum Putri Febriani, bocah wedok sing nduweni jeneng bocahe ayu banjur kalem kaya dene putri-putri ing kraton lan amarga ana febriani ing sajroning jenenge bisa wae bocah wadon iki lair ing wulan februari.

3)     Wantah lan Entar
Wantah yaiku jeneng dhewe lan sing dikarepake, entar yaiku teges sing mentar saka teges asline kang ana sajrone jeneng kasebut, kaya ta dedonga kang ana sajrone jeneng kasebut. Tuladhane Sampurno(wantah) nduweni makna supaya bisa dadi wong sampurna sajrone nglakoni urip ing donya iki(entar).

4)     Swara Distingtif
Jeneng nduweni teges dhewe-dhewe saben tembunge, mula saka kuwi bisa ngasilake makna kanggo ngerteni tegese saka jeneng salah sawijine wong. Tuladhane  Ayu Cahyaningtyas, Ayu nduweni sipat bocah wadon kang nduweni rupa ayu banjur Cahyaningtyas nduweni teges bocah kang bisa dadi cahya ing donya iki (nindakake tumindak sing becik).

5)     Swara Gramatikal
Jeneng digawe saka maneka warna basa, bisa saka basa Jawa, Inggris uga basa Arab. Tuladhane Tut Wuri, Ahmas Kabib Arifin, Ahmad Rifa’i Saifudin.
            Jeneng wong ing Desa Sugihwaras Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun arep dijlentrehake nganggo konsepsi dhasar semantik kang nduweni dhasar insidhental/idheasional. Jeneng wong ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun, yaiku:

No
Jeneng
Jinis Kelamin
1
Iffa Dewi Septiani
Wadon
2
Digna Diah Ayu Febriana
Wadon
3
Tyas Apriliani
Wadon
4
Yuli Anjarsari
Wadon
5
Tri Metty Noviana
Wadon
6
Ayun Noviana
Wadon
7
Peni Yuli Astutis
Wadon
8
Anita Febriana
Wadon
9
Oktavia Nur Rahman
Wadon
10
Novialita Dwi Anggraini
Wadon
11
Nova Joko Siswanto
Lanang
12
Aprilia Ramayanti
Wadon
13
Siska Mei Indrawati
Wadon
14
Noviana Dwi Abrianni
Wadon
15
Desi Dia
Wadon
16
Septiana Ike Puspitasari
Wadon
17
Januri
Lanang
18
Danny Fajar Okta
Lanang
19
Agita Apriliawan
Lanang
20
Juni Dwiyanto
Lanang
21
Endang Yuliani
Wadon
22
Mey Wulandari
Wadon
23
Tyas Windu Aprilliana
Wadon
24
Yuni Setyowati
Wadon
25
Feby Dwi Cahyo Suseno
Lanang
26
Yuliani
Wadon
27
Febri Aris Setiawan
Lanang
28
Lita Nopiana
Wadon
29
Febri Adi Prastyo
Lanang
30
Tri Yulianti
Wadon
31
Agustina Nuryatim
Wadon
32
Agustina Sri Wahyuni
Wadon
33
Agus Supriono
Lanang
34
Oktafia Aris Tantiyani
Wadon
35
Nopi Pancamita
Wadon
36
Oktavia Eka Cahyani
Wadon
37
Tiya Oktafiyani
Wadon
38
Juni Kurniawalujo
Lanang
39
Febriyan Wibowo
Lanang
40
Eko Yulianto
Lanang
41
Agus Suyadi
Lanang
42
Januarika Dwi Kurniasari
Wadon
43
Puput Yulianto
Lanang
44
Agus Wiyono
Lanang
45
Ahmad Fakhri Yuniardi
Lanang
46
Yuliana Eka Primasari
Wadon
47
Yuni Pujiati
Wadon
48
Yuli Hidiyawati
Wadon
49
Oktavian Arismawanto
Lanang
50
Febri Yanti
Wadon
51
Agustina Puspitasari
Wadon
52
Septian Dwi Cahyo
Lanang
53
Lina Agustin
Wadon
54
Novan Setiaji
Lanang
55
Yuli Suprayetno
Lanang
56
Yuli Hariyanto
Lanang
57
Septi Wijayanti
Wadon
58
Yulianto
Lanang
59
Yuli Aris Wanto
Lanang
60
Yuni Setyowati
Wadon
61
Yuliatun
Wadon
62
Yulia Irianti
Wadon
63
Velisa Aprila Pispitawati
Wadon
64
Sita Yulianti
Wadon
65
Yuni Adi
Wadon
66
Erina Agustin
Wadon
67
Suparno
Lanang
68
Djapar
Lanang
69
Siyamsri
Lanang
70
Suro Sukadi
Lanang
71
Suro Basuki
Lanang
72
Setu Al Sujadi
Lanang
73
Jumarti
Wadon
74
Jumadi
Lanang
75
Jumiati
Wadon
76
Setu
Lanang
77
Aditiya Darmadi
Lanang
78
Diyan Anggara Saputra
Lanang
79
Rizal Yoga Soma
Lanang
80
Bayu Anggara Putra
Lanang
81
Mukti Setu
Lanang
82
Rudi Anggara Putra
Lanang
83
Aditya Tri Atmaja
Lanang
84
Aditya Buana
Lanang
85
Wagiyo
Lanang
86
Waginem
Wadon
87
Wagirah
Wadon
88
Gimin
Lanang
89
Novita Purwaningtyas
Wadon
90
Rizkya Oktariany
Wadon
91
Noviana
Wadon
92
Shivy Indah Novisari
Wadon
93
Wulan Ramadhani
Wadon
94
Sara Novitasari
Wadon
95
Fahmi Frida Agustina
Wadon
96
Septiana Eka Wardani
Wadon
97
Desi Rusdiana Putri
Wadon
98
Novita Listyara
Wadon
99
Novia Nur Rojabia
Wadon
100
Putri Agustina
Wadon

3.      Pamerange Jeneng Temporal
Tembung insidhen nduweni teges kedadeyan, dene tembung temporal yaiku ana sesambungan karo wektu utawa wayah. Jeneng temporal yaiku jeneng kang ana sesambungane karo wektu. Wektu bisa dijupuk saka taun kelairane, sasi kelairan, wulan kelairan, tanggal, dina, pasaran, lan liya-liyane kang ana sesambungane karo wektu utawa wayah kang wigati. Sasi lan wulan dibedakake amarga ing masyarakat Jawa nggunakake tanggalan Jawa lan masehi. Sasi iku tanggalan sing adhedhasar bumi nalika ngubengi srengenge, yen wulan iku adhedhasar wulan nalika ngubengi bumi.
Jenenge wong ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun kang adhedhasar sifat insidhental/temporal bakal dijlentrehake ing ngisor. Adhedhasar wektu kelairane, jeneng temporal ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun, bisa diperang dadi:
a.     Jeneng Adhedhasar Sasi Kelairane
Masyarakat jawa sasi ana 12 yaiku Januari, Februari, Maret, April, Mei, Juni, Juli, Agustus, September, Oktober, Nopember, lan Desember. Jtemporal wong ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun sing lair ing taun 1985-1995 sing adhedhasar sasi kelairane bakal dijlentrehake lan ditegesi ing ngisor.

1
Iffa Dewi Septiani
Iffa tegese wong wadon sing apik
Dewi tegese widodari
Septiani tegese wong wadonn sing lair ing sasi Januari
2
Digna Diah Ayu Febriana
Digna tegese nduweni rega
Diah tegese bocah wadon sing ayu
Ayu tegese ayu utawa narik kawigaten
Febriana tegese lair ing sasi Februari
3
Tyas Apriliani
Tyas tegese ati utawa kalbu
Apriliani tegese wong wadon sing lair ing sasi April
4
Yuli Anjarsari
Yuli tegese lair ing sasi Juli
Anjarsari tegese padhang lan endah
5
Tri Metty Noviana
Tri tegese telu
Metty tegese bener
Noviana tegese lair ing sasi Nopember
6
Ayun Noviana
Ayun tegese nyengkuyung sing bener
Noviana tegese wong wadon lair ing sasi November
7
Peni Yuli Astutis
Peni tegese endah
Yuli tegese lair ing sasi Juli
Astutis tegese sing dipuji
8
Anita Febriana
Anita tegese bebas
Febriana tegese wong wadon lair ing sasi Februari
9
Oktavia Nur Rahman
Oktavia tegese lair ing sasi Oktober
Nur tegese cahaya
Rahman tegese anugrah
10
Novialita Dwi Anggraini
Novialita tegese wong wadon lair ing sasi November nduweni rupa sing ayu
Anggraini tegese nduweni budi sing apik
11
Nova Joko Siswanto
Nova tegese lair ing sasi November kanthi slamet
Joko tegese anak lanang sing nom
Siswanto tegese becik lan sopan
12
Aprilia Ramayanti
Aprilia tegese lair ing sasi April
Ramayanti tegese apik atine
13
Siska Mei Indrawati
Siska tegese dalan nuju sing becik
Mei tegese lair ing sasi Mei
Indrawati tegese malaikat
14
Noviana Dwi Abrianni
Noviana tegese lair ing sasi November
Dwi tegese loro
Abriani tegese anake anggota ABRI
15
Desi Dia
Desi tegese lair ing sasi Desember
Dia tegese menang
16
Septiana Ike Puspitasari
Septiana tegese wadon lair ing sasi September
Ike tegese anak sing alus
Puspitasari tegese intine kembang
17
Januri
Januri tegese anak lanang sing liar ing sasi Januari
18
Danny Fajar Okta
Danny tegese adil
Fajar tegese isuk utawa laire nalika isih isuk
Okta tegese lair ing sasi Oktober
19
Agita Apriliawan
Agita tegese tembang
Apriliawan tegese anak lanang lair ing sasi April
20
Juni Dwiyanto
Juni tegese lair ing sasi Juni
Dwiyanto tegese anak nomer loro sing sampurna
21
Endang Yuliani
Endang tegese tenang utawa alus
Yuliani tegese wong wadon lair ing sasi Juli
22
Mey Wulandari
Mey tegese lair ing sasi Mei
Wulandari tegese lair nalika wulane ndadari
23
Tyas Windu Aprilliana
Tyas tegese ati utawa kalbu
Windu tegese anak sing jangkahe 8 taun
Apriliana tegese lair ing sasi April
24
Yuni Setyowati
Yuni tegese lair ing sasi Juni
Setyowati tegese wong wadon sing setya
25
Feby Dwi Cahyo Suseno
Feby tegese lair ing sasi Februari
Dwi tegese loro
Cahyo tegese sunar utawa cahya
Susena jeneng teka bapake sing tegese wicaksana
26
Yuliani
Yuliani tegese lair ing sasi Juli, banjur ditambahi ani dadi wong wadon sing lair ing sasi Juli
27
Febri Aris Setiawan
Febri tegese lair ing sasi Februari
Aris tegese putra sing paling apik
Setiawan tegese kasetyan
28
Lita Nopiana
Lita tegese putri sing praupane ayu
Nopiana tegese wong wadon sing lair ing sasi Nopember
29
Febri Adi Prastyo
Febri tegese lair ing sasi Februari
Adi tegese luwih apik tinimbang liyane
Prastyo tegese janji
30
Tri Yulianti
Tri tegese anak nomer telu
Yulianti tegese wong wadon sing lair ing sasi Juli
31
Agustina Nuryatim
Agustina tegese wong wadon sing lair ing sasi Agustus
Nuryatim tegese wong wadon sing nduweni sunar kaya srengenge
32
Agustina Sri Wahyuni
Agustina tegese wong wadon sing lair ing sasi Agustus
Sri tegese putri sing ayu
Wahyuni tegese anugrah teka Gusti
33
Agus Supriono
Agus tegese lair ing sasi Agustus
Supriono tegese wong lanang sing becik
34
Oktafia Aris Tantiyani
Oktafia tegese wong wadon sing lair ing sasi Oktober
Aris tegese putra sing nduweni watak kalem
Tantiyani tegese wong wadon sing nduwe pamikir sing mateng
35
Nopi Pancamita
Nopi tegese lair ing sasi Nopember
Pancamita tegese panca iku lima, mita iku alesan. Dadi pancamita yaiku limang alesan
36
Oktavia Eka Cahyani
Oktavia tegese wong wadon sing lair ing sasi Oktober
Eka tegese anak nomer siji
Cahyani tegese nduweni sunar
37
Tiya Oktafiyani
Tiya tegese dewi
Oktafiyani tegese wong wadon singlair ing sasi Oktober
38
Juni Kurniawalujo
Juni tegese lair ing sasi Juni
Kurniawalujo tegese kurnia iku anugrah, waluyo iku slamet utawa umure dawa. Dadi Kurniawalujo iku tegse anugrah anak lanang sing umure dawa utawa slamet
39
Febriyan Wibowo
Febriyan tegese wong lanang sing lair ing sasi Februari
Wibowo tegese charisma
40
Eko Yulianto
Eko tegese anak pertama
Yulianto tegese lair ing sasi Juli
41
Agus Suyadi
Agus tegese lair  ing sasi Agustus
Suyadi tegese luwih wicaksana
42
Januarika Dwi Kurniasari
Januarika tegese wong wadon sing lair ing sasi Januari
Dwi tegese anak nomer loro
Kurniasari tegese karunia sing endah
43
Puput Yulianto
Puput tegese anak sing cerdas
Yulianto tegese anak lanang sing lair ing sasi Juli
44
Agus Wiyono
Agus tegese lair ing sasi Agustus
Wiyono tegese pemimpin
45
Ahmad Fakhri Yuniardi
Ahmad tegese sing dipuji
Fakhri tegese sing nggawe bombonge ati
Yuniardi tegese anak lanang sing lair ing sasi Juni
46
Yuliana Eka Primasari
Yuliana tegese anak wadon sing lair ing sasi Juli
Eka tegese anak nomer siji
Primasari tegese kautaman sing endah
47
Yuni Pujiati
Yuni tegese lair ing sasi Juni
Pujiati tegese anak wadon sing kebak pepujen
48
Yuli Hidiyawati
Yuli tegese lair ing sasi Juli
Hidiyawati tegese wong wadon sing kuat kaya dene oyot
49
Oktavian Arismawanto
Oktavian tegese anak lanang sing lair ing sasi Oktober
Arismawanto tegese anak sing nduweni sipat kalem
50
Febri Yanti
Febri tegese lair ing sasi Februari
Yanti tegese wong wadon sing kalem tumindake
51
Agustina Puspitasari
Agustina tegese anak wadon sing lair ing sasi Agustus
Puspitasari tegese anak sing kaya kembang sing endah
52
Septian Dwi Cahyo
Septian tegese anak sing lair ing sasi September
Dwi tegese anak nomer loro
Cahyo tegese sunar
53
Lina Agustin
Lina tegese anak sing alus tumindake
Agustin tegese anak wadon sing lair ing sasi Agustus
54
Novan Setiaji
Novan tegese anak lanang sing lair ing sasi Nopember
Setiaji tegese prasetya marang samubarang sing wigati
55
Yuli Suprayetno
Yuli tegese lair ing sasi Juli
Suprayetno tegese kabombongan
56
Yuli Hariyanto
Yuli tegese anak sing lair ing sasi Juli
Hariyanto tegese wong sing sugih
57
Septi Wijayanti
Septi tegese anak wadon sing lair ing sasi Sptember
Wijayanti tegese wong sing luwih unggul
58
Yulianto
Yulianto tegese anak lanang sing lair ing sasi Juli
59
Yuli Aris Wanto
Yuli tegese anaksing lair ing sasi Juli
Aris tegese kalem
Wanto tegese mengko
60
Yuni Setyowati
Yuni tegese anak sing lair ing sasi Juni
Setyowati tegese anak wadon sing prasetya
61
Yuliatun
Yuliatun tegese anak wadon sing lair ing sasi Juli
62
Yulia Irianti
Yulia tegese anak wadon sing lair ing sasi Juli
Irianti tegese klasik
63
Velisa Aprila Pispitawati
Velisa tegese tawon
Aprilia tegese anak wadon sing lair ing sasi April
Puspitawati tegese anak wadon sing kaya kembang
64
Sita Yulianti
Sita tegese panen
Yulianti tegese anak wadon lair ing sasi Juli
65
Yuni Adi
Yuni tegese anak sing lair ing sasi Juni
Adi tegese anugrah sing apik
66
Erina Agustin
Erina tegese landhep pamikire
Agustin tegese anak wadon sing lair ing sasi Agustus
67
Novita Purwaningtyas
Novita tegese lair ing sasi Nopember
Purwaningtyas tegese anak wadon sing dadi pambuka/wiwitan
68
Rizkya Oktariany
Rizkya tegese rejeki sing becik
Oktariani tegese anak wadon sing lair ing sasi Oktober
69
Noviana
Noviana tegese anak wadon sing lair ing sasi Nopember
70
Indah Novisari
Indah tegese endah
Novisari tegese anak wadon sing lair ing sasi Nopember
71
Sara Novitasari
Sara tegese putri
Novitasari tegese anak wadon sing lair ing sasi Nopember
72
Fahmi Frida Agustina
Fahmi tegese lantip
Frida tegese anyem
Agustina tegese anak wadon sing lair ing sasi Agustus
73
Septiana Eka Wardani
Septiana tegese anak wadon sing lair ing sasi September
Eka tegese nomer siji
Wardani tegese suci
74
Desi Rusdiana Putri
Desi tegese anak wadon sing lair ing saso Desember
Rusdiana tegese pituduh sing lurus
Putri tegese anak wadon
75
Novita Listyara
Novita tegese anak wadon sing lair ing sasi Nopember
Listyara tegese anak wadon sing ayu
76
Novia Nur Rojabia
Novia tegese anak wadon sing lair ing sasi Nopember
Nur tegese sunar
Rojabia tegese anak wadon sing lair ing wulan rejeb
77
Putri Agustina
Putri tegese anak wadon
Agustina tegese anak wadon sing lair ing sasi Agustus

b.     Jeneng Adhedhasar Wulan Kelairane
Masyarakat Jawa wulan ana 12 yaiku Sura, Sapar, Mulud, Bakdamulud, Jumadilawal, Jumadilakhir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkaidah/Sela lan Besar/Haji. Jeneng temporal wong ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun sing lair ing taun 1985-1995 sing adhedhasar wulan kelairane bakal dijlentrehake lan ditegesi ing ngisor.
1
Suparno
Suparno tegese lair ing sasi wulan sapar
2
Djapar
Djapar tegese lair ing wulan Sapar
3
Siyamsri
Siyamsri tegese lair ing wulan pasa
4
Suro Sukadi
Suro tegese anak sing lair ing wulan Sura
Sukadi tegese kawicaksanan sing linuwih
5
Suro Basuki
Suro tegese anak sing lair ing wulan Sura
Basuki tegese slamet
6
Wulan Ramadhani
Wulan Ramadhani tegese anak wadon sing lair ing wulan romadhon
7
Novia Nur Rojabia
Novia tegese anak wadon sing lair ing sasi Nopember
Nur tegese sunar
Rojabia tegese anak wadon sing lair ing wulan rejeb

c.      Jeneng Adhedhasar Dina Kelairane
Masyarakat Jawa arane dina akeh banget. Dina ing basa Jawa kuna ana Aditya (Dite), Soma, Anggara, Bhuda, Respati, Sukra lan Tumpak. Dina ing basa Arab diarani Ahad, Senin, Selasa, Rabu, Kamis, Jumat, lan Sabtu.
1
Setu Al Sujadi
Setu tegese lair ing dina setu
Al tegese gantheng
Sujadi tegese wong sing nyembah gusti pengeran
2
Jumarti
Jumarti tegese lair ing dina jumat
3
Jumadi
Jumadi tegese lair ing dina jumat
4
Jumiati
Tegese lair ing dina jumat
5
Setu
Tegese lair ing dina setu
6
Aditiya Darmadi
Aditya tegese anak sing lair ing dina minggu
Darmadi tegese wong sing bebas
7
Diyan Anggara Saputra
Diyan tegese sunar
Anggara tegese anak sing lair ing dina selasa
Saputra tegese anak lanang sing adil
8
Rizal Yoga Soma
Rizal tegese prajurit
Yoga tegese pepiling marang Gusti
Soma tegese lair ing dina senin
9
Bayu Anggara Putra
Bayu tegese angina
Anggara tegese anak sing lair ing dina selasa
Putra tegese anak
10
Mukti Setu
Mukti tegese anak sing kendel
Setu tegese anak sing lair ing dina setu
11
Rudi Anggara Putra
Rudi tegese kasenengan
Anggara tegese lair ing dina selasa
Putra tegese anak lanang
12
Aditya Tri Atmaja
Aditya tegese anak sing lair ing dina minggu
Tri tegese anak nomer telu
Atmaja tegese anak lanang
13
Aditya Buana
Aditya tegese anak sing lair ing dina minggu
Buana tegese bumi

d.     Jeneng Adhedhasar Pasaran
Pasaran ing masyarakat jawa ana lima yaiku Pon, Wage, Kliwon, Legi, lan Paing. Ing ngisor iki bakal dijlentrehake lan negesi jeneng temporal wong ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun sing lair ing taun 1985-1995 sing adhedhasar pasaran kelairane.
1
Wagiyo
Tegese lair ing pasaran wage
2
Waginem
Tegse lair ing pasaran wage
3
Wagirah
Tegese lair ing pasaran wage
4
Gimin
Tegese wong lanang sing lair ing oasaran wage

C.     Dudutan
Saben manungsa mesthi nduweni jeneng. Jeneng temporal yaiku jeneng sing sesambungan karo wektu. Dadi ora mokal yen wiwit mbiyen bebrayan jawa akeh jeneng sing dijenengi adhedhasar wektu laire. Iki nduweni tujuan amrih mbesuke gampang anggone ngeling-eling kapan wektu kelirane. Jeneng temporal bisa diperang adhedhasar  1) Sasi,
2) Wulan, 3) Dina, 4) Pasaran.
Saka jeneng wong ing Kecamatan Saradan Kabupaten Madiun sing lair ing taun 1985-1995 sing paling akeh yaiku jeneng sing adhedhasar sasi kelairane. Jeneng adhedhasar sasi kelairane ora ngetokake yen jeneng iku ndesa. Bakal beda yen adhedhasar wulan kelairane. Jeneng sing adhedhasar wulan kelairane sing nduweni wong-wong sing wis tuwa. Dadi akeh sing menehi jeneng kang ana sambungane karo wulan kelairane.
Dadi jeneng iku ora mung kanggo nitiki manungsa, nanging bisa digawe tetenger nalika kelairane. Dadi wong sing menehi utawa sing diwenehi jeneng ora bakal lali kapan dheweke lair. Lan ndadekake wong liya ngerti kapan dheweke lair didelok saka jenenge iku.

Kapustakan
Chaer, Abdul. 2009. Penghantar Semantik Bahasa Indonesia. Cetakan II. Jakarta: PT Rineka Cipta.
Djajasudarma, T. Fatimah. 2009. Semantic 1 : Makna Leksikal dan Gramatikal. Bandung: PT Refika Aditama.
Mulyana, Slamet. 1964. Semantik (Ilmu Makna). Jakarta: Penerbit Jembatan.
Pateda, Mansoer, 1989. Semantik Leksikal. Flores: Nusa Indah
Poerwadarminta, W.J.S., 1939. Baoe Sastra Jawa. Batavia:JB. Wolters’ Uitgevers Matschappij NV
Riyadi, Slamet. 1999. Nama Diri Etnik Jawa dan Fungsinya dalam Masyarakat dalam Buku Panduan Kongres Linguistik Nasional IX 1999, (online), (http://cahsasindo.blogspot.com), diakses 17 Nopember 2014
Suwandi, Sarwiji, 2008. Semantik Pengantar Kajian Makna, Yogyakarta: Media Perkasa
Suwarni, lan Sri Wahyu Widayati. 2005. Dasar-dasar Upacara Adat Jawa. Surabaya: Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah (Jawa).
Tim, 2001. Kamus Besar Bahasa Indonesia Edisi I, II, lan III. Departemen Pendidikan Nasional. Jakarta:Balai Pustaka
Ullman, Steephen. 1997. (diadopsi oleh Sumarsono). Pengantar Semantik. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Utomo, Sutrisno Sastro, 2009. Kamus Lengkap Jawa-Indonesia. Yogyakarta:Kanisius